Font size
WorksheetsSAS Basa Jawa kleas 5 TA 24-25 :Unggah-ungguh,narasi, geguritan
Total questions: 42
Worksheet time: 35mins
Unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi loro yaiku. . .
Basa ngoko lugu lan ngoko alus
Basa ngoko lan krama
Basa krama lan krama alus
Basa ngoko lugu lan krama alus
Unggah-ungguh basa Jawa kang awujud basa ngoko, nanging tumrap wong sing diajak guneman lan digunem nggunakake tembung krama inggil yaiku basa. . .
krama lugu
krama alus
ngoko lugu
ngoko alus
Ing ngisor iki ukara kang migunakake basa ngoko lugu yaiku. . .
Bapak tindak dhateng Semarang kalawau enjing.
Bapak tindak menyang Semarang mau esuk.
Bapak kesah dhateng Semarang kalawau enjing.
Bapak lunga menyang Semarang mau esuk.
Sampeyan punika yoganipun sinten?
Ukara kasebut ngetrapake panganggone basa. . .
Krama lugu
Krama alus
Ngoko lugu
Ngoko alus
Anggen kula ngrantos panjenengan kalawau sampun dangu sanget.
Yen diowahi ing basa ngoko lugu yaiku. . .
Anggonku nunggu sampeyan mau wis suwe banget.
Anggen kula nengga sampeyan wau sampun dangu sanget.
Anggonku nunggu kowe mau wis suwe banget.
Anggen kula nengga panjenengan wau sampun dangu sanget.
Bapak mulih saka swah jam sepuluh esuk.
Yen diowahi ing basa ngoko alus yaiku. . .
Bapak kondur saka sawah jam sepuluh esuk.
Bapak kondur saking sabin jam sedasa enjing.
Bapak wangsul saking sabin jam sedasa enjing.
Bapak wangsul saka sawah jam sepuluh esuk.
Omahmu wis disapu apa durung?
Ukara kasebut yen diowahi ing basa krama lugu yaiku. . .
Dalemipun panjenengan sampun dipunsapu punapa dereng?
Griyanipun sampeyan sampun dipunsapu punapa dereng?
Dalemipun panjenengan wus disapu apa durung?
Griyanipun panjenengan wis disapu apa durung?
Kowe digawakake obat saka godhong suruh.
Basa krama aluse yaiku. . . .
Panjenengan diastakake obat saka godhong suruh.
Sampeyan dipunbektakaken jampi saking ron suruh.
Panjenengan dipunastakaken jampi saking ron suruh.
Sampeyan dipunastakaken jampi saking ron suruh.
Ayam punika sampeyan tumbas kemawon regi seket ewu.
Yen diowahi ing basa ngoko alus yaiku. . .
Ayam punika panjenengan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu.
Pitik iki tukunen wae rega seket ewu.
Ayam punika sampeyan pundhut kemawon regi gangsal dasa ewu.
Pitik iki panjenengan pundhut wae rega seket ewu.
menawa liwat neng ngarepe wong liya, sing diucapake yaiku
nyuwun sewu
maturnuwun
sugeng enjing
nderek langkung
nalika ketemu wong lia/kanca ing ndalan, sikapmu kepriye?
meneng wae
aruh-aruh
bengak bengok
mlayu
nalika duwe luput marang wong liya, kewajibane minangka wong muslim iku kudu
meneng wae
kekandan karo kanca
ngedohi kanca
njaluk ngapuro
Nyuwun tulung sampeyan tumbasaken kabetahan kangge kegiyatan dangunipun tigang dinten. Basa ingkang dipunginakaken inggih menika…
ngoko alus
krama alus
ngoko lugu
krama lugu
Pak Karto: “Kapan panjenengan anggenipun rawuh, Pak?”
Pak Sukro:……….
Ukara ingkang trep kangge mangsuli pitakenan ing nginggil inggih menika…
Kala wingi sonten anggenipun kula dugi.
