NEW
Font size
Worksheetsteks eksposisi basa jawa
Total questions: 11
Worksheet time: 7mins
Tujuwane teks eksposisi yaiku...
kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi, pengerten, cak-cakan sawijining kegiatan, metode, cara lan proses dumadi sawijining kekadeyan
kanggo nggambarake sawijining prastawa, ilmu kang cetha
kanggo nyritakake kanthi runtut salah sawijining prastawa kang kedaden
kanggo njlentrehake trap-trapane prastawa kanthi 5w 1 H
kanggo nyiarake sawijining prastawa kanthi nggunakake unsur pawarta
Tandha-tandhane teks eksposisi kaya ing ngisor iki ...
Mbudidaya kanggo njlentrehake sawijining bab.
Gaya tulisan asipat deskriptif.
Mbudidaya kanggo njlentrehake bab-bab kang akeh.
Fakta sing dienggo minangka alat komunikatif.
Gaya tulisan asipat komunikatif lan ora gampang ditampa
Teks kang jlentrehake utawa medharake sawijining bab satemah bisa njembarake pangertene /seserapane pamaca diarani ... .
Teks Eksposisi
Teks Disposisi
Teks Disertasi
Teks Argumentasi
Teks Narasi
Jinise Eksposisi ing ngisor iki satitekna!
a) Eksposisi Definisi
b) Eksposisi Proses
c) Eksposisi proposal
d) Eksposisi Klasifikasi
e) Eksposisi Ilustrasi (Contoh)
f) Eksposisi Gambar
g) Eksposisi Perbandingan & Pertentangan
h) Eksposisi Laporan.
Kang klebu jinise wacana eksposisi manggon ana ing aksara ... .
a,b,c,d,e,
b,c,d,e,f
c,d,e,f,g
d,e,f,g,h
a,b,d,e,h
Teks Eksposisi minangka sawijining teks kang mbutuhake kasunyatan, dene kasunyatan ana ing teks eksposisi bisa diandharake lumantar...
Angka
Tulisan
Peta
Data
Laporan
Sawijining bab kang dadi pathok'ane wacana eksposisi kanggo panulise yaiku kudu...
Waspada ing sasmita
Mulat sarira hanggrasa wani
Ngandharake prastawa kanthi legowo
Kudu naratif
Ngandharake prastawa kanthi cetha lan konkret
Teks eksposisi sing njlentrehake sawijining kedadean kanthi runtut yaiku teks eksposisi . . . .
Proses
Analisis
Ilustrasi
Tuladha
Sebab-akibat
Wacanen kanthi pratitis!
Kabudayan Jawa ngandhut maneka werna kabecikan kanggo urip bebrayan. Wis dadi kewajibane wong Jawa kanggo nguri-uri budaya Jawa supaya tetep bisa lestari. Anak putune dhewe ing jaman katemben kudu bisa ngenali kabudayan Jawa sing adiluhung.Kewajibane wong Jawa tumrap budaya Jawa yaiku . . .
Nguri-uri budaya Jawa
Digatekake nalika nonton
Sinau kanggo pengalamane dhewe
Dirungokake kanthi tenanan
Ditanggap nalika duwe hajatan
Wacanen kanthi pratitis!
Budaya Jawa iku pranataning wong uripe wong Jawa nuju kasampurnaning jaman. Pranatan iki tegese pangerten lan cara. Pangerten bab urip nuduhake sapa sejatine manungsa iku, jejer lan kewajibane. Kabudayan Jawa iku nuduhake kabeh ana ing urip iku kudu selaras, padha akur, intine kabeh kudu cocog. Kabudayan Jawa iku nuduhake menawa marang sapadha-padha iku kudu . . . .
Ngajeni
waspada
eling
gugur gunung
Sapa aruh
Gatekna katrangan-katrangan ing ngisor iki!
1) Ngumpulake data seka maneka sumber
2) Nyusun cengkorongan sing cocog karo underan sing dipilih
3) Nemtokake tema
4) Nemtokake tujuan
5) Ngrembakakake cengkorongan dadi paragraf eksposisi.
Urutan nalika nulis wacan eksposisi yaiku . . .
3), 4), 1), 2), 5)
1), 4), 3), 2), 5)
2), 4), 1), 3), 5)
1), 3), 2), 5), 4)
5), 2), 1), 4), 3)
Sawijining wacan eksposisi kudu dhuweni watak kasunyatan. Wacan eksposisi iku biasa digunakake ing teks . . . .
Novel
Pawarta
Cerkak
Wara-wara
Dongeng
