Font size
WorksheetsBAHASA JAWA - Asesmen Sumatif Akhir Tahun +lampiran
Total questions: 45
Worksheet time: 2hrs 51mins
I. Wenehono tanda ping (x) ing aksara a, b, c, d ing wangsulan kang bener!
Wacanen teks ing ngisor iki kanthi tliti, banjur tentukna judhul sing paling cocog!
ng sawijining alas, urip sawijining kancil kang pinter lan cerdik. Dina iku, kancil weruh ana manuk pitik kang katon lara ing pinggir kali. Kancil banjur nyedhaki lan takon, "Pitik, kowe kenapa?"
Pitik mau njawab kanthi lemes, "Aku lara lan ora bisa mabur."
Kancil banjur nulungi pitik mau kanthi njupuk woh-wohan lan godhong sing bisa dadi obat. Sawise sawetara dina, pitik mau waras maneh lan bisa mabur. Kanggo ngucapke matur nuwun, pitik menehi kancil kekuwatan khusus: bisa lumayu luwih banter. Wiwit dina iku, kancil saya pinter lan ora gampang kepethuk bebaya ing alas.
1. Judhul sing paling cocog kanggo teks cerita kasebut yaiku…
Kancil lan Macan Alas
Pitik Sakti sing Adoh saka Omah
Si Kancil lan Pitik Sakti
Petualangan Pitik ing Alas
Ide pokok saka teks cerita narasi kasebut yaiku.....
Kancil nulungi pitik sing lara, banjur pitik mau mbales menehi kancil kekuwatan khusus.
Pitik lara kang sakti
Si Kancil nyolong timun
Petualangan kancil lan pitik sakti
Geguritan: "Laku Becik"
Ing padang urip kang amba,
urip kudu tansah waspada,
becik tumindak sabendina,
ngladeni liyan kanthi rasa tresna.
Kaya srengenge sumorot terang,
marang kabeh tanpa pilih-pilih,
tumindak becik aja nganti ilang,
tuladha apik, sinau becik.
Tulung-tinulungan aja lali,
senajan cilik, wigati banget,
siji laku, siji ati,
nindakake kabecikan kanthi tulus lan ikhlas.
3. Amanat sing bisa dijupuk saka geguritan "Laku Becik" yaiku...
Aja gelem nulungi wong liya supaya ora cilaka
Tumindak becik kudu tansah dilakoni tanpa pilih-pilih
Urip iku angel mula ora usah peduli marang liyan
Sing penting sugih, ora perlu nulungi wong liya
4.Wacanen aksara Jawa ing ngisor iki!
ꦏꦭꦩꦤ꧀ꦠꦺꦴꦏꦺꦴ
Pasangan aksara ka ing tembung ing ndhuwur ana ing tembung …
Kalaman
Toko
Kala
Katon
5. Susunen kalimat-kalimat acak ing ngisor iki supaya dadi ukara deskripsi sing bener!
kalebu - kutha - Yogya - panggonan - wisata
Yogya kalebu wisata panggonan kutha.
Kutha Yogya kalebu panggonan wisata.
Wisata kalebu panggonan Yogya kutha.
Kalebu wisata Yogya kutha panggonan.
6. Dina Senin esuk, para siswa SD Harapan Bangsa melu upacara bendera ing lapangan sekolah. Kepala sekolah mimpin upacara kanthi khidmat, dene para siswa baris rapi miturut kelasé. Sawisé upacara rampung, siswa mlebu kelas lan nyiapake buku pelajaran. Guru nemtokake tugas kelompok supaya siswa bisa sinau bebarengan. Ing jam istirahat, bocah-bocah dolanan ing lapangan, ana sing jajan ing kantin, lan ana sing maca buku ing perpustakaan. Kegiatan sekolah dina iku lumaku kanthi tertib lan nyenengake.
Apa kang ditindakake para murid nalika dina Senin esuk?
Dolanan ing lapangan
Nggolek buku ing perpustakaan
Mlebu sekolah lan nglakoni upacara
Ngresiki kelas
7. Ana sawijining asu kang lumaku ing pinggir kali. Asu iku nggawa potongan daging ing cangkemé. Nalika mlaku, asu mau ndelok banyu kali lan weruh bayangané dhewe. Dheweke ngira yèn ana asu liyané sing nggawa daging luwih gedhé. Asu mau kepengin njupuk daging kuwi, mula daging sing digawa déwéke dijatuhake. Nanging, daging mau malah tiba ing kali lan ora bisa dijupuk maneh. Asu iku kuciwa amarga wis kelangan panganané merga saka keserakahane.
