WorksheetsUSP BAHASA JAWA 224/25
Total questions: 42
Worksheet time: 40mins
NAMA LENGKAP :
KELAS :
Gatekna geguritan iki!
Putih berdasi kuwi busanamu
Sepatu mengkilat alase sikilmu
Ngabdi kanggo Negara kuwi janjimu
Nanging apa wujud saka lathimu?
Janji makmurake rakyat
Nanging nyatane dadi tambah melarat
Yen dipaido malah lunga
Piya dadine bangsa?
Dhuwitmu turah, rakyatmu gerah
Isi pikirane mung dhuwit nganti ngimpine tekan langit
Pejabate diajak rembug jebuse mabuk
Pikirane ambyar rakyatmu modyar
Rakyat mung bisa ndunga
Ben para pemimpin kaya Puntadewa
Sing kuwat drajat lan lurus lakune
Ora sing lunyu ilate kaya kandhutahe
Ing gatra sepisan geguritan kasebut tembung sing pamacane nggunakake u-miring yaiku …
Putih
Sepatu
Busana
Wujud
Asal-Usul Surabaya
Jaman biyen, ana loro kewan kang kuwat, yaiku Sura lan Baya. Kekarone padha ngaku kuwat lan nguasani wilayah. Sura nguwasani wilayah banyu, dene Baya nguwasani wilayah dharatan. Sawijining dina, kekarone padha ketemu lan padha tukaran kanggo nguwasani wilayah. Tukarane rame banget nganti nggawe geger wilayah kono. Pungkasan, kekarone padha kesel lan padha leren. Wilayah kang dadi papan tukarane iku banjur dijenengi Surabaya.
Saka cuplikan teks crita rakyat ing ndhuwur, tembung "leren lan biyen" ngandhut sandhangan swara pepet! (bener / salah)
Bener
Salah
Krama Inggil mangan :
nedha
dhahar
mangan
nguntal
Bu Sinta, menapa ...................badhe tindak rapat samenika?
tembung kang trep kangge njangkepi ukara ing inggil inggih menika....
kowe
panjenengan
sampean
awakmu
tari asli jawa timuran kang didadekake pambuka pagelaran ludrug yaiku
tari reog ponorogo
tari gambyong
tari karonsih
tari remo
Gara – Gara Lunga Ora Pamit
(Dina minggu Bu Marno lagi sedih, prembik – prembik arep nangis jalaran anake wiwit esuk lunga tanpa pamit)
Bu Marno : “Owala ngger, gek menyang endi olehmu dolan iki. Aja-aja mengko gek diculik dening wong durjana”.
Pak Marno : “Ora lo Bu, sampean kuwi ketoke sedih, kaya wong mentas nangis kepaten”.
Bu Marno : “Jenengan kuwi lo kebangeten wong kelangan anak kok ayem wae. Mbok ya ndang ngrewangi nggoleki”.
Pak Marno : “Hahahahhaa....!!!! Bu!!!!! Bu!!!! Wong anak dolan kok geger”.
Bu Marno : “Hlo, yen genah dolane aku ora mbingungi. Bareng iki wiwit esuk wis ora ana”.
Pak Marno :”Wis ta percayaa aku, mengko bocahe rak mole dhewe”
Bu Marno : “Ya wis nek panjenengan ora gelem nggoleki, aku tak budhal dhewe”.
Watake paraga Bu Marno?
Gupuh
Kesusu
Adhem ayem
Welas asih
Aksara jawa kasebut yen ditulis aksara latin yaiku nalika sekolah prei. (Bener / Salah)
BENAR
SALAH
Coba gatekna ukara kasebut !
Ukara kasebut mawa aksara rekan dza. (Benar/Salah)
BENAR
SALAH
Coba gatekna cuplikan wacan ing ngisor!
Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane kalebu kaum bangsawan, jalaran isih putrane bupati Jepara. Asma kang rama yaiku Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat, ibune asma M.A Ngasirah, lan nduweni putra tiga. Raden Ajeng Kartini kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini.
Putra pambarep saka Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat yaiku ….
M.A Ngasirah
Raden Ajeng Kartini
Raden Ajeng Kardinah
Raden Ajeng Rukmini
Gatekna pratelan saka teks laporan kagiyatan iki!
