NEW
Font size
WorksheetsTeks Prasaja, rekon, eksposisi basa Jawa
Total questions: 30
Worksheet time: 20mins
Tujuwane teks eksposisi yaiku...
kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi, pengerten, cak-cakan sawijining kegiatan, metode, cara lan proses dumadi sawijining kekadeyan
kanggo nggambarake sawijining prastawa, ilmu kang cetha
kanggo nyritakake kanthi runtut salah sawijining prastawa kang kedaden
kanggo njlentrehake trap-trapane prastawa kanthi 5w 1 H
Tandha-tandhane teks eksposisi kaya ing ngisor iki ...
Mbudidaya kanggo njlentrehake sawijining bab.
Gaya tulisan asipat deskriptif.
Mbudidaya kanggo njlentrehake bab-bab kang akeh.
Fakta sing dienggo minangka alat komunikatif.
Teks kang jlentrehake utawa medharake sawijining bab satemah bisa njembarake pangertene /seserapane pamaca diarani ... .
Teks Eksposisi
Teks Disertasi
Teks Argumentasi
Teks Narasi
Teks Eksposisi minangka sawijining teks kang mbutuhake kasunyatan, dene kasunyatan ana ing teks eksposisi bisa diandharake lumantar...
Angka
Tulisan
Data
Laporan
Sawijining bab kang dadi pathok'ane wacana eksposisi kanggo panulise yaiku kudu...
Waspada ing sasmita
Ngandharake prastawa kanthi legowo
Kudu naratif
Ngandharake prastawa kanthi cetha lan konkret
Teks eksposisi sing njlentrehake sawijining kedadean kanthi runtut yaiku teks eksposisi . . . .
Proses
Ilustrasi
Tuladha
Sebab-akibat
Wacanen kanthi pratitis!
Kabudayan Jawa ngandhut maneka werna kabecikan kanggo urip bebrayan. Wis dadi kewajibane wong Jawa kanggo nguri-uri budaya Jawa supaya tetep bisa lestari. Anak putune dhewe ing jaman katemben kudu bisa ngenali kabudayan Jawa sing adiluhung.Kewajibane wong Jawa tumrap budaya Jawa yaiku . . .
Nguri-uri budaya Jawa
Digatekake nalika nonton
Sinau kanggo pengalamane dhewe
Dirungokake kanthi tenanan
Wacanen kanthi pratitis!
Budaya Jawa iku pranataning wong uripe wong Jawa nuju kasampurnaning jaman. Pranatan iki tegese pangerten lan cara. Pangerten bab urip nuduhake sapa sejatine manungsa iku, jejer lan kewajibane. Kabudayan Jawa iku nuduhake kabeh ana ing urip iku kudu selaras, padha akur, intine kabeh kudu cocog. Kabudayan Jawa iku nuduhake menawa marang sapadha-padha iku kudu . . . .
Ngajeni
waspada
eling
gugur gunung
Gatekna katrangan-katrangan ing ngisor iki!
1) Ngumpulake data seka maneka sumber
2) Nyusun cengkorongan sing cocog karo underan sing dipilih
3) Nemtokake tema
4) Nemtokake tujuan
5) Ngrembakakake cengkorongan dadi paragraf eksposisi.
Urutan nalika nulis wacan eksposisi yaiku . . .
3), 4), 1), 2), 5)
1), 4), 3), 2), 5)
2), 4), 1), 3), 5)
1), 3), 2), 5), 4)
Sawijining wacan eksposisi kudu dhuweni watak kasunyatan. Wacan eksposisi iku biasa digunakake ing teks . . . .
Pawarta
Cerkak
Wara-wara
Dongeng
Struktur teks rekon iku dumadi saka .............
orientasi, informasi, reorientasi
informasi, orientasi, prastawa
Informasi, prastawa, reorientasi
orientasi, prastawa, reorientasi
Struktur teks rekon kang aweh informasi babagan sapa, ing endhi, lan kapan prastawa utawa kedadean dumadi ing mangsa kawuri yaiku..................
orientasi
informasi
prastawa
konflik
Struktur teks rekon iku dumadi saka rekaman prastawa sing dumadi, kang lumrah disajekake sajrone urutan kronologi, kayata"ing dina kapisan, aku..... lan ing dina bacute, aku ....... lan ing dina pungkasan. Ing perangan iki uga lumrahe ana komentar pribadi bab kedadean kang dumadi yaiku ...........
Prastawa
orientasi
irah-irah
informasi
Struktur teks rekon sing dumadi saka pengulangan pengenalan kang ana ing orientasi , pengulangan kang nyakup rentetan prastawa, kedadean utawa kegiyatan kang dicritakake yaiku .........
reorientasi
orientasi
prastawa
kesimpulan
Teks rekon duweni jinis-jinise, apa wae jinise teks rekon sing kudhu dimangerteni ...........
