wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UNGGAH-UNGGUH BASA_KELAS X

Total questions: 20

Worksheet time: 16mins

Name
Class
Date
1.

Basa ngoko kang ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman diarani . . . .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama inggil

2.

Basa ngoko kang kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman diarani . . . .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama inggil

3.

Basa krama kang tembung-tembunge lugu lan ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman diarani . . . .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama inggil

4.

Basa krama kang tembung-tembunge alus lan kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman diarani . . . .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama madya

e)

krama inggil

5.

Kanggo rembugan karo wong sing luwih dhuwur pangkate, nanging wis raket nggunakake basa...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama inggil

6.

Kanggo rembugan karo wong sing sadrajat nanging durung raket nggunakake basa...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama inggil

7.

Nalika matur marang wong kang luwih tuwa prayogane nggunakake basa . . . .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama madya

e)

krama inggil

8.

Tembung-tembung ing ngisor iki sing dudu kalebu basa krama alus yaiku . . .

a)

dhawuh

b)

mireng

c)

midhanget

d)

tindak

e)

paring

9.

Ing ngisor iki ukara kang nganggo basa ngoko alus yaiku . . . .

a)

Muliha saiki wae!                        

b)

Ibu midhangetake campursari

c)

Bapak siktas nedha.                   

d)

Mangga dipundhahar sawontene.

e)

Sapunika eyang tilem rumiyin.

10.

Apa sing takomongke mau, kabar sing penting. Ukara kasebut manawa diowahi menyang basa krama sing trep yaiku...

a)

Punapa ingkang kula dhawuhake, pawarta ingkang wigati.

b)

Punapa ingkang kula aturake, pawarta sing wigati.

c)

Punapa ingkang kula kandhakake, pawarta ingkang wigati.

d)

Punapa ingkang kula aturaken, pawartos ingkang wigati.

e)

Punapa ingkang kula ngendikakaken, warta ingkang sae.

11.

Kowe yen ...(dikongkon) bapak kudu manut, supaya bapak ora ...(nesu).

Tembung sing ana jroning kurung krama inggile yaiku . . . .

a)

dikengken, muring

b)

dikengken, duka

c)

diutus, duka

d)

diutus, muring

e)

dikongkon, duka

12.

Kowe sesuk arep diajak ibumu menyang Madiun. Anggonmu matur marang gurumu saperlu nyuwun ijin yaiku . . . .

a)

Kula benjing kedah panjenengan ijini, amargi kula dipunajak dhateng Madiun.

b)

Kula benjing nyuwun ijin, amargi badhe dipunajak ibu dhateng Madiun.

c)

Kula benjing boten mlebet, amargi kula badhe tindak dhateng Madiun kaliyan ibu.

d)

Dospundi saupami kula benjing dipunajak ibu dhateng Madiun?

e)

a.   Kula benjing ijin badhe tindak kaliyan ibu wonten Madiun.

13.

Panjenengan yen kersa ora usah tindak saiki. Ukara kasebut nggunakake basa . . . .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama madya

e)

krama inggil

14.

Ing ngisor iki kang ora kalebu pangangone basa ngoko lugu yaiku...

a)

Kanggo rembugan marang wong sing luwih dhuwur drajate

b)

Kanggo rembugan wong sing asor drajate.

c)

Kanggo rembugan antarane sapadha-padha.

d)

Kanggo rembugan marang wong sing sadrajat

e)

Kanggo rembugan marang wong sing luwih enom.

15.

Eyang mengko arep..(nginep) kene, saiki bapakmu ...(omongana). Tembung sing dicetak miring diowahi dadi tembung...

a)

nyipeng, omongana

b)

nyare, aturana

c)

nyipeng, dhawuhana

d)

nyare, dhawuhana

e)

turu, kandhanana

16.

Thole dereng wangsul, taksih wonten Surabaya. Ukara kasebut nggunakake basa . . . .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama inggil

17.

Tembung-tembung ing ngisor iki sing dudu kalebu basa krama alus yaiku . . .

a)

kondur

b)

nyipeng

c)

nyare

d)

sare

e)

rawuh

18.

Ing ngisor iki kang ora kalebu unggah-ungguh sajrone bebrayan Jawa yaiku . . . .

a)

mbungkukake awak nalika liwat ing ngarep wong kang luwih tuwa

b)

maringake apa wae nganggo tangan tengen

c)

ngaturake nuwun sewu nalika liwat ing ngarep wong kang luwih tuwa

d)

ngaturake kula nuwun nalika mertamu ing daleme wong

e)

maringake apa wae nganggo tangan kiwa

19.

Bapak kongkonen mangan saiki, Ndhuk! Ukara kasebut yen diowahi nganggo unggah-ungguh basa kang trep yaiku . . . .

a)

Bapak kengkenen nedha sakmenika, Ndhuk!

b)

Bapak utusen nedha sakmenika, Ndhuk!

c)

Bapak utusen dhahar sapunika, Ndhuk!

d)

Bapak dhawuhana dhahar sapunika, Ndhuk!

e)

Bapak aturana dhahar sapunika, Ndhuk!

20.

Sesuk esuk dheweke wis teka ana omah. Ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama lugu yaiku . . . .

a)

Sesuk esuk panjenengane wis rawuh ana omah.

b)

Sesuk esuk panjenengane wis dugi ana omah.

c)

Benjing enjing piyambakipun sampun rawuh wonten dalem.

d)

Benjing enjing panjenenganipun sampun rawuh wonten dalem.

e)

Benjing enjing piyambakipun sampun rawuh wonten griya.