wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PSTS Bahasa Jawa Kelas 7

Total questions: 20

Worksheet time: 22mins

Name
Class
Date
1.

Salah sawijining unsur cerita wayang yaiku latar. Apa sing diarani latar ing cerita wayang?

a)

Gegambaran wektu, kahanan lan panggonan

b)

Mbantu ngenali peran paraga

c)

Nggawe paraga duwe watak apik

d)

Mbedakake alur cerita

2.

Unsur intrinsik sing nggambarake urutan cerita yaiku…

a)

Watak

b)

Paraga

c)

Amanat

d)

Alur

e)

Latar

3.

Kanthi umum kang diarani amanat kuwi...

a)

Wektu kadadeyan

b)

Karakter sing nggambarake sifat paraga

c)

Rerangkene kadadeyan

d)

Kahanan kang dialami

e)

Piwulang moral sing bisa dipetik saka cerita

4.

Wacanen punggelan cerita wayang ing ngisor iki!
Gathotkaca kuwi satriya ing Pringgondani putrane Werkudara karo Dewi Arimbi. Gathotkaca kaloka satriya otot kawat balung wesi, sungsum gegala, bisa mabur tanpa elar, turu kepenak ing angkasa. Gathotkaca satriya kang cukat trengginas, yen perang tandange kaya sikatan nyamber walang. Sekti mandraguna duwe aji Narantaka, duwe kotang Antakusuma dayane bisa mabur tanpa elar, duwe caping Basunanda yen panas ora kepanasen, yen udan ora kudanan. Nalika lair pusere bayi ora bisa di kethok apa wae, ora tedhas ing gegaman. Bathara Narada tumurun ngasta senjata Kunta. Narada saguh ngethok pusere Gathutkaca, sarate Gathutkaca bakal didadekake jagoning dewa ngadhepi Prabu Kalapracona lan Patih Sekipu sing ngejeki kahyangan. Kersane Narada maringake senjata Kunta marang Janaka nanging kleru Karna. Janaka ngrebut sanjata Kunta, Janaka mung antuk warangkane. Warangka katamakake manjing ing puser. Narada getun banjur meling supaya Gathotkaca ngati-ati manawa ngadhepi Karna. Bayi Gathutkaca kagawa Narada dijegurake ing kawah Candradimuka.
Cerita wayang kasebut nduweni tema...

a)

Katrangan

b)

Kaprawiran

c)

Kasekten

d)

Katresnan

e)

Kekancan

5.

Wacanen punggelan cerita wayang ing ngisor iki !
Gathotkaca kuwi satriya ing Pringgondani putrane Werkudara karo Dewi Arimbi. Gathotkaca kaloka satriya otot kawat balung wesi, sungsum gegala, bisa mabur tanpa elar, turu kepenak ing angkasa. Gathotkaca satriya kang cukat trengginas, yen perang tandange kaya sikatan nyamber walang. Sekti mandraguna duwe aji Narantaka, duwe kotang Antakusuma dayane bisa mabur tanpa elar, duwe caping Basunanda yen panas ora kepanasen, yen udan ora kudanan. Nalika lair pusere bayi ora bisa di kethok apa wae, ora tedhas ing gegaman. Bathara Narada tumurun ngasta senjata Kunta. Narada saguh ngethok pusere Gathutkaca, sarate Gathutkaca bakal didadekake jagoning dewa ngadhepi Prabu Kalapracona lan Patih Sekipu sing ngejeki kahyangan. Kersane Narada maringake senjata Kunta marang Janaka nanging kleru Karna. Janaka ngrebut sanjata Kunta, Janaka mung antuk warangkane. Warangka katamakake manjing ing puser. Narada getun banjur meling supaya Gathotkaca ngati-ati manawa ngadhepi Karna. Bayi Gathutkaca kagawa Narada dijegurake ing kawah Candradimuka.
Latar panggonan kang sinebut sajrone pethilan cerita wayang kasebut ana ing ngisor iki, kajaba...

a)

Kawah Candradimuka

b)

Pringgondani

c)

Angkasa

d)

papan kang jembar

6.

