wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan soal Bahasa Jawa kelas XI

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Teks lakon katulis kanthi bleger kang dumadi saka.....

a)

tokoh, paragraf, swasana, lan pituduh laku

b)

tokoh, antawacana, swasana, lan pituduh laku

c)

tokoh, bait, baris, swasana, lan pituduh laku

d)

paragraf, antawacana, swasana, lan pituduh laku

e)

bait, baris, paragraf, lan antawacana

2.

Cengkorongan (asring kasebut sinopsis) teks lakon, yaiku babon ringkes cerita lakon sing gunane kanggo

a)

Nuntun dhalang supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang.

b)

Nuntun dhalang supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe.

c)

Nuntun panulis supaya bisa maca cengkorongan kanthi gampang.

d)

Nuntun panulis supaya asil ciptane bisa luwih apik lan temata urut-urutane.

e)

Nuntun panulis supaya bisa mahami urutane crita sing sawutuhe.

3.

Pagelaran lakon bisa lumaku kanthi lancar lan apik, yen......

a)

Sekabehe pawongan kasangkut ing pagelaran kanthi linambaran rasa seneng.

b)

Sekabehe pawongan melu ngatur pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.

c)

Sekabehe pawongan makarya kanthi linambaran rasa seneng lan tanggung jawab.

d)

Sekabehe pawongan melu netepake pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.

e)

Sekabehe pawongan melu milih pakaryan kanthi linambaran rasa seneng.

4.

Sajerone pagelaran lakon, paraga kudu bisa ngatur swara, supaya

a)

Antawacanane bisa kaprungu kanthi jelas dening pamiarsa ing sajerone gedhung utawa panggung.

b)

Antawacanane bisa kaprungu endhek-dhuwur dening pamiarsa ing sajerone gedhung utawa panggung.

c)

Paraga lakon bisa ngatur intensitas (kekuatan/seru-lirihe suara) ing sajerone gedhung utawa panggung.

d)

Paraga lakon bisa ngatur intonasi (nada/endhek-dhuwure suara) ing sajerone gedhung utawa panggung.

e)

Paraga lakon bisa ngatur artikulasi (kedal/obah lan menga-mingkeme tutuk ) ing sajerone gedhung utawa panggung.

5.

Sadurunge lakon kagelar, skenario kudu didhudhah lan dibabar supaya.....

a)

Dhalang bisa milih lan netepake irah-irahan lakon sing arep kagelar lan bisa andum gawe.

b)

Dhalang bisa milih pirantining pagelaran (perabotan, busana, lan paes) sing kudu dicepakake.

c)

Dhalang bisa milih para paraga kacundhukake karo wewatake tokoh ing sajeroning teks.

d)

Dhalang bisa milih lan ngatur samubarang wiwit sadurunge nganti sarampunge pagelaran.

e)

Gambaran kasar ngenani swasana lakon sajerone naskah kasebut bisa kabayangake.

6.

Ing tataran andum gawe, ayahan sepisanan sing kudu katindakake yaiku........

a)

netepake pananggap

b)

netepake paraga

c)

netepake jadwal gladhen

d)

netepake dhalang utawa sutradhara

e)

milih irah-irahan lakon

7.

Bab pokok sing mbedakaken antarane teks lakon karo teks prosa ’gancaran’ liyane yaiku anane ... ing teks lakon.

a)

irah-irahan

b)

antawacana

c)

wewarah

d)

tema

e)

urutan crita

8.

Pungkasan karampungane pasulayan utawa dredah, ing struktur teks lakon diarani

a)

pasulayan (komplikasi)

b)

pangudhare prakara (resolusi)

c)

pungkasaning crita (koda)

d)

owahing crita (revolusi)

e)

jejer (orientasi)

9.

Dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/ paraga, ing struktur teks lakon diarani

a)

jejer (orientasi)

b)

pasulayan (komplikasi)

c)

pangudhare prakara (resolusi)

d)

pungkasaning crita (koda)

e)

owahing crita (revolusi)

10.

Perangan wiwitane crita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, ing struktur teks lakon diarani

a)

jejer (orientasi)

b)

pasulayan (komplikasi)

c)

pangudhare prakara (resolusi)

d)

pungkasaning crita (koda)

e)

owahing crita (revolusi)

11.

Lakon kagelar kanthi wujud drama prasaja. Kaarani prasaja jalaran......

a)

isine ora goroh utawa mbujuk

b)

tanpa ngetokake prabeya akeh

c)

tanpa rerenggan tata artistik

d)

mung magepokan karo fenomena sosial

e)

mung nduweni ancas kanggo sesuluh

12.

Ing sajerone adicara penyuluhan utawa sosialisasi, biyasane panitia utawa penyaji materi nyuguhake drama cekak kang awujud lakon utawa sosiodrama. Ancase kanggo

a)

narik kawigaten

b)

minangka adicara inti

c)

menehi pakaryan paraga lakon

d)

ngenteni adicara inti

e)

ngenteni adicara sabanjure

13.

Pagelaran lakon, bisa dadi salah sawijine sarana nggegulang moral sing cocok lan trep. Jalaran....

a)

Tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon nduweni sifat doktriner kang meksa.

b)

Tuntunan lan wulangan ing pagelaran lakon ora nduweni sifat doktriner kang meksa.

c)

Kanthi lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral ora bisa rumesep lan kajiwaraga.

d)

Kanthi lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral nduweni sifat doktriner kang meksa.

e)

Kanthi lumantar nonton, ngrungokake lan ngrasakake pagelaran lakon, wewarah bab moral bisa meksa rumesep lan kajiwa raga.

14.

Saka kesenian, kita ora mung bisa seneng-seneng ngrasakne endahing asli karyaning para seniman, ananging kita uga bisa.....

a)

Ngundhakake ilmu lan kaweruh

b)

Ngundhakake pangkat lan jabatan

c)

Ngundhakake gengsi lan prestisi

d)

Ngundhakake gelar lan martabat

e)

Ngundhakake drajat lan pangkat

15.

Manungso iku diajeni ing bebrayan, jalaran nduweni.....sing becik.

a)

Gelar

b)

Drajat

c)

Pangkat

d)

Moral

e)

Martabat

16.

Drama yaiku.....

a)

Tembang Jawa kang diiringi gamelan

b)

Geguritan sing isine nasehat

c)

Cerita kang digelaraké ing panggung kanthi dialog lan tumindak

d)

Dongeng rakyat kang digandhengake karo legenda

e)

Tembang dolanan kanggo bocah-bocah

17.

Ing drama, unsur kang paling utama yaiku...

a)

Musik

b)

Tari

c)

Dialog

d)

Latar

e)

Gambar

18.

Paraga kang nduweni watak jahat lan nglawan tokoh utama diarani...

a)

Protagonis

b)

Figuran

c)

Tragonis

d)

Antagonis

e)

Narator

19.

Salah siji drama tradisional saka Jawa yaiku...

a)

Ludruk

b)

Lenong

c)

Sandiwara Sunda

d)

Teater klasik

e)

Wayang kulit

20.

Ing drama, panggonan utawa latar kedadeyan crita diarani...

a)

Tema

b)

Alur

c)

Latar

d)

Dialog

e)

Setting panggung