Font size
Worksheetsjinis teks
Total questions: 56
Worksheet time: 49mins
Paragraf kang isine nggambarake samubarang objek, papan panggonan, utawa kedadean tinemu diarani...
narasi
deskripsi
argumentasi
persuasi
Bapak tindak dhateng kantor . . . . mobil.
Tembung kang bener kanggo nglengkapi ukara ing ndhuwur yaiku . . . .
numpak
nitih
ngasta
mbeta
Tontonan jarang kepang, dianakake amarga (wacan kaca 10-11)
bubar panen
bubar tandur
mengeti dino riyaya
mengeti dina kamardikan
Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama inggil
Basa kramane ngomong
ngendika
dhahar
tindak
nitih
Wacana kang njlentrehake prastawa kanti runtut arane ....
Narasi
Deskripsi
Argumentasi
Eksposisi
Ing ngisor iki tujuane maca teks deskripsi kejaba...
mangerti isine teks kanthi gamblang
mengerteni urutan-urutan isine teks kanthi urut
mangerteni kesalahane isine teks
latihan mikir kritis lan kreatif
Teks deskripsi isine nggambarake samubarang...
objek, papan panggonan, utawa resep panganan
objek, resep panganan, utawa kedadean tertemtu
objek, papan panggonan, utawa kedadean tertemtu
werna, papan panggonan, utawa kedadean tertemtu
Ing ngisor iki, titikane teks deskripsi, kejaba...
nggabaraje samubarang kanthi gamblang
nggambarake kedadeyan kang mugunakake panca indra
mratelakake ciri-ciri obyek kanthi srampangan
mratelakake ciri-ciri obyek kanthi rinci
Ing ngisor iki tujuan maca teks deskripsi kejaba...
mangerteni isine teks kanthi gamblang
mangerteni urutan-urutan isine teks kanthi urut
mangerteni kesalahane isine teks
latihan mikir kritis lan kreatif
Kumpulan saka ukara kang ndadekake cerita kang runtut lan njelasake sawijining prastawa iku diarani...
Tembang
Wacana
Geguritan
Ketoprak
Wayang
Teks kang isine crita kanthi kedadeyan utawa prastawa sing urut wektu utawa ana kronologi kedadeyan diarani...
Teks Narasi
Teks Deskripsi
Teks Argumentasi
Teks Eksposisi
Teks Prosedur
Kanggo nggambarake sawijining objek, gagasan, papan, utawa prastawa kanthi rinci marang pamaca kaya-kaya pamaca melu utawane ndeleng objek kasebut migunakake …
Teks Narasi
Teks Deskripsi
Teks Eksposisi
Teks Eksplanasi
Teks Anekdot
Gatekna ciri-ciri teks ing ngisor iki!
a) Awujud wacan informasi
b) Migunakake gambar utawa grafik
c) Duweni tujuan kanggo nambah ilmu pengetahuan
d) Isine wacan objektif
e) Bahasa kang digunakake baku lan lugas
f) Isine fakta tumeka sumber sing akurat
Ciri-ciri teks ing dhuwur iku cirine teks…
Teks Argumentasi
Teks Eksposisi
Teks Persuasi
Teks Deskripsi
Teks Prosedur
Paragraf kang ukara utamane mapan ana ngarep banjur diterusna kanthi ukara-ukara katrangan lan jenis pangrembakaning paragraph kiye kang informasi umum marang khusus yaiku jenis paragraf…
Paragraf Deduktif
Paragraf induktif
Paragraf Campuran
Paragraf Deskripsi
Paragraf Narasi
Gatekna tuladha wacana ing ngisor iki!
Minggu bengi, aku dolan nonton konser musik ing alun-alun karo kanca-kancaku cah papat, Dono, Joko, Andi lan Mardi. Konsere lekas jam wolu rampung jam 10. Aku lan kanca-kanca lunjak-lunjak saking senenge ngrongokane swarane musik band sing lagi nyanyi ing ndhuwur panggung. Kesel ora tak rasakne. Pokoke seneng.
Jam sepuluh, konsere wis bubar. Aku lan kanca-kanca banjur leren mangan ing warung karo ngobrol-ngobrol. Ora krasa wis jam rolas bengi. Walah wis kewengen. Aku lali yen mau pamit karo ibu, mulih omah jam sewelas. Nanging iki wis telat sak jam. Durung mlakune. Bisa luwih iki.