Amanat apa sing bisa dijupuk saka dongeng iki?
Wong sing rakus bakal nemu cilaka
Kudu tansah njupuk barang wong liya
Kita kudu sinau nyolong kanthi pinter
Kabeh barang sing katon gedhé mesthi luwih apik
8. Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi tliti! Banjur wangsulana pitakon-pitakon kanthi milih jawaban sing bener!
Sekolahku
Sekolahku resik lan asri,
Tanduran ijo katon sumringah,
Ing kene aku sinau saben dina,
Karo kanca lan para guru tresna.
Sekolahku papan ilmu,
Panggonan kanggo nggayuh cita,
Menyang mangsa ngarep kang padhang,
Muga tansah dadi kenangan.
Tema utama geguritan ing dhuwur yaiku…
Katresnan marang sekolah
Dolanan bareng kanca
Lomba sinau ing kelas
Gunung lan alam
9. Wacanen paragraf ing ngisor iki kanthi tliti! Banjur wangsulana pitakon-pitakon kanthi milih jawaban sing bener adhedhasar makna tembung utawa istilah ing teks kasebut!
Ing sawijining desa cilik, ana bocah jenenge Bagas. Saben esuk, Bagas tansah tangi gasik lan mbantu wong tuwané ing sawah. Nalika srengéngé wiwit padhang, dhèwèké mangkat sekolah. Bagas bocah sregep lan ora gampang nyerah. Saben ana tugas saka guru, dhèwèké tansah nyinaoni kanthi tenanan. Ora mung pinter, Bagas uga andhap asor lan ditresnani kanca-kancané.
Apa makna saka tembung "andhap asor"?
Tumindak sombong lan angkuh
Tumindak sopan lan hormat marang wong liya
Tumindak tanpa pikir dawa
Tumindak grusa-grusu
10. Wacanen paragraf ing ngisor iki kanthi tliti! Banjur wangsulana pitakon-pitakon kanthi milih jawaban sing bener!
Ana sawijining kuthuk cilik jenenge Lindu. Lindu urip ing tengah alas lan tansah kepengin sinau babagan donya sakupenge. Saben ndeleng kewan liyané, dhèwèké mesthi kepengin ngerti apa sing dilakokaké. Ing sawijining dina, Lindu ndelok manuk sumilir ing langit. Dhèwèké kepengin mabur kaya manuk. Lindu nyoba mlumpat saka watu gedhé, nanging malah tiba ing suket. Kancané, mbah Kura, ngajari supaya Lindu kudu sabar lan ngerti yen saben kewan wis nduwé keistimewané dhéwé-dhéwé. Wiwit dina iku, Lindu saya paham lan ora maning-maning niru apa sing ora cocog karo awake dhewe.
Apa pitakon sing cocog kanggo mangerteni amanat ing dongeng kasebut?
Napa Lindu ora bisa mabur?
Apa sing dipelajari Lindu saka mbah Kura?
Sapa sing dadi raja alas?
Endi alas sing paling resik?
11. Wacanen paragraf ing ngisor iki kanthi tliti! Banjur wangsulana pitakon-pitakon kanthi milih jawaban sing bener!
Sekolah adhedhasar lingkungan resik lan asri. Saben dina para murid bebarengan njaga kabersihan kelas lan pekarangan sekolah. Ing saben pojok sekolah ana tong sampah kanggo misahake rereged organik lan anorganik. Kanthi mangkono, para siswa sinau supaya tansah disiplin lan tresna marang lingkungan.
Apa tujuan utama teks informasi kasebut?
Nerangake cara milih sekolah kang apik
Nyedhiyakake informasi babagan karesikan lan kedisiplinan sekolah
Nerangake carane mangan sehat ing sekolah
Nyritakake kedadian aneh ing sekolah
12. Wacanen paragraf ing ngisor iki kanthi tliti!
Sekolahku amba lan asri. Ing pekarangan sekolah, ana wit-witan sing rindhang, mula udara ing kono seger lan ora panas. Para murid seneng dolanan lan sinau ing njero kelas kang resik lan rapih. Kantin sekolah uga nyedhiyakake panganan sing sehat lan lazat.
Apa tegesé tembung "asri" ing teks kasebut?
Becik lan ayu
Resik lan rapih
Cilik lan sempit
Peteng lan sumpek
13. Wacanen aksara Jawa ing ngisor iki!
ꦥꦼꦩꦶꦤ꧀
Sandhangan swara apa sing digunakake ing tembung kasebut?
