wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis Pidato dan Cangkriman

Total questions: 40

Worksheet time: 2hrs 48mins

Name
Class
Date
1.

Babagan sing kudu digatheake nalika pidato yaiku ...

a)

Runtute isi pidhato

b)

Pangarep-arep

c)

Cara maca naskah

d)

Panutup

2.

Sadurunge nulis teks sesorah sing kudu ditulis luwih dhisik yaiku...

a)

Strukture

b)

Tujuane

c)

Rangkumane

d)

reng-rengan(rancangan)

3.

Nalika mraktekake tanggap wacana/pidhato sing becik yaiku...

a)

Intonasi swarane kudu manut isine lan swarane kudu jelas

b)

Swarane ora perlu banter merga wis ana pengerase

c)

Swarane kudu banter lan cepet supaya krungu wong akeh

d)

Kudu nggunakake tembung-tembung sing angel dingerteni

4.

Ing ngisor iki tuladhane basa ngoko alus yaiku…

a)

Sampeyan mau rak wis padha sumerap dhewe

b)

Kowe mau rak wis padha weruh dhewe

c)

Panjenengan mau rak wis padha weruh dhewe

d)

Panjenengan mau rak wis padha pirsa dhewe

5.

Kula dereng kagungan buku, pramila niki wau mboten ngasta. Tembung sing dicap kandel jroning ukara yen nganggo basa krama lugu ing ndhuwur benere yaiku ...

a)

Duwe; nggawa

b)

Gadhah; mbeta

c)

Gadhah; nggawa

d)

Duwe; mbekta

6.

Bu Zahro ngasto tas. Ukara krama alus kasebut yen diowahi dadi ukara ngoko lugu sing bener yaiku …

a)

Bu Zahro tumbas tas

b)

Bu Zahro tuku tas

c)

Bu Zahro nggawa tas

d)

Bu Zahro nemu tas

7.

Pidhato sing diwedharake ing pasamuan resmi utawa formal diarani ...

a)

Pidhato resmi

b)

Khutbah

c)

Ceramah

d)

Pidhato ora resmi

8.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, para kanca Karang Taruna ingkang kinurmat, bombong raosing manah kula dene ing adicara rapat koordinasi kangge nyiapaken kegiatan pameran Usaha Kecil Menengah (UKM) menika panjenengan saged rawuh sedaya. Mugi-mugi menapa ingkang kita rancang sesarengan mlampah kanthi lancar. Kang dadi sasaran pidato yaiku...

a)

Bapak, Ibu lan adhik

b)

Bapak, ibu lan karang taruna

c)

Bapak lan ibu

d)

Bapak lan remaja

9.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, para kanca Karang Taruna ingkang kinurmat, bombong raosing manah kula dene ing adicara rapat koordinasi kangge nyiapaken kegiatan pameran Usaha Kecil Menengah (UKM) menika panjenengan saged rawuh sedaya. Mugi-mugi menapa ingkang kita rancang sesarengan mlampah kanthi lancar. Miturut pidato ing dhuwur sing maringi pencerahan yaiku …

a)

Ketua PKK

b)

Kepala dusun

c)

Kepala desa

d)

Ketua karang taruna

10.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, para kanca Karang Taruna ingkang kinurmat, bombong raosing manah kula dene ing adicara rapat koordinasi kangge nyiapaken kegiatan pameran Usaha Kecil Menengah (UKM) menika panjenengan saged rawuh sedaya. Mugi-mugi menapa ingkang kita rancang sesarengan mlampah kanthi lancar. Gagasan sing ditawakake ing pidato yaiku…

a)

Kegiatan pameran UKM

b)

Panjenengan rawuh sedaya

c)

Mugi mlampah sesarengan

d)

Bapak, ibu lan karang taruna

11.

Unen - unen kang kudu dibedhek utawa dibatang, paneges saka …

a)

Bebasan

b)

Cangkriman

c)

Geguritan

d)

Parikan

12.

Miturut wujude cangkriman iku ana cacahe ana ...

a)

Papat

b)

Telu

c)

Enem

d)

Lima

13.

