wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Tembang Pocung Mawa Cangkriman

Total questions: 25

Worksheet time: 2hrs 5mins

Name
Class
Date
1.

Tembang kang nyeritakake gambaran siklus panguripan manungso wiwit lair tumekaning mati yaiku ....

a)

A. Tembang Dolanan

b)

B. Tembang Campursari

c)

C. Tembang Macapat

2.

Tembang macapat iku kalebu tembang cilik cacahe wonten ....

a)

A. 10

b)

B. 11

c)

C. 12

3.

Wonten ngandhap punika ingkang kalebu tembang macapat inggih punika .... (Jawaban lebih dari satu)

a)

Maskumambang

b)

Suwe Ora Jamu

c)

Pucung

4.

Gatekna tembang wonten ngandhap punika!

Bapak Pocung sasedulur ana pitu
Tan ana kang padha
Mati enem urip siji
Dulur pitu tan nate urip bebarengan

Jenenge tembang macapat ing nduwur yaiku ....

a)

A. Pangkur

b)

B. Pocung

c)

C. Kinanthi

5.

Wujude tembang macapat kaiket paugeran. Paugeran ingkang mboten kalebet wonten tembang macapat yaiku ....

a)

A. Guru Vokal

b)

B. Guru Wilangan

c)

C. Guru Gatra

6.

Paugeran tembang macapat ingkang trep kalih tegese yaiku .... (Jawaban lebih dari satu)

a)

A. Guru wilangan yaiku cacahe wanda (suku kata) saben sak larik (baris).

b)

B. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning larik.

c)

C. Guru gatra yaiku cacahe larik saben sapadha (satu bait).

7.

Gatekna tembang macapat ngandhap punika!

Bapak Pucung renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Yen lumaku si pucung ngumbar swara

Guru wilangan larik ketelu tembang macapat ing nduwur yaiku ....

a)

A. 6

b)

B. 8

c)

C. 12

8.

Gatekna tembang macapat Pocung ngandhap punika!

Bapak Pucung, amung sirah lawan gembung

Padha dikunjara

Mati sajroning ngaurip

Mijil baka, si Pocung dadi dahana

Tegese dahana wonten tembang macapat kasebut yaiku ....

a)

A. Toya (banyu)

b)

B. Bencana

c)

C. Geni

9.

Gatekna tembang macapat ngandhap punika!

Bapak Pocung dudu watu dudu gunung

Sangkanmu ing sabrang

Ngon-ingone sang bupati

Yen lumaku si pocung lembehan grana

Guru lagu tembang macapat ing nduwur yaiku ....

a)

A. u-a-i-a

b)

B. g-g-i-a

c)

C. u-a-a-a

10.

Gatekna tembang macapat ngandhap punika!

Bapak Pocung rupane amemba gunung

tan ana kang tresna

kabeh uwong mesthi sengit

kang kanggonan den elus-elus tinangisan

Guru gatra tembang macapat ing nduwur yaiku ....

a)

A. 8

b)

B. 6

c)

C. 4

11.

Gatekna tembang macapat ngandhap punika!

Bapak Pocung sato mring jalma biyantu
Aran limang sastra
Sastra pungkasan n tinulis
Yen wuwuh g mengku teges tirta panas

Batangane tembang macapat ing nduwur yaiku ....

a)

A. Singa

b)

B. Jaran

c)

C. Pitik

12.

Isine tembang pocung bisa kanggo cangkriman. Cangkriman nduweni teges ....

a)

A. PItakonan

b)

B. Bedhekan

c)

C. Geguritan

13.

Unen-unen sing nduwe teges tersembunyi lan kudu dibedhek utawa dibatang maksude yaiku .....

a)

A. Cangkriman

b)

B. Tembang

c)

C. Paribasan

14.

Wonten ngandhap punika ingkang mboten kalebet jinising cangkriman yaiku ....

a)

A. Cangkriman plesetan

b)

B. Cangkriman Pepindhan

c)

C. Cangkriman Geguritan

15.

Ukara ingkang trep kangge cangkriman plesetan wonten ngandhap punika yaiku .... (Jawaban lebih dari satu)

a)

Cangkriman sing wujude singkatan, kaya akronim ing basa Indonesia.

b)

Cangkriman plesetan nduweni istilah liya yaiku blenderan.

c)

Cangkriman plesetan iku  jenis cangkriman yang menggunakan kalimat/pernyataan yang diplesetkan, sehingga memiliki arti yang berbeda dari arti sebenarnya.

16.

Wonten ngandhap punika tuladha ingkang kalebet cangkriman pepindhan yaiku ....

a)

A. Ana becak numpak becak, ketok apane? Ketok mbujuke/ngapusine.

b)

B. Pakbo letus nduweni teges Tipak Kebo lelene Satus

c)

C. Yen cilik dadi kanca yen gedhe dadi mungsuh yaiku toya lan geni.

17.

Suwe-suwe bocahe ngguyu tawa. Ngguyu tuwa kuwi tegese padha karo ....

a)

A. Ngguyu kemekelen

b)

B. Nangis

c)

C. Kelaran-laran

18.

Wonten ngandhap punika tuladha cangkriman wancah (cekakan) ingkang trep yaiku .... (Jawaban lebih dari satu)

a)

A. Burnaskopen singkatane saka bubur panas kokopen.

b)

B. Tuwok rawan singkatane saka untu krowok larane ora karu-karuan.

c)

C. Gerbong tulis singkatane saka angger kobong watune mendhelis.

19.

Bocah cilik nggendhong omah, bedhekan cangkriman pepindhan kasebut yaiku ....

a)

A. Bulus

b)

B. Watu

c)

C. Keong

20.

Gatekna ukara wonten ngandhap punika

Tulisan Arab macane saka ngendi? wangsulane : saka alas

Ukara kasebut kalebet jinising cangkriman .....

a)

A. Plesetan

b)

B. Pepindhan

c)

C. Wancah

21.

Duwe rambut ora duwe endhas, wangsulan cangkriman kasebut ingkang trep ditunjukake kaliyan gambar ....

a)

A.

b)

B.

c)

C.

22.

Gatekna ukara wonten ngandhap punika!

Bapak Pocung anane ing tanah kudus.

Pinter nyimpen toya.

Mangka tumpakaning jalmi.

Gigir mrenjul suku panjang gulu dawa.

Ukara wonten nginggil punika kalebet cangkriman ....

a)

A. Wancah

b)

B. Pepindhan

c)

C. Tembang

23.

Ukara cangkriman ingkang trep wangsulane kaliyan gambar kasebut yaiku ....

a)

A. Dikethok malah dhuwur

b)

B. Sega sakepel di rubung tinggi

c)

C. Pitik walik saba meja

24.

Gatekna ukara wonten ngandhap punika!

Lampu apa yen di pecah metu uwonge?

Wangsulan kang trep saka cangkriman plesetan wonten ngandhp punika yaiku ....

a)

A. Lampu toko sing lagi tutup

b)

B. Lampu sek biasane go dolanan bocah

c)

C. Lampu sik dienggo wayangan

25.

Gatekna ukara wonten ngandhap punika!

Pak Suradi ingkang kagungan sanggar, ngarosaken seneng lan wasis anggenipun nembang macapat lan ngajari murid-muride.

Tegese tembung ingkang kacetak tebal warna ijo yaiku ....

a)

A. Gampang

b)

B. Kendel

c)

C. Pinter