wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASAS B. JAWA 8 Genep

Total questions: 25

Worksheet time: 38mins

Name
Class
Date
1.

Kinanthi

Padha gulangen ing kalbu,

Ing sasmita amrih lanthip.

Aja pijer mangan nendra,

Kaprawiran den kaesthi,

Pesunen sariranira,

Sudanen dhahar lan guling.

Paugeran tembang Kinanthi ing dhuwur yaiku………….

a)

8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

b)

8u, 8p, 8a, 8i, 8a, 8g

c)

8u, 8a, 8i, 8a, 8i, 8a

d)

8u, 7i, 8a, 8i, 7a, 8i

2.

Paugeran tembang kuwi kaperang dadi 3 yaiku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Kang diarani guru wilangan yaiku………… 

a)

Cacahing gatra saben sapada

b)

Cacahing wanda saben sapada

c)

Cacahing wanda saben sagatra

d)

Cacahing gatra saben sawanda

3.

Aku dikongkon ibuk menehake jamu iki kanggo simbah. Ukara iki yen diowahi nganggo basa krama alus yaiku………..

a)

Kula diutus ibu ngaturaken jamu menika kangge simbah

b)

Kula dipunutus ibu ngaturaken jamu iki kangge simbah

c)

Kula dipunkengken ibu ngaturaken jamu menika kagem simbah

d)

Kula dipunutus ibu ngaturaken jamu menika kagem simbah

4.

1.  Wingi bengi bapak lagi dhahar sate ayam

2. Bulik Hartini arep tindak Surakarta karo mas Anung

3. Bu Guru tindak dhateng kelas ngasta buku paket Basa Jawa

4. Pak Dhe nitih sepedha badhe sowan dhateng dalemipun pak RT

Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu ukara nganggo basa krama alus yaiku nomer……….

a)

  1 lan 2

b)
  1. 2 lan 3

c)

3 lan 4

d)

1 lan 4

5.

Layang kang isine aweh weruh utawa ngabari samubarang lan isine kudu dingerteni wong akeh diarani layang …….

a)

Dhawuh

b)

Lelayu

c)

Paturan

d)

Kitir

6.

Yen lagi ana wong kang duwe gawe (mantu, sunat, lan liya-liyane) biasane nggawe layang …….

a)

Dhawuh

b)

Paturan

c)

Lelayu

d)

Ulem

7.

Layang kang isine cekak / ringkes lan ditulis ing dluwang lan kudu ditengeri diarani layang …….

a)

Dhawuh

b)

Paturan

c)

Lelayu

d)

Kitir

8.

(1)

Belgia, 12 Maret 2012


(2)

Kegem Bapak lan Ibu

Wonten ing ndalem Solo


(3)

Assalamu'alaikum Wr. Wb


(4) Kados pundi kahananipun

Bapak lan Ibu? Mugi - mugi Gusti Allah tansah maringi kanugrahan lan

kesehatan dhumateng Bapak lan Ibu. Alhamdulillah dalem lan putra mantu

tansah bagas waras.


(5) Bapak lan Ibu

ingkang satuhu kula bekteni, kinanthenan serat menika, kula badhe matur

bilih kula Insya Allah badhe wangsul dateng Solo benjang wulan Agustus

sesarengan wulan riyadin. Nyuwun pangestunipun mugi - mugi sedaya dipun

paringi lancar saengga mboten wonten tambahan tugas kuliah ingkang kedah

kula rampungaken.


(6) Mbok bilih

wonten upakarti utawi oleh - oleh ingkang dipun kersakaken saking Belgia,

sumonggo kula aturi telepon. Insya Allah saged kula padosaken dateng mriki.


(7) Dalem kinten cekap semanten rumiyin

serat saking ingkang putra.


Wassalamu'alaikum wr. wb..


(8) Windarti


. Layang ing dhuwur kagolong layang……..

a)

Iber-iber

b)

Kitir

c)

Ulem

d)

Lelayu

9.

(7) Dalem kinten cekap semanten rumiyin serat saking ingkang putra.


Perangane layang kang ditulis no 7 diarani ….

a)

Adangiyah

b)

Wusana basa

c)

Satata basa

d)

Tapak asta

10.

