Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SAS ABJ kelas 4 TA 2024-2025

Total questions: 32

Worksheet time: 21mins

Name
Class
Date
1.

Ayah sedang mandi.


Basa kramane yaiku

a)

Bapak lagi adus

b)

Bapak lagi siram

c)

Bapak nembe siram

d)

Bapak nembe adus

2.

" Nalika ketemu wong sepisan kudu mbungkukake awak lan manthuk, ngucap salam, salaman yen lanang padha lanang utawa wadon padha wadon ukara."


ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa

a)

basa ngoko lugu

b)

basa ngoko alus

c)

basa krama lugu

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

3.

Ibu : Bapak wis ... ?

Bapak : Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.

Ibu : Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak, mampir daleme Bu Wira

Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?


Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...

a)

maem

b)

mangan

c)

madang

d)

nedha

e)

dhahar

4.

Ibu : Aja kesusu turu, shalat Isya dhisik Rina!

Rina : Inggih bu, kula sampun shalat. Menawi Ibu sayah, mangga sare rumiyin.


Punggelan teks kasebut, ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

Ngoko dan krama

5.

"Kadingaren Pakdhe, dalu-dalu tindak mriki." Ature Andri.

"Iya nduk, ana perlu karo bapakmu. Bapak ana?"

Basa kang digunakake Andri yaiku …

a)

Ngoko Alus

b)

Ngoko lugu

c)

Krama Lugu

6.

Aku ngomong apa anane, kowe percaya apa ora? Yen ukara ing ngarep iku diowahi dadi basa krama alus utawa krama inggil yaiku .........

a)

Kula ngendika menapa wontenipun, Sampeyan pitados napa boten?

b)

Kula ngendika menapa wontenipun, Panjenengan pitados menapa boten?

c)

Kula matur menapa wontenipun, Panjenengan pitados menapa boten?

d)

Kula sanjang napa entenipun, Sampeyan pitados napa boten?

7.

Ali-ali lan kalung iki kabèh dakwenehake kowe, dhiajeng! Basa ngoko aluse...

a)

Supe lan kalung iki kabèh dakaturake sliramu, dhiajeng!

b)

Sesupe lan kekalung niku kabeh dakparingake sampeyan, dhiajeng!

c)

Sesupe lan sangsangan iki kabèh dakparingake sliramu, dhiajeng!

d)

Sesupe lan sangsangan menika sedaya dakaturake panjenengan, dhiajeng

8.

Kendharaane Bu Setya anyar manèh. Basa kramane...

a)

Kagungane bu Setya anyir maneh.

b)

Titihane Bu Setya enggal malih.

c)

Titihanipun Bu Setya enggal malih.

d)

Mobilipun Bu Setya anyar malih.

9.

Bayu mangan sego goreng karo mbak yune tembung ngoko aluse ..............

a)

Bayu nedha sekul goreng kaliyan mbak yune

b)

Bayu dhahar sekul goreng kaliyan mbak yune

c)

Bayu mangan sego goreng bareng mbak yune

d)

Bayu dhahar sego gore karo mbak yune

10.

Siti sampun mundhut gendhis dateng pasar ngoko aluse yaiku .......

a)

Siti sampun tumbas gula ing pasar

b)

siti tuku gula nang pasar

c)

siti tuku gendhis ing pasar

d)

siti tumbas gendis ing pasar

11.

Bulan-bulan gedhe

Ana santri menek jambe

Ceblokna salining wae

Mumpung jembar kalangane


Tegese "mumpung jembar kalangane" yaiku ....

a)

mumpung isih ana wektu lan diparingi rejeki

b)

bocah sing lagi nyantri

c)

saben bocah kudu sregep sinau agama

d)

lapangan sing jembar

12.

Cublak-cublak suweng

Suwenge ting gelenter


Tembung suweng tegese ....

a)

ali-ali

b)

anting-anting

c)

gelang

13.

Menthok-menthok tak kandhani

Mung rupamu angisin-isini

Mbokya aja ngetok

Ana . . . . . . wae


Isenana ukara kang trep sesuai tembang dolanan ing dhuwur.

a)

kandhang

b)

omah

c)

pawon

14.

Lagu Padhang Bulan ngelingake yen ora oleh. . . .

a)

Turu sore

b)

Nyambut Gawe

c)

tukaran

15.

Padhang Bulan padange kaya rina

.......................

Lanjutna tembang dolanan ing ndhuwur!

a)

Ngelingake ojo padha turu wae

b)

Rembulane e seng awe-awe

c)

Rembulane e seng guya-guyu

16.

Jaranan-jaranan, jarane jaran teji

Sing numpak ....


Tembung sing trep kanggo tembang ing ndhuwur yaiku ....

a)

klambi abang

b)

ndara Bei

c)

para mantri

d)

jaran kepang

17.

Salah sijine tembang sing lumrahe ditembangake bocah-bocah nalika dolanan diarani ....

a)

tembang jawa

b)

tembang macapat

c)

tembang dolanan

d)

tembang campursari

18.

