Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kuis Unggah-Ungguh Kelas 7

Total questions: 11

Worksheet time: 6mins

Name
Class
Date
1.
  1. Nalika panjenengan ketemu tiyang sepuh sing dereng kenal, unggah-ungguh pambuka sing paling trep yaiku...

a)

A. “Halo, kenalan yo?"

b)

B. “Sugeng enjing, kula Widi saking Dusun Arum Mawar."

c)

C. "Kowe jenenge sapa?"

d)

D. "Panjenengan arep lunga nendi?"

2.
  1. Panjenengan arep mlebu omahe tiyang sepuh, tembung sing trep yaiku...

a)

A. “Aku mlebu dhisik yo.”

b)

B. “Kula nuwun, kulo nyuwun idin mlebet.”

c)

C. “Kulo mlebu wae, nggih?”

d)

D. “Aku pengin mlebu saiki.”

3.
  1. Nalika pamitan seka acara manten dhateng tiyang sepuh, kados pundi unggah-ungguh ingkang leres...

a)

A. Kula pamit rumiyin, mugi saged pinanggih malih

b)

B. Aku bali dhisik ya

c)

C. Kula nyuwun pamit dhisik, ajeng tindak ing adicara sanes

d)

D. Aku ijin mulih dhisik Pak Bu

4.
  1. Nalika mlaku-mlaku lajeng nemoni tiyang sepuh ing dalan sempit, unggah-ungguh ingkang leres yaiku...

a)

A. Mlaku lan guya-guyu

b)

B. Ngguyu karo nundhung kancane

c)

C. Mandheg lan nyuwun ngapunten nalika lewat ing ngarepe

d)

D. Mlaku luwih banter supaya bisa nglewati

5.
  1. Nalika ketemu Bapak/Ibu guru ing pasar, tembung sing bener yaiku...

a)

A. Heh Pak/Bu!

b)

B. Sugeng enjing Pak/Bu, arep tuku apa?

c)

C. Pak/Bu, aku njaluk ditumbaske iki ta

d)

D. Sugeng enjing Pak/Bu, badhe blanja menapa?

6.
  1. Raka minangka siswa enggal kepanggih kaliyan guru ingkang dereng nate dipuntepangi. Raka badhe ngenalaken piyambakipun kanthi sopan. Ukara ingkang paling trep inggih punika... .

a)

“Pak, jeneng kula Raka. Panjenengan sinten?”

b)

“Pak, kula Raka. Asma panjenengan sinten?”

c)

“Pak, kula Raka. Jeneng sampeyan sinten?”

d)

“Pak, kula Raka. Kowe sinten?”

7.
  1. Nalika mlampah wonten ing ngajengipun tiyang ingkang langkung sepuh, tumindak ingkang paling trep miturut tata krama Jawi inggih menika... .

a)

Mlampah kanthi nyeret sandal supados boten rame.

b)

Mlampah kanthi jejeg lan prelu nyuwun sewu.

c)

Mlampah kanthi sopan, boten nyeret sandal, saha rada mbungkuk nalika ngliwati tiyang sepuh.

d)

Mlampah kanthi cepet supados saged ndhisiki tiyang sepuh.

8.
  1. Gatekna pacelathon ing ngandhap punika!

    Guru: “Sugeng enjing, Nak. Sampun dhahar?”

    Siswa: “..............”

    Wangsulan siswa ingkang paling trep inggih menika... .

a)

“Sampun dhahar, Pak. Panjenengan sampun mangan?”

b)

“Sampun nedha, Pak. Panjenengan sampun dhahar?”

c)

“Sampun nedhi, Pak. Kowe sampun dhahar?”

d)

“Sampun dhahar, Pak. Sampeyan sampun mangan?”

9.
  1. Ing lingkungan sekolah, para siswa wiwit mbiasakaken nyapa nalika kepanggih, ngucap “nuwun sewu” nalika ngliwati tiyang sanes, lan matur pamit nalika badhe kesah. Yen kebiasaan kasebut dipuntindakaken kanthi konsisten, dampak ingkang paling mungkin kedadosan inggih menika... .

a)

siswa dados langkung wedi kaliyan guru

b)

interaksi antarsiswa lan guru dados langkung tertib lan sami ngajeni

c)

siswa dados sami njangkar kaliyan guru

d)

kegiatan sinau dados langkung alon

10.
  1. Unggah-ungguh basa Jawi asring dipungandhengaken kaliyan ngajeni tiyang sanes. Nanging, wonten siswa ingkang ngendika, “Sing penting aku sopan marang guru, yen karo kanca ora perlu. ”

    Miturut prinsip unggah-ungguh, tanggapan ingkang paling trep inggih menika... .

a)

leres, amargi unggah-ungguh namung kangge guru

b)

leres, amargi kanca boten kedah dipunajeni

c)

kirang trep, amargi unggah-ungguh saged dipuntrepaken manut konteks nanging tetep ngajeni tiyang sanes

d)

kirang trep, amargi saben wicantenan kedah ngginakaken krama inggil

11.

Pripun rasa panjenengan sinau basa Jawi bab unggah-ungguh menika... .

a)

Seneng

b)

Susah/Sedhih

c)

Bingung

d)

Pusing, tapi bisa nambah ngelmu anyar

Similar Resources on Wayground