Wingi sore anggonku teka
Wingi sonten anggonku rawuh
Kala wingi sonten anggenipun kula rawuh
BERSIH DHUSUN
Nalika semanten bibar panen pantun, kawontenan ing dhusun Kedungmulya ayem tentrem. Peksi-peksi padha gegojegan. Kambangan, menthok padha lelangen golek pakan. Raja kaya pating brangkang, lare angen wonten ingkang ura-ura ing gigiring maesa ingkang saweg nyenggut. Para among tani sami mongkog manahipun, dene anggenipun makarya asilipun ndhemenaken. Tiyang-tiyang sami ngunjukaken atur syukur ing Gusti Allah. Anggenipun muji syukur punika mawi wilujengan nanggap ringgit wacucal.
Seminggu saderengipun, warga dusun sami tata-tata gugur gunung resik-resik pesareyan, besik margi, ndandosi sendhang saha reresik dalemipun piyambak-piyambak. Kangge wilujengan, para warga sami urunan, wonten ingkang urun arta ugi wonten ingkang urun tenaga kemawon.
Dumugining damel para mudha-mudhi sami gumregut nata bale dusun umpaminipun ngrengga mawi janur, ron waringin saha ngronce dlancang maneka warni. Katingal asri tur nengsemake yen disawang.
Jam 19.30 upacara kawiwitan kaliyan donga ingkang kadhapuk mandhegani pak Modin, kalajengaken wejangan agung saking pak Lurah. Wosipun ngajak sedaya sami guyup rukun, gotong royong amrih ngrembakaning pembangunan saha tansah njagi ketentreman.
Jam 21.00 pagelaran ringgit purwa sampun jejer kanthi lampahan Dewi Sri Sadono dipunpurwakani. Wondene ingkang sami mirsani katingel jejel riyel, punapa malih dhalangipun Ki Anom Suroto ingkang sampun kondhang saindhenging Nuswantara.
Pranyatan kang trep manut wacan ing dhuwur yaiku ....
Warga dhusun sami dedonga ngaturaken raos syukur dumateng Gusti Allah ing daleme piyambak-piyambak kanthi nyepi.
Warga dhusun sami tata-tata, gugur gunung resik-resik pesareyan, besik margi, ndandosi sendhang saha reresik dalemipun piyambak-piyambak saba'dane pagelaran ringgit purwa.
Para warga dhusun sami cecongkrahan ngawontenaken bersih dhusun bibar panen pantun.
Para warga dhusun sami sedhih lan sungkawa nemahi asile panen pantun kang rusak.
Pakulinane Mawar Abang sing ora becik kuwi mau saya suwe saya tambah ndadi. Saben nesu mesthi Mawar Putih sing entuk rekasane. Saben dina Mawar Abang nguncali telek pitik marang Mawar Putih. Mawar Putih mung nrima meneng, ora males. Amarga saka tumindake Mawar Abang sing ditindakake saben dina kaya mangkono kuwi, sing sakiwa tengene Mawar Putih banjur akeh telek pitike.
Saka punggelan teks narasi kasebut, watak/sipat saka mawar abang yaiku ....
sumeh
nrima ing pandum
seneng tetulung
seneng muring-muring
Piwulangan (nilai moral) kang paling trep saka teks narasi "Mawar Abang lan mawar putih" kasebut yaiku ....
Aja seneng muring-muring lan nesu marang wong liya.
Aja tumindak ala, yen ora pengen mbalik ing awake dhewe-dhewe.
Dadiya wong kang seneng tumindak becik marang sapadha-padha.
Dadiya wong kang nrima marang tumindak kang ora becik.
Pakulinane Mawar Abang sing ora becik kuwi mau saya suwe saya tambah ndadi. Saben nesu mesthi Mawar Putih sing entuk rekasane. Saben dina Mawar Abang nguncali telek pitik marang Mawar Putih. Mawar Putih mung nrima meneng, ora males. Amarga saka tumindake Mawar Abang sing ditindakake saben dina kaya mangkono kuwi, sing sakiwa tengene Mawar Putih banjur akeh telek pitike.
Saka punggelan teks narasi kasebut, watak/sipat saka mawar putih yaiku ....
Seneng geguyon
seneng tetulung
seneng sinau
seneng muring-muring
Bubar sholat subuh, srengenge ing sisihwetan durung mlethek. Tuladha ukara titikan teks narasi bagean .........
a. Ngandharake/nyritakake
b. Urutane
c. Paraga lan watake
d. Papan, wektu, swasana
Saka gambar ing nduwur iku yen digawe teks narasi yaiku ... .
