wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PRE-TEST GEGURITAN X

Total questions: 25

Worksheet time: 18mins

Name
Class
Date
1.

kang kalebu unsur batin geguritan yaiku ...

a)

tema lan pitutur

b)

diksi lan tipografi

c)

nada dan lelewaning basa

d)

tema lan imaji

e)

nada lan diksi

2.

kang kalebu unsur fisik yaiku ...

a)

imaji lan tema

b)

rasa lan nada

c)

tema lan pitutur

d)

diksi lan tipografi

e)

wirasa lan pitutur

3.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...

a)

bapak

b)

ibu

c)

anak

d)

putu

e)

sedulur

4.

Aja nangis anakku

Ibumu isih lunga

Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku

Umpama hongkong kuwi mung lor kali

Wis wingi-wingi dakparani


Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...

a)

wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak

b)

bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali

c)

susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong

d)

bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara

e)

susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak

5.

Supaya katon endah lan ngresepake maca geguritan iku kudu nggatekake wirama. Tegese wirama yaiku…..

a)

pocapan lan vokal kudu cetha

b)

obahe awak

c)

alon, banter, cetha, lan samare pocapan

d)

ekspresi kang trep

6.

Kang ora kalebu titikane geguritan gagrag lawas yaiku .....

a)

cacahing gatra saora-orane ana 4 gatra

b)

cacahing wanda saben gatra kudu padha

c)

ora diwatesi paugeran

d)

sangarepe geguritan diwiwiti tembung "Sun Anggurit"

7.

Nalika maca geguritan kang surasane utawa isine ngemu kasusahan, kudu alon, alus lan melas diarani ....

a)

wirama

b)

wirasa

c)

wiraga

d)

wicara

8.

obahe awak kanggo mangun swasana nalika maca geguritan diarani ....

a)

wiraga

b)

wirama

c)

wirasa

d)

wicara

9.

Geguritan bisa diarani ....

a)

crita jawa

b)

tembang jawa

c)

pantun jawa

d)

puisi jawa

10.

Sun Nggegurit

Kahanan jaman saiki

sipat pemudha pemudhi

srawunge sansaya ndadi

raket wewekane sepi

tan kadi duk jaman nguni

srawung sarwa ngati-ati

..................................

Geguritan ing nduwur yaiku jenis geguritan ....

a)

gagrag lawas

b)

gagrag anyar

c)

fisik

d)

batin

11.

Ibu...
Sapa kang bisa ngerti aku
Kajaba ibuku
Saben dina saben wektu
Ibu tansah ndidik awakku
Saben ibu duka marang aku
Lara tenan rasane atiku
Ibu...
Aku njaluk restu
Supaya anggonku sinau
Bisa migunani kanggo masa depanku
Ibu...
Au tresna marang ibu
Tanpa ibu aku dudu sapa-sapa
Amarga ibu aku ana ning donya
Maturnuwun ibu
Aku tresna ibu

tema guritan ing dhuwur yaiku...

a)

keluarga

b)

sosial

c)

pendhidikan

d)

agama

12.

Kang kudu digatekake tumrape wong maca geguritan kaya kang disebutke ing ngisor iki, yaiku…..

a)

wicara, wirama, wiraga, wirasa

    

b)

  wicara, wiwaha, wiraga, widara

     

c)

  wicara, wiwaha, wiraga, wilapa

    

d)

   wisesa, wiwaha, winarna, wirasa

13.

Medhitasi Mangsa

Sumono Sandy Asmoro

....

Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake

Samubarang kang ana ing sadhuwure

Kabeh winih dithukulake

Ora metung papak lancipe

Isine pethikan geguritan ing dhuwur yaiku manungso ...

a)

Kudu milah lan milih

b)

Tumindak sakarepe

c)

Kang ngina mring sasama

d)

Ora oleh mbeda-mbedake

14.

Jenis geguritan yaiku .....


a)

Geguritan gagrak lawas

b)

Geguritan gagrak anyar

c)

geguritan jaman kuna

d)

Geguritan gagrak anyar lan Geguritan gagrak lawas

15.

Salah sawijining karya sastra kanggo ngandharake gagasan utawa uneg-uneg kang awujud tetembungan kang endah lan mentes yaiku...

a)

geguritan

b)

kakawin

c)

tembang

d)

pantun

16.

Kang ora kalebu titikane geguritan gagrag anyar yaiku...

a)

Cacahing gatra utawa larik ora ditemokake

b)

Cacahing wanda saben sagatra ora katemtokake

c)

Migunakake tembung "sun gegurit"

d)

Akeh migunakake tetembungan kiasan

17.

pesen utawa amanat kang diandharake panulis ing geguritan diarani...

a)

tema

b)

rasa

c)

pitutur

d)

nada

18.

wujud tetembungan kang bisa gawe endhahing geguritan kanthi tetembungan kias utawa konotasi diarani ...

a)

rima

b)

imaji

c)

dhiksi

d)

majas

19.

Mak-prepet peteng ndhedhet,

banyu langit sinuntak tanpa bisa diselak.

pethilan geguritan ing nduwur nggunakake imaji pancadriya apa ...

a)

pangrungu

b)

panyawang

c)

pangrasa

d)

pangambu

20.

menehi sifat utawa perilaku marang barang matibisa urip kaya manungsa diarani majas ...

a)

konotasi

b)

personifikasi

c)

metafora

d)

hiperbola

21.

Titikane geguritan yaiku...

a)

Kaiket paugeran guru lagu

b)

Kaiket guru gatra

c)

Kaiket guru wilangan

d)

Basane endah lan mentes

e)

Mung ngandharake bab agama

22.

Imaji tegese...

a)

Blegere Geguritan

b)

Panyitra geguritan

c)

Tembung sumambung

d)

Tembung kang runtut ngarepe

e)

Modhep panulise geguritan

23.

Susastra Jawa kang ora kaiket dening paugeran kaya dene geguritan tradhisional, yaiku pangertene....

a)

Geguritan Modhern

b)

Geguritan Tradhisional

c)

Unsur Intrinsik

d)

Unsur Ekstrinsik

e)

Purwakanthi

24.

Unsur kang bisa ditemokake lan ana ing geguritan, yoiku pangertene....

a)

Geguritan Modhern

b)

Geguritan Tradhisional

c)

Unsur Intrinsik

d)

Unsur Ekstrinsik

e)

Purwakanthi

25.

Unsur kang awujud kahanan subjektivitas babagan pangrasane penyerat lan sebab musababe panyerat nganggit sawijining geguritan, yoiku pangertene....

a)

Geguritan Modhern

b)

Geguritan Tradhisional

c)

Unsur Intrinsik

d)

Unsur Ekstrinsik

e)

Purwakanthi