NEW
Font size
WorksheetsGeguritan Kelas X
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Tembung geguritan asale saka tembung lingga gita. Dene tembung gita tegese ....
gancaran
karangan
macapat
tembang utawa syair
carita
Citraan katulis dening panganggit kanggo nuwuhake gegambaran kang thukul saka panca driya. Ing ngisor iki kang ora kalebu citraan yaiku ....
pepaes
pangrungu
panyawang
pangaras
pandemok
Ing ngisor iki kang ora kalebu titikane geguritan yaiku ....
isine mentes
ora kawengku ing pathokan
nggunakake tembung kang pinilih
migunakake purwakanthi
migunakake basa padinan
Purwakanthi swara tuladhane kaya ta ....
ana dina, ana upa
sluman slumun slamet
bibit bobot bebet
sepi sepa lir sepah samun
katresnaning ati, atining para pamuji
Gegodhongan kang ijo royo-royo.
Larik ing dhuwur kalebu tuladha citraan ....
panyawang
pangrungu
pangaras
pandemok
citra rasa
Wis rong jam pasien ngenteni dokter aneng ruwang tunggu.
Tembung garba (gabungan) kang tinemu ing ukara dhuwur yaiku ....
rong jam
pasien
ngenteni
aneng
ruwang tunggu
Ing ngisor iki kang ora kalebu paugeran geguritan kuna yaiku ....
kadadean saka 8 wanda saben sagatra
pungkasaning gatra nduweni swara kang padha
biyasane diwiwiti tembung Sun gegeurit
cacahing gatra saben sapada padha
ora kawengku ing pathokan
Pait asine urip iki
Nalika kowe lali janjimu
Ing larik-larik dhuwur katon citraan ....
panyawang
pangaras
pandemok
pangrungu
citra rasa
Andhap asore swara kang kajumbuhake karo isining geguritan arane ....
wicara
wirama
wiraga
wirasa
wiyaga
Srengenge jumedhul ngatonake cahyane
Sawijing larik geguritan anggitane Zatun Nithoghani Hafni ing dhuwur kalebu citraan ....
panyawang
pandemok
pangrungu
pangaras
citra rasa
