Font size
WorksheetsLATSO AM B.JAWA 2425
Total questions: 125
Worksheet time: 1hrs 3mins
Teks awujud laporan ngenani sawijine kahanan utawa kedadean (peristiwa) kang lagi wae dumadi diarani teks ....
narasi
deskripsi
eksposisi
informasi
Kedadean awujud fakta, aktual, narik kawigaten, alur runtut, basa baku, cetha, valid kasebut diarani …. teks informasi
wujude
titikane / cirine
jinise
unsur
Informasi kang diandharake kanthi lisan (langsung) digiyarake lumantar
ariwarti
internet
kalawarti (majalah)
TV
Informasi kang diandharake kanthi tulis (ora langsung) lumantar medhia cithak kayata ….
TV
Radio
ariwarti (koran)
adio-tv
Unsur pembangun informasi kang nuduhake wektu dumadine sawijine kedadean, yaiku ….
kapan
apa
ing ngendi
geneya
Nuduhake katrangan ngenani wong kang ana sajrone kedadean yaiku …
sapa
kapan
kepriye
ing ngendi
Nuduhake ngenani proses utawa alur dumadine sawijine kedadean yaiku ….
sapa
kapan
kepriye
ing ngendi
Wujude teks informasi menurut sumbere yaiku wujud ….
teks lan angka
lisan lan tulisan
huruf lan kalimat
paragraph lan wulangan
Informasi kang diandharake kanthi tulis (ora langsung) lumantar medhia cithak kayata …
TV
Radio
kalawarti (majalah)
radio-tv
Teks sing isine ngajak, ngeyakinake, ndayani, mangaribawani (mempengaruhi) lan kanggo narik kawigaten wong liya (sing maca) diarani teks . . . .
narasi
persuasi
dheskripsi
argumentasi
Teks sing isine ngenani crita lelakon uripe manungsa, ana paragane (tokoh), ana tema, ana alur critane, lan ana pesen morale diarani teks . . .
narasi
persuasi
desksripsi
argumentasi
Teks sing ngandarake samubarang (manungsa, barang, panggonan, kahanan/keadaan, lan sapanunggale) kanthi apa anane diarani teks . . . .
narasi
persuasi
deskripsi
argmentasi
Ukara ing ngisor iki tuladha teks pawarta wujud andharan ngenani kedadean . .. .
Alas ing bumi indonesia pancen klebu alas tropis sing paling amba sadonya.
Rusake alas ing Indonesia disebabake bencana alam lan saka pokal gawene manungsa.
Prahara banjir bandhang mau kelakon ing dina Selasa, 16 Agustus 2016 jam 22.00 WIB.
Alas tropis mujudake produsen oksigen sing paling gedhe sadonya.
Ing ngisor iki titikane sesanti / slogan sing bener yaiku . . . .
ukarane ngajak-ngajak
ukarane mamerake
ukarane nyenengake
ukarane ngujuk-ngujuki
Ing ngisor iki titikane pariwara / iklan sing bener yaiku .
ukarane ngajak-ngajak
ukarane mamerake
ukarane nyenengake
ukarane ngujuk-ngujuki
Ing ngisor iki sing klebu jenise pawarta yaiku . . . .
Ngundhuh wohing pakarti
Gunakna banyu sacukupe!
Lemah longsor mendhen ewonan omah.
Ayo njaga lestarine Alam
Cacahe tembang macapat ana .....
8
9
10
11
Guru gatra yaiku .....
Tibane swara ing pungkasane gatra
Cacahe gatra saben sapada
Cacahe wanda saben sagatra
Tibane swara saben sawanda
Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....
Maskumambang
Balabak
Citramengeng
Girisa
Tembang macapat sing gatrane mung papat yaiku .....
Pangkur
Gambuh
Pocung
Dhandhanggula
Tembung macapat tegese ..
Maca papat-papat
Maca cepat-cepat
Maca seprapat
Maca
Tembang macapat uga bisa diarani tembang ...
anyar
modern
Cilik
dolanan
GAMBUH
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur, polah kang kalantur
Tanpa tutur, katula-tula katali
Kadaluwarsa kapatuh
Kapathpan dadi awon
Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku . . .
