wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Geguritan

Total questions: 25

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Ukara ing ngisor iki sing bisa diarani baris geguritan yaiku.…

a)

“Sawijining dina aku lunga menyang pasar.”

b)

“Lintang-lintang murub kaya permata ing langit peteng.”

c)

“Nalika awan, bocah-bocah padha dolanan ing lapangan.”

d)

“Aku lunga menyang omahé simbah ngeteraké sega liwet.”

e)

“Bapak maca warta ing koran saben esuk.”

2.

Salah siji titikane/ciri-ciri geguritan yaiku …

a)

Ana tokoh lan dialog

b)

Ditulis nganggo basa prosa

c)

Nduweni wirama, rasa, lan citra basa

d)

Mung kanggo maca pawarta

e)

Ditulis nganggo basa baku wae

3.

Gunane/Fungsi geguritan kanggo para pamaca/pamaos yaiku …

a)

Kanggo sinau aksara Jawa

b)

Kanggo maca pawarta/berita anyar

c)

Kanggo ngungkapake rasa lan pikiran

d)

Kanggo nyritakake sejarah bangsa

e)

Kanggo nerangake aturan pasinaon

4.

Geguritan iku kalebu puisi jawa ....

a)

tradisional

b)

tuwa

c)

modheren

d)

tengahan

e)

kuno

5.

Apa wae sing kalebu struktur geguritan?

a)

Struktur lair lan batin

b)

Struktur njaba lan njero

c)

Struktur fisik lan rohani

d)

Struktur intrinsik lan amanah

e)

Struktur jasmani lan rohani

6.

Wong sing nulis geguritan diarani

a)

penulis

b)

pencipta

c)

panggurit

d)

pamaos

e)

panuduh

7.

Sing kalebu struktur batin guritan yaiku ... .

a)

Tema, rasa, nada, lan amanat

b)

Paraga, alur, lan latar

c)

Wiraga, wirama, lan wirasa

d)

Crita, dialog, lan pagelaran

e)

Purwakanthi, bebasan, lan saloka

8.

Ing struktur geguritan, “tema” tegesé …

a)

Suasana sing ngiringi geguritan

b)

Pikiran pokok utawa gagasan utama geguritan

c)

Pesan moral sing arep diwenehake pangripta

d)

Swasana ati pangripta nalika nulis

e)

Citra kang katon amarga basa rinengga

9.

Geguritan asale saka tembung...

a)

Gurit

b)

Gurat

c)

Ritan

d)

Guri

e)

Gegur

10.

"Rembulan Wengi"


Rembulan sumunar ing langit peteng,
Nyarengi swara jangkrik nembang lirih,
Angin sepoi ngelus ati kang remuk,
Ngrasa tentrem ing pangayoman wengi.


Banyu kali mili ngambah pinggiring,
Ngundang rasa sepi nanging ayem,
Katon lintang murub kados permata,
Nguripake ati kang wus kuciwa.


Ing antarane peteng katon padhang,
Ngeculake kabeh rasa kang nelangsa,
Mugi ati tansah rukun lan ayem,
Ngagem katresnan minangka suluh.

Pira cacahe pada ing geguritan kasebut?

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

e)

5

11.

Tuladha tembung entar yaiku....

a)

panas sumelat

b)

dewa-dewi

c)

nagasari

d)

rina wengi

e)

abang kupinge

12.

Wacanen ukara ing ngisor iki!

“Parasé endah kaya rembulan purnama.”

Tembung "kaya rembulan purnama" kalebu gaya basa.…

a)

Paribasan

b)

Tembung entar

c)

Pepindhan

d)

Bebasan

e)

Saloka

13.

Tuladha tembung yogyaswara yaiku....

a)

panas sumelat

b)

dewa-dewi

c)

nagasari

d)

rina wengi

e)

abang kupinge

14.

Tuladha tembung kawi ana ing ukara....

a)

Bhineka tunggal ika iku semboyane Indonesia.

b)

Sumangga kula aturaken manungku puja.

c)

Dhuh Gusti ingkang maha welas asih.

d)

Tetembungan kang rinonce sajroning dluwang.

e)

Simbah abang kupinge amarga ora bisa nginang.

15.

Jangkepana ukara iki!

Bocah kuwi rukune kaya....

a)

rama lan sinta

b)

mimi lan mintuna

c)

arjuna lan srikandi

d)

romeo lan juliet

e)

gagak reraton

16.

Tembung utawa ukara kang bisa nggambarake rasa sing dirasakake indra, kayata penglihatan, pangrungu, pangrasan, lan liya-liyane, diarani …

a)

Purwakanthi

b)

Imaji/Panyitra

c)

Guru lagu

d)

Tembang macapat

e)

Parikan

17.

Ing ukara "kembang mawar abang semerbak ambune", jinis panyitra kang katon yaiku …

a)

Imaji pangrungu

b)

Imaji pangrasa

c)

Imaji pangganda

d)

Imaji pandeleng

e)

Imaji panindak

18.

Nalika geguritan nyebutake "swara gamelan muni lirih nglaras rasa", iku klebu panyitra jinis …

a)

Imaji pangrungu

b)

Imaji pangrasa

c)

Imaji pangganda

d)

Imaji pandeleng

e)

Imaji panindak

19.

Ukara "segara biru ngrembaka nganti mandhuwur cakrawala" nggambarake panyitra …

a)

Imaji pangrungu

b)

Imaji pangrasa

c)

Imaji pangganda

d)

Imaji pandeleng

e)

Imaji panindak

20.

Teteken tekun bakale katekan.

Ukara kasebut kalebu purwakanthi apa?

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa

d)

Purwakanthi guru wilangan

e)

Purwakanthi guru gatra

21.

Ana wong mlaku ngguyu gumuyu.

Ukara kasebut kalebu purwakanthi apa?

a)

Purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa

d)

Purwakanthi guru wilangan

e)

Purwakanthi guru gatra

22.

Dasanama saka "banyu" yaiku …

a)

Wedhi, lemah, watu, pasir, segara

b)

Toya, tirta, warah, segara, samodra

c)

Lintang, rembulan, srengenge, mega, bumi

d)

Asri, ayu, éndah, luwes, bagus

e)

Cendhak, dawa, dhuwur, jero, amba

23.

Ukara kang nganggo dasanama saka tembung "lintang" yaiku …

a)

Ing langit katon cakrawala padhang.

b)

Rembulan nyinari bumi saben wengi.

c)

Ing wengi iki sumunar kartika ing langit wétan.

d)

Esuk iki srengenge katon padhang sumunar.

e)

Ing langit katon mega gumebyar.

24.

Kangen

Dening: Edi Winarno

aja nangis anakku

ibumu isih lunga

sedhela maneh teka

aja nangis, anakku

upama Hongkong kuwi mung lor kali

wis wingi-wingi

dakparani

Ing geguritan kasebut panggurit dadi apa?

a)

ibu

b)

bapak

c)

simbah

d)

putu

e)

adhi

25.

Kangen

Dening: Edi Winarno

aja nangis anakku

ibumu isih lunga

sedhela maneh teka

aja nangis, anakku

upama Hongkong kuwi mung lor kali

wis wingi-wingi

dakparani

Isine geguritan kasebut yaiku....

a)

Wong tuwa iku mesthi nduweni rasa kangen marang anak.

b)

Simbah iku mesthi nduweni rasa kangen marang putune.

c)

Bapak iku mesthi nduweni rasa kangen marang putrane.

d)

Anak iku mesthi nduweni rasa kangen marang Ibune.

e)

Bojo iku mesthi nduweni rasa kangen marang bojone.