wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Soal SAT Semester Genap Bahasa Jawa Kelas IV

Total questions: 65

Worksheet time: 1hrs 5mins

Name
Class
Date
1.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantingingsih

b)

Pahlawan

c)

Pahlawanku

d)

Karajang

2.

Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

3.

Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!

a)

mundhut

b)

nyuwun

c)

tanglet

d)

njaluk

4.

Ketemu mbah wayah esuk ngucapake ... .

a)

sugeng dalu

b)

sugeng enjing

c)

sugeng siang

5.

diparingi hadiah bapak ngucapake ... .

a)

matur nuwun

b)

kula nuwun

c)

tindak pundi

6.

Aksara Jawa cacahe ana piro?...................

a)

26

b)

24

c)

22

d)

20

7.

"Suku" yaiku sandhangan kanggo swara?..........

a)

I

b)

U

c)

E

d)

O

8.

Sing dadi cirine tembang dolanan yaiku.............

a)

ukarane dawa-dawa

b)

cengkok utawa lagune angel

c)

ukarane cekak lan prasaja

d)

ukarane angel

9.

Tembang dolanan menehi piwulang marang bocah-bocah ngeneni........

a)

olah raga

b)

ilmu pengetahuan

c)

keterampilan

d)

Budi pekerti

10.

Tembang “ Jago Kluruk “ klebu tambang….

a)

Macapat

b)

Dolanan

c)

Tengahan

d)

Nganggo tulisan jawa

11.

Panggunge wis direngga mula katon endah lan nengsemake. Endah tembung liya…

a)

Rame

b)

Apik

c)

Padhang

d)

Gumebyar

12.

Bocah-bocah lagi dolanan.........

a)

Bethengan

b)

Egrang

c)

delikan

d)

guyonan

13.

Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?

a)

mangkat, mlampah

b)

mlampah, tindak

c)

tindak, mlampah

d)

tindak, tindak

14.

Piranti sing dianggo kerja bakti apa wae

a)

Pacul, arit, cethok, sapu lan cikrak

b)

Piring, sendok, sapu, lan cikrak

c)

Sabun, rinso, pacul, arit lan suri

15.

Rini ... Ibu tuku gula menyang toko

a)

Diutus

b)

Dikongkon

c)

Budhal

16.

Pak wibawa ... Anak loro

a)

Nduwe

b)

Kagungan

c)

Ono

17.

Lingkungan daleme sapa sing Katon rame ...

a)

Pak lurah

b)

Pak wibawa

c)

Pak samadi

18.

Adhik ... Dhuwit marang ibune kanggo tuku buju

a)

Nyuwun

b)

Mundhut

c)

Njaluk

19.

Ing ngisor iki tuladhane tembang dolanan, kajaba (kecuali) ....

a)

kinanthi

b)

jaranan

c)

gajah-gajah

d)

cublak-cublak suweng

20.

Tembang dolanan lumrahe dilagokake dening bocah-bocah ing ....

a)

pelataran

b)

lapangan

c)

kelas

d)

ruang tamu

21.

Jenis tembang reripta gagrak anyar kang ora nganggo paugeran gatra, guru lau, guru wilangan, lan dongdhing kinesebut ....

a)

tembang macapat

b)

tembang dolanan

c)

tembang campur sari

d)

tembang kenangan

22.

cublak-cublak suweng

suwenge teng gelenter

mambu ketundhung gudel

pak empo lera-lere

sopo ngguyu ndelikake

sir-sir pong dele kopong

sir-sir pong dele kopong

sir-sir pong dele kopong


Tembang ing dhuwur paring pelajaran marang kita supaya ....

a)

ora mlikginuruti hawa nafsu jroning golek bandha donya

b)

kita ndhuweni rasa kormat, welas asih, gotong royong, tulung tinulung, lan liya-liyane

c)

manungsa kudu ngresiki batine lan tansah eling marang Gusti Allah menawa pati uripe manungsa ing astane Gusti Allah

d)

manungsa nduweni nilai budi pekerti religius utawa keagamaan

23.

Gundul gundul pacul cul

Gembelengan

Nyunggi nyunggi wakul kul

Gembelengan

Wakul ngglimpang

Segone dadi sak latar

Wakul ngglimpang

Segone dadi sak latar


Surasane tembang dolanan ing dhuwur yaiku ....

a)

kudu duwe ati nurani sing resik lan ora sesat

b)

ajaran nilai budi pekerti bab rasa kormat, welas asih, gotong royong lan liya-liyane

c)

manungsa kudu eling marang Gusti Allah

d)

manungsa kudu resik ing batin

24.