Miturut pasetujon antarane wali murid lan pihak sekolah, siswa SMP Nusa Indah saben taun ajeg nindakake karya wisata. Karya wisata mung mligi kanggo para siswa kelas 9. Miturut dhawuhe Bapak Kepala Sekolah karya wisata kuwi gedhe banget mupangate kanggo para siswa. Para siswa ora mung sinau babagan teori wae. Kanggo nambahi kawruh tumrap bab-bab sing wis disinaoni, para siswa dijak sinau tuladha sanyatane. Pasinaon ing sanjabaning kelas cocog banget yen dikemas ing kegiatan karya wisata utawa studi wisata. Bab kasebut cocog kanggo mbuktekake apa-apa sing wis tau disinaoni dening para siswa. Lelandhesan bab kasebut sekolah ngajak marang para siswa studi wisata menyang WBL (Wisata Bahari Lamongan).
Dudutan/kesimpulan kang bisa dijupuk ing teks laporan kegiyatan kasebut yaiku ………..
Karya wisata dilaksanakake dumatheng bapak/ ibu guru
SMP Nusa Indah tahun iki ngadhakake studi wisata menyang WBL
SMP Nusa Indah saben tahun studi wisata menyang WBL
Studi wisata kanggo kelas 7 lan 8
Gatekna wacan iki!
Kesenian wayang minangka sawijine kesenian asli bangsa Indonesia. Ana wayang golek yaiku wayang saka kayu kang asli saka daerah Jawa Barat (Sunda), banjur wayang kulit saka dhaerah Jawa Tengah, Jawa Wetan, lan Yogyakarta. Wayang kulit iki digawe saka kulit sapi utawa kebo, mula mung bisa dideleng saka ngarep utawa mburi. Saliyane iku isih ana akeh maneh maceme wayang-wayang ing nuswantara., tuladhane wayang beber, wayang klithik, wayang suket lan sapanunggalane.
Wayang kulit asale saka dhaerah ….
Jawa Tengah
Jawa Wetan
Yogyakarta
Jawa Barat
Gatekna punggelan wacan iki!
Pencemaran lingkungan yaiku sawijining kahanan mrihatinake kang bisa ndadekake karusakan lingkungan kang dumadi ing banyu (perairan), lemah utawa dharatan, lan hawa (udara) kang disebabake saka tata kelola limbah utawa uwuh kang kurang becik, keluke pabrik utawa kendharaan bermotor, lan sapiturute. Pencemaran lingkungan ing kutha-kutha gedhe lumrahe dumadi saka limbah-limbah industri lan rumah tangga.
Miturut punggelan wacan kasebut, pencemaran lingkungan disebabake dening ….
sampah organik
keluk asil masak
limbah rumah tangga
bakaran sampah godhong
Gatekna wacan iki!
Puluhan taun kali lamong mbanjiri warga ing sakiwa tengene. Bupati Gresik, Walikota Surabaya, Gubernur Jawa Timur, wis bola-bali ganti, nanging meksa durung bisa ngatasi banjir kali ing tapel wates Kabupaten Gresik lan kutha Surabaya iku. Saben taun warga kecamatan Benjeng, Menganti, Cerme ing kabupaten Gresik lan warga kecamatan Benowo ing Surabaya iku mesthi keleban banjir, sing sok nganti nuwuhake kurban jiwa. Tanduran pangan padha kelem, iwak-iwak ing tambak padha kentir embuh parane. Sing sekolah kepeksa prei amarga sekolahane kebanjiran. Kantor kecamatan, kantor desa, Polsek lan Koramil, uga ora bisa weh paladenan jalaran kelem.
Ing ngisor, minangka kecamatan kang ora dibanjiri kali Lamong yaiku . . .
Cerme
Benjeng
Menganti
Sukolilo
Teks Kidungan
Gebyog-gebyog tarup ing ngarep,
Cahayane lampu katon murub,
Bocah-bocah padha nglumpuk,
Gegojegan lan padha guyub."
Teks kidungan ing dhuwur nggambarake suasana …
Sedhih lan nggrantes
Rame lan meriah
Sepi lan meneng
Serem lan medeni
“Nyuwun pangapunten, Bu. Kula nyuwun palilah badhe kesah dhateng griyanipun kanca kula, menapa dipunparengaken?”
Miturut panemumu, ukara mawa unggah-ungguh nyuwun palilah ing ndhuwur nggunakake ragam basa krama alus.
BENER
SALAH
Nalika warangka Kuntawijaya ditamakake ing ari-arine Gathotkaca, sanalika katon mak thes. Getih abang netes. Ari-arine, pedhot. Para rawuh,eyange, uga rama biyunge padha bungah. Gathotkaca nangis sangsaya banter minangka gumbira. Nanging aneh, warangka kang kanggo ngethok ari-ari mau ilang musna. Uwa Arjuna bingung lan kaget. Prabu Kresna mung mesem lan ngendika supaya Gathotkaca dijaga lan diadohake saka Kuntawijayane Adipati Karna nganti tekan wektune. Gathotkaca ora ngerti apa maksud ngendhikane Uwa Arjuna.
