wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UNDHA-USUK BASA

Total questions: 40

Worksheet time: 43mins

Name
Class
Date
1.

Simbah lara untune saka sore.

Yen diowahi dadi basa krama alus sing bener, yaiku. . .

a)

Simbah lara untunipun saka sore

b)

Simbah gerah untune saking sore

c)

Simbah gerah wajane saking sonten

d)

Simbah gerah wajanipun saking sonten

e)

Simbah lara wajane saka sonten

2.

Pak Aula ora mangkat ning sekolah amarga lara.

Yen diucapke antarane murid lan murid kang bener yaiku. . . .

a)

Pak Aula ora mangkat menyang sekolah amarga lara

b)

Pak Aula ora tindak menyang sekolah amarga gerah

c)

Pak Aula ora tindak ning sekolah amargi lara

d)

Pak Aula boten tindak menyang sekolah amarga gerah

e)

Pak Aula boten tindak menyang sekolah amarga lara

3.

Ibu mangan sate ayam.

Ukara ing ndhuwur yen diowahi miturut undha usuk sing bener, yaiku. . . .

a)

Ibu maem sate ayam

b)

Ibu dhahar sate ayam

c)

Ibu nedha sate ayam

d)

Ibu nedhi sate ayam

e)

Ibu mangan sate ayam

4.

Ukara kang trep saka ilustrasi gambar ing ndhuwur yaiku. . . .

a)

Enjang menika Bapak ngunjuk teh anget

b)

Enjang niki Bapak ngombe teh anget

c)

Esuk iki Bapak ngombe teh anget

d)

ESuk menika Bapak ngunjuk teh anget

e)

Enjang menika Bapak ngombe teh anget

5.

Tetembungan undha usuk kang digunakake ibu marang bapak ing dalem, wong

tuwa marang wong enom kang isih ngajeni, wong

sing wis padha-padha akrab la ana usaha saling

ngurmati, yaiku. . . .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

ngoko andap

6.

Tetembungan undha usuk sing digunakake bocah karo bocah, wong tuwa marang bocah, yaiku. . . .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama alus

d)

krama lugu

e)

krama inggil

7.

Bocah marang wong

tuwa lan andhahan

marang dhuwuran biasane nganggo tembung . . . .

a)

krama lugu

b)

krama alus

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

e)

ngoko andhap

8.

“Pak Ali mundhut obat resep

dhokter, ngandikanipun kala wingi calon garwanipun

gerah."


Tuladha ing ndhuwur nganggo undha usuk tembung. . . .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama andhap

9.

Ukara nganggo basa ngoko alus ing ngisor iki temtokna bener lan salahe!

“Mbak Rina diutus bapak mundhut gula ing pasar.”

a)

salah

b)

bener

10.

Ukara nganggo basa ngoko alus ing ngisor iki temtokna bener lan salahe!

“Simbah tindak menyang Siman ningali wayang mau bengi.”

a)

salah

b)

bener

11.

Ukara nganggo basa ngoko alus ing ngisor iki temtokna bener lan salahe!

“Bagus arep kesah menyang Tulungagung numpak sepur.”

a)

salah

b)

bener

12.

Ukara nganggo basa ngoko alus ing ngisor iki temtokna bener lan salahe!

“Mas Dhani dhahar sega goreng ing warunge Cak Budi.”

a)

salah

b)

bener

13.

Ukara nganggo basa ngoko alus ing ngisor iki temtokna bener lan salahe!

“Buku panjenengan daksilih dhisik ya.”

a)

salah

b)

bener

14.

Panjenengan kula bektakaken jampi saking wana, Raden.

Ukara kasebut yen kaowahan nganggo basa ngoko alus dadi . . . .

a)

Panjenengan kula astakaken jampi saking wana, Raden.

b)

Panjenengan dakgawakake jamu saka alas, Raden.

c)

Sampeyan kula bektakaken jampi saking wana, Raden.

d)

Sampeyan dakgawakake jamu saka alas, Raden.

15.

Omahmu wis diresiki apa durung?

