NEW
Font size
S
M
L
XL
WorksheetsULANGAN HARIAN BAHASA JAWA KELAS X SEMESTER GENAP T.A 2024-2025
Total questions: 25
Worksheet time: 13mins
Name
Class
Date
1.
Setitekna pethilan geguritan iki !
Aku sumeleh
Nyelehake pengarep-arepku
Marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
Yen nyatane amung semene
Cunthele lelakonku …
Latar suasana ana geguritan kasebut yaiku …
a)
nelangsa
b)
sumringah
c)
jengkel
d)
semrawut
e)
seneng
2.
Gatekna cuplikan geguritan iki!
Panase surya tan rinasa
Kesele awak tan ginubris
Kang diesti among makarya
Oleh karya
Kanggo putra
Isi pethikan geguritan iku ngemu surasa …
a)
Jengkel nalika nyambut gawe ing ngalas.
b)
Sabar, nalika nyambut gawe kanggo keluarga.
c)
Semangat nyambut gawe kang makantar-kantar.
d)
Ora trima amarga dadi wong kakeyan gawean.
e)
Kangen marang wong kang nyambut gawe.
3.
Unsur – unsur geguritan dumadi saka struktur fisik lan struktur batin. Ing ngisor iki kang klebu struktur fisik geguritan yaiku ...
a)
Tema
b)
Purwakanthi
c)
Swasana
d)
Amanat
e)
Nada
4.
Gagasan utamane penyair ing geguritan mujudake katrangan saka ...
a)
Nada
b)
Purwakanthi
c)
Swasana
d)
Amanat
e)
Tema
5.
Eklasna aku lunga biyung
Sanadyan ing dhuwur langite katon mendhung
Eklasna aku lunga
Lungaku sangu ati lapis waja
…………..
Isine geguritan ing dhuwur yaiku ...
a)
Pamit arep budhal sekolah.
b)
Wis ora kuwat maneh amarga lara.
c)
Bocah enom kang bingung arep lunga.
d)
Rasa sedhih ninggalake wong tua.
e)
Pamit arep golek pakaryan ing adoh.
6.
Gatekna geguritan iki !
Sun nggegurit
Kahanan jaman saiki
Sipat pemudha lan pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi jaman nguni
Nitik saka ukara sepisanan, geguritan kuwi klebu jinise geguritan ...
a)
Jaman penjajah
b)
Ora aji
c)
Anyar
d)
Kuno
e)
Jaman keraton Surakarta
7.
Guru
Jarene guru iku wong digugu lan ditiru
Jarene guru iku wong wicaksana lan prasaja
Jarene guru iku wong winasis lan seneng buku
Atiku ... Bakal temen anggone ngudi ilmu
Atiku ... Tansaya njlerit panjangkaku dadi guru
Nada, irama utawa lagu geguritan nginggil yaiku ...
a)
Nuturi
b)
Ngenyek
c)
Memuji
d)
Nyemoni
e)
Ngguroni
8.
Supaya katon endah lan ngresepake maca geguritan iku kudu gatekake wirama. Tegese wirama yaiku …
a)
gedhe cilike ukara
b)
munggah mudhune swara
c)
rasa pangrasa pocapan
d)
dawa cendhake tetembungan
e)
dawa cendhak e pocapan
9.
Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes… tes… netesi bumi
Aku rumangsa dosa
Tuladha geguritan ing dhuwur jenising geguritan ...
a)
Tradhisional
b)
Gagrak Lawas
c)
Gagrak Anyar
d)
Tembang
e)
Kidung
10.
Unsur intrinsik saking geguritan menika wonten 4 (kajaba) ...
a)
Tema
b)
Basa
c)
Diksi
d)
Latar
e)
Purwakanthi
11.
Apa kang kudu digatekake nalika maca geguritan?
a)
wicara, wirama, wiraga, wirasa
b)
wirama, olah busana, wiraga
c)
olah raga, wicara, wirama, wirasa
d)
wicara, wiraga, wibasa, wirama
e)
wiraga, olah rasa, wirama
12.
Rukun Agawe Santosa
Dening R. Tantiningsih
Kadangku....
Donya iki dudu duweku
Donya iki dudu duwekmu
Mula,
Aja rebutan panguwasa
Aja rebutan bebener
Kadangku....
Elinga,
Aku lan kowe ora bisa urip ijen
Aku lan kowe kudu urip bebarengan
Sayuk rukun
Gotong royong
Bahu binahu
Adohna saka drengki srei
Jail methakil
Gedhekna rasa tepa salira
Urip bakal tentrem ayem
Irah-irahane geguritan ing dhuwur yaiku ....
a)
Rukun Agawe Santosa
b)
Crah Agawe Bubrah
c)
Dening R. Tantiningsih
d)
Dening T. Rantiningsih
e)
Rebutan Panguwasa
13.
Piweling
(Sendang Mulyana)
Aku ngugemi ngendikanmu, Ibu!
Nalika arep budhal sekolah
nyangking tas kebak buku
Ngger, jagad iki amba tebane
Aja cilik ati
Kabeh bisa karengkuh
Kanthi ngelmu
Ngger
Pancen angel yen durung ketemu
Mula aja pegat sinau
Dadia wong pinter nanging aja keminter lan keblinger
Dadia wong sugih nanging aja sumugih
Dadia petinggi nanging aja ngapusi lan korupsi
Saking gegutitan kasebat, tembung tebane lan pegat nggadhahi teges ...
a)
papan lan pedhot
b)
papan lan mandheg
c)
panggonan lan kesed
d)
panggonan lan gelem
e)
panggonan lan kuminter
14.
