Font size
WorksheetsLATIHAN SOAL BJAWA KELAS 7
Total questions: 39
Worksheet time: 35mins
Tegese teks deskripsi yaiku …
Teks kang nyritakake pengalaman pribadi
Teks kang isine dongeng utawa legenda
Teks kang njlentrehake obyek kanthi rinci
Teks kang isine pitakon lan wangsulan
Tujuan utama teks deskripsi yaiku ...
Supaya pamaca bisa nulis cerkak
Supaya pamaca bisa mbayangake lan ngrasakake obyek
Supaya penulis bisa promosi barang
Supaya pamaca ngerti aturan hukum
Struktur teks deskripsi sing ngenalake obyek diarani ...
Deskripsi Bagian
Kesimpulan
Judhul
Identifikasi
Kang kalebu ciri-ciri teks deskripsi yaiku ...
Nggunakake basa ilmiah
Ditulis kanthi ngarang bebas
Nggambarake obyek kanthi rinci lan cetha
Nggunakake pranala data lan grafik
Tuladha teks deskripsi kahanan yaiku ...
Deskripsi HP anyar
Deskripsi omah adat
Deskripsi pasar nalika esuk
Deskripsi guru matematika
Dawet iku minuman tradisional Jawa sing seger lan legi. Dawet digawe saka bahan utama cendol ijo. Cendol kasebut digawé saka tepung beras lan pewarna alami saka godhong suji utawa pandan. Cendol kasebut dicampur karo santen lan juruh gula jawa. Dawet disajikake nganggo es batu, dadi rasane seger banget nalika diombe. Dawet nduwèni ciri khas rasa kang gurih saka santen, legi saka gula jawa, lan arume wangi saka pandan. Dawet kerep ditemokake ing pasar lan pinggir dalan. Rasane sing enak lan regane sing murah, nggawe dawet disenengi marang masyarakat.
Bahan utama sing digunakake kanggo nggawe cendol ing dawet yaiku ….
santen lan tepung beras
tepung beras lan godhong suji
gula jawa lan tepung beras
santen lan gula jawa
Dawet iku minuman tradisional Jawa sing seger lan legi. Dawet digawe saka bahan utama cendol ijo. Cendol kasebut digawé saka tepung beras lan pewarna alami saka godhong suji utawa pandan. Cendol kasebut dicampur karo santen lan juruh gula jawa. Dawet disajikake nganggo es batu, dadi rasane seger banget nalika diombe. Dawet nduwèni ciri khas rasa kang gurih saka santen, legi saka gula jawa, lan arume wangi saka pandan. Dawet kerep ditemokake ing pasar lan pinggir dalan. Rasane sing enak lan regane sing murah, nggawe dawet disenengi marang masyarakat.
Miturut teks kasebut, dawet bisa disenengi marang masyarakat amarga ….
dawet iku panganan tradisional
rasane sing enak lan regane sing murah
masyarakat seneng wedang sing legi lan gurih
amarga dawet kuwi wedang sing seger nalika diombe
Siapna gelas kang resik,
banjur suntak santen kasebut ing gelas,
banjur tambahana juruh gula jawa sethithik wae,
lebokake cendol dhisik,
dawet siap kanggo diombe,
tambahana es batu supaya dawet dadi seger,
Urutan ukara-ukara ing dhuwur supaya dadi teks cara nyajikake dawet ingkang trep yaiku ….
(i),(vi),(ii),(iv),(iii),(v)
(i),(ii).(iv),(iii),(vi),(v)
(i),(iv),(ii),(iii),(vi),(v)
(i),(iv),(iii),(vi),(ii),(v)
Pecel iku salah siji panganan tradisional saka Jawa Tengah sing wis kondhang wiwit jaman mbiyèn. Panganan iki kagawe saka godhong-godhong utawa sayur sing wis digodhog, kayata bayem, kacang dawa, kecambah, kubis, lan waluh. Sayuran iku banjur disiram nganggo sambel kacang sing legi, gurih, lan rada pedhes. Sambel kacangé digawe saka kacang tanah sing digoreng, banjur diuleg karo bawang putih, lombok, gula jawa, asem jawa, lan uyah. Pecel biasané disuguhaké nganggo sega putih, krupuk, lan kadang ditambah rempeyek utawa gorengan.