Cangkriman "Gerbong tulis" tegese pagere kobong, watune mendhelis. Ukara ing ndhuwur mujudake tuladhane cangkriman …

a)

Wancahan

b)

Plesetan

c)

Wantah

d)

Blenderan

14.

Gajah ngidak endhog ora pecah. (karepe sing ora pecah iku gajahe). Ukara ing ndhuwur mujudake tuladhane cangkriman …

a)

Blenderan

b)

Wancahan

c)

Plesetan

d)

Wantah

15.

Pak Danang klambi abang disuduk manthuk-manthuk. (batangane ontong). Ukara ing ndhuwur mujudake tuladhane cangkriman…

a)

Pepindhan

b)

Blenderan

c)

Plesetan

d)

Wantah

16.

Gatekna tembang ing ngisor iki! Wanci dalu bapak pucung medalipun, Perlu ngupa boga, Yen siyang ngedhem aguling, Dennya nendra sirahnya ndhangakken surya. Batangane cangkriman kang awujud tembang ing ndhuwur yaiku…

a)

Gajah

b)

Kupu

c)

Kebo

d)

Lawa

17.

Ana wong mati dilompati kucing urip. Percaya apa ora ? Karepe cangkriman blenderan ing ndhuwur yaiku...

a)

Ana wong mati, bar dilompati kucing terus urip

b)

Ana kucing kurang ngajar nglompati wong mati

c)

Ana wong mati dilompati kucing dening kucinge urip

d)

Wong mati yen dilompati kucing, bisa urip maneh

18.

Ing ngisor iki sing kalebu titikane (ciri-ciri) cangkriman yaiku …

a)

Swasanane dadi sepi

b)

Ora kanggo sayembara

c)

Nduweni teges global

d)

Kudu dibedhek batangane

19.

Cangkriman yaiku unen-unen kang kudu …

a)

Diwaca

b)

Dijlentrehna

c)

Dibatang/dijawab

d)

Diringkes

20.

Assalaamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Bapak-Ibu pengasuh ingkang kula hurmati, Bapak-Ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, saha para kanca panti asuhan ingkang dipun mulyakaken Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Mangga sasarengan muji syukur ing ngarsaning Allah ingkang sampun paring rahmad lan kasarasan. Sholawat sarta salam mugi tansah linuberaken dhumateng Rosulullah Muhammad SAW. Bagian teks pidato kang kacetak kandhel kagolong ….

a)

Ucapan salam

b)

Panutup (simpulan)

c)

Wosing sesorah

d)

Pambuka (ucapan syukur)

21.

Kang dadi ciri bahasa pidato resmi yaiku…

a)

Bahasa ora resmi

b)

Migunakake tembung baku

c)

Intonasi munggah mudhun

d)

Tembung ora baku

22.

Ngomong ing ngarepe wong akeh kanthi tujuwan tartamtu diarani...

a)

Sesorah

b)

Nembang

c)

Nyindhen

d)

Nuturi

23.

Ing sajeroning sesorah becike nggunakake basa…

a)

Ngoko lugu

b)

Krama alus

c)

Krama lugu

d)

Ngoko alus

24.

Struktur bakune sesorah yaiku...

a)

Salam, pambuka, panutup

b)

Pembuka, panutup, isi

c)

Salam, isi, pambuka

d)

Pambuka, isi, panutup

25.

Aweh katrangan/informasi, ajak-ajak, lan aweh panglipur marang wong sing ngrungokake mujudake … sesorah.

a)

Strukture

b)

Warangkane

c)

Jinise

d)

Tujuwane

26.

Bapak Ibu sarta para kanca ingkang kula hurmati, kula gadhah idhe, kangge nglatih wira

usaha tumrap warga panti mriki inggih punika mbikak usaha damel piscok (pisang coklat).

