wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASSALAM_BASA JAWA_3_KELAS 4

Total questions: 20

Worksheet time: 2hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

Surya teka ing sekolah esuk banget, amarga wayahe piket kelas. Dheweke banjur mlebu kelas, njupuk sapu kanggo nyapu kelase. durung suwe olehe nyapu, kancane, sari, Dimas, lan Dina pada teka. saiki bareng-bareng padha ngresiki kelase.


Miturut jenise wacan ing ndhuwur kalebu teks...

a)

deskripsi

b)

narasi

c)

eksposisi

d)

persuasi

2.

Srengenge isih panas-panase, watara antara jam 2 awan. Karepe ngono Rudi arep ngumbulake layangan. Pamitan ibune, mesti wae ora diparengake. Sing apik kuwi ngumbulake layangan yen wis rada iyup. Kira-kira jam setengah papat. Hawane ora pati ya panas. Nanging Rudi nduwen alasaan yen sore-sore angine wes ora pati banter maneh.

Saka wacan ing nduwur iku, paragane yaiku ... .

a)

Ibu lan bapak

b)

Bapak lan Rudi

c)

Rudi lan adhine

d)

Ibu lan Rudi

3.

Wacan kang isine nyritakake kedadean nganti runtut saka wiwitan nganti pungkasan , diarani teks ...

a)

Deskripsi

b)

Narasi

c)

Eksposisi

d)

Eksplorasi

4.

Wacanen kanthi satiti!


Dina senin wingi Sofa dolanan layangan mbi Rudi lan Wawan. Cah telu iku dolanaan layangan ana ing ratan. Saking senenge dolanan, ujug-ujug ana mobil sing lewat banter. Bocah telu iku ameh ketabrak. Nanging sopir mobile untung wae iso mandekake mobile kanthi cepet. Sahingga cah telu iku ora ana sing ketabrak. Bocah telu iku langsung diseneni pak sopire. Dikandani nek dolanan layangan ora oleh nang ratan.


Sapa sing dolanan layangan nang ratan ?

a)

Sofa

b)

Wawan

c)

Rudi

d)

Sofa, Rudi lan Wawan

5.

Teks sing nggambarake objek,panggonan utawa kedadean nganti njlimet/rinci, nganti sing maca kaya nyawang utawa ngalami dewe objek sing digambarake panulis, kalebu teks ... .

a)

deskripsi

b)

narasi

c)

argumentasi

d)

persuasi

6.

Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan kabupaten Probolingga . ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem.Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan.Saperangan ana kang nenandur janganan.


Wacan kasebut yen dideleng saka isine kalebu jinise teks....

a)

Narasi

b)

Eksposisi

c)

Deskripsi

d)

Argumentasi

7.

Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................


Kang ngasilake oksigen yaiku ..............

a)

kewan ingon-ingon

b)

banyu kang resik

c)

tanduran sing subur

d)

manungsa

8.

Pak Bawa : ”Bim, TV ne yen ora kok deleng, patenana!”

Bima : ”Kula, badhe ningali film kartun, Pak.”

Pak Bawa : ”Film kartun iku isih sak jam maneh... hemat energi!”

Bima :”Nanging setrumipun TV niki lak alit, paling bayaripun listrik mirah.”

Pak Bawa : ”Ora merga hemat mbayare wae, ya hemat energi. Delengen ta, isih akeh desa sing durung dialiri listrik.”

Bima : ”Niku ing luar Jawi, Pak ing kang dereng wonten listrik.”

Pak Bawa : ”Ya yen wis ngreti, saiki TV-ne ndang dipateni.”

Bima : ”Inggih Pak, mangke yen film kartune sampun wiwit kula ningali, nggih!”

Pak Bawa : ”Aja kuwatir, kana sinau dhisik!

Tema sakin teks pacelathon kuwi, yaiku...

a)

ngirit duwit

b)

ngirit energi

c)

boros energi

d)

ayo tuku LED

9.

Basa krama alus saka tembung "turu", yaiku....

a)

siram

b)

sare

c)

unjuk

d)

mundhut

10.

Bima : ”Niku ing luar Jawi, Pak ing kang dereng wonten listrik.”

Pak Bawa : ”Ya yen wis ngreti, saiki TV-ne ndang dipateni.”

Bima marang Pak Bawa migunakake basa....

a)

krama lugu

b)

ngoko lugu

c)

ngoko alus

d)

krama alus

11.

Adhiku dolanan masak-masakan karo kancane. Tembung " dolanan " asale saka tembung lingga ...

a)

dolanan

b)

dolan

c)

dodolan

d)

dodol

12.

Tembang dolanan menehi piwulang marang bocah-bocah ngeneni........

a)

olah raga

b)

ilmu pengetahuan

c)

keterampilan

d)

budi pekerti

13.

Sing klebu tembang dolanan ing ngisor iki yaiku ....

a)

Bapak Pucung

b)

Dandang Gulo

c)

Maskumambang

d)

Jamuran

14.

Kaendahane nagari Indonesia ora mung alame, nanging uga ing kabudayan, lan kesenian. Salah siji tuladha kaendahane seni lan salaras karo bocah-bocah ngenani . . . .

a)

Tembang campur sari

b)

Tembang dolanan

c)

Tembang lagam

d)

Tembang macapat

15.

Lumbung Desa


Lumbung desa pra tani padha makarya

Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu

Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang

Ayo kang, dha tumandang yen wus mateng nuli madhang


Tembang ing ndhuwur ana .... gatra

a)

1

b)

3

c)

4

d)

5

16.

yaiku sandhangan kanggo swara ...

a)

i

b)

u

c)

o

d)

r

17.

yaiku sandhangan kanggo swara ...

a)

i

b)

u

c)

o

d)

r

18.

Aksara jawa kui yen ditulis latin dadi…

a)

Kasanah

b)

Kazanah

c)

Khasanah

d)

Khazanah

19.

Pratiwi buka warung sate, salinen nganggo aksara jawa!

4 lines
20.

Rudi tuku roti, salinen nganggo aksara jawa!

4 lines