wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BJ AM 2025

Total questions: 50

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Tuladha saka swara a miring yaiku...

a)

papan,latar,capar

b)

mata,meja,sega

c)

lading,saka,rana

d)

saya,kaya,samar

2.

Tuladha saka swara I jejeg yaiku

a)

wadi,guling,siji

b)

nangis,guling,jarit

c)

jarit,bali,suci

d)

suji,sasi,pitulung

3.

Tembung sing migunakake swara e pepet yaiku…

a)

sate , mlungker,bebek

b)

seneng , kalem,merem

c)

tape , meri , rene

d)

apel , telo ,  melon

4.

Tembung ing ngisor  migunakake swara o miring kajaba yaiku..

a)

Soto,loro,coro

b)

Kobong,lonthong,bolong

c)

Klobot,dados,soto

d)

Kobong ,kosong,ijo

5.

Tembung sing migunakake swara u miring yaiku..

a)

karung,sarung,irung

b)

turu.kuru,lugu,

c)

suket,kudhung,sugih,

d)

kidung,lemu,wulu

6.

Tembung sing nerangake watak,sifat,lan kahanane samubarang diarani tembung....

a)

panyilah

b)

kahanan

c)

wilangan

d)

aran

7.

Tembung pemandhangan,kabudayan,pariwisata lsp,tuladha saka tembung....

a)

panyilah

b)

kahanan

c)

wilangan

d)

aran

8.

Gunung Kelud misuwur ing saindenging Jawa Timur. Tembung  Saindenging tuladha tembung..

a)

panyilah

b)

kahanan

c)

wilangan

d)

aran

9.

Para tamu katuran lenggah amargi acara sampun badhe kawiwitan.Ukara ing dhuwur ngandhut jenis tembung…

a)

panyilah

b)

kahanan

c)

wilangan

d)

aran

10.

Tembung sarta lan kajaba kalebu jinise tembung …

a)

panggandheng

b)

kriya

c)

ancerancer

d)

sesulih

11.

Tembung sing mratelakake solah bawa utawa pagawean diarani tembung….

a)

panggandheng

b)

kriya

c)

ancer – ancer

d)

sesulih

12.

Ibu nyirami kembang nalika adik isih maem.Ukara iku ngandut tembung….

a)

Panggandheng - aran

b)

Kriya-panggandheng

c)

Ancer – ancer- kriya

d)

Sesulih-panggandheng

13.

Basa ngoko kang kacampuran tembung krama inggil diarani

a)

ngoko lugu

b)

nggoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

14.

Unggah ungguh basa ing basa jawa kaperang ana….

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

15.

Tuladha basa krama lugu

a)

Ayu, saka bu guru ana dhawuh apa

b)

Mas Pandu,tindak Surabaya jam piro

c)

Panjenengan apa ora tindak menyang kantor

d)

Sampyan ajeng neda kalih sinten

16.

Tuladha basa ngoko alus yaiku

a)

Mas dipta sampun jam sedasa dalu dereng wangsul

b)

Ibu tindak peken nitih becak

c)

Dimas kowe mengko sida melu nonton wayang apa ora

d)

Mas pandu tindak jakarta jam pira

17.

Owahing tembung lingga dadi tembung andhahan iku krana entuk apa?...

a)

wuwuhan,seselan,lan camboran

b)

ater-ater,dirangkep,lan dicambor

c)

ater-ater,seselan,lan panambang

d)

wuwuhan,dirangkep lan dicambor

18.

Wuwuhan ana 3 yaiku…

a)

ater – ater, seselan, panambang

b)

camboran, ater – ater , panambang

c)

dirangkep, seselan, ater – ater

d)

dwilingga, dwiwasana, dwipurwa

19.

Ater ater yaiku….

a)

wuwuhan sing manggoan ing ngarep ukara

b)

wuwuhan sing manggon ing pungkasane ukara

c)

wuwuhahn kang manggoan sing tengahin ukara

d)

wuwuhan kang maanggon ing ngarep lan pungkasane ukara

20.

. Tuladha Ukara kang nggunakake tembung andhahan, kajaba

a)

sapu

b)

mangan

c)

diombe

d)

tulisan

21.

Ing ngisor tuladha ukara sing nganggo ater ater anuswara kajaba

a)

adhi saben isuk diutus ibu nyapu latar

b)

kang mas ku duwe hobi nggambar

c)

yen mbathik iku butuh bahan sing jenenge malam

d)

tekdire manungsa iku wis tinulis

22.

. Kita kudu bisa jaga warisan budaya leluhur sing adi luhung.Tembung kang kacetak miring kalebu tembung….

a)

dwilingga

b)

dwiwasana

c)

dwipurwa

d)

dwilingga salin swara

23.

Susi Susanti wis (bali) nyumbang medhali marang bangsa lan negara.Pandhapuke tembung jero

  kurung yaiku…

a)

mbaleni

b)

bola-bali

c)

bali-bali

d)

dibaleni

24.

Ukara sing migunakake seselan yaiku

a)

tinulis

b)

lelayu

c)

cekakak

d)

mloya – mlayu

25.

Ukara kang ngandhut tembung dwilingga semu yaiku…

a)

Ibu mundhut onde – onde ing pasar

b)

Manawa ana kanca tiba aja digeguyu

c)

Murid – murid ngresiki kelase dhewe – dhewe

d)

Dimas saben dina mung tuka tuku dolanan wae

26.