Mbuh piye mengko dadine yen aku wis tekan ngomah. Mungkin ibu bakal muring-muring jalaran aku mulih kewengen.
Tekan ngomah, bener apa sing tak khawatirke mau. Ibuku nesu lan nyeneni aku. Suwe banget aku diseneni lan diceramahi. Aku mung bisa meneng ora bisa mbantah. Iki pancen salahku. Apa maneh isuke aku kudu mlebu sekolah. Aku banjur kelingan, aku ana PR matematika sing durung tak garap.
Mlebu kamar, aku langsung lungguh ing kursi, mbukak buku nggarap PR. Sakwise rampung nggarap PR, rasane ngantuk banget. Apa maneh, pelajaran matematika angel banget. Aku lagi rampung jam loro bengi. PR wis rampung, kesel awakku lan ngantuk mripatku. Aku nglemah ana ing kasur. Mripatku wis kriyip-kriyip ora kuwat melek maneh.
Dhog...dhog...dhog….
Swara iku banter banget. Mripatku isih abot rasane arep melek. Nanging swara iku aku kenal banget. Iku swarane ibuku. Ibu njeluki aku, ngongkon tangi. Tak bukak HP ku, tak delok jam, wadhuh….
Wis jam 7 esuk. Telat aku. Maneh, aku diseneni ibuku merga tangi kawanen lan telat sekolah. Ing sekolah, aku kena hukuman ora oleh melu pelajaran pertama.
Manut teks ing dhuwur iku kalebu tuladha wacana
Paragraf Eksposisi
Paragraf Narasi
Paragraf Deskripsi
Paragraf Argumentasi
Paragraf Persuasi
Gatekna wacana ing ngisor iki!
Apem iku kalebu panganan tradisional saka Jawa Tengah. Rasane sing legi nanging uga ana kecut- kecute sitik sing gawe apem tambah enak.
Ing jaman saiki kue- kue tradisional wis langka amarga saiki wis akeh panganan saka negara liyane sing nyebar ning beberapa wilayah.
Kaya dene apem, saiki wis jarang banget. Biyasane apem iki didol ing pasar- pasar tradisional. Saliyane rasane sing legi lan kecut, wujude apem uga empuk lan alus. Mula apem iki bisa dipangan kanggo kabeh umur saka sing tuwa tekan wong enom.
Apem iki digawe saka repung beras lan tape budhin utawa kang biyasane wong sebut kenyos. Kagunane tape utawa kenyos iki supaya ana rasa kecute.
Aja lali gula jawa utawa gula pasir supaya nambah rasalegi lan enak. Saliyane iku bahan –bahane kang digunakake yaiku ragi, banyu krambil, lan santen.
Bahan –bahan kabeh mau diuleni kanthi rata lan mateng. Sawise kuwi dicetak lan khusus.
Sawise mateng lan ngembang biyasane apem disajekake ora nggunakake godhong kaya dene panganan liya- liyane. Nanging biyasane apem dibungkus nganggo plastik.
Manut wacana ing dhuwur panganan kang dimaksud ana gambar ing ngisor iki yaiku…
Manut gambar ing nduwur iku salah sijine panganan tradisional kang duwe aran…
Lupis
Klepon
Cetil
Mata roda
Lapis
Manut gambar ing dhuwur iku salah sijine makanan khas daerah kang duwe aran…
Risoles
Lumpia
Dadar Ayam
Kebab
Rondo royal
Panganan tradhisional kang digawe saka glepung beras, banjur dicampur santen, gula, pandhan lan uyah banjur diolah nang dhuwur geni nalika adonan wis kecampur kaya bubur, banjur dibungkus nganggo godhong gedhang, tengahing adonan banjur diwenehi irisan gedhang banjur di dang. Jenise panganan iki akeh ana kang nduweni warna putih sing digawe tanpa campuran pewarna amung karo santen, ana kang wernane abang kang dicampur karo gula Jawa uga ana sing menarik yaiku nduweni warna biru kang dicampur karo kembang telang uga ana sing diwarnani ijo kang dicampur nganggo campuran godong suji. Panganan kang dimaksud karo teks ing dhuwur yaiku....
mendhut
onde-onde
klepon
nagasari
gethuk
Wacana narasi yaiku ...
wacana kang isine nawakake barang dagangan.
wacana kang isine nyritakake sawijining obyek/benda kanthi detail/gamblang.
wacana kang isine nyritakake sawijing prastawa/kedadean kanthi runtut manut kronologine.
wacana kang isine argumene penulis kang dikantheni bukti supaya tambah ngyakinake wong kang maca.