Pepet (ꦼ)
Wulu (ꦶ)
Suku (ꦸ)
Taling (ꦺ)
14. Wacanen paragraf ing ngisor iki kanthi tliti!
Dina esuk udane tiris. Kanca-kanca padha teka sekolah nganggo jaket resik lan bening. Sawise mlebu kelas, guru njlentrehake pelajaran kanthi gampil lan cetha. Para murid seneng sinau amarga suasana kelas tentrem lan hening.
Pilih jawaban sing paling bener adhedhasar tembung saroja ing paragraf kasebut!
Tembung "bening" tegese resik lan cetha. Apa tembung pasangan sing cocok supaya dadi tembung saroja?
Peteng
Luntur
Resik
Buthek
Wacanen petikan cerita rakyat legenda ing ngisor iki kanthi tliti! Banjur, jawaba pitakonan kang ana ing ngisor kanthi bener!
Soal kanggo nomer 15-17
Ing sawijining desa ana bocah lanang jenenge Jaka. Dheweke sregep lan sopan marang wong tuwane. Saben dina, Jaka mbantu wong tuwane nyambut gawe ing ladang. Nanging, ing desa kasebut ana sawijining pria sombong jenenge Sura. Sura iri karo ketekunan lan kabecikan Jaka. Saben ketemu Jaka, Sura tansah moyoki lan nyoba ngalahake Jaka ing saben kesempatan. Nanging, amarga kebecikan lan kesabarané, Jaka malah oleh penghargaan saka raja lan uripe dadi luwih makmur.
15. Sapa tokoh utama ing crita kasebut?
Jaka
Sura
Raja
Wong tuwane Jaka
16. Sipat apa sing diduweni dening Jaka?
Sombong lan iri
Sabar lan sregep
Pemalas lan gampang nesu
Licik lan culika
18. Ing ngendi latar papan crita kasebut?
Ing alas
Ing istana raja
Ing sawijining desa
Ing pasar
18. Wacanana ing ngisor iki!
"Pak Raka nemokake endhog emas ing alas."
Pilih aksara Jawa legéna sing bener kanggo tembung endhog!
ꦲꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ꧀
ꦲꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁ
ꦲꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ
ꦲꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ
19. Wacanen teks prosedur ing ngisor iki lan pilih jawaban sing bener kanggo nglengkapi urutan!
Cara Nggoreng Endhog
1. Siapna wajan lan lebokna lenga.
2. …
3. Pecahna endhog lan lebokna ing wajan.
4. Goreng nganti mateng, banjur angkat lan siap disajikake.
Apa langkah sing bener kanggo nomer 2?
Nyedhiyakake piring kanggo nyajikake
Nyalakake kompor lan angetna lenga
Nguleg lombok kanggo sambel
Nambah uyah ing wajan
20. Urutna tembung-tembung ing ngisor iki supaya dadi ukara sing bener!
panjenengan - nampi - kiriman - artho - bakal
Artho panjenengan nampi bakal kiriman.
Panjenengan bakal nampi kiriman artho
Kiriman bakal artho panjenengan nampi.
Nampi artho bakal panjenengan kiriman.
21. Wacanen kalimat ing ngisor iki!
"Adi esuk-esuk wis mangan sega lan sayur."
Ubaha kalimat mau menyang basa krama alus sing bener!
"Adi enjing-enjing sampun nedha sekul lan jangan."
"Adi esuk-esuk sampun dhahar sega lan jangan."
"Adi enjing-enjing wis mangan sega lan sayur."
"Adi esuk-esuk sampun nedha sega lan sayur."
22. Wacanen lan wenehana tembung sing bener!
ꦩꦤ꧀ꦝ … ꦤꦺꦴꦏ꧀
Tembung sing cocog kanggo nglengkapi kalimat kasebut yaiku …
ꦣꦶ
ꦠꦶ
ꦤꦶ
ꦥꦶ
Soal nomor 23-26
Wacanen petikan cerita wayang ing ngisor iki kanthi tliti!
Ing sawijining dina, Pandhawa nemoni masalah gedhe. Duryudana lan Kurawa ngapusi supaya Pandhawa lunga saka Astina. Ing tengah perjalanan, Pandhawa ditemani dening Punakawan: Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Semar, sing wicaksana, tansah menehi piwulang marang para Pandhawa supaya tetep sabar lan eling marang Gusti. Gareng, sing lucu, kerep ngapusi rasa susah kanthi guyonan. Petruk, sing dawa irunge, sregep mbantu lan ngandhani sedulur-sedulure. Dene Bagong, sanajan katon sembrono, asring ngucapake bebener tanpa wedi.
