Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

QUIZ SESORAH KELAS 10

Total questions: 20

Worksheet time: 1hrs 14mins

Name
Class
Date
1.

Ngandharake gagasan utawa penggalihan kanthi tetembungan kang dicapake sangarepe wong akeh yaiku…

a)

A.      Pranatacara

b)

B. Pranatamangsa

c)

C.       Sesorah

d)

  D. Sasanalaya

e)

E.       Samukawis

2.

Sesorah kang ancase kanggo nampi rawuhipun tamu diarani...

a)

A.      Wursitawara.

b)

B.       Atur pangajak.

c)

C.       Atur pambagyaharja.

d)

D.      Pamedhar sabda.

e)

E.       Atur Pawartos.

3.

Bapak Drs. Sucipto, nalika paring amanat upacara ora nyawisake naskah/teks/cathetan cilik ananging langsung maju spontan kemawon ngandharaken amanat. Teknik sesorah kang digunakake inggih menika…

a)

A.      Ekstemporan.

b)

B.       Impromtu.

c)

C.       Apalan.

d)

D.      Mawwat.

e)

E.       Matah.

4.

Kangge mengeti lan mahargya dinten miyosipun Ibu Kartini, Dinas Pendidikan Pemuda dan Olahraga kabupaten Gunungkidul ngawontenaken Lomba Sesorah kanggo siswa SMK. Ardi ndherek lomba sesorah. Nalika maju lomba Ardi nggawa cathethan pokok-pokoking sesorah ingkang badhe diaturake, lan kanthi pengalaman lan jembaring kawruh  Ardi saged ngembangake sesorahe kanthi becik . Metode sesorah sing dipunginakaken Ardi yaiku ….

a)

A.      Ekstemporan

b)

B.       Impromptu

c)

C.       Apalan

d)

D.      Maca Teks

e)

E.       Mawwat

5.

Kagatosna wacan ing ngandhap menika!

(1)     Pangarep-arep

(2)     Pamuji Syukur

(3)     Uluk salam/salam pambuka

(4)     Salam panutup

(5)     Wigatining atur/isi

(6)     Panutup

Urutan cengkorongan sesorah kang trep yaiku…

a)

A.      2, 3, 5, 4, 6, 1.

b)

B.       1, 2, 3, 4, 5, 6.

c)

C.       3, 2, 5, 1, 6, 4.

d)

D.      2, 3, 5, 1, 6, 4.

e)

E.       2, 3, 1, 5, 6, 4.

6.

 Nuwun, Langkung rumiyin kula dherekaken ngonjukaken puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Asih.

Perangan sesorah menika kalebu...

a)

A.      Panutup.

b)

B.       Surasa basa.

c)

C.       Puji Syukur.

d)

D.      Pangarep-arep.

e)

E.       Salam Panutup.

7.

“ Assalamualaikum, sugeng siyang”

 

Ukara menika kalebet perangan sesorah …

a)

A.  Salam Pambuka

b)

B.  Surasa basa.

c)

C.  Puji Syukur.

d)

D.  Pangarep-arep.

e)

E.   Salam Panutup.

8.

(1)     Bapak RW saha Bapak RT ingkang kula urmati

(2)      Bapak Dhukuh ingkang kinurmatan

(3)      Para warga desa Wonosari ingkang kula tresnani

(4)     Bapak Lurah ingkang dhahat kinurmatan

Urutan pakurmatan ingkang trep inggih menika…

a)

A.   (1), (2), (3), (4)

b)

B.  (2), (4), (1), (3)

c)

C.   (3), (4), (1), (2)

d)

D.  (4), (2), (1), (3)

e)

E.   (4), (2), (3), (1)

9.

Ing acara pesantren ramadhan, Dika didhawuhi bu Ratna nyiapake kultum bab “Nuzulul Qur’an”. Anggone nyiapake kultum kanthi golek perangan-perangan kang dibutuhake ing internet banjur ngapalke materine supaya besuk ing pesantren ramadhan bisa kultum kanthi lancar. Metode sesorah kang digunakake Dika yaiku…

a)

A. Ekstemporan

b)

B.      Impromtu

c)

C.       Maca teks

d)

D.       Improvisasi

e)

E.      Apalan

10.

Nalika maraga sesorah, swarane kudu cetha, wajar boten didamel-damel ateges nalika sesorah kudu nggatekake...

a)

A. Wiraga

b)

B. Wirama

c)

C. Wirasa

d)

D. Wirastra

e)

d. Wiraga

11.