7u, 8i, 8u, 8i, 8o
6u, 8i, 10u, 6u, 8o
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
12u, 8u, 10i, 8u, 80
Isine tembang macapat iku lumrahe ...
Kasmaran
Getun
Susah
Pitutur
Tibane swara ing pungkasane gatra yaiku ...
Guru lagu
Guru wilangan
Guru swara
Guru basa
PUCUNG
Urip bareng iku kudu guyub rukun
Ora nggolek perkara
Ngomong ya sing ati-ati
Aja nganti bubar gegara perkara
Tembang kasebut kedadean saka ... pada
1
4
5
6
PUCUNG
Urip bareng iku kudu guyub rukun
Ora nggolek perkara
Ngomong ya sing ati-ati
Aja nganti bubar gegara perkara
Pesen sing bisa dijupuk saka tembang kasebut yaiku ...
Yen urip kudu ngati-ati
Dadi wong kudu seneng tulung-tinulung
Dadi wong kudu seneng golek gegara
Yen urip iku kudu guyub rukun
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur, polah kang kalantur
Tanpa tutur, katula-tula katali
Kadalurwarsa kapatuh
Kapatuh dadi awon
Adhedhasar isine tembang kasebut bisa diarani tembang ...
Megatruh
Gambuh
Pangkur
Mijil
Bapak pucung amung sirah klawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka sipucung dadi dahana
Wangsulan saka tembang kasebut yaiku ...
Geni
Gajah
Sepur
Penthol korek
Urip bareng iku kudu guyub rukun
Tembung "guyub rukun" tegese yaiku ...
Nyawiji
Congkrah
Bubrah
Tukar padu
Dhandhanggula
Lamun sira anggeguru kaki,
amiliha sujanma kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang wrangi,
sukur antuk wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawelingan liyan,
iku pantes sira guranana kaki
sartane kawruhana
Dhandhanggula iku salah sijine jinis tembang ...
Dolanan
Gedhe
Macapat
Tengahan
Tembang dhandhanggulo dumadi saka ... gatra
5
7
10
15
Sawijine karangan kang kaiket mawa paugeran : guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu di arani ...
Tembang macapat
Lelagon campursari
Tembang dolanan
Gendhing manasuaka
Dhong dhinge (tibane swara) ing pungkasane gatra jroning tembang macapat diarani ...
Guru wanda
Guru gatra
Guru wilangan
Guru lagu
Watake tembang pangkur yaiku ...
Sereng, tegas
Nesu, muntab
Nglokro, sedhih
Grapyak, renyah
Aturan aturan ing tembang macapat diarani….
aturan
paugeran
cak
werda
Ing ngisor iki kang kalebu paugeran kang ngiket tembang macapat, kajaba ….
guru lagu
guru wilangan
guru sastra
guru gatra
Nalika ngudi ilmu, ngudi tegese ….
wadah
sekolah
nggolek
tuku
Deduga lawan prayoga
Myang watara reringa aywa lali
Iku parabot satuhu
Tan kena tininggala
Tangi lungguh angadeg tuwin lumaku
Angucap meneng myang nendra
Duga duga aja kari
Sumber : Serat Wulangreh, Pakubuwana IV.
Serat Wulangreh kuwi sing ngarang yaiku ….
Mangkunagara IV
Pakubuwana IV
Pakubuwana VI
Mangkunagara VI
Pangkur
Mangkono ilmu kang nyata
Sanyatane mung we reseping ati
Bungah Ingaranan cubluk
Sukeng tyas yen den ina
Nora kaya si punggung anggung gumunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip
Tembung sukeng tyas yen den ina
Tyas tegese ….
ati
rasa
budi
pikir
Sing kalebu unen-unen Jawa yaiku . . . .
Paribasan, bebasan, saloka
Bebasan, saloka, geguritan
Saloka, paribasan,geguritan
Saloka, cangkriman, gegeritan
Unen-unen kang gumathok (ora kena diowahi), sing dipindhaake sifate uwong, duwe teges wantah diarani . . . .
Paribasan
Saloka
Bebasan
Parikan
Ukara ing ngisor iki sing kalebu saloka yaiku . . . . .