Perangane layang kang mratelakake isi kabar kaslametan utawa perangan sadurunge isine layang biasane isi atur pambagya, wilujeng yaiku diarani …….

a)

Satata basa

b)

Purwaka basa

c)

Surasa basa

d)

Wusana basa

11.

Ukara kang migunakake basa karma sing bener, ana ing ukara …..

a)

Kula kalawingi mirsani pameran buku.

b)

Bapak tilem wonten kamar ngajeng.

c)

Ibu tindak dhateng dalemipun bulik.

d)

Simbah sare amargi sakit padharan.

12.

Unjukanipun bapak sampun asrep. Basa ngoko lugune ………

a)

Ngombene bapak wis adhem.

b)

Unjukane bapak wis asrep.

c)

Unjukane bapak sampun adhem.

d)

Ngombene bapak wis diombe.

13.

Paugeran tembang macapat yaiku …..

a)

Guru lagu, guru wilangan, guru gatra

b)

Guru lagu, guru wilangan, guru swara

c)

Guru gatra, guru wilangan, guru basa

d)

Guru wilangan, guru gatra, guru lumaksita

14.

Guru wilangan yaiku ……

a)

Cacahe gatra saben sapada

b)

Cacahe swara saben sagatra

c)

Cacahe wanda saben sapada

d)

Cacahe wanda saben sagatra

15.

PUCUNG


Murid iku wajib bekti lan mituhu

Pituturing dwija

Sabarangreh ngati-ati

Tata krama empan papan katindakna


Tembang Pucung ing dhuwur pitutur kanggo………….

a)

Guru

b)

Murid

c)

Bocah

d)

Wong tuwa

16.

Murid iku wajib bekti lan mituhu, tembung mituhu tegese…….

a)

Nurut

b)

Nakal

c)

Ndablek

d)

Mbolos

17.

PUCUNG

Murid iku wajib bekti lan mituhu

Pituturing dwija

Sabarangreh ngati-ati

Tata krama empan papan katindakna


Guru wilangan lan guru lagu tembang pucung ing dhuwur yaiku …….

a)

12 u, 6 a, 8 i, 12 a

b)

11 u, 6 a, 8 i, 8 a

c)

12 a, 6 u, 8 a, 12 i

d)

12 u, 6 a, 8 I, 12, i

18.

1

Sinom

2

Maskumambang

3

Balabak

4

Pangkur

5

Wirangrog

Sing kalebu tembang macapat, yaiku ……..

a)

1, 2 lan 3

b)

1, 2 lan 4

c)

1, 3 lan 5

d)

2, 3 lan 5

19.

Tembang macapat kang duweni watak seneng, asih, kasmaran lan cocok kanggo mituturi yaiku tembang …….

a)

Asmarandana

b)

Dhandhanggula

c)

Kinanthi

d)

Pangkur

20.
  1. Ngetung pira cacahe gatra saben sapada diarani ..............

a)

a. guru wilangan

b)

b. guru lagu

c)

c. guru swara

d)

d. guru gatra

21.
  1. Sing kalebu Titikan e tembang macapat yaiku .................

a)

a. guru lagu

b)

b. guru gatra

c)

c. guru swara

d)

d. guru tembang

22.

Layang sing isine saperlune wae, cekak, ditulis ing dluwang/kertas sakecandhake, diarani laying..

a)

kitir

b)

paturan

c)

genep

d)

ulem

23.

gatra ka 4 tembang asmarandana guru wilangan lan guru lagune kepriye

a)

8a

b)

7a

c)

9a

d)

8e

24.

Tembang  macapat nduweni paugeran sing ora kena diowahi, yaiku ngenani:

a)

guru swara, guru sastra, guru basa

b)

guru wilangan, guru sastra, guru basa

c)

guru swara, guru basa, lumaksita

d)

guru gatra, guru wilangan, guru lagu

25.

Kepriye carane nggancarake tembang macapat?

a)

diowahi dadi wujud paragraph

b)

ditegesi tembung-tembunge

c)

didadekake wujud pada-pada

d)

ditambahi tembung-tembunge