Miturut struktur saka wacan ana ing ndhuwur, wacan kasebut bisa diarani jinis teks deskriptif amarga ....
wacan kasebut nggambarake bab panganan pecel kanthi laras
ana ing wacan kasebut, diandharna kanthi basa kang naratif bab pecel
nggambarake bab pecel kanggo pamaos supaya gelem gawe pecel
ngajak pamaos supaya padha doyan marang panganan pecel
Pecel iku salah siji panganan tradisional saka Jawa Tengah sing wis kondhang wiwit jaman mbiyèn. Panganan iki kagawe saka godhong-godhong utawa sayur sing wis digodhog, kayata bayem, kacang dawa, kecambah, kubis, lan waluh. Sayuran iku banjur disiram nganggo sambel kacang sing legi, gurih, lan rada pedhes. Sambel kacangé digawe saka kacang tanah sing digoreng, banjur diuleg karo bawang putih, lombok, gula jawa, asem jawa, lan uyah. Pecel biasané disuguhaké nganggo sega putih, krupuk, lan kadang ditambah rempeyek utawa gorengan.
Ing ngisor iki kang ora kalebu isining wacan deskripsi kasebut yaiku ....
pecel iku digawe saka sayuran sing wis digodhog
bumbu kacang iku rasane gurih, legit, lan rada pedes
masyarakat pada seneng marang panganan pecel
pecel biasa disuguhake nganggo sega putih lan gorengan
Tegesé crita pengalaman pribadi yaiku …
Crita rekaan sing digawe saka imajinasi
Crita nyata saka kedadeyan sing tau dialami dhewe
Crita rakyat sing diwarisake saka leluhur
Crita lucu kanggo hiburan
Salah siji tujuan sinau pengalaman pribadi yaiku ...
Bisa ngapusi pengalaman wong liya
Bisa ngarang dongeng kanthi bebas
Bisa ngenali struktur teks pengalaman pribadi
Bisa maca berita anyar
Struktur teks pengalaman pribadi sing ngemot "sapa, kapan, lan ing endi kedadeyan" diarani ...
Isi
Penutup
Pambuka (Orientasi)
Ringkesan
Paragraf sing isine kedadeyan utama miturut urutan wektu klebu bagéan ...
Judhul
Pambuka
Isi
Penutup
Ing bagéan penutup teks pengalaman pribadi biasane ngandhut ...
Lelucon lan tebak-tebakan
Rasa, kesan, lan pelajaran
Paribasan lan tembung saroja
Data lan fakta
Salah siji ciri teks pengalaman pribadi yaiku ...
Ditulis nganggo basa krama inggil
Nggunakake sudut pandang "aku"
Isine ramalan cuaca
Ora duwe urutan wektu
Saka kuwi, saben awan sawisé pelajaran rampung, aku latian maca geguritan dilatih dening Bu Rini. Bu Rini nglatih aku carané ngucapaké tembung kanthi intonasi lan artikulasi kang trep. Aku uga diwarai ekspresi kang jumbuh karo isi gurit supaya geguritan sing diwaca bisa nyentuh ati sing ngrungokaké. Nalika aku salah ucap, Bu Rini tansah sabar ngandhani lan mbeneraké.
Miturut wacan kasebut, ide pokok saka paragraf yaiku ....
Bu Rini iku wonge sabar nalika lagi ngajari maca geguritan
nalika lagi latian maca geguritan, penulis sering salah pocapan
penulis latian ekspresi supaya isine geguritan iku bisa nyentuh ati
penulis latian lan diajari teknik maca geguritan kang trep dening Bu Rini
Pungkasane lomba, panitia ngumumaké kasil. Alhamdulillah, aku oleh juara kapisan. Aku langsung ngucap syukur lan marani Bu Rini. Bu Rini nggandheng tanganku lan mesem, "Iki bukti nek kowe bisa, Le". aku banjur ngucapake matur nuwun marang Bu Rini. Pengalaman kuwi ndadèkaké aku luwih percaya dhiri lan luwih tresna marang budaya Jawa, utamané sastra geguritan.
