wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SAS Genap Bahasa Jawa

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Nalika Dedi lagi ngadhepi rapat penting ing kantor, dheweke kudu eling kanggo nggunakake tatakrama sing bener. Sajerone pacelathon, kita guneman kudu nganggo tatakrama sing diarani...

a)

subasita

b)

unggah-ungguh basa

c)

wirama

d)

purwakanthi

2.
Miturut unggah-ungguh, basa Jawa kaperang dadi loro, yaiku basa Ngoko lan basa...
a)
Krama
b)
Madya
c)
Anca
d)
Andhahan
3.

Nalika Adi arep ngundang Pak Dhe ne kanggo ngopi bareng, prayogane dheweke nggunakake basa...

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Alus

4.

Yen kowe guneman karo adhimu sing wis rumaket banget, lumrahe nggunakake basa...

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Alus

5.
Saliyane unggah-ungguh basa, tatakrama ing bab solah bawa (tingkah laku) sajerone pacelathon diarani...
a)
subasita
b)
basa alus
c)
tata krama
d)
budi pekerti
6.
Salah sawijine subasita sajerone pacelathon yaiku polatan (ekspresi) tansah...
a)
nesu
b)
sedhih
c)
sumeh
d)
kaku
7.

Ing pacelathon, Rudi ketemu karo wong sepuh, prayogane panyawang kita ora tolah-toleh lan ora nyawang...

a)

tangane

b)

sandhangane

c)

pasuryane

d)

klambine

8.
Wong mangan iku tujuane kajaba wareg lan enak, uga...
a)
oleh rejeki lan kanca
b)
oleh tenaga lan njaga kewarasan
c)
oleh sandhang lan papan
d)
oleh ilmu lan pinter
9.
Panganan kang nyebabake badan dadi sehat, ora keracunan, lan ora njalari lelara diarani...
a)
panganan bergizi
b)
panganan enak
c)
panganan sehat
d)
panganan organik
10.

Wahyu lagi milih panganan kanggo dhèwèké. Dhèwèké ngerti yen panganan kang ngandhut zat sing dibutuhake badan diarani panganan...

a)

bergizi

b)

murah

c)

akeh

d)

larang

11.
Patang jinis pangan sehat kang utama (kayata sega, iwak/daging, sayur, woh) sampurnane ditambah...
a)
jajan
b)
suplemen
c)
susu
d)
madu
12.
Panganan "empat sehat lima sempurna" wis ...
a)
Cukup, yen ora dimasak
b)
Cukup, yen ora ilang nalika dimasak
c)
Cukup, kanggo kabutuhan saben dina
d)
Ora cukup, kudu karo suplemen
13.

Salah lagi masak sayur kanggo dhaharan sore. Nalika dheweke nyiapake sayur-sayuran, dheweke mikir, salah siji sebab vitamin ing panganan bisa ilang yaiku...

a)

nalika dipangan akeh

b)

nalika dituku ing pasar

c)

nalika disimpen suwe

d)

nalika dimasak

14.
Pola mangan wong jaman saiki, luwih nengenake...
a)
mutune panganan
b)
regane panganan
c)
wernane panganan
d)
rasane lan enake panganan
15.
Tembang dolanan lumrahe ditembangake nalika bocah-bocah lagi...
a)
sinau
b)
maca buku
c)
dolanan
d)
turu
16.
Salah sawijine ciri utawa titikan tembang dolanan yaiku isine saliyane geguyonan, uga isi...
a)
crita kewan
b)
pitutur luhur
c)
crita hantu
d)
parikan lucu
17.
Judhule tembang dolanan sing ditembangake Rini nalika ngincup kupu yaiku...
a)
Jamuran
b)
Gundhul Pacul
c)
Kupu Kuwi
d)
Ilir-ilir
18.
Sing agawe angel nalika ngincup kupu yaiku ....
a)
wernane endah
b)
mabure ngewuhake
c)
mencloke suwe
d)
cilik wujude
19.
Tembang "Jamuran" biasane ditembangake karo dolanan...
a)
gobag sodor
b)
cublak-cublak suweng
c)
jaranan
d)
dhakon
20.
Tembang "Gugur Gunung" ngandhut nilai budi pekerti ngenani...
a)
gotong royong
b)
kesendirian
c)
kesabaran
d)
kejujuran
21.
"Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah" minangka pitutur sing uga kerep ana ing tembang dolanan, tegese...
a)
Rukun ndadekake kuwat, cecongkrahan ndadekake bubrah
b)
Rukun ndadekake bubrah, cecongkrahan ndadekake kuwat
c)
Rukun lan cecongkrahan iku padha wae
d)
Rukun lan cecongkrahan ndadekake kuwat
22.
Nalika nembang tembang dolanan ing ngarep kelas, becike ora niru patrape wong liya, amarga bisa katon...
a)
apik lan wajar
b)
kaku lan ora wajar
c)
luwih endah
d)
narik kawigaten
23.
Piranti kanggo ngolah pari dadi beras ing tembang "Lumbung Desa" yaiku...
a)
mesin selep
b)
mesin giling
c)
lesung lan alu
d)
lumpang watu
24.
Teks kang ngandharake gagasan pokok kanthi cara nggambarake objek, panggonan, utawa kedadeyan nganti sing maca kaya ngalami dhewe diarani teks...
a)
narasi
b)
deskripsi
c)
argumentasi
d)
eksposisi
25.
Salah sawijine titikan (ciri) teks dheskripsi yaiku...
a)
nggambarake kahanane objek kanthi rinci
b)
nyritakake urutan kedadean kanthi kronologis
c)
ana konflik utawa pasulayan antar paraga
d)
migunakake "rumus" 5W+1H
26.
Bedane setting/latar ing teks narasi karo teks dheskripsi yaiku...
a)
Narasi settinge tetep, dheskripsi bisa owah
b)
Narasi settinge bisa owah, dheskripsi mung siji
c)
Loro-lorone settinge mesthi owah
d)
Loro-lorone settinge mesthi tetep
27.
Pilihan tembung (dhiksi) ing teks dheskripsi lumrahe nggunakake tembung/ukara sing...
a)
biasa digunakake saben dina
b)
angel dimangerteni
c)
bisa nggugah rasa utawa narik kawigaten
d)
duwe teges siji wae
28.
Gunane pepindhan (persamaan/perbandhingan) ing teks deskripsi yaiku...
a)
supaya katon endah
b)
supaya katon akeh
c)
kanggo nambahi teks
d)
kanggo nguripake gambaran
29.
Sajerone teks dheskripsi, umume perangan sing ora ana yaiku...
a)
pamilihe tembung
b)
konflik/pasulayan
c)
gambaran rinci
d)
objek sing digambarake
30.
Langkah sepisanan nalika ngarang teks dheskripsi yaiku...
a)
nemtokake tema
b)
nemtokake alur
c)
milih objek sing migunani lan narik ati
d)
nemtokake paraga