Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN SAS GENAP B. JAWA KELAS 5 2024/2025

Total questions: 50

Worksheet time: 2hrs 8mins

Name
Class
Date
1.

Wacanana kanthi patitis !.

     Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang matesi kedhokan siji  lan liyane kaya klogete ula naga. Sesawangane nyata katon endah sinawang mata. Tandurane ijo royo – royo. Kali – kali isih megung tur bening. Kumricike banyu kang mili nyandhung krikil – krikil cilik. Saben dina para among tani ngrasa ayem tentrem pada ngguring kebo lan sapine saperlu nggaru lan ngluku sawahe.

Tembung jembar bawera tegese …

a)

subur banget

b)

amba banget

c)

ijo royo - royo

d)

ngrejekeni

2.

Dalan kang matesi kedhokan siji lan sijine diarani …

a)

kali.

b)

sawah

c)

galengan

d)

ratan

3.

Kebo lan sapi ing padesan digunakake kanggo apa ? …

a)

olah tetanen

b)

rajakaya

c)

lomba

d)

nggaru lan ngluku

4.

Salah siji titikane teks deskripsi yaiku …

a)

nggambarakae kanthi cetha

b)

pamaca bisa ngrasakake/ngangen - angen kedadean.

c)

pamaca bisa nggambarake kedadean

d)

kedadean runtut kanthi urutan wektu

5.

Gambar wayang iku arane ….

a)

wayang sekawan

b)

sukarelawan

c)

Petruk

d)

Punakawan

6.

Piranti ing pagelaran wayang kang madhangi kelir diarani …

a)

gedebog

b)

blencong

c)

cempala

d)

kepyakan

7.

Tembung kanggo ngarani perangane awak kang apik - apik diarani …

a)

pepindhan

b)

panyandra

c)

panyendhu

d)

bebasan

8.

Bocah kui ayu tenan, rambute ngembang bakung, tangane nggendewa pinentang, bangkekane …

a)

nawon kemit

b)

tumenga ing tawang

c)

ndamar kanginan

d)

mucuk eri

9.

Bacutna parikan iki ! Godhong waru bolong - bolong, …

a)

timbang tuku aluwung nyolong

b)

tuku sepatu dicolong uwong

c)

bocah ayu moblong - moblong

d)

godhonge dipangan uler.

10.

Polahe kaya … dikongkon lungguh wae ora bisa.

a)

ula

b)

gabah diinteri

c)

banteng ketaton

d)

macan luwe

11.

Aksara jawa  iki yen diowahi dadi aksara latin benere…

a)

tuku sepatu baru

b)

tuku sepatu anyar

c)

tuku bolu mawar

d)

buku tulis anyar

12.

Jamu seger waras, yen ditulis nganggo aksara jawa benere …

a)

b)

c)

d)

13.

Bapak mau bengi ndeleng wayang ing Lapangan, yen diowahi dadi basa krama benere …

a)

Bapak kala dalu mirsani wayang ing Lapangan

b)

Bapak kala dalu mirsani ringgit ing Lapangan

c)

Bapak kala dalu mirsani ringgit dateng Lapangan.

d)

Bapak dek bengi ndelok wayang ing Lapangan

14.

Ing ngisor iki tuladhane lakon wayang kajaba …

a)

lahire Gathutkaca

b)

Bale sigala - gala

c)

semar mbangun kahyangan

d)

Pandawa gugur.

15.

Satriya Pandhawa iku wewatake kaya ing ngisor iki, kajaba …

a)

seneng tetulung

b)

tresna asih ing sapadha - padha

c)

culika dur angkara

d)

sabar narima

16.

Wacan kang njlentrehake sawenah bab kanthi bukti - bukti kang kuat kanthi kang maca mbenerake lan yakin diarani …

a)

karangan

b)

argumentasi

c)

amanat

d)

kesimpulan

17.

Basa endah kang endahe karana dipaesi diarani …

a)

basa rinenggo

b)

basa jawa

c)

basa linggo

d)

basa saloka

18.

Ayune kaya …mula sing nyawang dadi kesengsem.

a)

dewi pitaloka

b)

dewi shinta

c)

dewi ratih

d)

dewi sri

19.

Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo ngalembana diarani …

a)

panyendu

b)

parikan

c)

pamaos

d)

panyandra

20.

Bacutna parikan iki. Manuk emprit mencok pager, dadi murid kudu ….

a)

kudu pinter

b)

sing pinter

c)

arep pinter

d)

podo pinter

21.

Sikile pincang amarga kecelakaan, tembung iku kalebu ukara …

a)

panyendhu

b)

pamaos

c)

rinenggo

d)

pamulung

22.

Lambene ... yen mesem katon manise.

a)

sigar jambe

b)

sigar buah

c)

sigar lamber

d)

sigar janggut

23.

Senajan tangane … rudi bisa nulis kanthi lancar.

a)

semple

b)

kiting

c)

cekot

d)

siji

24.

Satriya Pandhawa iku mungsuhe …

a)

kurawa

b)

rahwana

c)

bergolo

d)

butho

25.

Ing lakon Bale sigala - gala, Pandhawa bisa slamet amarga ngetutke …

a)

bokonge garangan

b)

konco garangan

c)

garangan ireng

d)

garangan putih

26.

Gawea tuladha kang mujudake parikan ! …

4 lines
27.

Gawea ukara kang ngemu tembung panyendhu ! …

4 lines
28.

