NEW
Font size
WorksheetsQUIZ BJAWA
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
Tembung "tradisional" nduweni teges ….
Modern
Kuno
Tradisi utawa cara lawas
internasional
Perilaku apik bakal dieling-eling marang wong liya, perilaku elek yo bakale konangan.
Paribasan sing trep kanggo ukara ing dhuwur yaiku ….
Alon-alon waton kelakon
Becik ketitik ala ketala
Ajining diri saka laku, ajining raga saka busana
Siji ora bisa ngalahake kabeh
Wit thoyung nduweni batangan yaiku ....
Yen dijiwit aduh biyung
Anu uit ditoto karo payung
Lare alit kelayang biyung
Lare alit wetenge kembung
Cangkriman : Nebloke ana ngisor. … .
Bathangane : Gentheng bocor.
Jangkepe cangkriman kasebut yaiku … .
Genthenge pada pecah kabeh
Mlebu ana ing njero lemah
Digoleki nebloke
Digoleki ana dhuwur
Bayu bocah kang ngabekti marang wong tuane lan ora tau mbukak alane wong tua, sesanti sing trep karo ukara iki ... .
Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
Sepi ing pamrih, rame ing gawe
Mikul dhuwur mendhem jero
Aja dumeh
Nanging yen sira nggeguru kaki
Tembang dhandhanggula ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune yaiku… .
9i
10i
10a
9u
Bocah-bocah enom saiki luwih pinter lan cepet anggone melajari majuning teknologi. Mulo akeh wong tuwa njaluk wuruk marang anake sing luwih enom umure.
Ukara saloka kang trep karo teks wacan ing dhuwur yaiku … .
Kebo kabotan sungu
Kebo nusu gudel
Kebo kakehan anak
Kebo kelangan anak
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
Dhawa kaya ula,
Pencokanmu wesi miring,
Sing disaba si pucung mung turut kutha.
Tembang ing dhuwur bathangane ….
kapal
sepur
bis
pesawat
Ana ing sawijining dina, Joni lan kancane lagi dolanan bal-balan ing lapangan. Nalika asyik dolanan, Joni nendhang bal nganti kaca jendela omah warga pecah. Joni banjur kaget lan wedi. Dheweke banjur ngajak kancane kanggo mlayu ninggalake lapangan.
Bebasan kang cocog kanggo nggambarake kahanan ing wacan kasebut yaiku ....
Kaya dene macan ngoyak kidang
Kaya dene bumi karo langit
Kaya dene maling ngaku katut
Kaya dene banyu mili saka ing wangan
Bapak pucung anane ing tanah kudus
Pinter nyimpen toya
Mangka tumpakani jalmi
Mbrenjul suku panjang gulu dawa
Batangane kang cocog kanggo nggambarake tembang ing nduwur yaiku ....
gajah
bebek
unta
jerapah
Sawijine dina Paidi ketemu Markun, kanca nalika TK. Markun kandha yen dheweke sekolah ing SDN Geni Urup. Markun uga kandha yen saben budhal sekolah dheweke numpak mobil sedan. Pirang – pirang dina iki, Paidi ora ketemu Markun. Nalika Paidi mlaku mulih saka sekolah , Paidi ndelok Markun mulih sekolah numpak becak. Jare kanca sekolahe, Markun pancen saben dina budhal lan mulih sekolah numpak becak.
Paribasan sing mathuk kanggo nggambarake kelakuane Markun yaiku …
Ciri wanci lelati ginawa mati
Kakehan gludug kurang udan
Durung becus keselak besus
Sabaya mukti, sabaya pati
Paribasan : Diwenehi ati ngrogoh ….
Tegese : Wis diwenehi sethithik malah njaluk akeh
Tembung sing mathuk kanggo njangkepi paribasan ing dhuwur yaiku ….
Duit
Rempela
Sak klambi
Kurungan
Pak Brata lunga menyang Jakarta numpak sepur
Basa krama inggil ukara ing dhuwur yaiku… .
Pak Brata kesah menyang Jakarta numpak sepur
Pak Brata kesah menyang Jakarta nitih sepur
Pak Brata tindak dhateng Jakarta nitih sepur
Pak Brata tindak dhateng Jakarta numpak sepur
Tegese unen – unen “ Bathok bolu isi madu “ yaiku ….
wong asor nanging sugih kapinteran
wong sugih nanging sarwa kurang
wong nggawa madu sabathok
wong nggawe roti bolu dicampur madu
Tembung kondhang kaloka nduweni teges….
megah
terkenal
lawas
adoh