Dhasaripun, ing tlatah mriki kathah ngasilaken pisang, reginipun mirah, prosesipun

gampil. Kanthi makaten sasampunipun dados piscok saget dipun sade wonten alun-alun,

utawi kita titipake wonten wande. Etangan kula manawi setunggal piscok kasade Rp. 800,-

saget pikantuk kauntungan Rp. 300,- Manawi sedinten saget nyade 300 iji, sampun kathah

kauntungan ingkang saget kita kempalaken.

Isi teks pidato ing dhuwur yaiku ….

a)

Piscok saget dipun sade wonten alun-alun

b)

Idhe, nglatih wirausaha tumprap warga panti yaiku mbikak usaha damel piscok (pisang coklat)

c)

Kathah kauntungan ingkang saget kita kempalaken

d)

Kathah ngasilaken pisang, reginipun mirah, prosesipun gampil.

27.

ukara pambuka pidato ing paragraph 2 supaya jangkep yaiku ….

a)

Puji syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung

b)

mbokbilih cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten tetembungan utawi solah tingkah ingkang kirang mranani kula nyuwun agunging samodra pangaksami

c)

Assalamualaikum Wr. Wb.

d)

Bapak-bapak, Ibu-ibu, para kanca Karang Taruna ingkang kinurmat

28.

Ing ngisor iki kang kalebu pangerten pidato sing trep yaiku ….

a)

Mangaris bawahi liyan supaya wong liyo mau gelem ngeloki kekarepane

b)

Menehi pangerten lan informasi

c)

Sawijine kegiyatan ngomong ing sangarepe wong akeh kanggo nyampekake panemune utawa aweh gambaran sawijine babagan

d)

Menehi panglipur marang liyan saengga pawongan kang ngrungoake mau seneng

29.

Ing ngisor iki kang kalebu titikane (ciri-ciri) basa pidato ora resmi yaiku ….

a)

nganggo ukara jangkep

b)

tembunge ora baku

c)

digunaake ing kahanan resmi

d)

intonasi datar

30.

Pak Budi numpak sepur. Ukara ngoko lugu kasebut yen diowahi dadi ukara krama alus sing bener yaiku…

a)

Pak Budi nitih sepur

b)

Pak Budi mbalap sepur

c)

Pak Budi mundut sepur

d)

Pak Budi mancal sepur

31.

Cebloke mengisor sing digoleki mendhuwur, batangane ...

a)

Andha

b)

Prau bocor

c)

Gentheng bocor

d)

Benik

32.

Batangane "ontong gedhang". Cangkrimane, pak demang klambi abang...

a)

disuduk manthuk-manthuk

b)

disawang malah ilang

c)

rupamu kaya kranjang

d)

penggaweane saba blumbang

33.

Tembung globalisasi iku asale saka tembung "globe" sing tegese...

a)

Bal bunder

b)

Donya

c)

Mendunia

d)

Di dunia

34.

Dicokot bongkote sing kalong kok malah pucuke. Batangane (bedhekane) cangkriman kang awujud tembang ing dhuwur yaiku…

a)

Rokok

b)

Tebu

c)

Permen

d)

Srengenge

35.

Apa sing dilebokne kok malah metu? Batangane cangkriman ing ndhuwur yaiku…

a)

Slerekan

b)

Idu

c)

Benik

d)

Sabuk

36.

Tetembungan utawa ukara kang kudu dibadhek karepe yaiku…

a)

tembang

b)

cangkriman

c)

saloka

d)

paribasan

37.

Dideleng gampang, di cekel angel. Apa iku?

a)

wedi

b)

iwak

c)

kodok

d)

banyu

38.

Bosok kok malah enak. Apa iku?

a)

tape

b)

roti

c)

jamu

d)

woh-wohan

39.

Burnas kopen (bubur panas kokopen). Jenise cangkriman iki klebu…

a)

wancahan

b)

irib-iriban

c)

tembang

d)

pepindan

40.

Bapak pucung rentang renteng kaya kalung,

pencoamu wesi miring

yen lumaku ngumbar swara

. Batangane cangkriman kang awujud tembung ing ndhuwur yaiku… .

a)

layang /tlisan

b)

sepur

c)

gajah

d)

sulak/kelut