Aranana apa bae pirantine pagelaran Wayang kulit ! …

4 lines
29.

Sapa bae kang kalebu satriya Pandhawa iku ? …

4 lines
30.

Tulisen nganggo aksara jawa " seneng mirsani wayang" ! …

4 lines
31.

tembung beda karo tembang, Ingkang tembang niku artine lagu, lan nek tembung iku ing bahasa Indonesia artine yaiku,,,,,,

a)

kata

b)

kalimat

c)

paragraf

d)

bait

32.

Unsur geguritan kang ana hubungan karo obahing awak nalika maca geguritan kasebut …..

a)

Wirama

b)

Wirasa

c)

wiraga

d)

wicara

33.

Nalika perpisahan kenaikan kelas 5, Betty maca geguritan ing ngarep kanca-kancane kanthi menghayati banget, perasaane dicurahke ing geguritan kasebut. Nganti kanca-kancane terharu. Betty maca geguritan miturut unsur……

a)

Wirama

b)

Wirasa

c)

wiraga

d)

wicara

34.

Aksara jawa ing samping, yen diwaca latin munine …..

a)

lara mata

b)

lara kuping

c)

lara mana

d)

lara mripat

35.

Gereng-gereng Gathutkaca sru anangis,

Sambate mlas arsa,

Luhnya marawayan mili,

Gung tinameng astanira

Larik pertama duweni guru wilangan lan guru lagu …….

a)

12i

b)

6a

c)

8i

d)

8a

36.

kanggo ngaturaken selamat datang ing para tamu. biasane migunake ukura .............

a)

sugeng siyang

b)

sugeng enjang

c)

sugeng rawuh

d)

sugeh sonten

37.

Metode sesorah sing butuhke teks kanggo diwaca, lan biasane metode iki dinggo ing acara resmi utawa kenegaraan (pemerintahan) ………

a)

Naskah

b)

Apalan

c)

Impromtu

d)

Ekstemporan

38.

"Cekap semanten atur kula, menawi salah kula nyuwun pangapura" ing cengkorongane (bagian-bagian) sesorah ukura kasebut kalebu ing .............

a)

pambuka

b)

Panutup

c)

salam pambuka

d)

isi sesorah

39.

Metode sing kudu ngapalke teks sesorah kasebut metode ...........

a)

Naskah

b)

Apalan

c)

Impromtu

d)

maca

40.

Cengkorongane (bagian-bagiane) sesorah ana akeh,

Tembung ‘Assalamu’alaikum Wr. Wb’ , ‘Sugeng Enjang’, ‘Sugeng siyang’ , kui kabeh ing sesorah kalebu ing ,,,,,,

a)

salam pambuka

b)

isi

c)

Penutup

d)

Salam penutup

41.

Si kembar putranipun dewi arimbi kalihan Prabu Dewananta yaiku …………..lan …………..

a)

Upin lan Ipin

b)

Nakula lan Bima

c)

Nakula lan Sadewa

d)

Sadewa lan Arjuna

42.

Cerita kang njlentrehake saweneh kekadean manut urutan waktune diarani...

a)

Dheskripsi

b)

Argumentasi

c)

Eksposisi

d)

Narasi

43.

Manuk emprit nucuki sega krawu, dadi murid kudu sregep sinau, ukara ngene iki diarani...

a)

Panyandra

b)

Panyendhu

c)

Parikan

d)

Papindhan

44.

Basa kang endah utawa basa sastra, endahe krana dipaesi, di rengga-rengga utawa di rumpaka diarani...

a)

Basa rinengga

b)

Basa guyonan

c)

Basa bagongan

d)

Basa krama desa

45.

Yen wes mateng disenengi wong okeh. Kulite kandel kaya eri gedhe-gedhe. Yen mateng ambune sedep. Daging disekat-sekat dadi liningane gedhe. Isine jenenge pongge. Wacan ing nduwur deskripsi ngenani……

a)

Pelem

b)

Duren

c)

Kates

d)

Nangka

46.

Wartini iku bacahe ayu, alise.....

a)

Nawon kemit

b)

Blalak-blalak

c)

Miji timun

d)

Nanggal sepisan

47.

Ayu lagi (sapu) latar. Tembung sing trep kanggo ngganepi ukara ing jero kurung yaiku...............

a)

Disapu

b)

kosapu

c)

Nyapu

d)

daksapu

48.

Apa sing diarani teks pawarta?

a)

Teks pawarta yaiku artikel ilmiah.

b)

Teks pawarta yaiku puisi.

c)

Teks pawarta yaiku novel fiksi.

d)

Teks pawarta yaiku tulisan berita.

49.

Apa tujuan saka teks pawarta?

a)

Tujuan saka teks pawarta yaiku nyebarake informasi.

b)

Menyebarake kabar palsu.

c)

Nulis novel fiksi.

d)

Ngumpulake informasi pribadi.

50.

Apa bedane teks pawarta lan teks narasi?

a)

Teks pawarta lan teks narasi ora duwe bedane sing signifikan.

b)

Teks pawarta fokus ing crita lan pengalaman, dene teks narasi fokus ing informasi lan fakta.

c)

Teks pawarta fokus ing informasi lan fakta, dene teks narasi fokus ing crita lan pengalaman.

d)

Teks pawarta mung digunakake kanggo nulis novel, dene teks narasi kanggo laporan berita.