wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Anoman Duta

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Crita kang isine ngandharake kauripane manungsa, kewan, raseksa, lan para dewa. Saka crita mau awake dhewe bisa ngundhuh piwulang luhur. Crita mau diarani ....

a)

crita wayang

b)

crita legendha

c)

crita rakyat

d)

crita fabel

2.

Crita pewayangan iku dudu asli saka Jawa, nanging asale saka .....

a)

Thailand

b)

Bali

c)

India

d)

Arab Saudi

3.

Crita wayang kang ngandharake lakune Rama Wijaya yaiku ....

a)

Mahabharata

b)

Ramayana

c)

Ramasinta

d)

Mahabuta

4.

Jinis kasenian wayang kang digawe nganggo kayu, wujude 3D yaiku ....

a)

wayang beber

b)

wayang wong

c)

wayang suket

d)

wayang golek

5.

Wayang kang diparagani langsung dening manungsa yaiku ....

a)

wayang golek

b)

wayang kulit

c)

wayang wong

d)

wayang suket

6.

Paraga wayang ing gambar jenenge ....

a)

Rahwana

b)

Subali

c)

Sugriwa

d)

Anoman

7.

Kenangapa Anoman bisa kapilih dadi duta?

a)

Amarga Anoman ora bisa kobong dening geni

b)

Amarga Anoman bisa tekan Alengka sedina bae

c)

Amarga Anoman iku duwe kasekten bisa mabur ing angkasa

d)

Amarga Anoman iku kethek werna seta

8.

Ramane Anoman yaiku ....

a)

Bathara Bayu

b)

Bathara Surya

c)

Bathara Guru

d)

Bathara Indra

9.

Raseksa sing nguwasani samodra tumuju Alengka arane ....

a)

Wil Kathaksa

b)

Wil Kathak

c)

Wi Kathaksini

d)

Wil Kasana

10.

SIng nglantarake Anoman bisa ketemu karo Dewi Sinta yaiku ....

a)

Dewi Sayempraba

b)

Dewi Anjani

c)

Dewi Sinta

d)

Dewi Trijatha

11.

Papan panggonan kanggo nyingidake Dewi Sinta yaiku ....

a)

Taman Balekambang

b)

Taman Asoka

c)

Taman Sukasana

d)

Taman Damarmaya

12.

Nalika kacekel prajurit Alengka, Anoman kapidana apa ....

a)

diobong buntute

b)

digantung gulune

c)

dicukur wulune

d)

ditugel buntute

13.

Paraga wayang ing gambar duwe jeneng ....

a)

Rama Wijaya

b)

Dasamuka

c)

Indrajit

d)

Anoman

14.

Kenangapa Anoman ngowat-awut lan ngrusak Alengka?

a)

Amarga Anoman diobong buntute.

b)

Amarga Anoman diprentah dening Dewi Sinta.

c)

Amarga Anoman sewot atine marang Dasamuka.

d)

Amarga Anoman kepengin nodhi kekuwatan bala tentara Alengka.

15.

Sapa kang nyuwun donga marang dewaning geni amrih geni ora ngobong Anoman?

a)

Dewi Anjani

b)

Dewi Trijatha

c)

Dewi Sayempraba

d)

Dewi Sinta

16.

Kanggo nyebrangi samodra kang amba, bala wanra mbangun ....

a)

Wewangunan

b)

Kreteg

c)

Prau

d)

Ora ana sing bener

17.

Sapa kang ora sarujuk nglawan bala wanara?

a)

Indrajit

b)

Wibisana

c)

Trijatha

d)

Dewi Sinta

18.

Kenangapa Wibisana ora nayogyani mbela praja?

a)

Amarga Wibisana ngandhemi kang adila lan mbelani kang bener.

b)

Amarga Wibisana iku tresna marang Dewi Sinta.

c)

Amarga Dasamuka iku kangmase Raden Wibisana.

d)

Amarga Wibisana iku rayine Prabu Dasamuka.

19.

Paraga wayang ing gambar duwe jeneng ....

a)

Dewi Anjani

b)

Dewi Sinta

c)

Dewi Sayempraba

d)

Dewi Gendari

20.

Piwulang luhur kang jumbuh karo crita Anoman Duta yaiku?

a)

Nalika dipercaya ora prelu tumemen.

b)

Wong sing duwe kekuwatan kudu pamer.

c)

Tanggung jawab marang tugas.

d)

Gampang nyerah marang kahanan.