Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Asesmen Diagnostik Unggah-ungguh

Total questions: 5

Worksheet time: 3mins

Name
Class
Date
1.

“Mas Bambang dhahar disik, saiki wis awan!”

Miturut ukara ing dhuwur, kalebu ragam jenis…

a)

Krama Lugu

b)

Krama Alus

c)

Ngoko Kasar

d)

Ngoko Lugu

e)

Ngoko Alus

2.

Ing ngisor iki panjlentrehan saka krama lugu lan krama alus kang bener, kajaba…

a)

Krama Lugu : tembung kang dinggo leksikon krama, ora krama inggil.

b)

Krama Lugu : Afiksasi (ater-ater) lan panambang krama.

c)

Krama Alus : tembung kang dinggo ora krama inggil.

d)

Krama Alus : tembung kang dinggo campuran krama lan krama inggil.

e)

Krama Alus : Afiksasi (ater-ater) lan panambang krama.

3.

Doni            : “Pak, menapa leres mriki …… Bu Laras?”

Pak Sutopo : “Nggih Mas, leres. Wonten perlu menapa?”

Doni           : “Menika badhe …….. menawi buku Bu Laras dompetipun dhawah wonten Sekolah.”

Pak Sutopo : “Wah, lagi wae iki Laras budhal blonjo.”

Doni            : “Nggih sampun menawi Bu Laras saweg ……

 Punika dompetipun,kula nyuwun pamit.”

 Pak              : “Nggih Mas, matur nuwun.”

Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku…

a)

Dalemipun, matur, tindak

b)

Dalemipun, ngendika, tindak

c)

Dalemipun, matur, kesah.

d)

Griyanipun, matur, tindak.

e)

Griyanipun, ngendika, tindak.

4.

Bapak      : “Wis rampung masak, Bu?”

Ibu           : “Wis Pak, rampung masak sayur asem. Bapak arep mangan saiki?”

Bapak      : “Iya, wis ngelih Bu.”

Ibu           : “Sisan digawekke ngombe apa Pak?”

Adhedhasar petilan teks pacelathon ing dhuwur, tembung kang ora trep miturut kalungguhaning unggah-ungguh basa yaiku tembung …..

a)

Ngelih, masak

b)

Ngelih, ngombe

c)

Mangan, ngelih

d)

Masak, ngelih

e)

Mangan, Ngombe

5.

Anton      : “Di, wis mireng yen SMK Bhumi Phala arep Kunjungan Industri?”

Adi          : “ Lho ana Kunjungan Industri to? Kapan iku Ton?”

Anton      : “Ndang mendhet formular ngisi kesanggupan mengikuti!”

Adhedhasar petilan teks pacelathon ing dhuwur, tembung kang ora trep miturut kalungguhaning unggah-ungguh basa yaiku tembung …..

a)

Ndang, mendhet

b)

Mireng, mendhet

c)

Mireng, kapan

d)

Mireng, kesanggupan

e)

Kesanggupan, mengikuti.