Piweling
(Sendang Mulyana)
Aku ngugemi ngendikanmu, Ibu!
Nalika arep budhal sekolah
nyangking tas kebak buku
Ngger, jagad iki amba tebane
Aja cilik ati
Kabeh bisa karengkuh
Kanthi ngelmu
Ngger
Pancen angel yen durung ketemu
Mula aja pegat sinau
Dadia wong pinter nanging aja keminter lan keblinger
Dadia wong sugih nanging aja sumugih
Dadia petinggi nanging aja ngapusi lan korupsi
Saking geguritan kasebat, undheran geguritan ingkang trep inggih punika ...
a)
katresnan
b)
kabudayan
c)
pagesangan
d)
pasrawungan
e)
piweling saking Ibu
15.
Piweling
(Sendang Mulyana)
Aku ngugemi ngendikanmu, Ibu!
Nalika arep budhal sekolah
nyangking tas kebak buku
Ngger, jagad iki amba tebane
Aja cilik ati
Kabeh bisa karengkuh
Kanthi ngelmu
Ngger
Pancen angel yen durung ketemu
Mula aja pegat sinau
Dadia wong pinter nanging aja keminter lan keblinger
Dadia wong sugih nanging aja sumugih
Dadia petinggi nanging aja ngapusi lan korupsi
Tembung andhahan saka tembung ‘piweling’ minangka irah-rahane geguritan ing nduwur mau yaiku ...
a)
Ling
b)
Eling
c)
Weling
d)
Seling
e)
kaling
16.
Wis Wanci
dening : Rachmat Djoko Pradopo
Langite sumringah dumilah
Sawise dikumbah udan
Kang sumanak grapyak
Srengenge wis glendheh-glendheh sume
Yaiku wektu kang becik
Kanggo nyebar tanduran
Kang bakal ijo royo-royo
Njanjekake panenan gedhe
Ya wektu iki mangsane gumregah tangi
Meras kringet kanthi semangat mangalad
Bebarengan wong sabrayat masyarakat
Nyungsung panenan kang bakal dadi
Tembung meras kringet kanthi semangat mangalad gegayutan marang kahanan saiki yaiku …
a)
Para petani padha seneng yen kasil panene apik
b)
Semangat para generasi mudha kudu tansah ngrembaka
c)
Para petani kudu nduweni semangat supaya kuwalitas panen bias apik
d)
Yen nyebar tanduran kudu nyawang mangsa kangtrep, apamaneh mangsa kaya saiki
e)
Temen lan semangat kang mangalad dadi jiwaning pamudha ing jaman iki
17.
Lancare maca utawa lancare ngocapake geguritan diarani ...
a)
wirasa
b)
wicara
c)
wiraga
d)
wirama
e)
wisana
18.
Informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi di wartakake lumantar wujud cetak, koran, internet, utawi saka pirembagan marang wong liya utawa pamireng diarani ...
a)
Pranatacara
b)
Sesorah
c)
Pawarta
d)
Geguritan
e)
Cerkak
19.
Pawarta ora kena mihak kana kene lan adhedhasar fakta, ateges isine pawarta kudu …
a)
Lugas
b)
Aktual
c)
Faktual
d)
Objektif
e)
Cekak aos
20.
Ing sajroning pawarta duweni titenan (ciri-ciri) tertamtu. Ing ngisor iki kang kalebu titinane pawarta yaiku …
a)
Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5 W + 1 H
b)
Ora tinemu ing akal
c)
Diksi trep lan ambigu
d)
Bahasane kaku
e)
Ora narik kawigaten
21.
Wingi dina selasa saiki dina ...
a)
A
b)
B
c)
C
d)
D
e)
E
22.
a)
A
b)
B
c)
C
d)
D
e)
E
23.
Seratan ing inggil kawaos ...
a)
Wulan Oktober Andini budhal menyang negara Kanada.
b)
Wulan Nopember Anggini budhal menyang negara Uzbekistan.
c)
Wulan Nopember Andini budhal menyang negara Ukraina
d)
Wulan Oktober Anggini budhal menyang negara Uganda.
e)
Wulan Oktober Andini budhal menyang negara Ukraina.
24.
Tuladha cerita rakyat yaiku ...
a)
A
b)
B
c)
C
d)
D
e)
E
25.
BBM Mundhak, Pamarentah Ngirit Rp 100 Triliun
Menteri Keuangan, Bambang P.S. Brodjonegoro, Senen (16/11) mratelakake mundhake rega bensin subsidi saka Rp 6.500 dadi Rp 8.500 lan solar saka Rp 5.500 dadi Rp 7.500 bakal ngentheng-enthengi sesanggan metune dhuwit negara.
Saora-orane, undhak-undhakan iku keconggah ngirit metune dhuwit Rp 100 triliun. Miturut Bambang, sasuwene iki dhuwite negara entek kanggo nyubsidi rega bahan bakar minyak, tundhone sektor-sektor liyane, mligine infrastruktur, kesehatan, lan pendhidhikan dadi amburadul merga kurang kegarap.
Pira mundhak e bensin?
a)
5000
b)
2000
c)
6500
d)
3000
e)
8500
Reset