Matur nuwun awit kerawuhanipun.

tembung "kerawuhan" iku lepat, ingkang leres...

a)

A. Karawuhan

b)

B. Katrangan

c)

C. Dipunmulyakaken

d)

D. Rawuhipun

e)

E. Rawuh-rawuh

12.

Langkung rumiyin sumanga sami ngonjukaken puja puji dhumateng Gusti awit saking paringipun kasarasan lan kawilujengan.

Tegesipun tembung kasarasan lan kawilujengan yaiku...

a)

A. Kesehatan, kelodhangan

b)

B. Keslametan, kelodhangan

c)

C. Kesehatan, keslametan

d)

D. Kasaenan, kabecikan

e)

E. Kesaenan, keslametan

13.

Ukara kang nuduhake panutup ing sesorah yaiku...

a)

A. Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni. Bapak / Ibu Guru ingkang kinurmatan. Kadang kula sepuh kelas tiga ingkang kula tresnani.

b)

B. Kula minangka wakil saking kelas kalih saha kelas setunggal, ngaturaken agunging panuwun. Dene raka kelas tiga sampun ikhlas paring pitedah saha bimbingan ingkang kathah.

c)

C. Puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun ngluberaken rahmat saha hidayah dene panjenengan sedaya dalasan kula saged nyawiji kangge ngawontenaken adicara pepisahan.

d)

D. Cekap semanten atur kula. Menawi wonten kiranging atur kaladuking wicanten kula nyuwunagunging samodara pangaksami.

e)

E. Kadang kula kelas tiga, kula sakanca ndherek bingah dene panjenengan sampun kasil medal saking pawiyatan menika kanthi biji ingkang sae.

14.

Ukara ing ngisor iki kang bener miturut unggah-ungguh basa yaiku...

a)

A. Matur suwun awit paringipun wekdal dhateng kula.

b)

B. Matur nuwun awit kerawuhanipun.

c)

C. Nyuwun sewu nggempil kamardikan panjenengan sedaya ingkang nembe ngrahapi dhaharan lan unjukan.

d)

D. Sepisan kula ngaturaken sugeng rawuh dhateng Bapak RW, saha Bapak RT ingkang sampun kersa rawuh ing adicara menika.

e)

E. Sowan kula sarencang-rencang menika saperlu nyuwun donga pangestu dhateng Pak Lurah.

15.

Nalika badhe maraga utawa maju sesorah kedah ngangge busana ingkang sopan, patrap utawa tindak tandukipun kedah trapsila. Anggenipun ngadeg jejeg ngapurancang. Bab menika ateges menawi maraga utawi maju sesorah kedah nggatosaken...

a)

A. Wiraga

b)

B. Wirama

c)

C. Wicara

d)

D. Wicastra

e)

E. Wirasa

16.

Tuladhanipun sesorah utawi contoh sesorah kanggo nggerpol utawi mempengaruhi  inggih menika  sesorah...

a)

A.      Kampanye pemilu.

b)

B.       Sosialisasi Dinas Pertanian bab cara nggunakake rabuk.

c)

C.       Ular-ular manten.

d)

D.      Pengajian.

e)

E.       Selapanan.

17.

Sesorah Presiden ing adicara formal lan penting kenegaraan lumrahe kanthi cara...

a)

A. Apalan

b)

B. Maca teks

c)

C. Ekstemporan

d)

D. Impromtu

e)

E. Intrinsik

18.

Mugi-mugi adhik kelas mangke saged langkung sae tinimbang kula sakanca ingkang sampun lulus menika.

Ukara ing ndhuwur kalebet perangan sesorah...

a)

A. Salam Pambuka

b)

B. Salam panutup

c)

C. Wosing sesorah utawa isi sesorah

d)

D. Pamuji syukur

e)

E. Pangajeng-ajeng

19.

Awit saking berkah saha rahmatipun Gusti saengga panjenengan saha kula saged nyawiji ing papan menika kanthi sehat wal afiyat.

Tembung "saengga" menika lepat. Tembung ingkang leres yaiku...

a)

A. Sahengga

b)

B. Amarga

c)

C. Satemah

d)

D. Sawise

e)

E. Sasampunipun

20.

Nalika badhe sesorah kedah nggatosaken 4W. Ingkang kalebet 4W ing sesorah inggih menika

a)

A. Wiyaga

b)

B. Wursitawara

c)

C. Warnasari

d)

D. Wirama

e)

E. Wiracarita