Perangane struktur crita cekak sing isine nelakake inti crita diarani

a)

tema

b)

alur/plot

c)

paraga

d)

latar/setting

27.

Surasane crita sing ngandharake kedadean manut urutane wektu ing cerkak diarani…

a)

tema

b)

alur/plot

c)

paraga

d)

latar/setting

28.

Pendidikan,kabudayaan,sosial klebu unsur intrinsic kang diarani

a)

tema

b)

alur/plot

c)

paraga

d)

latar/setting

29.

Kang ora kalebu unsur sing mangun ing cerkak yaiku…

a)

irah – irahan

b)

alur

c)

paraga

d)

lelewaning basa

30.

Nalika aku mlebu omah kahanan sepi nyenyet.Kaya – kaya omah iku wis suwe ora dipanggoni .Meja kursi kebak lebu.Lampu Tengah ruangan uga mati.Dlamakanku midak jogan krasa ngeres banget,kaya wis pirang – pirang taun ora disapu.

Paragraf ing nduwur nggambarake latar…

a)

wektu

b)

swasana

c)

panggonan

d)

prastawa

31.

.Kang mujudake sandhangan wyanjana yaiku ….

a)

cakra, keret, pengkal

b)

wulu, suku, taling

c)

cecak, wignyan, layar

d)

taling tarung, pangkon, pepet

32.

. Sing ora kalebu sandhangan panyigeg wanda yaiku..

a)

layar

b)

cecak

c)

cakra

d)

pangkon

33.

Sandhangan sing minangka gantine sesigeg r yaiku…

a)

layar

b)

cecak

c)

wignyan

d)

pangkon

34.

. Basa sing dipaesi utawa dipacaki supaya luwih endah,apik ,lan ngresepake diarani basa

a)

basa krama

b)

basa rinengga

c)

basa camboran

d)

basa entar

35.

. Ing ngisor iki ukara kang ngandhut tembung entar yaiku

a)

pak pardi dadi bau suku ing daleme pak Rahmad

b)

ibu mundhut barang pecah pelah ing pasar

c)

adit anggone matur marang bapak kanthi adhep arep

d)

krungu critane Sinta atine Dewi melu remuk rempu

36.

Asil karya sastra Jawa kang kaiket ing aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu diarani…

a)

tembang macapat

b)

tembang dolanan

c)

geguritan

d)

gancaran

37.

Asil karya sastra Jawa kang ora kaiket ing aturan guru gatra, guru  wilangan, lan guru lagu lan  awujud puisi, diarani ....

a)

tembang macapat

b)

tembang dolanan

c)

geguritan

d)

gancaran

38.

Tembang macapat iku kaiket ing paugeran ....

a)

guru gatra, guru basa, guru lagu

b)

guru gatra, guru wilangan, guru lagu

c)

guru swara, guru basa, guru sastra

d)

guru swara, guru lagu, guru wilangan

39.

Cacahe wanda ing saben sagatra ing tembang macapat diarani....

a)

guru gatra

b)

guru wilangan

c)

guru lagu

d)

guru swara

40.

Mendharake gagasan kanthi lesan ing sangarepe wong akeh diarani

a)

sesorah

b)

gurit

c)

pranatacara

d)

nembang

41.

. Bagian ing pidhato sing isine pangucap syukur lan panuwun marang Gusti Allah diarani….

a)

salam pambuka

b)

surasa basa

c)

purwaka

d)

panutup

42.

Pidato kang kudu ditindhakake kanthi maca teks lan ora kena uwal saka teks kasebut ,diarani  pidhato…

a)

resmi

b)

ora resmi

c)

setengah resmi

d)

setengah resmi

43.

Wasana cekap semanten anggen kula matur ,menawi wonten kirang trapsila anggen kula matur nyuwun sih agungging  pangaksami .

      Perangan pidhato kaya kasebut kalebu

a)

surasa basa

b)

wasana basa

c)

purwaka basa

d)

pengarep arep

44.

Gegambaran swasana lumakuning crita kang ginelar ing drama tradisional diarani

a)

tema

b)

improvisasi

c)

alur

d)

setting

45.

. Genea sajrone pentas drama para paraga kudu bisa improvisasi

a)

supaya ora lali karo teks/naskahe

b)

supaya ora perlu ngapalake naskah drama

c)

supaya bisa nutupi yen ana paraga sing lali karo teks/naskahe

d)

supaya bisa nggawe naskah anyar

46.

Nyuwun dungo pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan iku kalebu ing perangane

a)

salam pambuka

b)

purwaka

c)

pangarep – arep

d)

panutup

47.

. Obah mosike praen nalika meragake teks drama diarani ….

a)

interpretasi

b)

ekspresi

c)

olah tubuh

d)

olah vocal

48.

Sing dadi paraga utama kang nduweni watak lan perilaku apik diarani…

a)

protagonis

b)

figuran

c)

pembantu

d)

narator

49.

Struktur teks drama sing rupa nilai budi pekerti sing bisa dijupuk saka isine drama diarani

a)

tema

b)

tokoh

c)

alur

d)

amanat

50.

Struktur teks drama sing ngrakit perkara/masalah rakitan crita drama wiwit awal nganti akhir diarni

a)

tema

b)

tokoh

c)

plot

d)

amanat