wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

BHS.JAWA KLS4 SMT 2

Total questions: 50

Worksheet time: 2hrs 40mins

Name
Class
Date
1.
Sawise nampa dhawuhe Ajisaka sing saiki wis dadi nata ing Medangkamolan,Joko Linglung banjur pamit,wes mantep tekade Joko Linglung bakal ngayahi dhawuhe Ajisaka.Joko linglung iku titah kang awujud Ula gedhe.sanajan awujud ula nanging deweke bisa tatajalma,guneman koyo dene manungsa lumrah Joko Linglung iku lair wujude....
a)
Ula gedhe
b)
Baya putih
c)
Bulus putih
d)
Bajul putih
2.
Sawise nampa dhawuhe Ajisaka sing saiki wis dadi nata ing Medangkamolan,Joko Linglung banjur pamit,wes mantep tekade Joko Linglung bakal ngayahi dhawuhe Ajisaka.Joko linglung iku titah kang awujud ula gedhe.sanajan awujud ula nanging deweke bisa tatajalma. Joko Linglung bakal ngayahi dhawuhe Aji saka . Ukara iku nudhuhake yen Jaka Linglung duwe sifat....
a)
Sombong
b)
goroh
c)
mituhu
d)
ngapusi
3.
Ajisaka dadi ratu Medangkamolan.tembung RATU kramane....
a)
punggawa
b)
bupati
c)
nata
d)
senopati
4.
Sanajan awujud ula nanging deweke bisa guneman.tegese tembung guneman yaiku...
a)
omong
b)
guyon
c)
mlaku
d)
mangan
5.
Sanajan wujude ula Joko Linglung bisa tata jalma tegese........
a)
Sirahe ula awake manungsa
b)
sirahe manungsa awake ula
c)
bisa gawe cilaka manungsa
d)
bisa guneman kaya dene manungsa lumrah
6.
Jaka Linglung lair awujud ula ,mula bareng wes gedhe deweke sowan menyang kraton Medangkamolan saperlu njaluk diakoni pinangka anake Ajisaka. Joko Linglung sowan menyang kraton Medangkamolan perlune....
a)
nyuwun pusakane Ajisaka
b)
nampa dhawuhe Ajisaka
c)
njaluk diparingi kasekten dening Ajisaka
d)
njaluk diaku anak dening Ajisaka
7.
Jaka Linglung sowan menyang kraton Medangkamolan njaluk diakoni anak dening Ajisaka .anggone sowan menyang kraton diterake dening mbok Randha Retna Manggalikang sesuwene iki ngopi deweke. Sowane Joko Linglung menyang kraton diterake dening....
a)
Mbak Randha Retna Manggali
b)
Mbak randa Dhadapan
c)
rara cangkek
d)
kaki grenteng
8.
Dongeng utawa crita kang nyritakake asal usul papan panggonan, diarani ....
a)
fabel
b)
mite
c)
legendha
d)
sage
9.
GAMBUH Pitutur bener iku Sayektine iku kang tiniru. Natdyan metu saking sudra papeki. Lamun becik wurukipun. Iku pantes sira anggo. Tembang Gambuh iku dumadi saka....gatra.
a)
4
b)
5
c)
6
d)
7
10.
Tembung gatra tegese padha karo....
a)
ukara
b)
paragraf
c)
baris/larik
d)
bair
11.
Ing ngisor iki,watake tembang gambuh yaiku ....kajaba.
a)
kulina,sumanak,rumket
b)
luwes,indah,sumanak
c)
pitutur,nepsu,gandung
d)
sedih,getun,keduwung.
12.
Gambuh Sekar gambuh ping catur Kang cinatur polah kang kelantur Tanpa tutur katula tula katali Kadaluwarsa katutuh Kapatuh pan dadi awon Tembung sekar ing dhuwur tegese.........
a)
kusuma
b)
tembang
c)
parikan
d)
kembang
13.
Sekar gambuh ping catur. Guru wilangan lan guru lagu tembang ing dhuwur yaiku....
a)
7a
b)
7u
c)
7o
d)
7e
14.
Tembang GAMBUH iku kalebu salah sawijine tembang macapat.Tembang macapat iku cacahe ana....
a)
9
b)
10
c)
11
d)
12
15.
Bocah bocah lagi pada dolanan ing ngarepan. Tembung bocah bocah iku kalebu tembung....
a)
dwi lingga wantah
b)
dwi lingga salin swara
c)
dwi purwa
d)
dwi wasana
16.
Ing ngisor iki tuladha dwi lingga salin swara...
a)
mlaku mlaku
b)
mrono mrene