Dina Rebo iki aku lan kanca-kancaku arep janjian ing Perpustakaan Kota. Panggonane nyaman lan adem. Jam 8 esuk wes janjian ing ngarep latare perpustakaan. Ani, Dadang lan Faisal wis podho teka. Sinau kelompok bareng kanca-kanca pancen nyenengake.
Perpustakaan iki panggonan sing nyaman gawe maca buku. Akeh koleksi buku lan gratis yen arep nyilih bukune.
Ing sajroning perpustakaan iku akeh koleksi buku lan majalah. Pengunjung oleh nyilih paling akeh telung buku wae.
Panggonan sing adem lan nyaman kuwi gawe maca buku yaiku perpustakaan. Tapi ing wayah pandemi saiki, kabeh panggonan umum kuwi isih ditutup karo pemerintah.
Surya teka ing sekolah esuk banget, amarga wayahe piket kelas. Dheweke banjur mlebu kelas, njupuk sapu kanggo nyapu kelase. durung suwe olehe nyapu, kancane, sari, Dimas, lan Dina pada teka. saiki bareng-bareng padha ngresiki kelase.
Miturut jenise wacan ing ndhuwur kalebu teks...
deskripsi
narasi
eksposisi
persuasi
Paraga kang ala sipate miturut aten-atenane kang maca diarani ...
antagonis
tritagonis
pentagonis
protagonis
Latar/setting kang nggambarake suasana ing cerita iku kalebu latar arupa ...
papang/panggonan
wektu
kahanan
konflik
Ing ngisor iki kang ora kalebu latar/setting yaiku...
papang/panggonan
wektu
kahanan
konflik
Narasi, yaiku ... .
teks kang ngandharake lelakon utawa kedadean anut urutan wektu (kronologis)
pengalaman uripe manungsa utawa saka asil rekadaya pikirane pengarang dhewe
teks kang ngandharake asil panaliten utawa asil pamawas marang sawijining kahanan
pengalaman manungsa ngadhepi pacobaning urip saka Kang Maha Kawasa
Bahane teks narasi bisa saka ... .
pengalaman uripe manungsa utawa saka asil rekadaya pikirane pengarang dhewe.
asile panaliten sing dianakake dening para ahli lan pengalaman uripe manungsa.
asile panaliten sing dianakake dening para ahli lan saka kabar ing ariwarti utawa kalawarti.
asile panaliten sing dianakake dening para ahli lan saka kabar ing ariwarti utawa kalawarti.
Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?
R. Tantiningsih
R. Tanti
R.A. ningsih
R.A. Kartini
Tegese maca geguritan kudu cetha yaiku ....
Ngatur mlebu metune napas
Kudu ngepasake marang isine geguritan
Nalika maca geguritan ora kecepeten utawa kalonen
Nalika maca geguritan swara kudu cetha lan gamblang ora grememeng
Dodi Bocah Kang Lantip
Becike dadi bocah iku kang sregep lan lantip.
Pinter anggawe samubarang kang migunani.
Pring bisa dadi wakul.
Sepet bisa dadi keset.
Wulu bisa dadi sulak.
Kapuk bisa dadi benang.
Lempung bisa dadi pot.
Prayogane wiwit cilik tituladha babagan panggawe krajinan.
Kanggo sangu urip ing tembe mburi.
Dadi bocah kang ora seneng ing alembana.
Nora seneng tumindak kang sembrana.
Ben urip ing tembe.
Bisa migunani marang sepadha-padha.
Manut geguritan ing nduwur, wiwit kapan apike sinau gawe kerajinan iku ?
Yen wis gede
Wiwit cilik
Yen rampung sekolah
Wiwit sekolah
Sapu Sada
(Dening: Astuti)
Jumat asri
Resik lan sehat
Cancut tali wanda
Nandur kabecikan
Cilik gedhe bagus ayu
Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu
Crah agawe bubrah
Rukun agawe santosa
Guyub rukun kaya sapu sada
Tema geguritan ing dhuwur yaiku ....
