NEW
Font size
WorksheetsBasa Jawa Bab 1 Kelas 6
Total questions: 20
Worksheet time: 28mins
Ing ngisor iki titikane pariwara/iklan sing bener yaiku ....
ukarane ngajak-ajak
ukarane mamerake
ukarane nyenengake
ukarane ngujuk-ujuki
Ing ngisor iki sing dudu kalebu teks informasi yaiku ....
teks pawarta
teks persuasi
sesanti/slogan
komik
karangan sing isine ngajak utawa narik kawigatene sing maca diarani ....
teks pawarta
teks persuasi
sesanti/slogan
pariwara/iklan
teks sing isine ngandharake fakta, kamomot ana ing media cetak, yaiku ....
teks pawarta
teks persuasi
sesanti/slogan
pariwara/iklan
"Sapa nandur bakal ngunduh"
Teks iku kalebu jenis e ....
teks pawarta
teks persuasi
sesanti/slogan
pariwara/iklan
ing ngisor iki ukara sing kalebu jinise pariwara/iklan yaiku ....
Ngundhuh wohing pakarti
Gunakna banyu sakcukupe!
Lemah longsor mendhem ewonan omah
Ayo njaga lestarine alam
Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wes dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandang.
teks iku kalebu jenise ....
teks pawarta
teks persuasi
sesanti/slogan
pariwara/iklan
Ngunduh wohing pakarti
teks iku kalebu jenise ....
teks pawarta
teks persuasi
sesanti/slogan
pariwara/iklan
Banyu resik sumber panguripan, openana!
teks iku kalebu jenise ....
teks pawarta
teks persuasi
sesanti/slogan
pariwara/iklan
Ing ngisor iki titikane teks pawarta, kajaba ...
isine ngajak
ngandharake fakta
kamomot ana ing medhia cetak
isine pawarta sing lagi dadi bahan omongane masyarakat
"Negor sauwit, nandur satus bibit!", kalebu teks ...
sesanti
pawarta
persuasi
pariwara
Teks kanggo mamerake lan ngajak supaya dideleng, dituku,lan digunakake, diarani ...
teks pariwara
teks pawarta
teks persuasi
teks slogan
Ukara ngisor iki tulada teks pawarta wujud andaran ngenai kedadean yoiku ...
Gunung kelud njeblug ing tanggal 14 Februari 2014
Banjir bandang wingi sore dinuga amrga alas kulon kae gundul
Jaman saiki udan panas ora pas wancine
Ibu seneng banget dina iki
BANJIR
Saben taun ing mangsa rendheng, surat-surat kabar, radio lan televisi mesthi padha ngemot utawa nggiyarake pawarta banjir. Semono uga kalawarti basa Jawa babaran Surabaya, Panyebar Semangat lan Jayabaya.
Banjir iku kedadeyan ing mangsa apa?
Wangsulan pitakon kasebut yaiku ....
Ing Jawa Timur
Ing mangsa rendheng
Ing mangsa labuh
Ing sakuruting Bengawan Sala
Gambar kang ana sisih kiwa iki klebu jinise .........
iklan
pawarta
gambar carita
slogan
Ngopeni Banyu Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
Teks wacan ing dhuwur klebu jenis wacan ...........
narasi
deskripsi
persuasi
fabel
Teks sing tujuane nginformaseake sawernane bab utawa apa wae diarani...
teks informasi
teks penjelasan
teks pernyataan
teks berita
Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged ( tercemar ). Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.
yen ditilik saka isine, paragraf ndhuwur iku kalebu jenise teks...
pawarta
deskripsi
persuasi
iklan/pariwara
Wacanen nganti satiti!
Kahanan kali saiki sam saya ngegirisi. Kali-kali padha buthek lan reged jalaran kena polusi. Polusi kasebut disebabake dening tumpukan uwuh: uwuh pomahan lan limbah pabrik. Uwuh lan limbah kasebut ngerusak ekosistem kali.
Ora amung banyune, kewan serta tethukulan kang urip ing kali keda dampak polusi. Iwak-iwak ing kali padha ilang jalaran kaline kebak uwuh, unthuk limbah, lan banyu limbah pabrik. Supaya kali kang awake dhewe karepke kawujud, ayo awake dhewe njaga kali wiwit saiki!
Aja mbuwang uwuh lan limbah ana kali. Saengga kali bisa bening lan resik kaya jaman biyen.
Ing ngisor iki ukara ajak-ajak kang ana sajrone wacan, yaiku ....
Supaya kali kang awake dhewe karepake kawujud
Ayo, awake dhewe njaga kali wiwit saiki.
Aja mbuwang uwuh lan limbah ana kali.
Saengga kali bening lan resik kaya jaman biyen.
Saking kencenge angin, siji baliho ukuran 6 meter X 12 meter neng dalan A. Yani uga ambruk. Pase neng ngarep markas Datasemen Polisi Militer Magelang. Untunge awak baliho ora ngembruki pawongan sing padha liwat ning dalan kasebut. Akibate, arus lalu lintas neng dalan A. Yani ngalami macet sawentara.
Pitakon kang cocok miturut wacan pawarta ing dhuwur yaiku....
Kepriye baliho ing dalan A Yani ambruk ?
Apa akibate baliho ambruk neng dalan A YAni?
Kapan baliho ambruk neng dalan A. yani?
piro kerugian saka ambruke baliho?
