Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASAS GENAP BHS DAERAH KLS 5

Total questions: 50

Worksheet time: 2hrs 40mins

Name
Class
Date
1.

Sawah ing desaku isih jembar bawera. Tembung jembar bawera tegese . . . .

a)

Amba banget

b)

ciyut

c)

subur

d)

ngrejekeni

2.

Dalan kang mbatesi antarane kedhokan siji lan sijine diarani . . . .

a)

Ilir

b)

galeng

c)

kali

d)

waderan

3.

Swara kang keprungu kaya swarane musik ing wacan kasebut yaiku . . . .

a)

Banyu udan

b)

banyu kali

c)

banyu sawah

d)

banyu segara

4.

Kebo lan sapi ing karang padesan digunakake kanggo . . . .

a)

Olah tatanen

b)

lomba

c)

kontes

d)

nggaru lan mluku

5.

Salah sijine titikane teks dheskripsi . . . .

a)

Nggambarake kedadean kanthi cetha.

b)

Pamaca ora bisa nggambarake kedadean.

c)

kabeh kedadean diurut khanti urutan wektu.

d)

Pamaca ora bisa ngrasakake utawa ngangen-angen kedadean kang ana.

6.

Penggaweane – sopir – dados – Heri – sakniki

Urutan tembung-tembung kang bener yaiku ….

a)

Penggaweane sopir sakniki dados Heri

b)

Heri dados sopir penggaweane sakniki

c)

Dados Heri penggaweane sakniki sopir

d)

Heri sakniki penggweane dados sopir

7.

Tembung kang nganggo seselan - um , yaiku . . . .

a)

Tumpang

b)

kumbang

c)

tumandang

d)

kumbah

8.

Puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket paugeran diarani . . . .

a)

Wangsalan

b)

parikan

c)

kakawin

d)

geguritan

9.

Ibu badhe ( tuku ) beras. Tembung tuku benere . . . .

a)

Tumbas

b)

mundhut

c)

mendhet

d)

nyuwun

10.

Aja rame-rame , ibuku lagi . . . .

a)

Turu

b)

mangan

c)

adus

d)

sare

11.

Bocah iku ayu. Alise . . . .

a)

Ngudhup turi

b)

nyela cendhani

c)

nanggal sepisan

d)

ngembang bakung

12.

Tembung kang nganggo seselan - In, yaiku . . . .

a)

Tindhih

b)

tinulis

c)

tindak

d)

kinten

13.

Bapak lunga menyang Surabaya. Basa karma aluse yaiku . . . .

a)

Bapak kesah ajeng teng Surabaya.

b)

Bapak tindak dhateng Surabaya.

c)

Bapak tindak teng Surabaya.

d)

Bapak ajeng dhateng Surabaya.

14.

Yen mulih, mengko tukokna buku! Basa karma aluse yaiku . . . .

a)

yen kondur, mengko pundhutna buku!

b)

Yen kondur, mangke panjenengan pundhutake buku!

c)

Yen mantuk, ngkin Sampeyan tumbasaken buku!

d)

Yen wangsul, mangke Sampeyan tumbasaken buku!

15.
a)

Beling pecah

b)

piring pecah

c)

kacang garing

d)

tuku piring

16.

Yen kepingin pinter kudu sregep . . . .

Isine titik-titik ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara Jawa . . . .

a)

ꦱꦶꦤꦻꦴ

b)

ꦣꦺꦴꦭꦤꦤ꧀

c)

ꦩꦔꦤ꧀

d)

ꦩꦶꦤꦸꦩ꧀

17.

Ing ngisor iki tuladhane lakon wayang, kejaba . . . .

a)

Jagal Abilawa                 

b)

Bale Sigala-gala 

c)

Pandhawa Dhadhu 

d)

Pandhawa Culika

18.

Kurawa dadi saya licik lan kebak angkara amarga pangajake . . . .

a)

Resi Bhisma                                 

b)

Prabu Kresna

c)

Yama Widura

d)

Patih Sengkuni    

19.

Satriya pandhawa iku wewatakane kaya ing ngisor iki , kejaba . . . .

a)

Seneng tetulung                                   

b)

sabar narima

c)

Tresna asih ing sapepadha 

d)

ulika, dur angkara

20.

Bebadan ing PBB kang ngakoni wayang minangka kabudayan luhur warisan donya saka bangsa Indonesia yaiku . . . .

a)

UNICEF 

b)

ILO

c)

WHO

d)

UNESCO

21.

Bulik Yayuk kondur ngasta oleh-oleh. Tembung ngasta ngokone . . . .

a)

Gerah

b)

Sare

c)

Mbeto

d)

Ngawa

22.

Cerita bab Kancil, Iwak Mas iku kalebu . . . .

a)

Dongeng

b)

Fabel

c)

Legenda

d)

Fiksi

23.

Cerita bab asal – usule sawijining panggonan diarani . . . .

a)

Fabel

b)

Legenda

c)

Mitos

d)

Novel

24.

Simbah sampun sare wonten dipan. Ukara iki nganggo basa . . . . .

a)

Ngoko alus

b)

Krama alus

c)

Krama lugu

d)

Ngoko lugu

25.

Ana ing Pawayangan kang duwe mata kera yaiku  . . . .

a)

Gareng

b)

Petruk

c)

Semar

d)

Bagong

26.

Saben liwat, tanduran sinawang ijo . . . .

a)

Teles

b)

Royo-royo

c)

sawah

d)

banget

27.