Ukara kasebut yen diowahi ing basa krama lugu yaiku .. . .

a)

Dalemipun panjenengan sampun diresiki napa dereng?

b)

Dalemipun sampeyan wis diresiki apa durung?

c)

Griyanipun panjenengan sampun diresiki punapa dereng?

d)

Griyanipun sampeyan sampun dipunresiki punapa dereng?

16.

Sawise maghrib aku ngaji ing musola. Ukara iku nggunakake undha - usuk .....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama inggil

17.

Wau enjing Pak Tarno Tindak dhateng sabin, ukara kasebut ngginakake basa ....

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

18.

Anis : mengko sore sido latihan ora san?

Santi : sido, mengko dak ampiri jam setengah papat.


Pacelathon ing dhuwur mau migunakake unggah-ungguh basa ...

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Madya

e)

Krama Alus

19.

Dipun sekecakaken anggenipun..., kula ugi nembe kemawon ....


Tembung tembung sing trep kanggo nyampurnaake ukara kasebut ....

a)

Dhahar, dhahar

b)

Nedha, nedha

c)

Nedha, mangan

d)

Nedha, dhahar

e)

Dhahar, nedha

20.

Ibu : Aja kesusu turu, shalat Isya dhisik Rina!

Rina : Inggih bu, kula sampun shalat. Menawi Ibu sayah, mangga sare rumiyin.


Punggelan teks kasebut, ibu migunakake basa ngoko, dene Rina migunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

Ngoko dan krama

21.

Ibu : Bapak wis ...... ?

Bapak : Wis, ngenteni ibu kesuwen, dak kira durung kondur.

Ibu : Lagi wae pak, kanca-kanca ngajak mampir daleme Bu Wira

Bapak : Lo, Bu Wira wis kondur ta?


Tembung kang mathuk kanggo njanggkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ...

a)

maem

b)

mangan

c)

madang

d)

nedha

e)

dhahar

22.

" Aku mau weruh Pak Lurah tindak liwat kulon umahku"


ukara iki yen dititik saka ragam basa manut unggah ungguh kalebu ragam basa

a)

basa ngoko lugu

b)

basa ngoko alus

c)

basa krama lugu

d)

basa krama madya

e)

basa krama alus

23.

Wekdal Bapak ...., kula ....

Tembung kanggo njangkepi supaya tepat kanggo Unggah-ungguhe yaiku .....

a)

dhahar - siram

b)

dhahar - adus

c)

nedha - siram

d)

mangan - adus

e)

mangan - siram

24.

Ing ngsior iki tuladha basa krama inggil kang trep yaiku ,,,,

a)

Pak dhe kula dereng wangsul saking kelurahan.

b)

Pak Dhe kula wis kondur saking kecamatan

c)

Pak dhe nembe kemawon tindak dateng kantoripun.

d)

Pak dhe durung sare amarga ngrampungake tugase

e)

Pak dhe taksih dhahar karo Ibu wonten warung.

25.

Basa Krama Alus digunakake kanggo, kajaba......

a)

Bocah marang wong tuwa

b)

Murid marang gurune

c)

Wong kang wis dhewasa marang wong dhewasa liyane kang durung akrab

d)

Simbah marang putune

e)

Lare kaliyan bpk/ibu

26.

"Ibuku wis balik saka pasar numpak pit motor', Tembung kasebut minangka dadi basa krama Alus .....

a)

Ibu kula sampun kondur saking peken nitih sepedha motor.

b)

Ibu kula wis kondur saking peken nitih sepedha motor.

c)

Ibuku sampun kondur saking peken nitih sepedha motor.

d)

Ibu kula sampun kondur saka pasar nitih sepedha motor.

e)

Ibu kula wis wangsul saka pasar nitih sepedha motor.

27.

Sukarni mundhut gula 1/2kg karo beras 1 kg, tembung kasebut miturut unggah ungguh basa klebu ......

a)

Krama Lugu

b)

Krama Alus

c)

Krama Inggil

d)

Ngoko Alus

e)

Ngoko Lugu

28.

Kagatosna  pacelathon menika!

Farrel              :”Kula nuwun”

Bu Dwi            :”E, Mas Farrel. Kadingaren sore-sore mrene. Mangga lenggah!”

