Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis Bahasa Jawa

Total questions: 38

Worksheet time: 37mins

Name
Class
Date
1.

Ulêr kang Mêrtobat

Kowé kabèh wis wêruh aku. Jênêngku ulêr. Awakku akèh wuluné. Nanging, kadhang kala, sédulurku ora duwé wulu. Mlaku mrambat. Aku ora duwé balung gegêr. Dadi aku ora bisa lungguh utawa ngadég. Pangananku godhong-godhong kang ijo sêgêr. Aku gampang banget ngrêmblaka.

Aku pancèn dititahaké déning Gusti dadi kéwan kang ora duwé balung geger. Nanging aku tetep éling lan nrima kahanan. Aku ngadhep waé marang Gusti. Kadhang kala, sédulurku akèh sing gawé cilaka marang manungsa. Padahal wuluku akèh, runcing, dadi kéwan kang medeni.

Nèk ana manungsa weruh aku, mesthi gèdhuwung lan banjur matèni aku. Aku mung bisa ndhelik lan lunga adoh saka manungsa. Kadhang aku ngélingi kancaku, manungsa sing apik atiné. Nanging, ora sathithik manungsa sing ala atiné.

Aku gumun, wisana manungsa kuwi didadèkaké kéwan paling sempurna. Nanging akèh sing mung ndulakaké kahanan. Aku malah milih dadi ulêr sing nrima, sabar, lan tetep syukur. Aku mètani panguripan iki kanthi cara mertapa, ndhelik ing pang-pangan, godhong-godhong kang ijo sêgêr.

.

Irah irahan utawa judhul dongeng ing nduwur yaiku …

a)

Kupu kang Lunga

b)

Ulêr kang Mêrtobat

c)

Kancil nyolong timun

2.

Uler ngerasa yen dheweke beda karo liyane sebabe …

a)

Sebabe dheweke bisa mabur

b)

Sebabe ora duwé balung geger

c)

Sebabe awaké lan wuluné putih

3.

Panganané ulêr yaiku ...

a)

Endhog

b)

Daging

c)

Godhong ijo sêgêr

4.

Uler kerep ndilik ing gegodhongan amarga ….

a)

Merga isin karo kéwan liyané

b)

Merga wedi karo manungsa

c)

Merga arep nggolek pangan

5.

Wacan kanggo no 5-10!

Sajroné aku mertapa, aku dadi éling lan émut marang Gusti. Aku mratobat supaya aku bisa urip luwih apik. Aku nduwé pangajab bisa malih dadi kéwan kang éndah. Aku wis siap ninggalaké wujud ulêrku sing wuluné akèh, lan nampa titah saka Gusti sing anyar.

Sawisé pirang-pirang dina, aku banjur malih dadi kéwan éndah. Aku dadi kupu-kupu. Wujude éndah banget. Swiwine warna-warni, nggebyar rikma. Aku malah bisa mabur kemebul ning langit.

Ngerti dhéwé nèk saiki aku wis dadi kupu-kupu sing ayu. Jênêngku saiki kupu. Pakananku saiki dudu godhong, nanging madu saka kembang kang éndah. Aku matur nuwun marang Gusti awit barokah kang gedhè iki.

.

Sing dirasakake ulêr marang Gusti yaiku …

a)

Ndhêmêni

b)

Nglalekaké

c)

Syukur lan nrima

6.

Ulêr nduwé pangajab utawa cita cita supaya bisa …

a)

Dadi ula

b)

Malih dadi kéwan éndah

c)

Mangan kéwan liyané

7.

Wujude kupu-kupu sawise ulêr mêtobat yaiku …

a)

Éndah lan warna-warni

b)

Medeni lan ireng kabeh

c)

Gêdhé lan suarane banter

8.

Uler sadurunge malih dadi kupu yaiku ….

a)

Bisa mabur

b)

Bisa mlaku cepet

c)

Mung bisa mrambat

9.

Warnane kupu sing diceritakaké kuwi ...

a)

Abang

b)

ijo

c)

Werna-warni

10.

Pelajaran sing bisa dijupuk saka dongeng uler kang mertobat yaiku …

a)

Kudu nerima lan syukur marang Gusti

b)

Aja mangan godhong ijo

c)

Ulêr iku mesthi mbebayani

11.

Wacan kanggo no 5-10!

Sajroné aku mertapa, aku dadi éling lan émut marang Gusti. Aku mratobat supaya aku bisa urip luwih apik. Aku nduwé pangajab bisa malih dadi kéwan kang éndah. Aku wis siap ninggalaké wujud ulêrku sing wuluné akèh, lan nampa titah saka Gusti sing anyar.

