Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

TEKS DESKRIPSI SEMESTER 1

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Sawijine teks sing ditulis kanthi ancas kanggo nggambarake objek, panggonan utawa kedadeyan tartamtu sing bisa nyebabake kaya-kaya bisa dirasakake, dideleng, lan dialami dening pamaca teks diarani …

a)

Teks profil tokoh

b)

Teks crita wayang

c)

Teks tanggapan dheskriptif

d)

Teks persuasi

2.

Ing ngisor iki telung perangan teks tanggapan dheskriptif, yaiku…

a)

Idhentifikasi, klasifikasi/dhefinisi, dheskripsi bagiyan

b)

Klasifikasi bagiyan, komplikasi, reorientasi

c)

Orientasi, klasifikasi, klimaks

d)

Dheskripsi manfaat, reorientasi, idhentifikasi

3.

Andharan ing ngisor iki sing nuduhake tetenger/ciri-ciri teks tanggapan dheskriptif, kejaba…

a)

Ngandharake objek kanthi gamblang lan rinci

b)

Nduweni ancas supaya wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake utawa ndeleng dhewe marang obyek sing didheskripsikake

c)

Nggambarake panggonan, wong, barang, kahanan nganggo pancadriya

d)

Obyek ora diterangake kanthi jelas, mula agawe bingung pamaca

4.

Tembung "padha" mujudake tuladha tembung sing migunakake swara /a/ jejeg. Tuladha liya saka swara /a/ jejeg yaiku…

a)

Sandhal, sambel, taun

b)

Sepatu, tahu, tanpa

c)

Jamu, kaca, cara

d)

Dawa, dupa, kaca

5.

“Adhik mangan daging sapi.” Tuladha tembung sing ngamot swara /i/ jejeg yaiku...

a)

Adhik

b)

Mangan

c)

Daging

d)

Sapi

6.

“Aku tuku buku tulis”. Sajrone ukara kasebut sing nuduhake tembung sesulih yaiku...

a)

Aku

b)

Tuku

c)

Buku

d)

Tulis

7.

Tuladha tembung sing ngamot swara /u/ miring yaiku...

a)

Putri

b)

Kuping

c)

Suwe

d)

Kalung

8.

Tembung sing migunakake swara /e/ pepet, yaiku…

a)

Segara

b)

Lele

c)

Golek

d)

Suwe

9.

Panulise tembung-tembung ing ngisor iki sing bener yaiku...

a)

Wedhang, podo, suwe

b)

Bedo, loro, untu

c)

Padha, wedi, dados

d)

Adhus, adek, dadi

10.

Sajrone tembung “pados, kapok, abot, kamot” mujudake tuladha tembung kanthi swara /o/...

a)

Jejeg

b)

Miring

c)

Lurus

d)

Pepet

11.

Jinis tembung sing nerangake sakabehe jenenge barang utawa sing dianggep barang diarani tembung aran. Ing ngisor iki tuladha tembung aran, yaiku…

a)

Sugih, kepenak, sengsara

b)

Saiki, adoh, kabeh

c)

Menyang, nalika, nengsemake

d)

Meja, buku, omah

12.

“Rangga lagi maca buku ing perpustakaan”. Tembung ancer-ancer sajrone ukara kasebut yaiku...

a)

Rangga

b)

Maca

c)

Ing

d)

Perpustakaan

13.

“Rama lan Sinta mujudake asma tokoh ing crita pewayangan”. Tembung panggandheng sajrone ukara kasebut yaiku...

a)

Asma

b)

Crita

c)

Lan

d)

Tokoh

14.

“Aku tuku buku ing Gramedia”. Tembung kriya sajrone ukara kasebut yaiku...

a)

Aku

b)

Tuku

c)

Buku

d)

Ing

15.

“Wah, klambimu apik tenan!”. Tembung panguwuh sajrone ukara kasebut yaiku…

a)

Wah

b)

Klambimu

c)

Apik

d)

Tenan

16.

Tuladha tembung wilangan yaiku...

a)

Saiki

b)

Hore

c)

Apik

d)

Siji

17.

“Wingko mujudake jajanan khas soko kabupaten Lamongan”. Sajrone ukara kasebut ana panulisan tembung sing salah yaiku...

a)

Mujudake

b)

Jajanan

c)

Khas

d)

Soko

18.

Ing ngisor iki tuladha ukara ngoko alus, kejaba...

a)

Bapak lagi sare ing kamar

b)

Simbang taksih dereng wungu

c)

Ibu dhahar sega pecel

d)

Bu Ina mundhut gula ing pasar

19.

Tuladha ukara kang migunakake basa ngoko lugu yaiku…

a)

Bapak dhahar sekul goreng nalika ibu sare wonten kamar

b)

Herlambang ngombe wedang kopi

c)

Ibu tindak menyang Surabaya nitih kreta

d)

Mas lan kanca-kancane padha dhahar rujak cingur

20.

Ing ngisor iki tuladha ukara ngoko alus yaiku...

a)

Simbah taksih sare

b)

Bapak tindak menyang pasar

c)

Adhik mangan rujak ing pawon

d)

Ibu sampun siram wau enjing