Farrel               :”….”

Bu Dwi            :”Ora dadi ngapa, rak ya padha slamet ta?”

Wangsulanipun Farrel ingkang trep miturut unggah-ungguh basa, inggih menika ….

a)

“Nyuwun pangapunten sowan wonten griyanipun ibu.”

b)

Nyuwun pangapunten sowan wonten dalemipun ibu.”

c)

“Nyuwun ngapura sowan wonten dalemipun ibu.”

d)

“Nyuwun ngapura sowan wonten griyanipun ibu.”

e)

“Nyuwun pangapunten tindak dalemipun ibu”.

29.

Jangkepana ukara menika ngginakaken ukara ingkang trep!

Anak : “………………………………......................................................................

Ibu : “iki, arep nyang pasar, arep melu apa piye Nang?”

a)

Bu arep tindak ngendi?

b)

Bu ajeng tindak pundi?

c)

Bu badhe tindak pundi?

d)

Bu badhe lunga pundi?

e)

Bu arep lunga ning ngendi?

30.

Kepiye anggonmu omong marang Bapakmu, ngandhani menawa Bapak kon mulih sedhela karo Simbah?

a)

Bapak kon mulih sedhela karo Simbah.

b)

Bapak dipundhawuhi Simbah kondur sekedhap.

c)

Bapak diaturi Simbah kondur sekedhap.

d)

Bapak didhawuhi Simbah wangsul sekedhap.

e)

Bapak didhawuhi mulih sedhela karo Simbah.

31.

Nalika Bapak mulih, aku isih turu." Ukara kasebat menawi dipundadosaken ragam basa NGOKO alus inggih menika...

a)

Wekdal Bapak wangsul, kula taksih tilem

b)

Wekdal Bapak kondur, kula taksih tilem

c)

Wekdal Bapak mantuk, kula taksih tilem

d)

Wekdal Bapak kondur, kula taksih sare

e)

Nalika Bapak kondur, aku isih turu

32.

Aku: "Dhik, awakmu mau .... Ibu apa?"
Adhik: "Aku bar .... Ibu roti Mas."

Kanggo ngisi ceceg-ceceg kang trep ing ndhuwur yaiku...

a)

dicaosi

b)

diparingi

c)

disukani

d)

diwenehi

e)

dikeki

33.

Aku: "Mbah, menika kula .... kopi, sumangga enggal dipununjuk."
Mbah: "Iya Le, maturnuwun ya Le."

Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku....

a)

wenehi

b)

keki

c)

caosi

d)

sukani

e)

paringi

34.

Aku lan Budi kanca sekelas.
Aku: "Bud, awakmu wis .... Bu Guru apa durung yen sesuk ulangan?"
Budi: "Durung, sik tak ...."

Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku....

a)

takon

b)

tanglet

c)

taken

d)

nyuwun pirsa

e)

ndangu

35.

Ibu: "Le, Bapak .... tindak mrene."
Aku: "nggih buk."

Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku....

a)

celuken

b)

timbalana

c)

aturana

d)

undangen

e)

kongkonen

36.

Ibu: "Le, awakmu mau di..... dening Bapak?"
Aku: "O nggih buk kula kesupen. Kula dipun..... tumbas garisan."

Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku....

a)

utus

b)

kongkon

c)

omongi

d)

dukani

e)

pirsani

37.

Aku: "Nuwun sewu kula badhe .... rumiyin."

Para rawuh: "Nggih ndherekaken."

Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku...

a)

kondur

b)

wangsul

c)

mulih

d)

mantuk

e)

bali

38.

"Mas, Sampeyan wingi tindak ngendi lo. Kok nitih sepedhah montor ngidul?"

Ukara ing ndhuwur nganggo ragam basa....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Alus

e)

Krama inggil

39.

Ragam basa kang digunakake wong kang pernah nom marang wong kang pernah tuwa yaiku....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama inggil

40.

"Mas, aku mau diparingi sangu dening Bapak. Sesuk arep dakgawe tuku sepatu Mas."

Ukara ing ndhuwur nggunakake ragam basa....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

e)

krama inggil