Jinise wacana narasi iku ... .
fiksi lan non fiksi
karangan lan opini
gambaran lan fakta
fiksi lan gambaran
Teks cerita narasi fiktif iku wujude ... .
cerita rekaan
cerita nyata
campuran antarane rekaan lan kenyataan
cerita asli
Kang kalebu titikane/ciri-cirine wacana narasi yaiku ... .
paraga, alesan lan bukti
gegambaran kanthi rinci, alesan lan bukti
paraga, wektu, kronologi prastawa
para, gegambaran kanthi rinci tanpa anane alesan
Ing ngisor iki kalebu tuladhane wacana narasi non fiksi ... .
novel, laporan kunjungan kerja
cerkak, pawarta/berita
babad, cerbung
cerita pengalaman pribadi, biografi
Struktur artikel kang trep yaiku….
Irah-irahan, pambuka, isi, dudutan
Irah-irahan, pambuka, masalah, kesimpulan
Pambuka, masalah, kesimpulan, panutup
Pambuka, masalah, kesimpulan
Pambuka, isi, dudutan
Struktur artikel kang trep yaiku….
Irah-irahan, pambuka, isi, dudutan
Irah-irahan, pambuka, masalah, kesimpulan
Pambuka, masalah, kesimpulan, panutup
Pambuka, masalah, kesimpulan
Pambuka, isi, dudutan
Karep kang diandharake dening penulis jumbuh karo jinise artikel sing ditulis kalebu struktur artikel kang jenenge….
Dudutan
Pambuka
Isi
Panutup
Irah-irahan
Miturut teorine jinise artikel yaiku, kajaba….
Preskriptif
Deskriminatif
Eksplanatif
Prediktif
Eksploratif
Artikel sing menehi tuntunan tumrap sing maca kanggo nindakake sawijine pakaryan saengga ora kliru utawa salah anggone nindakake diarani jinis artikel….
Preskriptif
Deskriptif
Eksplanatif
Prediktif
Eksploratif
Artikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi ing masyarakat, sahingga bisa disumurupi apa sing satemene dumadi. Jinis iki memper kaya laporan utawa reportase, bedane yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane nerangake masalah kanthi gamblang bisa awujud opini iki diarani jinis artikel ....
Ekploratif
Eksplanatif
Deskriptif
Prediktif
Preskriptif
Tuladhane artikel prediktif yaiku….
Ramalan cuaca
Penemuan piranti telephone
Jinis upacara adat Jawa
Bencana tanah longsor
Tutorial masak
Ukara baku kang mapane ana ing ngarep / dhuwur yaiku....
Deduktif – Induktif
Induktif
Campuran
Deduktif
Ukara panerang
Gatekake ukara ing ngisor iki!
“Kudu bisa njaga lingkungan supaya ora nandhang kapitunan tumrap awake dhewe, uga ana mumpangate kanggo generasi sabanjure”
Tembung kang kacetak kandel duweni teges yaiku….
Ilang, manfaat
Rugi, manfaat
Rugi, keslametan
Pengaruh, perubahan
Tumindak, perubahan
Gatekake ukara ing ngisor iki!
”Mula saka kuwi saben pangreka daya pembangunan, sakehe prabeya social sesambungan karo lestarine lingkungan, perlu dipetung luwih dhisik”
Tembung kang kacetak kandel duweni teges yaiku….
Masalah, kaitane, dikira-kira
Kebutuhan, kaitane, dikira-kira
Kebutuhan, penelitian, diteliti
Kebutuhan, kaitane, dietung
Biaya, kaitane, dietung
Gatekake ukara ing ngisor iki!
“Biyen tau ana kuta sing ngadhepi masalah ngenani sampah nganti ing saben pojok kuta ditemokake sampah sing sumebar lan numpuk ana ing ngendi-endi”
Tembung kang ora trep penulisane karo EYD basa Jawa yaiku....
