wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAT Bahasa Jawa

Total questions: 20

Worksheet time: 29mins

Name
Class
Date
1.

Unen-unen utawa tetembungan kang kudu dibedhek isine diarani... .

a)

Wangsalan

b)

Paribasan

c)

Cangkriman

d)

Pepindhan

2.

Biti notun noti biratun (babine mati cinane getun, cinane mati babine ora getun).

ukara ing ndhuwur mujudake tuladhane cangkriman... .

a)

Wantah

b)

Pepindhan

c)

Blenderan

d)

Wancahan

3.

Ana Gajah numpak becak, sing ketok apane? Jawabane: sing ketok kayale

Ukara ing ndhuwur mujudake tuladhane cangkriman... .

a)

Wantah

b)

Pepindhan

c)

Blenderan

d)

Wancahan

4.

Ceblok neng ngisor sing digoleki kok ndhuwur? Jawabane: gentheng trocoh

Dilebokne kok malah metu? Jawabane: benik

Ukara ing ndhuwur mujudake tuladhane cangkriman... .

a)

Wantah

b)

Pepindhan

c)

Blenderan

d)

Wancahan

5.

Gatekna tembang ing ngisor iki!

Bapak pucung dudu watu dudu gunung

sabamu ing sabrang

titihane sang Bupati

yen lumaku si pucung lembehan grana

batangane )nedhekane) cangkriman kang wujud tembang ing ndhuwur yaiku... .

a)

Gajah

b)

Jaran

c)

Macan

d)

Singa

6.

ing ngisor iki jinise cangkriman, kajaba... .

a)

Wantah

b)

Wancahan

c)

Campuran

d)

Tembang

7.

Pak demang klambi abang disunduk manthuk-manthuk.

Bathangane cangkriman ing ndhuwur yaiku... .

a)

Kembang gedhang

b)

Godhong gedhang

c)

Blumbang iwak

d)

Wadhah kinang

8.

ing ngisor iki tuladha cangkriman kang sinawung ing tembang yaiku... .

a)

Burnas kopen

b)

Aku mau disuguhi opak angin

c)

Yen cilik dadi kanca yen gedhe dadi musuh

d)

Wanci dalu bapak pucung medalipun,

perlu ngupa boga

yen siang ngedhem aguling

denya nendra sirahnya ndhangaken surya

9.

Cangkriman ing ngisor iki sing klebu blenderan yaiku...

a)

Anake gelungan emboke ngrembyang

b)

Cebloke nyang ngisor sing digoleki ndhuwur

c)

Dideleng gampang, dicekel angel, apa iku?

d)

Ana gajah numpak becak, kiro-kiro ketok apane?

10.

Cangkriman ing ngisor iki sing klebu cangkriman wancahan yaiku... .

a)

lawa lima kalong telu isih pira?

b)

Dipijet wudele mripate mendelik

c)

Enak endi daging kucing karo daging pitik?

d)

Wiwawite lesmba dhonge karwa pake

11.

Cangkriman ing ngisor iki sing klebu cangkriman wantah yaiku... .

a)

Biti notun noti biratun

b)

Kayu mati digubet ula mati

c)

Wong wis gedhe kok ngguyu tuwa

d)

Dicokot pucuke sing kelong bongkote

12.

Ngomong ing ngarepe wong akeh kanthi tujuwan tartamtu diarani... .

a)

Nembang

b)

Sesorah

c)

Nyindhen

d)

Nuturi

13.

Urut-urutan kang runtut tumrap struktur baku teks pidhato yaiku... .

a)

Salam, pambuka, panutup

b)

Pambuka, Panutup, isi

c)

Pambuka, isi, panutup

d)

Salam, isi, pambuka

14.

Gatekna pethilan teks ing ngisor iki!

Minangka purwakaning atur, sumangga kita tansah ngucapaken raos syukur dhumateng ngarsaning Gusti Allah ingkang sampun paring kanugrahan arupi kabagasan kesarasan, satemah kita sedaya saged kempal manunggal wonten ing panggenan ngriki kanthi boten wonten pambeng.

Pethilan teks pidhato ing ndhuwur mujudake perangan

a)

Pambuka

b)

Salam

c)

Isi

d)

Pantup

15.

Gatekna pethilam teks ing ngisor iki!

Mekaten sekedhik andharan ingkang saged kula aturaken bilih wonten kekiranganipun kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami. Wasana kula pungkasi bilahit taufiq wal hidayah wassalaamu'alaikum warohmatullaahi wabarokaatuh. Nuwun.

Pethilan teks pidhato ing ndhuwur mujudake perangan....

a)

Pambuka

b)

Isi

c)

Purwaka

d)

Panutup

16.

Gatekna pethilan teks ing ngisor iki!

Bapak Ibu lan para hadhirin ingkang minulya. Dene wosing sedya anggen kula matur inggih punika badhe ngajak dhumateng panjenengan sedaya, sumangga wiwit dinten menika kita tansah njagi keresikan lingkungan sakiwa tengen kita piyambak-piyambak. Awit karesikan punika saged mahanani dhumateng kesarasan, kosok wangsulipun, menawi lingkungan kita menika reged gampil nuwuhaken lelara.

Pethilan teks pidhato ing ndhuwur mujudake perangan.....

a)

Pambuka

b)

Purwaka

c)

Isi

d)

Panutup

17.

Teks ing sisih kalebu teks... .

a)

Teks pawarta

b)

Teks persuasi

c)

Teks sesanti

d)

Teks pariwara

18.

Ukara sing isine ngongkon supaya tumandang diarani ukara... .

a)

Prentah

b)

Andharan

c)

Pitakon

d)

Sambawa

19.

Hadi mau diceluk bapak ora krungu. tembung "diceluk" benere...

a)

Didukani

b)

Diutus

c)

Ditimbali

d)

Didhawuhi

20.

Bu Dewi: Surti, kowe arep nyang ndi?

Surti: ......

ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing ndhuwur yaiku... .

a)

Nyang omahe bude

b)

Nyang griyane bude

c)

Dhateng dalemipun bude

d)

Tindak griyane bude