Kanthi panah saktine, Ramawijaya mutung tangane Kumbakarna loro-lorone. Nanging kanthi sikile, Kumbakarna isih bisa ngidak-idak bala wanara. Rama banjur ngethok sikile Kumbakarna loro-lorone nganggo panahe. Ora nganggo tangan lan sikil Kumbakarna ngguling-nggulingake awake nglindhes bala wanara. Ndeleng keperkasaan Kumbakarna, Ramawijaya rumangsa kesengsem. Nanging Ramawijaya ora pengin ndeleng Kumbakarna kasiksa suwe-suwe. Pungkasane Ramawijaya ngeculake panahe sing pungkasan. Panah kasebut sing misahake sirahe Kumbakarna saka awake. Rama banjur nggawa miber sirahe Kumbakarna lan ditibakake ing pusat kutha nagari Ngalengka.
Sajrone wacan kasebut, paraga utamane yaiku...

a)

Ramawijaya

b)

Ramawijaya lan Kumbakarna

c)

Shinta

d)

Kumbakarna

7.

Kanthi panah saktine, Ramawijaya mutung tangane Kumbakarna loro-lorone. Nanging kanthi sikile, Kumbakarna isih bisa ngidak-idak bala wanara. Rama banjur ngethok sikile Kumbakarna loro-lorone nganggo panahe. Ora nganggo tangan lan sikil Kumbakarna ngguling-nggulingake awake nglindhes bala wanara. Ndeleng keperkasaan Kumbakarna, Ramawijaya rumangsa kesengsem. Nanging Ramawijaya ora pengin ndeleng Kumbakarna kasiksa suwe-suwe. Pungkasane Ramawijaya ngeculake panahe sing pungkasan. Panah kasebut sing misahake sirahe Kumbakarna saka awake. Rama banjur nggawa miber sirahe Kumbakarna lan ditibakake ing pusat kutha nagari Ngalengka.
Kadadeyan sajrone pethilan cerita wayang kasebut ana ing...

a)

Wanamarta

b)

Ngastina

c)

Ngalengka

d)

Candradimuka

8.

Ing perang Bharatayuda, para Kurawa lan Pandhawa padha perang nglawan siji lan sijiné. Salah siji perang sing wigati yaiku perang antarane Karno lan Arjuna. Karno iku kakang semang Arjuna, nanging dhèwèké ndhukung Kurawa. Sanajan mangkono, Arjuna kudu nglawan Karno amarga dhèwèké dadi prajurit Pandhawa. Sapa paraga utama ing crita "Karno Tanding"?

a)

Arjuna lan Bima

b)

Karno lan Arjuna

c)

Duryudana lan Puntadewa

d)

Kresna lan Karno

9.

Nalika perang karo Arjuna, Karno nandhang alangan gedhé. Keretane kecemplung lemah, lan dhèwèké kesusahan nyiapake serangan. Nalika semana, Kresna menehi pratandha marang Arjuna supaya nyerang Karno sanajan dhèwèké ana ing kahanan angel. Karno ora bisa nggunakake panah Kunta sing sakti amarga wis dianggo sadurungé, mula Arjuna kasil matèni Karno.
Apa sabab utama Karno kalah ing peperangan nglawan Arjuna?

a)

Keretane mlebu lemah lan dheweke ora bisa migunakake panah Kunta

b)

Arjuna duwe pusaka sing luwih sakti

c)

Karno ora gelem perang

d)

Karno ditinggal para Kurawa

10.

Crita "Karno Tanding" nduwèni piwulang urip kang jero. Karno iku tokoh kang setya marang janji, nanging nasibé tetep tragis amarga dhèwèké ana ing sisih sing salah. Crita iki mulangake manawa kasetyan kudu dipikir kanthi wicaksana, lan dharma (tugasku ing donya) kudu diutamakake tinimbang rasa pribadhi.
Apa teges saka lakon "Karno Tanding" ing piwulang urip?

a)

Sapa sing paling kuat bakal menang

b)

Pusaka iku dadi kunci saka kamenangan

c)

Manungsa kudu ngandel marang kekuwatane dhewe

d)

Kasetyan marang sedulur lan dharma wis ditetepake

11.

Gathotkaca iku putrane Bima lan Arimbi. Dheweke dikenal minangka ksatria sakti mandraguna sing bisa mabur lan awaké kebal saka gaman biasa. Ing perang Baratayuda, Gathotkaca dadi prajurit utama saka pihak Pandhawa.
Sapa jenengé paraga utama ing crita Gathotkaca Gugur?

a)

Duryudana

b)

Karna

c)

Gathotkaca

d)

Drestarastra

12.

Perang Baratayuda dumadi ing tlatah Kurusetra. Panggonan iku dadi papan perang antara Pandhawa lan Kurawa. Suasana perang rame, swara gaman lan geger prajurit ngebaki sak upa-upa.
Latar panggonan utama sing ana ing crita Gathotkaca Gugur yaiku...

a)

Astina

b)

Mandura

c)

Kurusetra

d)

Amarta

13.