Nabok nyilih tangan
Tumbu oleh tutup
Kebo kabotan sungu
Kriwikan dadi grojogan
Becik ketitik ala ketara, tegese ....
njunjung drajate wong tuwa
wis nate lunga teka ngendi-ngendi
wong tuwa njaluk warah wong enom
tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan
Ancik-ancik pucuking eri, tegese ....
uripe tansah kuwatir
akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana
ora teteg atine, gampang molah-malih
sipate wong tuwa tumurn menyang anak
Wong tuwa njaluk wuruk wong enom, salokane yaiku ....
Kebo lagi turu
Kebo nusu gudel
Kebo mangan suket
Kebo kabotan sungu
Kodok nguntal gajah, saloka kasebut tegese ....
prakara cilik dadi gede
wong kang rekasa uripe amarga kakehan anak
wong duwe kekarepan sing mokal kelakone
luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane
Ing ngisor iki sing kalebu ukara paribasan yaiku...
Asu rebutan balung
Becik ketitik, ala ketara
Gupak pulute ora mangan nangkane
Mlakune kaya macan luwe
Adi karo Toni kuwi pancen tumbu oleh tutup, menyang ngendi wae mesti bocah loro.
Tumbu oleh tutup tegese . . . . .
Wis cocog banget
paseduluran kembar
tukaran wae
ora adil
Ana unen-unen “Dudu sanak dudu kadang . . . .”
Yen lunga melu kelangan
Yen mati melu kelangan
Nanging kaya kanca dewe
Kudu menehi pitulungan
Bapak wingi diajari masku migunakake aplikasine Grab,kaya ngono iku salokane . . . . .
Jamur tuwuh ing sela
Kebo bule mati setra
Kebo kabotan sungu
Kebo nusu gudhel
Prekara cilik dadi prekara gedhe,iki paribasane . . . .
Diwenehi ati ngrogoh rempela
Kebo kabotan sungu
Ula marani gepuk
Kriwikan dadi grojogan
Mikul dhuwur mendhem jero.
Unen-unen ing dhuwur kalebu...
Paribasan
Bebasan
Saloka
Sanepan
Jer basuki mawa beya
Unen-unen ing dhuwur kalebu...
Paribasan
Bebasan
Saloka
Sanepan
Anak polah bapa kepradah
Unen-unen ing dhuwur kalebu...
Paribasan
Bebasan
Saloka
Sanepan
Cecak nguntal cagak
Unen-unen ing dhuwur kalebu...
Paribasan
Bebasan
Saloka
Sanepan
Wong kang tumindak ala bakal konangan.
Iku paribasane .....
Nabok nyilih tanganNabok nyilih tangan
Sapa salah seleh
Sapa salah seleh
Ula marani gepuk
Kowe kuwi dadi uwong mbok aja kuminter. Ing kene kuwi panggenane wong pinter. Yen mung pamer umuk aja nang kene. Yen kowe muruki wong kuwi padha wae karo . . . . . . . ., merga dheweke kuwi wis ahline. Ora usah kokwuruki.
Bebasan kang trep kanggo njangkepi teks ing nduwur yaiku . . . . .
ancik-ancik pucuking eri
nguyahi banyu segara
becik ketitik ala ketara
kebo nusu gudhel
Ula marani gepuk tegese wong sing marani bebaya (cilaka), iki kalebu . . .
Saloka
Bebasan
Paribasan
Geguritan
Paseduluran sing ora bisa rukun paribasane . . . .
Kaya gajah lan semut
Kaya banyu karo lenga
Kaya macan lan bantheng
Kaya gula karo semut
Rawe-rawe rantas, ........
ata tentrem karta raharja
mendhem jero
gemah ripah loh jinawi
malang malang putung
ana gula ana semut
tegese ....
rebutan barang sepele
wong tuwa kakehan perkara merga anak.
panggonan sing ngrejekeni akeh sing nekani
perkara cilik dadi gedhe
Sepi ing ing pamrih ..........
rame ing gawe
malang malang putung
rame ing pasar
mendhem jero
Tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tua
Paribasane .....
anak polah bapa kepradah
kebo kabotan sungu
durung pecus keselak besus
ancik ancik pucuking eri
Saben panggonan iku nduwe cara utawa adat dhewe-dhewe
paribasane ....
Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
Negara mawa tata, Desa mawa cara
Jer basuki mawa bea
Adigang adigung adiguna
Tegese gampang molah-malih atine, ora teteg.
abang abang lambe
isuk dhele sore tempe
nututi layangan pedhot
ancik ancik pucuking eri
Wong kang ngupaya baline barang sepele, yen ketemu ora sumbut karo rekasane
nuthuk elor keno kidul
nututi layangan pedhot
buru uceng kelangan deleg
abang abang lambe
Wong kang njarak marang bebaya, salokane . . . .
kutuk marani sunduk
kebo nusu gudel
tumbu oleh tutup
pager mangan tanduran
Sing dadi titikane paribasan yaiku ....
tegese entar
nganggo gegambaran
tegese wantah
lumrahe ana jejere
Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....
nduweni pengin barange kanca
nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa
wong tuwa rekasa amarga polahe anak
karepe ngirit nanging malah entek akeh
Unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibtang diarani . . . .
wangsalan
paribasan
cangkriman
pepindhan
Jenis jenise cangkriman ingisor iki sing bener,kajaba....
Cangkriman pepindhan
Cangkriman plesetan
Cangkriman wancahan
Cangkriman parikan
Bocor malah kebak kalebu cangkriman . . . .
cangkriman plesetan
cangkriman pepindhan
cangkriman parikan
cangkriman wancahan
Cangkriman yaiku...
Unen-unen sing kudu di badek utawa dibatang
Unen-unen sing gambarake percakapan
Unen-unen sing due aturan maksud lan tujuane kanggo sing maca
Unen-unen sing penak digawe tetembangan
Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,
Tangan papanira,
Nuduhake rina wengi,
Lamun mati bingung wektu sang bendara.
batangane tembang ing dhuwur yaiku ....
tasbih
ali-ali
gelang jam
binggel
Cangkriman kang mathuk kanggo "SULAK" yaiku . . .
pitik walik saba kebon
pitik walik saba meja
sego sakepel dirubung tinggi
emboke wuda anake tapihan
wit thoyung, batangane .....
yen dijiwit atho biyung
ana uwit ditoto karo payung
kopi pahit wetenge kembung
lare alit kelangan biyung
anake gelungan, emboke ore-ore
batangane ....
Gedhang
pakis
sulak
pring
wit adhikih woh adhakah, batangane ....
semangka
rambutan
duren
beringin
adoh-adoh diparani, bareng wis tekan dilewati
batangane yaiku ....
stasiun
lawang
omah
kanca
Pak Demang klambi abang, disuduk mantuk-mantuk, batangane . . . .
korek
kembang gedhang
salak
nanas
Ing tengah-tengah pasar ana apane?
bakul
dalan
S
dagangan
Bapak pucung buntut dawa sirah gembung,
Mbanterake swara,
Lamun urip nganggo listrik,
Munggah panggung saben ana adicara.
Batangane tembang ing dhuwur yaiku .....
mikropon
telepon
sabuk
kendi
cangkriman iku wujude ana 4, kecuali ....
cekakan / singkatan
irib-iriban / pepindhan
plesetan
bebasan
sing endhek didhudhuk, sing dhuwur diurug, batangane ....
timbangan
sumur
juglangan
omah
bapak pucung, bisa nggereng bisa mbengung
ngambah jumantara
kaya manuk rajawali
wira-wiri nggawa barang lan manungsa
batangane .....
sepur
ula
sabuk
kapal mabur
wong buang bathang tikus sing dicekel dhisik apane? (plesetan)
irunge
buntute
sikile
kupinge
Bapak pucung amung sirah lawan gembung
Padha dikunjara
Mati Sajroning aurip
Mijil bakal si pucung dadi dahana
Cangkriman ing duwur batangane...
sendok
Genteng bocor
penthol korek
sepur
Cecek ing ndhuwur Lawang menawa diilangi dadi apa? (plesetan)
Dadi Lawa
Dadi Tekek
Dadi tipake
Dadi bayangane
Bosok malah enak, batangane . . .
donat
tape
nanas
salak
Mboke dielus-elus, anake diidak-idak, batangane . . . .
sandal
sepatu
andha
keset
Kayu mati ginubet ula mati, batangane . . . .