Adhike Sinta nangis wae.

Bahasa kramane  . . . .

a)

Adhike Sinta Mular Mawon

b)

Adhike Sinta nangis Mawon

c)

Adhike Sinta terus nangis

d)

Adhike Sinta sakit Mawon

28.

Yen ditulis aksara latin yaiku ...........

a)

Mangan sawut

b)

Mangan sego

c)

Mangan cenil

d)

Mangan jajan

29.

kegiatan ing sekolah kanggo njaga karesikan lingkungan yaiku . .  . .

a)

Maca buku

b)

Buang sampah

c)

Latihan drumband

d)

Sinau Basa Jawa

30.

Wong ngingu tawon iku sing dijupuk . . . .

a)

Entupe

b)

Madune

c)

Kewane

d)

Anake

31.

Seng termasuk Pandhawa Lima, kacaba .....

a)

Bima

b)

Arjuna

c)

Yudhistira

d)

Duryudana

32.

Piranti ing ngisor iki sing ora kalebu gamelan yaiku ….

a)

Gambang

b)

Gong

c)

Biola

d)

Saron

33.

Woh jati arane ….

a)

Janggleng

b)

Karuk

c)

Kolang-kaling

d)

Besusu

34.

Rani iku nek mlaku banter, nanging nek Dini iku mlakune alon kaya ….

a)

Sepur

b)

Kucing

c)

Keyong

d)

Kilat

35.

Mudik Lebaran

  Saben tahun nyedaki dina riaya Idul Fitri, akeh wong sing bali ing kota kelahirane dewe-dewe saka perantauane. Pada bali kepengen ketemu karo keluargane dewe-dewe. Kegiatan kaya ngono kui iku istilahe diarani mudik. Wong-wong pada mudik gunakake piranti transportasi apa bae, saka montor, bus, kereta, kapal utawa montol mabur. Saking akehe wong seng pada mudik, dalan-dalan pada macet. Apa meneh pas wes nyedaki dina riaya kurang seminggu. Akeh wong sing mudik asale saka kutha-kutha gede, kaya Jakarta, Surabaya, Bandung, Semarang lan lia-liane. Dina riaya Idul Fitri bisa dadi wektu sing pas kanggo kumpul karo keluargane dewe-dewe, ing wektu iku biasane wong-wong sing pada kerja oleh liburan rada suwe. Dadi iso dimanfaatke kanggo silaturrahim mbi kabeh keluargane sing ana desa-desa.

Apa irah-irahan cerita ing dhuwur?

a)

Lebaran

b)

Mudik

c)

Riaya Idul Fitri

d)

Mudik Lebaran

36.

Kang kalebu alat transportasi kanggo mudik, kejaba ….

a)

Becak

b)

Montor

c)

Kapal

d)

Kereta

37.

Kembang mawar iki sesuk mesthi bakal alum.

Tembung alum kosok baline …………

a)

wangi

b)

alus

c)

bosok 

d)

seger 

38.

....... regane buku Basa Jawa kuwi?

a)

Sapa

b)

Kepriye

c)

Apa

d)

Pira

39.

Adhiku lagi adus ing jedhing. Ukara iki kalebu ....

a)

ukara pakon

b)

ukara pitakon

c)

ukara andharan

d)

ukara panjelas

40.

Manuk emprit menclok pager

Dadi murid kudu sing pinter

Unen-unen iki jenenge ....

a)

paribasan

b)

bedhekan

c)

wangsalan

d)

parikan

41.

Bapak nonton wayang, aku nonton dhangdhut. Yen dadi basa krama ....

a)

Bapak mirsani wayang, kula ningali dhangdhut.

b)

Bapak ningali wayang, kula ningali dhangdhut.

c)

Bapak ningali wayang, kula mirsani dhangdhut.

d)

Bapak mirsani wayang, kula mirsani dhangdhut.

42.

Manawa wangsulane/jawabane “iya”, pitakon kang mathuk/cocok yaiku ...

a)

Pira regane tas iki? 

b)

Sapa jenenge bapakmu?

c)

Apa omahmu ing Kebumen?

d)

Kapan kowe sunat?

43.

Wit gedhang jenenge debog. Yen wit krambil jenenge ...

a)

pucang

b)

glugu

c)

lung

d)

tebon

44.

Simbah nembe mriksakaken ........ dhateng Puskemas.

a)

padharanipun

b)

untune

c)

sikile

d)

mripate 

45.

Perange Pandhawa lan Kurawa yaiku arane …..

a)

Baratayuda

b)

Ramayana

c)

Baratayana

d)

Dhawakura

46.

Unine ukara ing samping yaiku ............

a)

Macan sikile papat

b)

Macan sikile lima

c)

Maca sikile papat

d)

Maca ing sekolah

47.

Budi lagi lara demam, wonge krasa cenut-cenut.
Sing cenut-cenut yaiku …..

a)

Pundhake

b)

Bathuke

c)

Wetenge

d)

Sikile

48.

Andi kui bocah seng ora sopan, wonge ora gelem pamitan. Arep dolan langsung lunga .…

a)

Ceg

b)

Bles

c)

Dhor

d)

Klepat

49.

Piranti kanggo babat suket lan pari yaiku ….

a)

Pacul

b)

Parang

c)

Kampak

d)

Arit

50.

Tembung apik iku pada tegese kalian ….

a)

Becik

b)

Remen

c)

Seneng

d)

Ala