Sawisé pirang-pirang dina, aku banjur malih dadi kéwan éndah. Aku dadi kupu-kupu. Wujude éndah banget. Swiwine warna-warni, nggebyar rikma. Aku malah bisa mabur kemebul ning langit.

Ngerti dhéwé nèk saiki aku wis dadi kupu-kupu sing ayu. Jênêngku saiki kupu. Pakananku saiki dudu godhong, nanging madu saka kembang kang éndah. Aku matur nuwun marang Gusti awit barokah kang gedhè iki.

.

Truwêlu kalah karo ....

a)

Sêmut

b)

Kucing

c)

Kura-Kura

12.

Kéwan kang amèh padha karo Kura-Kura jênêngé ....

a)

bekicot

b)

Pênyu

c)

Kêyong

13.

Kang njalari Truwêlu kalah balapan amarga ....

a)

ngalah

b)

Kêturon

c)

Gojêgan

14.

Ana ing ngisor uwit marakaké truwelu gampang turu amarga ....

a)

Éyub

b)

panas

c)

sumuk

15.

Amarga kalah, Truwêlu dadi sadhar saka sipaté kang ....

a)

Sarèh

b)

Gumêdhé

c)

sabar

16.

Wacan kanggo no 16 - 20

Baya kang Srakah

Ana ing sapinggiré kali, Baya urip dhèwèkan. Baya kêluwèn amarga wis telung dina durung mangan. Saiki wêtêngé krasa ngintir-intir.

Yèn ora olah pangan bisa mati aku mêngkô. Mangkono batiné Baya.

Baya banjur mlêbu ing kali lan nglangi. Sapérlu golèk mangsa. Dhèwèké wêruh ana Bêbêk kang lagi nglangi ing kali kono. Bêbêk banjur dicêdhangi lan disambêr. Slêêbb. Bêbêk mlêbu ing cangkêmé Baya.

Bêbêk nangis kêwêdèn. Dhèwèké banjur ngomong marang Baya, Kowé aja mangan aku, Baya. Dagingku mung sêthithik. Luwih bêcik kowé mangsa Wêdhus kang dagingé akèh. Barêng dipikir omongané Bêbêk ana bènèrè.

Baya banjur mlaku menyang tègalan kang akèh sukêté. Ing kono Baya wêruh Wêdhus kang lêmu-lêmu lagi mangan sukêt. Baya agé-agé nyaplôk salah siji Wêdhus kang mlayuné alon. Tuluuung, aku aja kokpangan. Aku isih cilik. Mangana Anak Gajah waé sing dagingé luwih gêdhì tur akèh.

.

Baya wêtêngé krasa luwé banget utawa ....

a)

Mumêt

b)

Sudukèn

c)

ngintir-intir

17.

Watak srakah iku ora duwè rasa ....

a)

Warèg

b)

Narima

c)

matur nuwun

18.

Omah kanggo kéwan galak aranè ....

a)

Kandhang

b)

Gèdhogan

c)

Krangkèng

19.

Panggonan kanggo manuk kang arêp ngêndhog aranè ....

a)

Tala

b)

Susuh

c)

Pagupon

20.

Kéwan alas kang kondhang sugih akal yaiku ....

a)

Kirik

b)

Kancil

c)

kêthèk

21.

Bocah kang duwé unggah-ungguh, mênawa mlaku nêng ngarepê wong tuwa ....

a)

Jêjêg

b)

Mundhuk

c)

ndhangak

22.

Matur marang Bapak/Ibu Guru nganggo basa ....

a)

Ngoko

b)

Krama

c)

krama alus

23.

Uler kang tapa malih wujud dadi (a)  

24.

Truwelu kuwi kewan sing pinter (a)  

25.

Baya kuwi sipate (a)  

26.

Baya kuwi sipate (a)  

27.

Kura kura kuwi sipate (a)  

28.

Baya kuwi uripe neng (a)  

29.

Omah tawon arane (a)  

30.

Omah kewan galak arane (a)  

31.

Omah sapi kebo lan wedhus arane (a)  

32.

Pagupon kuwi omah (a)  

33.

Naliko manuka rep ngendhok biyasane gawe (a)  

34.

Kepiye urutane uler kang malih wujud? Jelasno nganggo basa ngoko!

4 lines
35.

Ceritakno babagan truwelu lomba mlayu karo kura kura!

4 lines
36.

Ceritakno babagan baya kang serakah!

4 lines
37.

Sebutno 3 wae arane omah kewan sing kok ngerteni!

4 lines
38.

Sebutna 3 wae kewan sing kalebu jenise rajakaya utawa kewan ternak!

4 lines