wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Asesmen Diagnostik Bab Cerkak

Total questions: 10

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Salah sawijining asil kasusastran Jawa kang wujud gancaran (prosa) diarani ...

a)

Tembang Macapat

b)

Geguritan

c)

Crita Cekak

d)

Pawarta

2.

Miturut Teuw karya sastra nduweni perangan-perangan kang mbangun karya sastra. Perangan kasebut kedadean saka telung perkara yaiku ...

a)

Fakta crita, tema, lan sarana crita

b)

Alur crita, tema crita, lan sarana crita

c)

Fakta crita, sudut pandang, lan sarana crita

d)

Fakta crita, alur crita, lan biografi

3.

Kang kalebu fakta crita yaiku ...

a)

Paraga, alur, lan gaya bahasa

b)

Paraga, alur, lan sudut pandang

c)

Sudut pandang, gaya bahasa, lan alur

d)

Latar papan, alur, lan paraga

4.

Ingkang kalebu sarana crita yaiku ...

a)

Paraga lan papan wektu

b)

Sudut pandang lan gaya bahasa

c)

Gaya bahasa lan paraga

d)

Sudut pandang lan alur

5.

Pratean kang gegayutan karo perangan karya sastra mligine kang awujud cerkak sacara umum diarani ...

a)

Unsur ekstrinsik

b)

Paraga

c)

Unsur intrinsik

d)

Alur

6.

Dhasaring crita minangka pandom kanggo penulis sadurunge nulis cerkak diarani ...

a)

Fakta crita

b)

Alur crita

c)

Tema crita

d)

Point of view

7.

Sawijining pola kang gegayutan karo kedadean kang tinampa akal lan runtut sarta nduweni hubungan antarane kedadean siji lan sijine kang dialami dening paraga kang ana ing crita diarani ...

a)

Sudut Pandang

b)

Tema

c)

Gaya bahasa

d)

Alur

8.

Cara panulis nggambarake paraga kang ana ing crita lumantar pacelathon, tumindak, lan gambaran langsung saka panulis kang nuduhake watake paraga diarani ...

a)

Perwatakan paraga

b)

Sipat paraga

c)

Sudut pandang

d)

Alur paraga

9.

Carane panulis nyritakake critane kaperang dadi loro yaiku ...

a)

Wong keloro lan wong katelu

b)

Wong keloro lan wong kepapat

c)

Wong kapisan lan wong kaloro

d)

Wong kapisan lan wong katelu

10.

Kang kalebu titikane cerkak yaiku ...

a)

Temane prasaja

b)

Paragane akeh

c)

Tembung-tembunge luwih saka 10.000

d)

Masalah kang dicritakake akeh