Miturut punggelan wacan ing inggil, ari-arine Gathotkaca saged pedhot amargi ....
(A-III) ; (B-IV) ; (C-I) ; (D-II)
(A-IV) ; (B-III) ; (C-II) ; (D-I)
(A-I) ; (B-II) ; (C-III) ; (D-IV)
(A-II) ; (B-I) ; (C-IV) ; (D-III)
bener
salah
Gatekna parikan iki! Turi kelor wana Dituturi ora kena Tembung wana sajrone parikan kasebut, dasanamane ….
sawah
tegalan
alas
latar
Gawea crita ngenani bab sing paling kok kangeni nalika lulus saka smpn 57 surabaya.
Tulisen nganggo aksara jawa.
Tuku

Tulisen nganggo aksara jawa
Suwi

1. Wacanen teks iki kanthi premati!
LEMBU SURO
Ing jaman biyen, ana sawijining raja sing adil lan wicaksana. Dheweke tansah nggatekake rakyat lan ora seneng marang para punggawa sing seneng ngapusi. Ing kraton, ana patih jenenge Patih Sura sing duwe sifat culika. Dheweke kerep ngapusi lan njaluk upah saka rakyat kanthi cara sing ora jujur. Suwe-suwe raja ngerti tumindake Patih Sura. Mula, raja ngendika: "Aja nganti dadi kaya belut ngglidhig lan kecu kober mangan.". Patih Sura banjur rumangsa wedi lan isin amarga tumindake wis kawiyak.
Tegese paribasan “belut ngglidhig lan kecu kober mangan" ing teks kasebut yaiku . . . . *Pilihen 2 (loro) wangsulan sing trep
Wong sing jujur lan becik atiné
Wong sing culika lan seneng ngapusi
Wong sing pinter ngapusi lan ora gelem tanggung jawab
Wong sing tansah tulus lan seneng nulungi
1. Gatekna pethikan babad Surabaya iki!
Kadipaten Surabaya wektu kuwi dipimpin dening adipati kang kang asmane Adipati Jayengrono. Adipati jayengrono mujudake pemimpin kang disenengi para kawulane amarga kawicaksanane lan welas asihe marang kawula cilik lan kabeh warga wiwit kuncung nganti gelung kadipaten Surabaya. Sawijine dina, Adipati Jayengrono lan garwane lagi mlaku-mlaku ing taman kadipaten. Amarga kapincut ndeleng kaendahane taman, ora nyana lan ora ngira yen ana pawongan sing ngetutne kanthi sesingidan. Ora disengaja pawongan mau ngidek kayu garing saengga ndadekake Adipati Jayengrono kaget, banjur pungkasane konangan. “He, sapa kowe? Kok kumawani tabuh 11 bengi mlebu kadipaten Tuban lan sesingidan? Metua! Nggawaa 1000 prajurit aku ora wedi! Enggal metua!” Pitakone Adipati Jayengrono marang pawongan kasebut. Kaya angon mangsa, pawongan mau banjur mangsuli, “Nyuwun pangapunten Rama, kula Purbowati Rama”, wangsulane pawongan mau kang jebule putrine Adipati Jayengrono dhewe yaiku Purbowat....
(1-B) ; (2-A)
(1-A) ; (2-C)
(1-C) ; (2-A)
(1-A) ; (2-B)
1. Wacanen tembang ing ngisor iki kanthi tliti!
Poma kaki padha dipun eling,
ing pitutur ingong,
sira uga satriya arane,
kudu anteng jatmika ing budi,
ruruh sarta wasis,
samubarangipun.
Tembung "eling" ing tembang kasebut saged dipunandharake dados tembung andhahan (kata berimbuhan) ing ukara ing ngisor iki. Pilih ukara sing paling trep.
Kula tansah kelingan piwulang tiyang sepuh supados saget urip kanthi bener.
Para siswa eling-eling dhumateng nasihat guru supados tansah sukses.
Adi tansah kaeling-eling nasihatipun simbah ing babagan tata krama.
Kita kedah elingan dhumateng ajining dhiri supados dipun hormati ing masyarakat.
Dina iki Sari ora mlebu sekolah.”
Ukara pitakon kang cocog karo wangsulan ukara carita ing ndhuwur yaiku . . . .
Pilihen 2 (loro) wangsulan sing trep
Kapan Sari ora mlebu sekolah?
