WorksheetsParafrase teks geguritan
Total questions: 25
Worksheet time: 22mins
“Uripe Manungsa”
Iki ana cerita
Kados uripe manungsa
Ingkang rekosa
Amarga kakean dosa
Ora gelem nindake dawuhe agama
Geleme mung nyusahke wong tuwa
Ora isoh nyukuri sing diparingi pencipta
Isohe malingi duite tangga
(Sumber: nor-baru.blogspot.co.id)
Miturut geguritan ing dhuwur, manungsa urip rekosa amarga . . . .
ora duwe duit
ora gelem kerja
kakehan dosa
kakehan bandha
“Uripe Manungsa”
Iki ana cerita
Kados uripe manungsa
Ingkang rekosa
Amarga kakean dosa
Ora gelem nindake dawuhe agama
Geleme mung nyusahke wong tuwa
Ora isoh nyukuri sing diparingi pencipta
Isohe malingi duite tangga
(Sumber: nor-baru.blogspot.co.id)
Irah-irahane geguritan ing dhuwur yaiku . . . .
Manungsa
Uripe Manungsa
blogspot
Manungsa Urip
Ngabekti
[ Yulia Mutiara A ]
Gusti Allah kang maha tunggal
Umate padha manembah
Rina wengi limang wektu
Usaha lan ikhtiyar
Uga lelaku becik tumraping sapodo
Gumregah yen mireng
Adzan kang kumandang
Nuli mblayu henetepi wajib
Tindhak suro langgar
Enjing siang kala awan ratri
Golek sangune mati
Allah bakal menehi piwales
Yen manungsa setya lan tuhu
Urusane ndoyo akherate
Sedyo kasembadan
Geguritan ini isine babagan . . . .
usaha lan ikhtiyar
ngabekti marang gusti Allah
golek sangu
golek banyu
Maceme geguritan yaiku ....
Geguritan gagrak lawas
Geguritan gagrak anyar
Geguritan gagrak anyar lan Geguritan gagrak lawas
Kabeh bener
Pilihan tembung ing geguritan uga diarani ....
dhiksi
larik
bait
pada
Kumpulan larik kang tumatha kanthi laras diarani ....
surasa
pada/bait
uni/swara
tembung
Kang ora kalebu titikane geguritan yaiku ....
Isine mentes
Nganggo basa padinan
Cacahe larikan ora katemtokake
Migunakake tembung-tembung kang pinilih
Geguritan iku kangga gampange diarani ....
sastra jawa kuna
kidung jawa pertengahan
tembang macapat
puisi gagrag anyar
Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake geguritan dadi ....
alus lan nrenyuhake
endah lan aji
kasar lan mangkelake
suci lan nyenengake
Salah sijine cara kanggo mahami geguritan, yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani ....
ngowahi gancaran
prosa/crita
ngarang gancaran
parafrase
ancase maca endah geguritan, yaiku .....
supaya bisa mirsani padha nggumun lan era marang sing maca
sing nyemak, mirsani dadi ngerti isi, piweling lan kaendahan geguritan
nemokake struktur batin geguritan
nemokake struktur lair geguritan
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?
R. Tantiningsih
R. Tanti
R.A. ningsih
R.A. Kartini
“Nerangake guyub rukune kulawarga iku kena kanggo tepa tuladha” yaiku termasuk bagian .... ing geguritan
Surasa / makna
Larik
Pada / bait
Tembung
Obahing awak nalika moco geguritan diarani...
wirama
wicara
wiraga
wirasa
Gagasan pokok sing arep diandharake sajerone geguritan diarani….
bait
tema
tembung
swara
Kumpulane larik kang tumata kanthi laras kang endah (harmonis) diarani ...
swara
surasa
pada (bait)
diksi
Nalika maca geguritan pocapan kudu cetha , ora blero, ora mangu - mangu klebu tegese…
wicara
wiraga
wirasa
wilangan
Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe diarani ....
wirama
purwakanthi
surasa
sastra
Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku ....
kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe
kanthi nuladha solah bawa lan patrape liyan
kanthi tanpa solah bawa lan patrap
kanthi solah bawa sing digawe-gawe
Tegese rahayu yaiku ...
kuwat
slamet
kumpulan omah
urip sing selaras
Tegese tembung crah yaiku ...
slamet
tukar padu
urip sing selaras
korat-karit
Tuladha tumindak sing nuduhake pakerti guyup rukun ing sekolah yaiku ...
Nderek pengajian RT
Ngenekake siskamling
Nderek lomba agustusan ing desa
gotong royong ngresiki kelas
Unsur-unsur sing nyengkuyung utawa mbiyantu isine geguritan diarani.....
pilihan tembung
unsur instrinsik
struktur teks
pesen amanat
Sing dadi temane geguritan ing dhuwur yaiku.......
urip cecongkrahan
ngajak guyup rukun
seneng tukar padu
seneng nyambut gawe
Nalika kerja bakti padha tumandhang kanthi nandur kabecikan. Tembung "nandur kabecikan" tegese.....
tumindhak ala
tumindhak apik
ngajak tukaran
ngajak sinau