c)
tetulung
d)
lelara
17.
Kang kalebu crita legendha yaiku ....kajaba
a)
Dumadine Rawa Pening
b)
Dumadine Bledug Kuwu
c)
Naga baru klinting
d)
Dumadine Gunung Tangku Prahu
18.
Maca crita rakyat iku bisa nambah piwulang kang....
a)
salah
b)
ala
c)
kleru
d)
becik
19.
Danu:"As,aku wenehi dhuwitmu,sewu wae!". Azka:"sanguku mung sewu kok,dan.yen mbok jaluk kabeh, aku yo ora bisa jajan." Danu:"Awas,yen ora mok wenehi!" Azka:"Yen kepingin tak jajake ayooosewu kanggo cah loro!". Sapa paraga kang ana naska pacelaton ning dhuwur?
a)
Azka lan Danu
b)
Danu lan Azzam
c)
Azka lan dani
d)
Dani lan Azzam
20.
Sawise nulis paraga,ana ing naskah pacelaton,diwenehi tanda wacan sing pas yaiku....
a)
Tanda titik (.)
b)
Tanda titik loro (:)
c)
Tanda koma(,)
d)
Tanda petik loro(")
21.
Ki Ageng pengging kagungan putra setunggal kang aran Karebet.Ewa dene isih cilik wes lola.Nyai ageng Tinggkir bareng mireng kabar manawa Ki Ageng pengging kalih nyai Ageng Pengging sampun seda,sakala atine prihatin banget.Nyai Ageng tingkir banjur budal menyang Pengging sedyane mupu anak Mas Karebet. Ki Ageng Pengging kagungan putra setunggal yaiku....
a)
Nyi Ageng Tingkir
b)
Jaka tarup
c)
Karebet
d)
Ki Ageng Tingkir
22.
Nyai Ageng Tingkir banjur budal menyang Pengging sedyane mupu anak mas Karebet. Tembung mupu tegese....
a)
dadi kancane
b)
dadi abdine
c)
dadi sedulure
d)
ngangkat dadi anake
23.
Cepu,25 April 2025 Mugi katur ing ngarsanipun Bapak/Ibu Hartono sekalian ing margi Angka 18 Cepu. Perangane layang ing dhuwur ,diarani....
a)
Papan panggonan lan titi mangsa
b)
titi mangsa
c)
Adangiyah
d)
purwaka basa
24.
Perangane layang kang mratelakake apa sejatine isine layang,apa kang diperloke nulis layang.diarani.....
a)
titi mangsa
b)
surasa basa
c)
purwaka basa
d)
wasana basa
25.
Bapak dhahar bakso wonten ing kedai kantor. Ukara ganep iki kang "lesane"yaiku....
a)
bapak
b)
dhahar
c)
bakso
d)
ing kedai kantor
26.
Dina karo Murti mau sore dolanan dakon ing omahku ukara ing dhuwur kang "katrangan wektu"yaiku.....
a)
Dina karo Murti
b)
dolanan
c)
Dakon
d)
Mau sore
27.
ibu pundhutna gendis ana ing wande
a)
ibu,pundhutna gendis ana in wande
b)
ibu, pundhutna gendis ana ing wande!
c)
Ibu, pundhutna gendis ana ing wande
d)
Ibu, pundhutna gendis ana ing wande!
28.
Raden Werkudara kaliyan Dewi Arimbi bingah penggalihe amargi kagungan putra sepisanan asma Raden Tetuka.putrane awujud raseksa lan pusere mboten saget dipun kethok.Saking pitedahe Prabu Kresna pusere saget dikethok mawi senjata Kuntawijayakagungane dewa. Raden Gatutkaca punika putranipun Raden Werkudara kaliyan Dewi.......
a)
Kunthi
b)
Arimbi
c)
Madrim
d)
Pregiwa
29.
Raden Werkudara kaliyan Dewi Arimbi bingah penggalihe amargi kagungan putra sepisanan asma Raden Tetuka,awujud raseksa pusere mboten saget dikethok . Nalika alit Gathutkaca naminipun......
a)
Nakula
b)
Sadewa
c)
Tetuka
d)
Sukaca
30.
Sandangan panyigeg wanda iku cacahe ana....
a)
5
b)
4
c)
2
d)
6
31.
Sandangan panyigek layar iku kanggo paten aksara....
a)
aksara “r”
b)
aksara “h”
c)
aksara “ng”
d)
aksara “n”
32.
Tembung “congkrah”nggunakake sandangan panyigek ,......
a)
cecak,wignyan.
b)
cecak, layar.
c)
wignyan, layar.
d)
wignyan, suku.
33.
Sandangan suku, taling tarung yen diwaca unine......
a)
unine “i, u.”
b)
unine “U, O.”
c)
unine,”I, O.”