Wateke tokoh "aku" utawa penulis nalika sesuwene proses latian maca gurit yaiku ....
manut lan telaten anggone usaha sinau gurit
isin lan wedi amarga durung tau melu lomba gurit
ora yakin marang awake dhewek utawa pesimis
semangat amarga kepengen menang
Ukara paling trep kanggo ganteni ukara kang luput kasebut yaiku ....
Bu Rini nyemangati lan ngendika yen aku nduweni potensi sing apik. "Sing penting wani nyoba dhisik, Le" mature.
Bu Rini nyemangati lan ngendika yen aku nduweni potensi sing apik. "Sing penting wani nyoba dhisik, Le" sanjange.
Bu Rini nyemangati lan ngendika yen aku nduweni potensi sing apik. "Sing penting wani nyoba dhisik, Le" ngendikane.
Bu Rini nyemangati lan ngendika yen aku nduweni potensi sing apik. "Sing penting wani nyoba dhisik, Le" andharane.
Nalika aku kelas pitu SMP, aku nate melu lomba maca geguritan tingkat kecamatan. Aku diajak dening Bu Rini, guru Basa Jawa ana ing SMP-ku. Dhasare aku iki wonge isinan lan ora yakin, amarga aku durung tau tampil ing ngarepé wong akèh. Nanging, Bu Rini nyemangati lan ngendika yen aku nduweni potensi sing apik. “Sing penting wani nyoba dhisik, Le” ngomonge.
Nyemak wacan ing dhuwur, piwulang kang bisa dijupuk yaiku ....
lomba iku mung kanggo nggoleki piala lan hadiah, mula saka iku kudu latian supaya bisa menang
kanggo nuwuhake rasa percaya dhiri kudu sering latian lan aja isinan nang ngarepe wong liya
dadi guru iku kudu bisa dadi contoh sing apik marang muride, supaya disegani lan diurmati
semangat kanggo sinau lan telaten nalika proses latian iku kunci nggayuh asil ingkang apik
Wayah minggu isuk aku lan kaluwargaku arep lunga menyang pasar bareng. Aku sing nyopiri mobil dikancani Giri ing sandhingku, adhiku dhewe. Yen Bapak lan Ibu lungguh ana ing buri. Nalika ing dalan meh cedhak pasar, ana wong numpak sepedha motor ngreting tengen. Aku banjur ngarahake mobil nyisih ngiwa supaya ora nabrak wong iku mau. Ora ngertia malah pit motor iku uga melu ngiwa. Aku kaget lan ngunekake klaksone ndadak. Aku weruh kang numpak pit motor iku melu kaget keprungu swara klakson mobilku. Dheweke langsung mandheg ana ing pinggir dalan. Aku banjur metu saka mobil lan marani wong kang numpak pit motor iku. Aku banget nesune amarga kang numpak motor uga ora gelem disalahake. Dheweke menehi alesan yen ana jaran ing ngarepe kaya-kaya ora rumangsa salah.
Ora let suwe, Giri mudhun saka mobil kanggo nengahi udreg-udregan iku. Amarga iku papan sing rame, akhire aku manut giri kanggo ngomong apik-apik ora perlu emosi. Sakrampunge udreg-udregan iku, kang numpak montor gelem ngakoni kesalahane lan njaluk ngapura. Banjur iku rampung, aku lan Giri munggah mobil maneh. Aku nerusake anggone nyetir, ana ing kono Ibu ngendikani aku supaya sabar lan jaga subasita. Kejaba saka iku uga pesen ora perlu gegeran neng ngendi wae, apa maneh neng lingkungane dhewe. Aku mung meneng nalika Ibu ngendika. Nlenteng nyopire tumuju ing papan kang arep dituju kang wis ora suwe maneh bakal tekan.