Padang Bulan

Padang bulan, padange koyo rino

Rembulane sing awe-awe

Padang bulan, padange koyo rino

Rembulane sing awe-awe

Ngelengake, ojo turu sore

Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore


Irahan-irhan tembang dolanan ing dhuwur yaiku ....

a)

Padang Bulan

b)

padange koyo rino

c)

Rembulane

d)

Padang bulan, padange koyo rino

25.

Kang gumathuk ing sajroning tembang dolanan menehi piwulang marang bocah-bocah ngenani ....

a)

olah raga

b)

ilmu pengetahuan

c)

ketrampilan

d)

budi pekerti

26.

Sing dadi cirine tembang dolanan yaiku ....

a)

ukarane cekak lan prasaja

b)

ukarane dawa-dawa

c)

cengkok utawa lagune angel

d)

ukarane endhek lan angel

27.

Tembang "Padhang Wulan" diarani tembang . . .

a)

Dolanan

b)

Pocung

c)

Pangkur

d)

Macapat

28.

Kewan kang digambarake ana tembang dolanan kang nduweni watak males yaiku . . .

a)

Menthog

b)

Sapi

c)

Macan

d)

Singa

29.

Tujuan parafrase/nggancarake tembang dolanan yaiku … .

a)

Supaya luwih gampang anggone nglagokake tembang

b)

Supaya luwih gampang anggone mangerteni isine tembang

c)

Supaya luwih gampang maca cakepane tembang

d)

Supaya luwih gampang anggone maca titi larase tembang

30.

tikus piti

duwe ... .

cicit cuit cicit cuit

maju perang wani mati


Tembung kang trep kanggo jangkepi tembang dolanan ing dhuwur yaiku ... .

a)

anak siji

b)

buntut dawa

c)

untu pitu

d)

suara lucu

31.

Wacanen kanthi permati !

Raden Werkudara

Raden Werkudara kuwi panenggake Pandhawa. Raden Werkudara kuwi satriya Jodhipati. Dedege Werkudara gagah gedhe dhuwur. Kalebu swarane uga gedhe jumleger. Apa maneh yen pinuju nesu, swarane kaya-kaya njugrukake gunung.


Sapa panenggake Pandhawa kuwi ?

a)

Raden Janaka

b)

Raden Werkudara

c)

Raden Puntadewa

d)

Raden Nakula

32.

Wacanen kanthi permati !


Raden Werkudara uga duwe kuku kang ampuh banget. Kukune mau bisa kanggo nyuwek-nyuwek cangkeme macan sing galak. Kukune Werkudara sing ampuh kuwi jenenge kuku pancanaka.


Apa piandele Raden Werkudara kang tumemplek ana awake ?

a)

Pancasana

b)

Panah Pasopati

c)

Wesi Gligen

d)

Kuku Pancanaka

33.

Sapa ngerti ana sing duwe masalah, contone ora bisa mbayar iuran, bisa mbantu bareng-bareng.

Dasanamane iuran yaiku ....

a)

Urunan

b)

Lunas

c)

nyicil

d)

sekolah

34.

Dadi bocah kuwi aja sok seneng goroh.

Dasanamane tembung goroh yaiku ....

a)

dolanan

b)

tegese

c)

gumedhe

d)

ngapusi

35.

Wong kang pegaweane nglakokake sepur diarani ....

a)

dalang

b)

masinis

c)

kusir

d)

pilot

36.

Pangkur


Mingkar mingkuring angkara

Akarana karenan mardi siwi

Sinawung resmining kidung

Sinuba sinukarta

Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung

Kang tumrap ing tanah Jawa

Agama ageming aji


Tembang Pangkur sapada ana … gatra.

a)

5

b)

6

c)

7

d)

8

37.

pitik walik saba meja, batangane ... .

a)

nanas    

b)

opak

c)

sulak        

d)

sapu

38.

Manut wujude, cangkriman iku kaperang dadi ... .

a)

telu       

b)

papat

c)

lima           

d)

enem

39.

jangkepana cangkriman ing ngisor iki

buta ...., batangane:tebu ditata mlebu lori

a)

teri

b)

tari

c)

lori      

d)

buri

40.

Adoh-adoh diparani, bareng wis tekan ...

Tembung kang cocok kanggo njangkepi cangkriman kasebut ing dhuwur yaiku ...

a)

mandheg

b)

lungguh

c)

diliwati

d)

ngadeg

41.

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung

Dawa kaya ula

Pencokanmu wesi miring

Yen lumaku sipuncung ngumbar suwara

Adhedasar tembung kasebut bedhekane yaiku ….

a)

Tasbih

b)

gelang

c)

sepur

d)

kalung

42.

Ana tulisan arab, macane saka ngendi?