Kena apa Sari kok ora mlebu?
Ana ngendi Sari dina iki?
Kepriye kahanane Sari Dina iki?
1. Wacanen cuplikan cerkak ing ngisor iki!
Ing tengah dalan tumuju sekolah ana Novi kang lagi nuntun sepedhah pancal, kamangka wektu wis nuduhna tabuh 06:25. Dini kang diterna mase numpak mobil banjur mandheg lan nakoni Novi.
Dini : “Lho Nov, sepedhamu koktuntun kena apa?”
Novi : “Iki lho Din, bane gembos kena paku.”
Dini : …………………………………………..
Novi : “Wis ayo melu aku wae, masalah sepedhamu ben nang kene dhisik aman kok, ing sisih kono ana tokone paklikku!”
Ukara kang trep kanggo njangkepi ukara mau yaiku….
“Telpona bapakku kanggo njupuk sepedhahku Din!”
“Aku melu nang njero mobilmu ya?”
"aku nyuwun tulung nelpon bapak supaya sepedhahku aman, terus aku takmlayu.”
“Gawakna sepedhahku ben gak dicolong wong ya Din!”
Ukara kang kacithak werna kuning ing ndhuwur kuwi nuduhake ukara kang migunakake basa . . . .
Pilihen 2 (loro) wangsulan sing trep
Basa ngoko lugu
Basa ngoko alus
Basa krama lugu
Basa krama alus
Ngringkes panganggone Angka Jawa!
Saka ukara Jawa ing ndhuwur bisa disimpulake menawa umure bapak saiki 53 taun. Pranyatan kasebut bener/salah!
Bener
Salah
Ukara kang kacithak kandel ing dhuwur kalebu gugon tuhon kang jenise….
Sasmita
Kang Salugu
Wasita Sinandi
Berisi Wewaler
A
B
C
D
Pasangna soal lan wangsulan sing trep!
A
B
C
D
Gatekna pethikan wacan babad Surabaya “Patung Jaka Dholog” iki!
Ora disengaja pawongan mau ngidek kayu garing saengga ndadekake Adipati Jayengrono kaget, (.....) pungkasane konangan.
Tembung sing trep kanggo njangkepi ukara camboran susun kasebut yaiku tembung “utawa”.
Bener
Salah
A
B
C
D
1. Gatekna cakepan kidungan iki!
Wong urip kudu ngêrti kêbutuhan,
kanggo nututi lak kêmajuwan,
nèng dina mburi akèh tantangan,
lak sing mrantasi iku pêndhidhikan.
Bapak pêndhidhikan Ki Hajar Déwatara,
dhasar ajar landhêsan utama,
dadi pondhasi sing kudu dijaga,
ajar dhasar sêmboyan pêndhidhikan kita.
Asih asuh asah ojok dilalèkna,
sabên tumindaké guru marang siswa,
kudu sêtiti ojok sêmbrana,
lak kudu éling jêjêré mênungsa.
Ajar dhasar sing dadi sêmboyané,
ing ngarsa sung tuladha nomêr sijiné,
ing madya mangun karsa kaping pindhoné,
tut wuri handayani iku wêkasané.
Cakepan kidungan kasebut nggunakne ukara sesanti.
Pranyatan kasebut bener/salah!
Bener
Salah
Ing ngisor iki sing kelebu struktur teks saka crita cerkak (cekak) yaiku ...
Identifikasi, klarifikasi/definisi, deskripsi bagean
Pambuka, (Orientasi), Pasulayan (Komplikasi), Pangudhare Prakara(Resolusi)
Pambuka, Surasa/isi, Panutup
Pambuka (Orientasi), panutup (reorientasi)
Unsur intrinsik sajrone crita kang nerangake watak wantune paraga ing crita kasebut, diarani ...
Paraga
Penokohan
Setting
Akting
(A-2) ; (B-3) ; (C-1)
(A-3) ; (B-1) ; (C-2)
(A-1) ; (B-2) ; (C-3
(A-3) ; (B-2) ; (C-1)
tembung kramane sirah
rikma
mustaka
paningal
suca
Gatekna ukara iki!
“Bu Ida arep tuku gula lan endhog”.
Ukara kasebut yen disalin dadi basa krama alus yaiku ...
Bu Ida badhe mundhut gendhis kalihan tigan.
Bu Ida ajeng tumbas gendhis kalihan tigan.
Bu Ida arep mundhut gula lan endhog.
Bu Ida badhe tumbas gendhis lan tigan.
Bu Ida ajeng mundhut gendhis lan tigan.