Adhedhasar wacan ing dhuwur watak utama tokoh Arga yaiku....
ora sabaran
sombong
ora ati-ati
ora sopan

Nyemak wacan ing dhuwur, sing ora kalebu amanat saka teks kasebut yaiku ....
dadi wong kudu tegas, amarga wong liyan bisa sakepenake dhewek
dadi wong sing bisa sabar ngadhepi situasi lan jembar pangapurane
nalika numpak motor kudu ngati-ati supaya ora bahayani wong liya
kudu jaga sikap nang ndi wae apa maneh yen ing lingkungane dhewe
Wayah minggu isuk aku lan kaluwargaku arep lunga menyang pasar bareng. Aku sing nyopiri mobil dikancani Giri ing sandhingku, adhiku dhewe. Yen Bapak lan Ibu lungguh ana ing buri. Nalika ing dalan meh cedhak pasar, ana wong numpak sepedha motor ngreting tengen. Aku banjur ngarahake mobil nyisih ngiwa supaya ora nabrak wong iku mau. Ora ngertia malah pit motor iku uga melu ngiwa. Aku kaget lan ngunekake klaksone ndadak. Aku weruh kang numpak pit motor iku melu kaget keprungu swara klakson mobilku. Dheweke langsung mandheg ana ing pinggir dalan. Aku banjur metu saka mobil lan marani wong kang numpak pit motor iku. Aku banget nesune amarga kang numpak motor uga ora gelem disalahake. Dheweke menehi alesan yen ana jaran ing ngarepe kaya-kaya ora rumangsa salah.
Ora let suwe, Giri mudhun saka mobil kanggo nengahi udreg-udregan iku. Amarga iku papan sing rame, akhire aku manut giri kanggo ngomong apik-apik ora perlu emosi. Sakrampunge udreg-udregan iku, kang numpak montor gelem ngakoni kesalahane lan njaluk ngapura. Banjur iku rampung, aku lan Giri munggah mobil maneh. Aku nerusake anggone nyetir, ana ing kono Ibu ngendikani aku supaya sabar lan jaga subasita. Kejaba saka iku uga pesen ora perlu gegeran neng ngendi wae, apa maneh neng lingkungane dhewe. Aku mung meneng nalika Ibu ngendika. Nlenteng nyopire tumuju ing papan kang arep dituju kang wis ora suwe maneh bakal tekan.
Miturut wacan kasebut, tokoh "Aku" mudhun saka mobil lan udreg-udregan karo wong kang numpak motor mau. Sing marakake tokoh "Aku" bisa nesu lan emosi yaiku ....
amarga anggone wong iku numpak motor ora bener
amarga sing numpak motor ora gelem ngaku salah
amarga tokoh Aku kaget lan ngerem ndadak
amarga wong sing numpak motor uga padha emosine
Wayah minggu isuk aku lan kaluwargaku arep lunga menyang pasar bareng. Aku sing nyopiri mobil dikancani Giri ing sandhingku, adhiku dhewe. Yen Bapak lan Ibu lungguh ana ing buri. Nalika ing dalan meh cedhak pasar, ana wong numpak sepedha motor ngreting tengen. Aku banjur ngarahake mobil nyisih ngiwa supaya ora nabrak wong iku mau. Ora ngertia malah pit motor iku uga melu ngiwa. Aku kaget lan ngunekake klaksone ndadak. Aku weruh kang numpak pit motor iku melu kaget keprungu swara klakson mobilku. Dheweke langsung mandheg ana ing pinggir dalan. Aku banjur metu saka mobil lan marani wong kang numpak pit motor iku. Aku banget nesune amarga kang numpak motor uga ora gelem disalahake. Dheweke menehi alesan yen ana jaran ing ngarepe kaya-kaya ora rumangsa salah.
Ora let suwe, Giri mudhun saka mobil kanggo nengahi udreg-udregan iku. Amarga iku papan sing rame, akhire aku manut giri kanggo ngomong apik-apik ora perlu emosi. Sakrampunge udreg-udregan iku, kang numpak montor gelem ngakoni kesalahane lan njaluk ngapura. Banjur iku rampung, aku lan Giri munggah mobil maneh. Aku nerusake anggone nyetir, ana ing kono Ibu ngendikani aku supaya sabar lan jaga subasita. Kejaba saka iku uga pesen ora perlu gegeran neng ngendi wae, apa maneh neng lingkungane dhewe. Aku mung meneng nalika Ibu ngendika. Nlenteng nyopire tumuju ing papan kang arep dituju kang wis ora suwe maneh bakal tekan.