sulak
korek
gasing
ketapil
Pitik walik saba kebon, batangane . . . .
salak
nanas
gedhang
rambutan
Tibane mengisor, sing digoleki menduwur, batangane . . . .
pelem
dara
genteng trocoh
prau bocor
Dikethok malah mundhak dhuwur, batangane . . . .
sarung
clana
klambi
tali
Dilebokno malah metu, batangane . . . .
benik
karet
sulak
salak
Lawa lima kalong telu dadi pira? (plesetan)
loro
telu
wolu
sepuluh
Ana gajah numpak becak ketok apane?
awake
kayale
buntute
endhase
Sing dipijet wudele, mripate mendelik.
Batangane . . . .
lampu senter
salak
godhong gedhang
sulak
Mangsa rendheng wis teka, saben dina udan. Kala-kala mung gremis, nanging ing mangsa rendheng saiki sing kerep udan deres. Wong-wog kang manggon ing panggonan kang kerep katerjang banjir, atine tansah kuwatir. Kuatir yen ana banjir teka sawayah-wayah.
Wiwit wingi wetara jam setengah lima sore udan deres banget, nganti saiki durung terang. Kali ing desaku, kali Metro kabare banyu wis agung, pratandha sedhela maneh banjir. Bener ora let suwe ana kabar yen omah-omah cedhak kali Metro kebanjiran, ana sing rubuh katut iline banyu. Ana uga kreteg sing ambrol, sawah kang meh panen kang ana sakiwa tengene kali iku uga keleban.
Kang nyebabake banjir ora mung saka alam yaiku udan deres, tapi uga bisa saka polah gawe manungsa sing mbuwang uwuh ing kali uga bisa nyebabake banjir. Mula, aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali!. Ayo bebarengan gumregah, ngopeni lingkungan!
Teks ing dhuwur diarani teks . . . .
Informasi
Argumentasi
Sesanti
Dheskripsi
Mangsa rendheng wis teka, saben dina udan. Kala-kala mung gremis, nanging ing mangsa rendheng saiki sing kerep udan deres. Wong-wog kang manggon ing panggonan kang kerep katerjang banjir, atine tansah kuwatir. Kuatir yen ana banjir teka sawayah-wayah.
Wiwit wingi wetara jam setengah lima sore udan deres banget, nganti saiki durung terang. Kali ing desaku, kali Metro kabare banyu wis agung, pratandha sedhela maneh banjir. Bener ora let suwe ana kabar yen omah-omah cedhak kali Metro kebanjiran, ana sing rubuh katut iline banyu. Ana uga kreteg sing ambrol, sawah kang meh panen kang ana sakiwa tengene kali iku uga keleban.
Kang nyebabake banjir ora mung saka alam yaiku udan deres, tapi uga bisa saka polah gawe manungsa sing mbuwang uwuh ing kali uga bisa nyebabake banjir. Mula, aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali!. Ayo bebarengan gumregah, ngopeni lingkungan!
Ukara sing dadi ciri teks persuasi wujud pangajak ana ing . . . .
paragrap 1
paragrap 2
paragrap 3
paragrap 4
Uwuh utawa sampah tambah dina ora suda nanging tansaya tambah nganti matikel – tikel. Kahnan mau bisa didelok ana sakiwa tengene awake dewe. Uwuh mumbruk ing ngendi – endi nyepeti mripat ambune nduleg irung, amis campur basin. Uwuh plastic pating kleler ing sadhengah papan. Bisa dibayangno piye kahanan bui iki mbesuke, yen uwuh ora dikelola kanthi becik.
Kudu ana kesadaran saka awake dhewe kanggo miwiti, saka tumindak sing paling sepele lan gampang dilakoni yaiku buwang uwuh ana panggonane. Yen nganti ora sumadya panggonan kanggo mbuwang uwuh ing sakiwa tengenmu, gawanen dhisik uwuh mau nganti nemokake panggonan mbuwang uwuh sing samesthine. Diajab ana kesadharan pribadi – pribadi kanggo mbuwang uwuh kanthi bener. Iku bakal bisa nulari wong-wong ing sakiwa tengene pribadi-pribadi mau.
Teks ing dhuwur manut jinise kalebu teks . . . .