Tau
Kuta
Sing
Ditemokake
Ngendi-endi
Karangan kang ditulis kanthi tujuan kanggo ngandharake gagasan lan fakta sing bisa ngyakinaken, menehi pituduh, lan bisa nyenengane tumrap wong sing maca diarani ....
geguritan
tembang
artikel
pawarta
parikan
Carane mujudake lingkungan omah supaya resik yaiku ...
mbuwang sampah ing panggonan.
njaga lingkungan tetep teles lan garing.
tansah reresik omah, mbuwang sampah ing panggonan kang wis disiapake.
sampah dijarake numpuk lan kebak ing panggonane.
sampah nuwuhake ganda kang kurang enak lan diparani laler utawa coro.
Ukara kang nuduhake sifat ora resikan yaiku ....
Lingkungan sing kita panggoni bisa ndhukung lan nduweni pengaruh tumrap panguripane manungsa dhewe.
Wargane nduweni pakulinan urip sehat, mesthine iki bakal nuwuhake kesan luwih becik tumrap pribadi lan masyarakat.
Kahanan iki bisa diselaki yen wis mbangun bale wisma amarga lingkungan kaya mau bisa nduweni pengaruh tumrah sesrawungan putra-putri kita.
Lingkungan resik urip sehat nduweni teges lingkungan sing adoh saka kondisi kang nyebabake lelara. Lingkungan sing resik bisa ndadekake urip sehat
Kita manggon ing warga kang nduweni pakulinan kemroh lan seneng ombenomben bab iki bakal nduweni pengaruh psikis lan mental kita
Artikel kang isine menehi panemu kanthi alesan sing cetha kanthi tujuane kanggo mrabawani wong maca supaya luwe yakin yaiku ...
argumentasi
eksposisi
persuasi
narasi
dheskripsi
Artikel sing ngandharake sawijine masalah kang dumadi ing masyarakat, sahingga bisa disumurupi apa sing satemene dumadi. Jinis iki memper kaya laporan utawa reportase, bedane yen laporan mung adhedhasar kasunyatan wae, yen artikel panulisane nerangake masalah kanthi gamblang bisa awujud opini iki diarani jinis artikel ....
ekploratif
eksplanatif
deskriptif
prediktif
preskriptif
Karangan sing nyata ora di gawe-gawe opini, kang jangkep lan isine dawa tinamtu, tujuane kanggo di sebarke kasebut
Artikel
Prediktif
Eksplanatif
Eksploratif
Teks sing njelasno masalah ing masyarakat dumadi disumerepi lan mirip karo laporan kasebut artikel
Deskriptif
Prespektif
Eksploratif
Prediktif
Struktur artikel sing bener yaiku
Pambuka, isi, dudutan
Pambuka, dudutan, isi
Isi, dudutan, pambuka
Dudutan, isi, pambuka
Artikel sing ngandharake kanyatan – kanyataan miturut panulis kasebut artikel
Eksploratif
Eksplanatif
Deskriptif
Prespektif
Artikel sing isine nerangake sawijining masalah sing bisa dipahami dening sing maca kasebut artikel
Eksploratif
Eksplanatif
Deskriptif
Prediktif
Artikel sing isine petungan utawa ramalan apa kang dumadi ing mangkone manut petungane penulis kasebut artikel
Prediktif
Deskriptirlf
Prespektif
Eksplanatif
Artikel sing menehi tuntunan sing maca kanggo nindakake pakaryan kasebut artikel
Prespektif
Deskriptif
Prediktif
Eksploratif
Jinise artikel ana piro
3
4
5
6
Struktur kawitan artikel yaiku
Pambuka
Dudutan
Simpulan
Isi
Jinis ukara ana piro
1
2
3
4
Ukara sing kasusun saka jejer lan wasesa kasebut ukara
Lamba
Camboran
Kawi
Krama
Ibu masak sayur
Ukara ing duwur tuladha ukara
Camboran
Lamba
Kawi
Entar
Ukara sing kasusun saka jejer, wasesa lan katerangan kasebut ukara
Lamba
Camboran
Purwakanti
Saroja
Saben dino minggu aku mlaku - mlaku nang alun - alun
Ukara ing duwur kalebu ukara
Camboran
Lamba
Bebasan
Paribasan
Saben dino Lisa ngolah sampah dadi barang sing migunani
Ukara ing duwur, sing kasebut jejer yaiku
Lisa
Ngolah
Saben dino
Barang sing migunani
