wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan Soal Basa Jawa wayang

Total questions: 50

Worksheet time: 28mins

Name
Class
Date
1.

Piranti pagelaran wayang kanggo menehi ada ada loro sing digawe saka kayu gandengane kepyak yaiku . . .

a)

Campana

b)

Cempaka

c)

Cempala

d)

Cempaku

2.

Wong kang gaweane nglakokake wayang jenenge ...

a)

Waranggana

b)

Wiyaga/niyaga

c)

Dhalang

d)

Wira swara

3.

Babone (sumbere) crita wayang purwa saka buku ...

a)

Mahabarata lan Ramayana.

b)

Ramayana lan Sutasoma

c)

Mahabarata lan Arjuna Wiwaha

d)

Sutasoma lan Arjuna Wiwaha

4.

Ki Dhalang yen dhalang ora ijen, nanging kudu ono sing nuthuk gamelan jenenge . . .

a)

Wira Swara

b)

Waranggana

c)

Pancalang

d)

Niyaga

5.

Gambar ing sisih kiwa piranti kanggo pagelaran wayang sing digawe saka wesi tipis kang diarani . . .

a)

Blencong

b)

Gedebog

c)

Kepyak

d)

Niyaga

6.

Kain putih sing didadekake geber ing pagelaran wayang diarani . . .

a)

Kepyak

b)

Kelir

c)

Dhalang

d)

Blencong

7.

Ing crita wayang, kadang kurawa cacahe ana satus, yen kadang pandhawa cacahe ana . . .

a)

Papat

b)

Telu

c)

Sepuluh

d)

Lima

8.

Asmane bapa lan ibune kurawa yaiku Destarata lan Dewi Gandari , dene bapa lan ibune pandhawa asmane ...

a)

Bagawan Palasara lan Dewi Durgandini

b)

Begawan Abiyasa lan Dewi Ambika

c)

Pandu Dewanata lan Dewi kunthi, Dewi Madrim

d)

Pandu Dewanata lan Dewi kunthi, Dewi Ambika

9.

Nakula lan sadewa lahir saka ibu kang kangungan asma . .

a)

Dewi Madrim

b)

Dewi Gendari

c)

Dewi Ambalika

d)

Dewi Ambika

10.

Putra pandhawa kang titisane Dewa Indra kang nduweni gaman panah pasopati yaiku . . .

a)

Wrahatnala/Puntadewa

b)

Arjuna/Janaka

c)

Bimasena/Werkudara

d)

Nakula

11.

Raden Werkudara satriya ing jodhipati, dene Raden Sadewa satriya ing . . .

a)

Ngamarta

b)

Madukara

c)

Sawojajar

d)

Bumi Retawu

12.

Perang kadang Pandhawa musuh Kurawa diarani perang . . .

a)

Baratayuda

b)

Gathotkaca Gugur

c)

Alengka

d)

Kembang

13.

Pandhawa diemong dene abdi titisane dewa cacahe papat kang ana gambar ing dhuwur diarani ....

a)

Punalima

b)

Punakawan

c)

Punadasa

d)

Punakanca

14.

Putra pandhawa sing ndhuweni watak ora gelem goroh babar pisan yaiku . . .

a)

Puntadewa

b)

Janaka

c)

Nakula

d)

Werkudara

15.

Gambar wayang ing sisih kiwa diarani ...

a)

Yudistira

b)

Nakula

c)

Gathutkaca

d)

Werkudara

16.

Crita wayang ana kang diarani punakawan sing cacahe ana papat, ing isor iki sing kalebu punakawan kajaba . . .

a)

bagong

b)

petruk

c)

togog

d)

gareng

17.

Piranti pagelaran wayang kang digunakake kanggo nancepake wayang yaiku . . .

a)

blencong

b)

kelir

c)

kepyak

d)

gedebog

18.

Piranti pagelaran wayang sing ana ing gambar kang digunakake kanggo madangi kelir yaiku . . .

a)

gedebog

b)

cempolo

c)

kepyak

d)

blencong

19.

Paseduluran sing mesthi mungsuhi para satriya Pandhawa arane...

a)

kurawa

b)

narayani Sena

c)

drona

d)

karna

20.

Pambarepe kadang kurawa nduwene jeneng . . .

a)

Dursasana

b)

Duryudana

c)

Dursilawati

d)

Durmagati

21.

Paman saka pihak Kurawa sing penggaweane hasut lan menehi pitutur licik arane...

a)
Bhishma
b)
Sangkuni
c)

Drona

d)
Karna
22.

Pusakane (senjata) Raden Werkudara yaiku...

a)

jamus kalimasada

b)

pedang tirtamanik

c)

panah pasopati

d)

gada rujak pala

23.