Pawarta
Persuasi
Sesanti
Pariwara
Uwuh utawa sampah tambah dina ora suda nanging tansaya tambah nganti matikel – tikel. Kahnan mau bisa didelok ana sakiwa tengene awake dewe. Uwuh mumbruk ing ngendi – endi nyepeti mripat ambune nduleg irung, amis campur basin. Uwuh plastic pating kleler ing sadhengah papan. Bisa dibayangno piye kahanan bui iki mbesuke, yen uwuh ora dikelola kanthi becik.
Kudu ana kesadaran saka awake dhewe kanggo miwiti, saka tumindak sing paling sepele lan gampang dilakoni yaiku buwang uwuh ana panggonane. Yen nganti ora sumadya panggonan kanggo mbuwang uwuh ing sakiwa tengenmu, gawanen dhisik uwuh mau nganti nemokake panggonan mbuwang uwuh sing samesthine. Diajab ana kesadharan pribadi – pribadi kanggo mbuwang uwuh kanthi bener. Iku bakal bisa nulari wong-wong ing sakiwa tengene pribadi-pribadi mau.
Ukara ing ngisor iki mujudake ukara inti saka pargrap 1 yaiku . . . .
Uwuh mumbruk ing sadhengah papan.
Uwuh ora dikelola kanthi becik
Uwuh plastic kleler ing sadhengah papan
Uwuh ambune amis campur basin.
Uwuh utawa sampah tambah dina ora suda nanging tansaya tambah nganti matikel – matikel. Matikel – matikel tegese . . . .
Tambah akeh
Tambah numpuk
Tambah sithik
Tambah mumbruk
Waspadakno jenis tembang ing ngisor iki!
1. Cublak-cublak suweng
2. Menthok-menthog
3. Pucung
4. Sinom
5. Gundhul pacul
6. Gambuh
Tembang ing nduwur sing kalebu tembang macapat yaiku nomer. . . .
1,2,3
2,3,4
3,4,5
3,4,6
Unen - unen kang ajeg penganggone (ora kena diowahi) mawa teges tartamtu (pepindhan saemper pasemon) diarani . . . .
Parikan
Cangkriman
Wangsalan
Paribasan
Unen – unen kang ajeg penganggone mawa teges tartamtu (pepindhan saemper pasemon) sing disemoni sipat utawa kahanane (keadaan) utawa barang diarani . . . .
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
Unen – unen kang ajeg penganggone mawa teges tartamtu (pepindhan saemper pasemon) sing disemoni wonge utawa tingkah polahe manungsa diarani . . . .
Paribasan
Bebasan
Saloka
Parikan
Tegese paribasan Jer basuki mawa beya yaiku . . ..
Amrih bisa mulya, butuh pangurbanan
Amrih bisa sugih, butuh utangan
Amrih bisa pinter, butuh sekolah dhuwur
Amrih bisa seneng, butuh mangan enak
Pak boletus (tipak kebo lelene satus) lan petung cingung (tempene digantung kucinge bingung).
Ukara ing dhuwur mujudake tuladhane cangkriman . . . .
Belenderan
Plesedan
Pepindhan
Wancahan
Tulisane Arab, macane saka ngendi? Jawabane saka alas.
Ukara ing dhuwur mujudake tuladhane cangkriman . . . .
Cekakan
Blenderan
Pepindhan
Wancahan
Dikethok saya dhuwur disambung saya cendhak. Jawabane clana.
Yen cilik dadi kanca yen gedhe dadi mungsung. Jawabane geni.
Ukara ing dhuwur mujudake tuladhane cangkriman . . . .
Cekakan
Blenderan
Pepindhan
Wancahan
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Bapak pucung rupane saengga gunung,
Soklat semu abang,
Saben uwong mesthi sengit,
Yen kanggonan dielus-elus tinangisan.
Batangane (bedhekane) cangkriman kangawujud tembang ing ndhuwur yaiku. . . .
Gunung
Tumpeng
Wudun
Kebo
Urang sapikul matane pira?
Wangsulan kanggo cangkriman plesedan ing nduwur yaiku . . . . .
6
7
8
9
“Pak Demang klambi abang disuduk manthuk-manthuk”.
