NEW
Font size
WorksheetsBahasa Jawa
Total questions: 40
Worksheet time: 20mins
Ing ngisor iki strukture teks eksposisi kang bener yaiku ... .
pratelan umum-andharan-panegasan maneh
andharan-pratelan umum-panegasan maneh
pratelan umum-panegasan maneh-andharan
panegasan maneh-andharan-pratelan umum
Wacan eksposisi klebu jinise wacan ... .
fiksi
nonfiksi
imajinatip
endah
Ing ngisor iki bisa tinemokake wacana eksposisi, kejaba ... .
internet
ariwarti
tipi
kalawarti
Karangan eksposisi asipat ... .
objektip
subjektip
mehak golongan tartamtu
mehak para priyayi
Sipat saka wacan eksposisi yaiku ... .
mbujuk
informatip
nglipur
ngrayu
Teks sing nglapurake kedadeyan, prastawa utawa informasi ngenani sawijining prakara sing wis utawa lagi dumadi klebu jinise teks eksposisi ... .
laporan
proses
ilustrasi
pawarta
Nalika menehi tanggapan ing sawijining wacan, bab kang kudu digatekake yaiku ... .
migunakake basa kang sopan
nggunakake basa sakarepe
ora perlu nggunakake unggah-ungguh
tanggapan asipat njlomprongake
Ing ngisor iki struktur teks ekspisisi, kejaba... .
pambuka
andharan
dudutan
rangkuman
Pangripta mbudidaya kanggo menehi pangerten kang jero babagan sawijining bab, saengga bisa njemarake wawasan utawa nambah kawruh wong kang maca. Paparan kasebut yaiku ancase ... .
teks narasi
teks persuasi
teks deskripsi
teks eksposisi
Wacan kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaca yaiku wacan ... .
deskripsi
eksposisi
argumentasi
narasi
Struktur teks eksposisi kang klebu perangan pambuka diarani ... .
tesis
argumentasi
panegasan ulang
dudutan
Teks eksposisi minangka teks non fiksi, bisa dideleng ing ... .
ariwarti
rembugan
radhio
siaran langsung
Jinis teks eksposisi kang ancase ngudhar pangerten utawa definisi saka sawijining topik diarani teks eksposisi ... .
definisi
proses
sajarah
pawarta
Panulisan teks eksposisi iku migunakake basa kang ... .
baku
endah
ora baku
angel
Teks eksposisi iku asipat objektip, ateges ... .
miturut bebener
miturut pangrasa
miturut asil rembug
miturut pangripta
Kanggo ngampangake gawe karangan, sadurunge perlu gawe cengkorongan. Cengkorongan yaiku ... .
bentuke karangan
temane karangan
paragane karangan
rangkane karangan
Urut-urutane nulis karangan eksposisi kang kapisan yaiku ... .
nemtokake ancas
milih underan
netepake jinising karangan
nglumpukake bahan
Apa wis padha ngerti apa sing bisa njalari balung kropos lan cara ngatasine? Balung kropos nganti saiki isih dadi prakara sing asring dialami dening piyayi sepuh.
Paragrap kasebut klebu perangan struktur teks eksposisi, yaiku ... .
andharan
dudutan
argumentasi
pratelan umum
Pertanian minangka salah sawijining sektor utama ing Indonesia. Nanging, pranyata kita isih kerep ngimpor beras saka negara liya. Ing wektu iku awake dhewe kabeh kudu lewih kreatip mligine ing babagan ningkatake mutu lan jumlah pangan kayata beras.
Paragrap kasebut klebu perangan ... .
Panegasan ulang
argumentasi
persuasi
tesis
Contoh ukara dudutan sing bisa digunakake ing teks eksposisi yaiku ... .
Mupangat tanduran kemangi akeh banget.
Kanthi mangkono, becike saben siswa nindakake kagiatan ekstrakurikuler ing sekolahan.
Miturut ahli gizi, ngombe kalsium ora kena barengan karo ngombe zat besi.
Saben esuk Pak Tarno tindak menyang sawah.
Cacahe tembang macapat yaiku ... .
10
11
6
7
Ing ngisor iki kang ora klebu jinise tembang macapat yaiku ... .
campursari
Maskumambang
Megatruh
Pocung
Ing ngisor iki kang ora klebu jinise tembang macapat yaiku ... .
campursari
Maskumambang
Megatruh
Pocung
Ing ngisor iki kang ora klebu gunane tembang macapat yaiku ... .
mbawani gendhing
kasusastran jaman saiki
gegurit
lagu kethoprak
Tembang Pocung biyasane arupa ... .
gegurit
parikan
cangkriman
bebasan
Bapak pocung cangkemmu madhep mandhuwur,
Sabamu ing sendhang,
Penclokanmu lambung kering,
Prapteng wisma si pucung mutah kuwaya.
Miturut paugerane, tembang kasebut klebu tembang ... .
Maskumambang
Mijil
Pangkur
Pocung
Tembung wisma nduweni teges ... .
sekolahan
omah
warung
pasar
Watake tembang Pocung iku ... .
nesu
nyumadulur
sembrana
seneng
Pocung klebu jinise tembang ... .
macapat
dolanan
gedhe
sulukan
Tembang macapat iku klebu kasusastran Jawa gagrag ... .
lawas
anyar
tengahan
kuna
Gatekna pratelan ing ngisor iki!
(1) Guru gatra
(2) Guru lagu
(3) Guru sastra
(4) Guru swara
(5) Guru wilangan
Kang dudu paugerane tembang macapat katujokake nomer ... .
(1) lan (2)
(1) lan (3)
(3) lan (4)
(4) lan (5)
Ngelmu iku kalakone kanthi laku,
lekase lawan kas,
tegese kas nyantosani,
setya budya pangekese dur angkara.
Miturut tembang Pocung, sing nglawan angkara murka yaiku ... .
setya budya
mbayar kas
golek ilmu
usaha
Gatekna pethikan tembang ing ngisor iki!
Sabamu ana ing sendhang.
Tembung "sendhang" tegese ... .
banyu
ngangsu banyu
sumber banyu
kalen
Tembang macapat sing gatrane paling sithik yaiku ... .
Maskumambang lan Mijil
Sinom lan Pocung
Maskumambang lan Pocung
Durma lan Pocung
Guru gatrane tembang Pocung yaiku ... .
4
5
10
12
Ing Tembang Pocung, kadhangkala arupa cangkriman.
Cangkriman yaiku ... .
unen-unen utawa tetembungan kang kudu dibatang utawa dibedhek maksude
unen-unen kang dumadi saka rong perangan, sampiran lan isi
unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu surasa pepindhan, kang dipindhakake sipate
unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindhakake wonge
Prapteng marga si pocung lembehan grana.
Tegese marga yaiku ... .
omah
kali
kebon
dalan
Tegese tembung grana yaiku ... .
lambe
irung
kuping
tangan
Miturut filosofine, tembang Pocung iku urutane tembang kaping ... .
8
9
10
11
Tembang Pocung asale saka tembung ... kang nggambarake nalika manungsa mati iku dikafani sadurunge dikubur.
pocong
kuncung
ngacung
mancung