Putra pambarepe pandawa yaiku . . . satria ing . . .

a)

arjuna satria ing madukara

b)

yudhistira satria ing ngamarta

c)

werkudara atria ing jodhipati

d)

sadewa atria ing bumi retawu

24.

Putra Prabu Pandudewanata sing kembar yaiku . . .

a)

Nakua lan Sadewa

b)

Nakula lan Bima

c)
Arjuna lan Nakula
d)

Bima lan Sadewa

25.

Prabu kresna duwe gaman senjata Cakra, yen gamane prabu Puntadewa yaiku . . .

a)

Jamus kalimasada

b)

Kuku pancanaka

c)

Keris kalanadah

d)

Pedang Tirtamanik

26.

Gambar wayang ing sisih kiwa diarani ...

a)

abimayu

b)

werkudara

c)

Gatotkaca

d)

Antasena

27.

Gambar wayang ing sisih kiwa diarani ...

a)

yudhistira

b)

werkudara

c)

janaka

d)

nakula

28.

Kang dadi panengahe pandhawa yaiku . . .

a)
Yudhistira
b)
Arjuna
c)

Sadewa

d)
Bima
29.

Prabu Puntadewa iku ratu ing ....

a)

Jodhipati

b)

Ngamarta

c)

Madukara

d)

Sawojajar

30.

Putra pandhawa kang dadi titisane dewa indra yaiku . . .

a)
Yudhistira
b)
Bima
c)
Nakula
d)
Arjuna
31.

Wayang kulit biasane digawe saka...

a)

kulit wedhus

b)

kulit pithik

c)

kulit kebo

d)

kulit sapi

32.

Unen-unen lan tetembangan sing biyasane ngiringi pagelaran wayang kulit arane...

a)

keroncong

b)

gamelan

c)

sasando

d)

kecapi

33.

Ing wiwitane (pada awalnya) , fungsine pagelaran wayang yaiku kanggo...

a)

sarana hiburan rakyat

b)

sarana muji syukur marang Gusti Pengeran

c)

sarana srawung tangga

d)

sarana kanggo teturon

34.

Crita wayang ana 2 lakon yaiku...

a)

Ramayana lan Narayana

b)

Mahabharata lan Mahayana

c)

Narayana lan Mahabharata

d)

Ramayana lan Mahabharata

35.

Crita Ramayana isine nyritakake bab...

a)

Perang Bharatayudha

b)

Babad tanah Jawa

c)

katresnane Rama lan Shinta

d)

Pandhawa lan Kurawa

36.

Ibune para satriya Pandhawa arane...

a)

Dewi Gandhari

b)

Dewi Kunthi

c)

Dewi Sridevi

d)

Dewi Drupadi

37.

Watake satriya Pandhawa yaiku ing ngisor iki, kajaba (kecuali) ...

a)

sabar nrima

b)

seneng tetulung

c)

welas asih marang manungsa

d)

angkara murka

38.

Perang antarane Pandhawa lan Kurawa diarani ....

a)

Baratayudha

b)

Ramayana

c)

Mahabharata

d)

Badar

39.

Gatotkaca Satriya saka....

a)

Madukara

b)

Pringgadani

c)

Astina

d)

Sawojajar

40.

Gambar Punokawan Iki jenenge....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

41.

Gambar Punokawan iki arane....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong

42.

Satriya ing Jodhipati yaiku ....

a)

Yudhistira

b)

Werkudara

c)

Duryudhana

d)

Nakula

43.

Cacahe Pandhawa iku ana wong...

a)

2 loro

b)

3 telu

c)

4 papat

d)

5 lima

44.

Ramane Pandhawa yaiku...

a)

Drestarasta

b)

Gathotkaca

c)

Pandu Dewanata

d)

Begawan Durna

45.

Ing ngisor iki kalebu Kurawa 100, kajaba ...

a)

Duryudana

b)

Durmagati

c)

Yama Widura

d)

Dursasana

46.

Piranti pagelaran iki diarani apa?

a)

Kelir

b)

Kayon

c)

Keprak

d)

Blencong

47.

Dewi Arimbi iku garwane ....

a)

Werkudara

b)

Gathutkaca

c)

Arjuna

d)

Pandhu Dewanata

48.

Senjatane Karna sing dinggo mateni Gathutkaca arane ....

a)

Kuntowijayadanu

b)

Jamus Kalimasada

c)

Panah Pasopati

d)

Gada Rujakpolo

49.

Gambar wayang iki jenenge ....

a)

Werkudara

b)

Arjuna

c)

Puntadewa

d)

Nakula

50.

Gambar iki yaiku ....

a)

Semar

b)

Gareng

c)

Petruk

d)

Bagong