d)
unine,”E, O.”
34.
Sandangan Wyanjana iku ana 3 yoiku....
a)
cakra, keret, pengkal.
b)
cakara, keret.wulu.
c)
cakra, pengkal.suku.
d)
cakra.pengkal.taling.
35.
Sandangan keret iku yen diwaca unine....
a)
Ra.
b)
Re
c)
Ri.
d)
Ru.
36.
Raden tetuka awujud raseksa lan pusere mboten saget dikethok.Arjuna rebatan senjata kuntawijaya,kaliyan Raden Suryaatmaja.Raden Arjuna namung saget ngrebat warangkanipun,warangka saget kangge ngethok pusere Raden Tetuka. Raden Gatutkaca nalika lair awujud....
a)
bayi normal
b)
Bocah kang bagus
c)
Raseksa
d)
dewasa
37.
Raden Arjuna namung saget ngrebat warangkanipun,warangka saget kangge ngethok pusere Raden Tetuka. Warangka kang saget kangge ngethok pusere Raden Tetuka yaiku....
a)
Senjata kunta
b)
Rujakpala
c)
Antrakusuma
d)
Kuntawijaya
38.
Raden Arjuna namung saget ngrebat warangkanipun,warangka saget kangge ngethok pusere Raden Tetuka. Kang bisa ngrebut warangka kuntawijaya yaiku....
a)
Raden bimasuta
b)
Raden yudistira
c)
Raden Arjuna
d)
Raden Nakula
39.
Madrasah panggonku golek ilmu ana koperasi sekolah,tujuane supaya nyukupi keperluan siswa,kayata potlot,garisan,bolpen,lan buku tulis,buku gambar. Tanggapan kang trep kanggo kahanan ing dhuwur.yaiku....
a)
Ora perlu ana koperasi,bocah bocah wes dicukupi ko omah.
b)
ora perlu ana koperasi,dadekake bocah bocah sembrana,ora mriksa kelengkapan sekolah.
c)
Iku becik,bisa nulung nyukupi keperluan siswa
d)
Ora perlu ana koperasi,regane luwih larang,
40.
Irfan duwe pakulinan nyelengi,sangune ora dienteke.sebagian dicelengi ing sekolahan. Tanggapan kang trep ing pakulinan Irfan yaiku.....
a)
Pakulinan kang becik
b)
Pakulinan kang perlu ditiru
c)
pakulinan kang becik,perlu ditiru,
d)
ora perlu ditiru,marai ngampet jajan
41.
Perang Baratayuda ing Kurusetra perang ageng dharah Pandhawa mengsah dharah Kurawa.Gatutkaca tinuding dados senopatine perang saking trah pandhawa.Mengsahipun senopati trah Kurawa ingkang nami Adipati Karna. Perang Baratayuda iku perange sapa karo sapa?
a)
Pandhawa mengsah Kurawa
b)
Gatutkaca mengsah kurawa
c)
Adipati Karna mengsah pandhawa
d)
Pandhawa mengsah Gatutkaca
42.
Perang Baratayuda ing Kurusetra perang ageng dharah Pandhawa mengsah dharah Kurawa.Gatutkaca tinuding dados senopatine perang saking trah pandhawa.Mengsahipun senopati trah Kurawa ingkang nami Adipati Karna. Gatutkaca tinuding manjing dadi senopati saking trah darah....
a)
Kurawa
b)
Pandhawa
c)
Prabu Pandhu
d)
Prabu destarastra
43.
"Kurang bening" yen ditulis aksara jawa yaiku.....
a)

b)

c)

d)

44.
"Gajah mangan suket" yen ditulis nganggo aksara jawa,yaiku...
a)

b)

c)

d)

45.
"Kreta Brawijaya"yen ditulis ngango aksara jawa yaiku...
a)

b)

c)

d)

46.
Pamacane ukara aksara jawa ing ngisor iki yaiku.....
a)
Kyai bahagya
b)
Kyai sregep
c)
nyai sregep
d)
nyai bahagya
47.
Pamacane ukara aksara jawa ing ngisor iki yaiku.....
a)
Jer basuki mawabia
b)
Jer basuki mawabiya
c)
Jer basuki mawa bea
d)
Jer basuki mawabeya
48.
Dongeng iku ora dingerteni sapa kang ngarang asline,sebab critane dumadi kanthi cara....
a)
omongan
b)
Turun temurun.
c)
Tulisan
d)
Lisan
49.
Crita" Nyi Roro Kidul"kalebu crita rakyat jenis...
a)
Mite
b)
Sage
c)
Fabel
d)
Legenda
50.
Pacelathon wacan kang wujude.....
a)
wacan gancaran.
b)
omong omongan.
c)
tetembangan.
d)
geguritan.