Rekon pribadi, rekon faktual, rekon imajinasi
rekon eksposisi, rekon pribadi, rekon prosedur
rekon prasaja, rekon pribadi, rekon prosedur
rekon eksposisi, rekon pribadi, rekon imajinatif
Teks kang wujudake karangan kang isi gagasan lan fakta. Teks kang ngandut informasi utawa kawruh kang nyoba ginambarake kanthi wujud kang padhet, cekak lan cetha gamblang, sing nyengkuyung isu utawa topik kang pinuju sing dibahas diarani ..........
eksposisi. prosedur
teks prasojo
teks narasi
teks dialog
Temulawak mujuddake tetuwuhan herbal utawa tanduran obat kang sing ke golong pala kependem. ukara ing dhuwur wujud tuladhane jinis teks eksposisi
proses
dhefinisi
lapuran
ilustrasi
sego goreng mujudake panganan kang paling gampang disiyagakake. cara nggawene yaitu sepisan, tumis brambang lan bawang, kapindho, lebokne endhog lan pitike lan osengen sedela. ukara iki wujudake tuladhane teks eksposisi jinise ........
eksposisi proses
eksposisi ilustrasi
eksposisi lapuran
eksposisi perbandingan
Tulisan kang digunakake kanggo menehi informasi petunjuk penggunaan, urut-urutan carane nggunakae piranti, utawa urut-urutan carane gawe samubarang diarani ....
Teks deskripsi
Teks Prosedhur
Teks eksplanasi
Teks argumentasi
Tatanan kanggo nggawe teks prosedhur sing becik kudu ngemot paramasastra utawa ....
kaidah kebahasaan
Basane elok
Tuntunane maca
Urutane nulis
Titikane teks prosedhur ana ....
7
8
9
10
Teks prosedhur sing amung dumadi saka loro utawa telung cak-cakan wae diarani ....
Teks prosedhur Prasaja
Teks Prosedhur Kompleks
Teks Prosedhur Protokol
Teks Prosedhur kronologis
Teks prosedhur kang urutan cak-cakane bisa diwolak-walik waton tujuwane tetep bisa kagayuh iku diarani ....
Teks Prosedhur Prasaja
Teks Prosedhur Kompleks
Teks Prosedhur Protokol
Teks Prosedhur Njlimet
Langkah-langkah gawe teks prosedhur seng sepisan yaiku ....
gawe tujuan
gawe irah-irahan
gawe piranti lan ubarampe
gawe dudutan
Sing ora klebu titikane teks prosedhur yaiku ....
nggunakake tembung kriya tanduk
nggunakake konjungsi (tembung panyambung)
Ana angger-angger babagan ubarampe utawa pakaryan
Tulisane sakpenake wae
Wacanen teks prosedur ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1-3!
Cara Nggawe Wedang Jahe Sederhana
Siapna bahan-bahane: jahe siji ruas driji, gula jawa sacukupe, banyu panas sak gelas.
Jahe dikumbah nganti resik.
Iris tipis-tipis utawa digeprek jahene.
Lebokna irisan jahe lan gula jawa menyang gelas.
Tuang banyu panas ing gelas.
Udek-udek nganti gula jawane larut.
Wedang jahe siap diombe.
Tujuan utama saka teks prosedur ing dhuwur yaiku kanggo ....
menehi tuntunan cara nggawe wedang jahe
nggambarake wedang jahe
nerangake manfaat wedang jahe
ngajak wong ngombe wedang jahe
Wacanen teks prosedur ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1-3!
Cara Nggawe Wedang Jahe Sederhana
Siapna bahan-bahane: jahe siji ruas driji, gula jawa sacukupe, banyu panas sak gelas.
Jahe dikumbah nganti resik.
Iris tipis-tipis utawa digeprek jahene.
Lebokna irisan jahe lan gula jawa menyang gelas.
Tuang banyu panas ing gelas.
Udek-udek nganti gula jawane larut.
Wedang jahe siap diombe.
Urutan langkah kang bener kanggo nggawe wedang jahe yaiku ....
1-2-3-4-5-6-7
2-3-4-5-6-7-1
3-4-5-6-1-2-7
3-4-1-2-5-6-7
Tembung "digeprek" ing teks kasebut tegese ....
dipenyet nganti memar
diuleg
diiris bunder
disuwir-suwir
Wacanen teks prosedur ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 4-6!
Cara Nandur Kacang Ijo ing Pot
Siapna pot kembang, lemah sing subur, wiji kacang ijo, lan banyu.
Isenana pot kembang nganggo lemah nganti meh kebak.
Gawe bolongan cilik ing lemah kanggo nandur wiji.
Lebokna 2-3 wiji kacang ijo ing saben bolongan.
Tutup bolongan nganggo lemah tipis-tipis.
Sirami lemah ing pot nganggo banyu sacukupe.
Senenana pot ing panggonan kang kena sunar srengenge.
Siram kacang ijo kanthi rutin.
Apa wae bahan kang dibutuhake kanggo nandur kacang ijo ing pot?
pot, lemah, wiji kacang ijo, banyu
pot, banyu, pupuk
lemah, wiji kacang ijo, pupuk
pot, lemah, wiji kacang ijo, pupuk
Cara Nandur Kacang Ijo ing Pot
Siapna pot kembang, lemah sing subur, wiji kacang ijo, lan banyu.
Isenana pot kembang nganggo lemah nganti meh kebak.
Gawe bolongan cilik ing lemah kanggo nandur wiji.
Lebokna 2-3 wiji kacang ijo ing saben bolongan.
Tutup bolongan nganggo lemah tipis-tipis.
Sirami lemah ing pot nganggo banyu sacukupe.
Senenana pot ing panggonan kang kena sunar srengenge.
Siram kacang ijo kanthi rutin.
Sawise wiji kacang ijo dilebokake ing bolongan lemah, langkah sabanjure yaiku ....
ditutup nganggo lemah tipis-tipis
disirami banyu
dilebokake ing panggonan kang peteng
dijenengi