Karna nampa pusaka saka Batara Indra, yaiku panah sakti jenengé Kuntawesi. Panah mau mung bisa dienggo sapisan, nanging daya rusaké banget gedhé. Karna banjur ngarahake panah kuwi menyang Gathotkaca, lan temenan, Gathotkaca gugur. Kepriye pungkasane crita Gathotkaca Gugur?

a)

Gathotkaca ngalahake Karna

b)

Gathotkaca mati kena pusaka Kuntawesi

c)

Gathotkaca uwal saka serangan

d)

Gathotkaca ninggal paprangan

14.

Gathotkaca ngerti yèn perang iki bisa nggawa bebaya marang nyawane. Nanging dhèwèké tetep gelem maju kanggo mbela kaadilan lan nglindhungi Pandhawa. Tekad lan pengorbanané nuduhake kesetiaan marang tugas. Apa tema utama saka crita Gathotkaca Gugur?

a)

Pengorbanan lan kesetiaan marang dharma

b)

Katresnan lan kuciwa

c)

Balas dendam marang mungsuh

d)

Dolanan rakyat lan budaya

15.

Sacara wani lan tanpa rasa wedi, Gathotkaca maju ing medan perang. Panjenengane ngorbanake nyawa demi negara lan keluargane. Semangaté bisa dadi tuladha kanggo generasi enom. Apa amanat kang bisa dijupuk saka crita Gathotkaca Gugur?

a)

Aja gampang percaya marang kanca

b)

Sapa sing duwe gaman sakti mesthi menang

c)

Ngungsi iku pilihan paling aman

d)

Wani ngorbanake awak demi kebenaran lan keadilan

16.

Perang gedhe kedadeyan ing Ngalengka, nagara sing dipimpin Prabu Dasamuka utawa Rahwana. Ngalengka dadi latar utama peperangan antara pasukan Rama lan Rahwana. Ing kana akeh prajurit wanara lan raksasa sing gugur. Ing endi latar panggonan utama sing dadi latar cerita Brubuh Ngalengka?

a)

Ayodya

b)

Ngalengka

c)

Mandura

d)

Alenka

17.

Rama ngutus Hanoman kanggo mlebu Ngalengka lan golek informasi babagan Sinta. Sawisé ngerti yèn Sinta isih slamet, Rama nyiapaké serangan gedhe. Peperangan sengit antarane prajurit wanara lan pasukan Rahwana ora bisa diendhani. Ide utama alur cerita iki yaiku...

a)

Rama nyerang Ngalengka kanggo nylametaké Dewi Sinta

b)

Rama ngundang Rahwana menyang Ayodya

c)

Hanoman diculik Rahwana

d)

Rahwana dadi sekutu Rama

18.

Rama nglawan Rahwana dudu amarga dendam, nanging amarga tanggung jawab lan katresnan marang garwané. Panjenengane ngupaya kanthi tulus kanggo mbebasake Dewi Sinta saka tangan wong ala. Semangat lan pengorbanan kang dituduhaké dadi gambaran perjuangan kanggo kebenaran. Apa tema utama saka cerita Brubuh Ngalengka?

a)

Dolanan rakyat

b)

Perebutan warisan

c)

Katresnan lan perjuangan kanggo kebenaran

d)

Daya tarik pusaka

19.

Hanoman ora mung kuat nanging uga pinter lan setya. Panjenengane ora wedi mlebu Ngalengka kanggo tugas saka Rama. Laku Hanoman nuduhaké yèn kawani lan kesetiaan iku kunci sukses ngadhepi tantangan. Apa amanat sing bisa dijupuk saka tokoh Hanoman ing cerita Brubuh Ngalengka?

a)

Gamelan luwih penting tinimbang perang

b)

Setya lan wani bisa ngalahaké rintangan

c)

Wong cilik ora nduwé peran penting

d)

Luwih becik meneng lan ndhelik

20.

Prabu Rama iku raja saka Ayodya sing bijaksana lan gagah perkasa. Dheweke lunga menyang Ngalengka kanggo nylametake garwane, Dewi Sinta, sing diculik dening Rahwana. Rama ora mung lunga piyambakan, nanging ditemani Hanoman lan para prajurit wanara. Sapa paraga utama ing cerita Brubuh Ngalengka?

a)

Prabu Rama

b)

Prabu Dasamuka

c)

Dewi Sinta

d)

Laksmana