Guyub rukun ing keluarga
Guyub rukun ing sekolah
Guyub rukun ing lingkungan
Guyub rukun ing masyarakat
Wong sing nulis geguritan diarani . . .
panggurit
penulis
pamaos
dening
sing diarani guru wilangan yaiku...
cacahing wanda saben utawa suku kata ing saben gatra
cacahe gatra utawa larik saben bait
pocapan utawa intonasi ing wekasaning bait
cacahe bait ing geguritan
cacahe gatra utawa larik saben pada utawa bait diarani
....
Guru Gatra
Guru Lagu
Guru wilangan
Guru Swara
Obahing awak nalika moco geguritan diarani...
wirama
wicara
wiraga
wirasa
“Uripe Manungsa”
Iki ana cerita
Kados uripe manungsa
Ingkang rekosa
Amarga kakean dosa
Ora gelem nindake dawuhe agama
Geleme mung nyusahke wong tuwa
Ora isoh nyukuri sing diparingi pencipta
Isohe malingi duite tangga
(Sumber: nor-baru.blogspot.co.id)
Irah-irahane geguritan ing dhuwur yaiku . . . .
Manungsa
Uripe Manungsa
blogspot
Manungsa Urip
“Uripe Manungsa”
Iki ana cerita
Kados uripe manungsa
Ingkang rekosa
Amarga kakean dosa
Ora gelem nindake dawuhe agama
Geleme mung nyusahke wong tuwa
Ora isoh nyukuri sing diparingi pencipta
Isohe malingi duite tangga
(Sumber: nor-baru.blogspot.co.id)
Miturut geguritan ing dhuwur, manungsa urip rekosa amarga . . . .
ora duwe duit
ora gelem kerja
kakehan dosa
kakehan bandha
Paraga yaiku wong sing ana sajrone crita, dene wewatekane paraga, yaiku gegambaran ngenani watak utawa sipate sawijine pagara. Jinis paraga dibedakake dadi telu yaiku ..............
paraga protagonis, antagonis, tritagonis
paraga utama, figura, panyengkuyung
Paraga utama, tambahan, figura
paraga utama, antagonis, protagonis
Unsur intrinsik yaiku unsur sing ana sajrone crita. Unsur intrinsik minangka unsur sing mangun karya satra saka njero. Sajrone teks narasi unsur instribsik kaperangan dadi enem yaiku ..............
Unsur Instrinsik ing sjone teks narasi salah sijine diarani alur. Alur yaiku urut-urutan kedadeyan utawa prastawa sing dumadi sajrone crita. Alur kaperangan dadi telu yaiku ............
alur maju, alur mundur lan alur campuran
alur utama, alur tengah lan alur campuran
alur dawa, alur cekhak lan alur campuran
alur kapisan, alur tengah lan alur buritan
Teks narasi yaiku teks sing mendharake kedadeyan adhedhasar urutan wektu. Teks narasi nyritakake ngenani rerangkering kedadeyan sing disusun kanthi urut adhedhasar urutan wektu. Minaka iku teks narasi duweni titikan utawa ciri-ciri. Sing dudu titikane yaiku .............
Teks awujud crita ngenani sawijine kedadeyan
Teks disusun adhedhasar urutan wektu kedadeyan
Nuwuhe prekara utawa konflik sajrone crita
Crita sing diandharake awujud kedadeyan sing mung imajinasi
Yen anggone nulis teks narasi kudu nggatekake struktur teks supaya kita bisa mangerteni kanthi gampang apa sing ditulis. Struktur teks narasi dumadi saka .............
Pambuka/orientasi, pasulayan/Komplikasi, Pangudare prakara/ resolusi/koda
Pambuka/orientasi, pasulayan/Komplikasi, Pangudare prakara/ resolusi/kesimpulan
Pambuka/orientasi, pasulayan/Komplikasi, Pangudare prakara/ resolusi/pesan moral
Pambuka/orientasi, pasulayan/Komplikasi, Pangudare prakara/ resolusi/penokohan
Yen nganalisis teks narasi kudhe mangerteni ide pokok utawa gagasan baku. Gagasa baku utawa ide pokok ing sajrone teks narasi yaiku gagasan utama/poko sing arep diandharake pangripa marang pamaos. Jinise pada utawa paragraf adhedhasar gagasan bakune kaperang dadi telu yaiku ................
Deduktif, Induktif lan campuran
ide pokok sepisan, kapindho, lan katelu
Pangripta sapisan, kapindho, lan katelu
alur campur, mundur lan campuran