23. Sapa wae tokoh Punakawan ing lakon wayang purwa?
Semar, Togog, Sengkuni, lan Bagong
Semar, Garèng, Petruk, lan Bagong
Arjuna, Bima, Nakula, lan Sadewa
Baladewa, Werkudara, Janaka, lan Aswatama
24. Apa peran utama Semar ing cerita wayang?
Dadi raja ing Amarta
Dadi Punakawan sing wicaksana lan menehi pepeling
Dadi prajurit perang sing gagah
Dadi musuh utama Pandhawa
25. Kepiye sifat para Punakawan marang Pandhawa?
Seneng ngrusak rencana Pandhawa
Tansah menehi dhukungan lan pepeling
Pengen ngrebut kraton saka Pandhawa
Ora peduli karo nasibe Pandhawa
26. Sapa tokoh Punakawan sing paling wicaksana lan bijaksana?
Bagong
Petruk
Garèng
Semar
Soal kanggo nomer 27-30
Wacanen teks ing ngisor iki kanthi teliti!
Saben taun, masyarakat Yogyakarta ngadani Grebeg Maulud, yaiku tradisi kang diayahi kanggo mengeti kelahiran Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Ing acara iki, Keraton Yogyakarta nyedhiyakake Gunungan, yaiku tumpukan hasil bumi kang disusun kaya gunung. Gunungan mau digawa menyang Masjid Gedhe Kauman lan didongakake. Sawise donga rampung, masyarakat padha rebutan Gunungan mau amarga dipercaya nggawa berkah lan kasugihan. Tradisi iki wis ana wiwit jaman Sultan Hamengkubuwono I lan tetep lestari nganti saiki.
27. Kepiye suasana nalika tradisi Grebeg Maulud dianakake?
Sepi lan khidmat amarga mung kanggo ibadah
Rame banget amarga akeh wong podho arep rebutan gunungan
Mencekam amarga ana uji nyali
Hening amarga ora ana wong sing rawuh
28. Apa kang digawa menyang Masjid Gedhe Kauman nalika acara Grebeg Maulud?
Gunungan hasil bumi
Sesaji lan kembang
Sesuguhan tumpeng ageng
Wayang kulit lan gamelan
29. Ing ngendi masyarakat padha rebutan Gunungan sawise didongakake?
Alun-Alun Kidul
Pasar Beringharjo
Masjid Gedhe Kauman
Puro Pakualaman
30. Apa tema utama saka wacana ing ndhuwur?
Upacara budaya kanggo mengeti kelahiran Kanjeng Nabi Muhammad SAW
Perayaan tradisional kanggo nyambut panèn raya
Ritual adat kanggo njaluk berkah marang leluhur
Pameran kuliner khas Keraton Yogyakarta
Jawaben kanti singkat lan bener
1. Tembung endah (basa rinengga/tembung entar) digunakake kanggo ngganti tembung biasa supaya luwih sopan utawa alus. Tembung "tuku" ing paragraf kasebut bisa diganti nganggo basa rinengga.
Tembung endah (basa rinengga) saka tembung "tuku" yaiku ...
2. Wacanen paragraf ing ngandhap iki kanthi teliti!
Dina Minggu wingi, Siti lunga menyang pasar bareng ibune. Dheweke tuku woh-wohan, sayur, lan kembang kanggo ditandur ing pekarangan. Nalika bali, Siti mbantu ibune nggawa belanjaan lan banjur ngresiki omah.
Pitakon: Tembung "ibu" ing paragraf ndhuwur bisa diganti nganggo basa rinengga (tembung entar). Pilih salah siji tembung ing ngandhap iki sing kalebu basa rinengga kanggo tembung "ibu"!.......
3. Wacanen aksara Jawa ing ngandhap iki, banjur tulisen teges (artine) tembung "ꦏꦺꦴꦒ" nganggo aksara Latin!
4. Wacanen kalimat ing ngisor iki kanthi teliti, banjur tulisen pasangan tembung saroja kanggo tembung sing dicetak miring!
Dina iki cuacane adem, siswa-siswa seneng mlebu sekolah kanthi semangat.
Pitakon: Tembung saroja saka tembung adem yaiku ...
5. Wacanen geguritan (puisi) cilik ing ngisor iki, banjur tulisen isi (teges/amanat) geguritan kasebut!
Gugur Wuluh
Wuluh ijo ing galengan,
Kataman angin nganti gumulung.