Tujuan utama lan isine tembang dolanan sejatine kanggo menehi piwulang marang bocah-bocah ngenani ....

a)

ilmu pengetahuan

b)

olah raga

c)

ketrampilan

d)

budi pekerti

19.

Salah siji cirine tembang dolanan yaiku ....

a)

ukarane cekak lan prasaja

b)

ukarane endah lan angel

c)

ukarane dawa-dawa

d)

cengkok utawa lagune angel

20.

Sing kalebu tembang dolanan ing ngisor iki yaiku . . . .

a)

Pucung, Ilir-ilir, Mijil

b)

Kodhok Ngorek, Jago Kate, Pucung

c)

Kupu Kuwi, Jamuran, Gambang Suling

d)

Jaranan, Pangkur, Cublak-cublak Suweng

21.

Cublak-cublak suweng

Suwenge ting gelenter

Mambu ketundhung gudel

Pak empong lera lere

Sapa ngguyu ndhelikkake

Sir sir, pong dhele kopong

irah-irahe tembang ing dhuwur yaiku...

a)

Cublak-cublak suweng

b)

padhang bulan

c)

jamuran

d)

gundhul-gundul pancul

22.

Tujuwane teks eksposisi yaiku...

a)

kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi, pengerten, cak-cakan sawijining kegiatan, metode, cara lan proses dumadi sawijining kekadeyan

b)

kanggo nggambarake sawijining prastawa, ilmu kang cetha

c)

kanggo nyritakake kanthi runtut salah sawijining prastawa kang kedaden

d)

kanggo njlentrehake trap-trapane prastawa kanthi 5w 1 H

23.

Tandha-tandhane teks eksposisi kaya ing ngisor iki ...

a)

Mbudidaya kanggo njlentrehake sawijining bab.

b)

Gaya tulisan asipat deskriptif.

c)

Mbudidaya kanggo njlentrehake bab-bab kang akeh.

d)

Fakta sing dienggo minangka alat komunikatif.

24.

Teks kang jlentrehake utawa medharake sawijining bab satemah bisa njembarake pangertene /seserapane pamaca diarani ... .

a)

Teks Eksposisi

b)

Teks Disertasi

c)

Teks Argumentasi

d)

Teks Narasi

25.

Sawijining bab kang dadi pathok'ane wacana eksposisi kanggo panulise yaiku kudu...

a)

Waspada ing sasmita

b)

Ngandharake prastawa kanthi legowo

c)

Kudu naratif

d)

Ngandharake prastawa kanthi cetha lan konkret

26.

Wacanen kanthi pratitis!

Kabudayan Jawa ngandhut maneka werna kabecikan kanggo urip bebrayan. Wis dadi kewajibane wong Jawa kanggo nguri-uri budaya Jawa supaya tetep bisa lestari. Anak putune dhewe ing jaman katemben kudu bisa ngenali kabudayan Jawa sing adiluhung.Kewajibane wong Jawa tumrap budaya Jawa yaiku . . .

a)

Nguri-uri budaya Jawa

b)

Digatekake nalika nonton

c)

Sinau kanggo pengalamane dhewe

d)

Dirungokake kanthi tenanan

27.

Teks eksposisi sing njlentrehake sawijining kedadean kanthi runtut yaiku teks eksposisi . . . .

a)

Proses

b)

Ilustrasi

c)

Tuladha

d)

Sebab-akibat

28.

Gatekna katrangan-katrangan ing ngisor iki!

1) Ngumpulake data seka maneka sumber

2) Nyusun cengkorongan sing cocog karo underan sing dipilih

3) Nemtokake tema

4) Nemtokake tujuan

5) Ngrembakakake cengkorongan dadi paragraf eksposisi.

Urutan nalika nulis wacan eksposisi yaiku . . .

a)

3), 4), 1), 2), 5)

b)

1), 4), 3), 2), 5)

c)

2), 4), 1), 3), 5)

d)

1), 3), 2), 5), 4)

29.

Struktur teks rekon iku dumadi saka .............

a)

orientasi, informasi, reorientasi

b)

informasi, orientasi, prastawa

c)

Informasi, prastawa, reorientasi

d)

orientasi, prastawa, reorientasi

30.

Struktur teks rekon kang aweh informasi babagan sapa, ing endhi, lan kapan prastawa utawa kedadean dumadi ing mangsa kawuri yaiku..................

a)

orientasi

b)

informasi

c)

prastawa

d)

konflik

31.

Teks rekon yang isine crita zaman kalo biyen penulise kasebut jinise teks rekom ..

a)

teks rekon faktual

b)

teks rekon khayalan

c)

teks rekon zaman biyen

d)

teks rekon pribadi

32.

Urutan struktur teks rekon yang tepak yaiku...

a)

orientasi, resolusi, peristiwa

b)

orientasi, peristiwa, resolusi

c)

orientasi, opsional, peristiwa

d)

reorientasi, orientasi, peristiwa