NEW
Font size
S
M
L
XL
WorksheetsLatihan Basa Jawa Kelas 3 SD Semarangan 2
Total questions: 30
Worksheet time: 2hrs 48mins
Name
Class
Date
1.
Ing ngisor iki sing kalebu paugerane tembang Pocung yaiku ... .
a)
Guru gatra, guru wilangan, guru lagu
b)
Guru basa, guru sastra, guru swara
c)
Guru rupa, guru warna, guru wanda
2.
Gatra kapisan ing tembang Pocung biasane nduweni guru wilangan ... .
a)
12
b)
8
c)
6
3.
Pungkasaning gatra (guru lagu) ing tembang Pocung kang lumrah yaiku ... .
a)
u, a, i, a
b)
a, i, u, a
c)
i, u, a, i
4.
Gatra "Bapak pocung dudu watu dudu gunung" nduweni guru wilangan lan guru lagu ... .
a)
12u
b)
6u
c)
10u
5.
Batangan saka tembang Pocung: "Ngon ingone sang bupati. Yen lumaku si pocung lambehan grana" yaiku ... .
a)
Sapi
b)
Gajah
c)
Kebo
6.
Batangan saka tembang Pocung: "Bapak pocung amung sirah lawan gembung, padha dikunjara" yaiku ... .
a)
Pensil
b)
Sulak
c)
Pentol korek
7.
Batangan saka tembang Pocung: "Pencokanmu wesi miring. Yen lumaku si pocung ngumbar swara" yaiku ... .
a)
Motor mabur
b)
Sepur
c)
Kapal
8.
"Pitik walik saba kebon", iku cangkriman kang batangane ... .
a)
Pelem
b)
Nanas
c)
Kates
9.
"Sega sakepel dirubung tinggi" iku cangkriman pepindhan kanggo ... .
a)
Semangka
b)
Salak
c)
Jambu
10.
"Pitik walik saba meja", iku cangkriman kang batangane ... .
a)
Keset
b)
Sapu
c)
Sulak
11.
"Duwe rambut ora duwe endhas", iku cangkriman kang batangane ... .
a)
Tebu
b)
Pari
c)
Jagung
12.
"Dikethok malah tambah dhuwur", iku cangkriman kang batangane ... .
a)
Klambi
b)
Wit kambil
c)
Kathok dawa
13.
"Bocah cilik nggendhong omah", iku cangkriman kang batangane ... .
a)
Semut
b)
Keong
c)
Lemut
14.
"Dosa apa sing kerep gawe sedih? Dosambat ora duwe duit" Iki kalebu cangkriman ... .
a)
Wancahan (Cekakan)
b)
Blenderan (Plesetan)
c)
Pepindhan (Irib-iriban)
15.
Gatra "Mijil baka si pocung dadi dahana" nduweni guru wilangan lan guru lagu ... .
a)
12a
b)
8a
c)
6a
16.
Gatra "Sangkanmu ing sabrang" nduweni guru wilangan lan guru lagu ... .
a)
6a
b)
6u
c)
6i
17.
Gatra "Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung" nduweni guru wilangan lan guru lagu ... .
a)
12u
b)
12a
c)
8u
18.
Gatra "Dawa kaya ula" nduweni guru wilangan ... .
a)
6
b)
8
c)
a
19.
Gatra "Ngon-ingone sang Bupati" nduweni guru lagu ... .
a)
8
b)
i
c)
a
20.
Gatra "Bapak pocung renteng-renteng kaya kalung" nduweni guru wilangan ... .
a)
12
b)
10
c)
8
21.
Gatra "Sing disaba si pocung mung turut kutha" nduweni guru wilangan lan guru lagu ... .
a)
12a
b)
10a
c)
12u
22.
Aksara Jawa "ꦗ" dibaca ...
a)
Ja
b)
Ca
c)
Nga
23.
Aksara Jawa "ꦕ" dibaca ...
a)
Ca
b)
Ja
c)
Ta
24.
Aksara Jawa "ꦔ" dibaca ...
a)
Na
b)
Nga
c)
Ma
25.
Aksara Jawa "ꦢ" dibaca ...
a)
Da
b)
Ta
c)
Pa
26.
Wacanen aksara Jawa iki: "ꦩꦕ"
a)
Maca
b)
Mata
c)
Mara
27.
Wacanen aksara Jawa iki: "ꦫꦩ"
a)
Rama
b)
Rata
c)
Rasa
28.
Wacanen aksara Jawa iki: "ꦱꦏ"
a)
Saka
b)
Saba
c)
Sapa
29.
Tembung "Nata" yen ditulis aksara Jawa yaiku ...
a)
ꦤꦠ
b)
ꦤꦱ
c)
ꦤꦢ
30.
Tembung "Cara" yen ditulis aksara Jawa yaiku ...
a)
ꦕꦫ
b)
ꦕꦠ
c)
ꦕꦱ
Reset