Badhekane yaiku ... .

a)

alas

b)

desa

c)

kutha

d)

dusun

43.

Cangkriman iku tegese..

a)

unen-unen kang ngemu teges wantah lan lugas

b)

unen-unen sing kudu di bedhek utawa dibatang maksude

c)

unen-unen sing nganggo gambaran arupa barang utawa kewan

d)

unen-unen sing nganggo entar (kiasan)

44.

Cangkriman gambar iki yaiku..

a)

sega sakkepel dirubung laler

b)

gajah nguntal sangkrah

c)

pitik walik saba kebon

d)

pitik walik saba amben

45.

Ceblok mengisor, sing di golek i mendhuwur

batangane...

a)

andha

b)

prau bocor

c)

benik klambi

d)

gentheng bocor

46.

Segara beldhes, bathangane..

a)

segane pera sambele pedhes

b)

segane pera jangane kathes

c)

ana iwak ana kathes

d)

sega iwak bedhes

47.

Dicakot bongkote sing kalong pucuke, batangane...

a)

andha

b)

rokok

c)

celana

d)

gentheng

48.

Urang Sapikul matane pira..

a)

8

b)

6

c)

5

d)

4

49.

Mbok e dielus-elus, anake dipidak-pidak

batangane...

a)

andha

b)

prau bocor

c)

benik klambi

d)

gentheng bocor

50.

Bapak pucung wujud mlungker kaya kalung,
Tangan papanira,
Nuduhake rina wengi,

Lamun mati bingung wektu sang bendara.
Batangane yaiku ... .

a)

Ali-ali

b)

giwang

c)

binggel

d)

gelang jam

51.

gambar ing sisih iki cangkrimane kepriye?

a)

pitik walik saba kebon

b)

emboke wuda anake tapihan

c)

emboke dielus-elus anake diidak-idak

d)

wit adhikih woh adhakah

52.

Sing endhek didhudhuk, sing dhuwur diurug.
Gambar sing cocog kanggo mbadhek cangkriman ing dhuwur yaiku ... .

a)

b)

c)

d)

53.

Kebo picak kalebu ... .

a)

cangkriman awyjud pepindhan

b)

cangkriman awujud wancahan

c)

cangkriman awujud plesetan

d)

cangkriman sing sinawung ing tembang

54.

Puisi ing Basa Jawa diarani...

a)

Tembang

b)

Geguritan

c)

Parikan

d)

Cangkriman

55.

Langkah kapisan sing kudu digatekne yen arep nulis geguritan yaiku....

a)

Nentokake gagasan pokok

b)

Nentokake tema

c)

Ngembangke gagasan pokok

d)

Nulis irah-irahan

56.

Ing ngisor iki struktur e teks geguritan , kajaba.....

a)

Tembung

b)

Pada

c)

Gatra

d)

Tulisan

57.

.... jenenge kancamu sing maca geguritan kae? Tembung pitakon kangge ngisi Titik-titik sing bener yaiku....

(a)  

58.

Kertas...kae gawanen mrene

Tembung wilangan seng bener yaiku..

a)

sagegem

b)

sagebok

c)

salembar

d)

salusin

59.

Pak guru ... aku supaya sregep sinau

a)

ngongkon

b)

ngengken

c)

ngutus

d)

ndawuhi

60.

sepuluh tahun kepungkur dalan iki isih.... nanging saiki wis rame

a)

peteng

b)

wedi

c)

sepi

d)

medeni

61.

Kabeh wes diaturi rawuh,nanging ora kersa

Ukara ing dhuwur yen didadekake ngoko lugu...

a)

kabeh wes dikandhani teka,nanging ora biso

b)

kabeh wes dikongkon teka nanging ora bisa

c)

kabeh wes dikhandani teka , nanging ora gelem

d)

kabeh wes dikongkon teka,nanging ora gelem

62.

Bocah sing dadi bintang kelas iku lumrahe bocah sing...

a)

Sregep sinau

b)

Disenengi guru

c)

Sugih duwit

d)

Akeh kancane

63.

Pacelathon ibu marang bapak, adik marang kangmase. Nggunakake basa . . . .

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

64.

"Simbah durong ngombe kopi"

Ukara ing nduwur yen diowahi dadi basa krama yaiku . . . .

a)

Simbah dereng ngunjuk kopi

b)

Simbah durong ngunjuk kopi

c)

Simbah nembe ngunjuk kopi

d)

Simbah badhe ngombe kopi

65.

Ing ngisor iki tuladhane ngoko alus, kajaba . . . .

a)

kowe apa wis sinau?

b)

Bu Yuli tindak pasar tumbas gula

c)

Mbak Ani sesuk sore tindak Jakarta

d)

Simbah durong sare