Rontog godhonge saben wengi,
Ning isih ngundhuh woh kecut kang migunani.
Sanajan ringkih merga umur,
Tetep menehi, tetep migunani.
Pitakon: Apa isi geguritan "Gugur Wuluh" ing dhuwur?
6. Wacanen geguritan (puisi) cilik ing ngisor iki, banjur tulisen isi saka geguritan kuwi!
Sekolahku
Sekolahku resik lan ayu,
Tuwuhe wit-witan ijo royo-royo.
Swarane bocah padha nyanyi,
Ngrungokake guru karo bungahing ati.
Aku seneng sinau saben dina,
Supaya dadi bocah kang migunani.
Pitakon: Apa isi geguritan "Sekolahku" ing dhuwur?
7. Wacanen sapada tembang Gambuh ing ngisor iki!
Tembang Gambuh
Yen tangi esuk becik ⇒ (1)
Aja lali gosok untu ⇒ (2)
Aja lali sembahyang ⇒ (3)
Supaya slamet ing dina ⇒ (4)
Ayo padha sinau ⇒ (5)
Pitakon: Tentukan guru wilangan lan guru lagu ing gatra kaping 2 ("Aja lali gosok untu")!
8. Wacanen penggalan teks cerita wayang ing ngisor iki!
Cerita Gathotkaca Gugur
Nalika perang Bharatayudha saya rame, Gathotkaca maju ngarep perang. Dheweke ora wedi sanajan ngadhepi musuh gedhe kaya Adipati Karna. Gathotkaca mabur ing angkasa lan nyerang mungsuh kanthi gagah prakosa. Nanging pungkasane, Gathotkaca gugur sawise kenapan senjata Kontawijaya saka Karna.
Pitakon: Apa wataké tokoh Gathotkaca miturut penggalan cerita ing dhuwur?
9. Isenana kalimat paribasan ing ngisor iki supaya dadi ukara sing trep!
Wong sing sabar lan nrimo iku kaya ...
10. Wacanen penggalan teks cerita wayang ing ngisor iki kanthi teliti!
Cerita Wayang: Werkudara lan Dursasana
Nalika perang Bharatayudha, Werkudara kaget nalika weruh Dursasana nindhes Pandhawa kanthi semena-mena. Werkudara banjur maju lan ngadhepi Dursasana kanthi gagah. Sanadyan perang angel, Werkudara ora kendhat lan tetep mbela kaluargane. Pungkasane, Dursasana bisa dikalahake amarga kalakuane dhewe sing adigang-adigung.
Pitakon: Apa amanat saka cerita wayang ing dhuwur?
URAIAN.
1. Wacanen dongeng ing ngisor iki kanthi tliti! Banjur jawaben pitakonan kanthi bener !
Ing sawijining alas, ana kelinci cilik jenenge Kelin. Dheweke sregep lan pinter. Saben dina, Kelin tansah golek pangan lan nglatih cepet lumayu supaya bisa lolos saka bebaya. Sawijining dina, Kelin weruh asu ajag sing ngincer dheweke. Tanpa ragu, Kelin cepet lumayu mlebu ing bolongan cilik ing sangisore wit gedhe. Asu ajag ora bisa mlebu amarga bolongane cilik banget. Akhire, asu ajag lunga amarga keluwen. Kelin slamet amarga kecepatan lan kecerdasané.
Gawea kesimpulan saka isi dongeng kasebut kanthi bahasamu dhewe!
2. Tulisen ukara ing ngisor iki nganggo aksara Jawa nganggo pasangan (ma) kanthi bener!
a. Rama maca buku ing perpustakaan.
b. Lumba-lumba seneng ing segara.
3. Delengen gambar ing sisih iki kanthi tliti! Banjur, jawaben pitakonan ing ngisor iki kanthi bener!
Sebutno jenenge alat kasebut, apa fungsine, lan sebutna langkah-langkah kanggo nggunakake alat kasebut kanthi runtut!
4. Wacanen lan pahami tembang Gambuh ing ngisor iki! Banjur, paraphasea (tulisen maneh kanthi basamu dhewe) isi tembang kasebut dadi paragraf sing gampang dipahami!
Tembang Gambuh
Sabar santosa kang utama,
Pan kudu diruruh rina wengi,
Lawansabaran ing angga,
Dukane lamun kadulu,
Kakangane ing pati.
5. Delengen lan wacanen gambar ing ngisor iki kanthi tliti! Gambar kasebut nuduhake suasana kerja bakti ing desa. Bagorejo, tulisen teks deskripsi sederhana adhedhasar gambar kasebut!