Nalika awakmu uga ana ing posisine tokoh "Aku", tumindak sing bakal dilakokake yaiku ....
trima ngalah amarga ora apik emosi marang wong liyan sing ora kenal
nglanjutake anggone nyupir mobil tinimbang mudhun lan udreg-udregan
anteng ing mobil lan nunggu atine adhem nembe lanjut nyupir maneh
kabeh bener, senadyan posisine kono salah awak dhewe ora apik emosian
Teks deskripsi mung bisa nerangake barang, ora bisa wong. (Benar/Salah)
bener
salah
Tujuan teks deskripsi yaiku supaya pamaca bisa mbayangake obyek sing diterangake. (Benar/Salah)
salah
benar
Teks deskripsi bisa gawe pamaca kaya ngrasakake dhewe obyek kasebut. (Benar/Salah)
Identifikasi yaiku bagéan sing njlentrehake rincian warna lan rasa. (Benar/Salah)
salah
bener
Teks deskripsi ora penting nggunakake panca indra. (Benar/Salah)
salah
bener
Pangalaman pribadi iku crita nyata saka kedadeyan sing tau dialami wong liya. (Benar/Salah)
salah
bener
Struktur teks pengalaman pribadi mung ana telu yaiku pambuka isi lan penutup. (Benar/Salah)
salah
bener
Ing teks pengalaman pribadi, penulis nggunakake sudut pandang "aku". (Benar/Salah)
bener
salah
Teks pengalaman pribadi bisa digawe saka imajinasi tanpa kudu bener-bener dialami. (Benar/Salah)
salah
bener
Salah siji ciri teks pengalaman pribadi yaiku ana rasa utawa kesan saka penulis. (Benar/Salah)
salah
bener
Nalika istirahat sekolah, aku lan kanca-kanca dolanan bal-balan ing lapangan. Nalika arep ngoyak bal, sikilku kepleset amarga lemah teles. Aku dumadakan ngglundung nganti kathokku suwek lan reged. Kanca-kancaku padha ngguyu, aku yo ngguyu dhewe senajan isin. Nanging, guru olahraga malah muji amarga semangatku dolanan bal-balan.
Tulis pengalaman pribadimu dhewe sing lucu lan ndadekake kanca-kancamu ngguyu!
Nalika istirahat sekolah, aku lan kanca-kanca dolanan bal-balan ing lapangan. Nalika arep ngoyak bal, sikilku kepleset amarga lemah teles. Aku dumadakan ngglundung nganti kathokku suwek lan reged. Kanca-kancaku padha ngguyu, aku yo ngguyu dhewe senajan isin. Nanging, guru olahraga malah muji amarga semangatku dolanan bal-balan.
Sebutna nilai positif saka teks kasebut kang bisa kok terapake ing urip saben dina!
Sekolahku dumunung ing pinggir kutha. Sak jerone ana taman-taman cilik kang dihiasi kembang warna-warni. Kelas-kelase resik lan nduweni jendhela amba, mula angine seger. Ana perpustakaan, lapangan bal-balan, lan mushola. Saben esuk, guru lan siswa padha reresik bareng supaya sekolah tetep ayem lan nyaman.
Tulis 3 tembung konkret lan 2 tembung sipat sing ana ing teks kasebut!
Sekolahku dumunung ing pinggir kutha. Sak jerone ana taman-taman cilik kang dihiasi kembang warna-warni. Kelas-kelase resik lan nduweni jendhela amba, mula angine seger. Ana perpustakaan, lapangan bal-balan, lan mushola. Saben esuk, guru lan siswa padha reresik bareng supaya sekolah tetep ayem lan nyaman
Sebutna dudutan/simpulan saka wacan deskripsi kasebut!
Gawea teks deskripsi papan panggonan yaiku sekolah "SMPN 35 Semarang"!