Batangane cangkriman ing nduwur yaiku . . . .
kembang gedhang (ontong)
manggis
celana
klapa
Ngomong ing ngarepe wong akeh nganggo pangucapan kang ditata apik kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan,gagasan, warta, lan liya-liyane diarani . . . . .
maca
pidhato
wara-wara
pengumuman
Ing ngisor iki sing kalebu tujuane pidhato, kajaba (kecuali) . . . . .
Menehi pemahaman utawa informasi marang wong liya
Ngajak wong liya supaya gelem melu kekarepane kanthi lila legawa
Nyenengake wong liya sing ngrungokake isi informasi sing disampekake
Ngajak wong liya supaya gelem tuku tinuku samubarang sing ditawakake
Yen arep pidhato becike nggawe . . . .
Cengkorongan/kerangka
gagasan baku
naskah pidhato
struktur teks pidhato
Urut – urutan kang runtut tumprap struktur baku teks pidhato yaiku . . . .
Salam, pambuka, panutup
Pambuka, panutup, isi
Pambuka, isi, panutup
Salam, isi, pambuka
Mangeti dinten Pendhidikan Nasional menika ateges kita ngemut-emut lelabetipun Ki Hajar Dewantara ingkang ageng sanget tumrap kemajengan Pendidikan Nasional. Pramila saking menika, manga kita sedaya nglajengaken . . . . . Kanthi sesanti “Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, Tut Wuri Handayani.
Ukara kang mathuk kanggo njangkepi pidhato ing nduwur yaiku . . . .
miyosipun Ki Hajar Dewantara
dinten Pendhidikan Nasional
Pendhidikan Taman Siswa
Perjuwanganipun Ki Hajar Dewantara
Gatekna teks ing ngisor iki!
Monggo kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun maringaken sedaya nikmat lan kewarasan dateng kita sedaya dumugi sakmenika kita sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.
Pethikan teks pidato ing ndhuwur, jroning strukture teks pidhato kalebu perangan (bagian) . . . .
pambuka
Salam
Isi
Panutup
Ukara ing ngisor iki sing kanggo perangane pambuka pidhato yaiku . . . .
Assalamualaikum wr.wb, mangeti dinten Pendhidikan Nasional menika ateges kita ngemut-ngemut lelabetanipun Ki Hajar Dewantara . . . . .
Langkung rumiyin, mangga kula lan panjenengan sedaya tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung sampun paring . . . . .
Mangga kita sedaya niru lan nglajengaken perjuwanganipun Ki Hajar Dewantara. Kanthi sesanti “Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa . . . . .
Kejawi saking menika, bilih kemajenganipun negari menika naming gumantung saking kemajenganipun pendhidikan.
Ing ngisor iki sing mathuk kanggo perangane panutup pidhato yaiku . . . .
Bapak Ibu Guru ingkang kinurmatan, sumangga kita ngaturaken puji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung . . . .
Kula minangka wakilipun rencang-rencang kelas enem ingkang nembe mentas saking padadaran kawahipunpawiyatan menika . . . .
Kawula ngaturaken gunging panuwun dumateng Bapak Ibu Guru ingkang sampun paring bimbingan lan panggulawentah marang kula sakanca . . . .
Wasana cekap semanten, menawi wonten kalepatananggen kula matur, kula nyuwun samodra pangaksami.
Gateknapethikan pidhato ing ngisor iki!
- - - - - - -
Mboten kraos kula lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara enika, kulo kiyambak tuhu rencang – rencang sebrayat nyuwun agenging pangapunten saking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing enem warsangangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kula lan sak rencang meba menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengaja lan mboten disengaja. Mugi-mugi Bapak / Ibu guru kersa ngapuntenaken sedaya kalepatan kulo lan rencang-rencang.
- - - - - - -
Pethikan teks pidato ing ndhuwur, jroning strukture teks pidhato kalebu perangan (bagian) . . . .
pambuka
Salam
Isi
Panutup
Gatekna pethikan pidhato ing ngisor iki!
Kadosipun sampun cekap anggenipun kula matur. Bilih menawi wonten kalepatan kula nyuwun agenging pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb
- - - - -
Pethikan teks pidato ing ndhuwur, jroning strukture teks pidhato kalebu perangan (bagian) . . . .
pambuka
Salam
Isi
Panutup
