wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ASSEMEN FORMATIF TEKS NON SASTRA KELAS X

Total questions: 25

Worksheet time: 24mins

Name
Class
Date
1.

Teks non sastra iku ana 4 jinise ,ing ngisor iki kang ora kalebu teks non sastra yaiku ....

a)

deskripsi

b)

eksposisi

c)

narasi

d)

persuasi

e)

argumentasi

2.

Gatekna teks ing ngisor iki !

Omah joglo iku salah siji omah tradisional Jawa sing nduwèni ciri khas atap kang wanguné limasan lan nduweni undak undakan. Atap joglo biasane dhuwuré luwih munggah lan mbentuk gunungan, dadi nuduhaké kaagungan lan kamulyan.

Ing ngarep omah ana pendhapa, yaiku papan jembar tanpa sekat sing biasane kanggo nampani tamu utawa nganakake upacara adat. Saka pendhapa, mlebu menyang pringgitan, papan kanggo pagelaran wayang kulit utawa upacara adat liyane. Ing jero omah ana senthong telu, yaiku kamar kang duwé fungsi béda-béda. Senthong tengen lan kiwa kanggo papan turu utawa nyimpen barang, déné senthong tengah biasane dianggep suci, digunakake kanggo nyimpen pusaka utawa papan ndedonga.

Bahan bangunan omah joglo biasane saka kayu jati, sing awet lan kokoh. Saben tiang utawa saka kayu iku dihiasi ukiran-ukiran kanthi motif flora utawa fauna sing nduweni makna filosofis. Emperan utawa teras omah digunakake kanggo lungguh santai lan nampani tamu saben dina.

Omah joglo ora mung minangka papan panggonan, nanging uga nggambaraké falsafah urip wong Jawa, yaiku guyub, rukun, lan ngajeni sesrawungan. Strukturé sing simetris nuduhaké yèn wong Jawa ngurmati keseimbangan lan harmoni ing urip.

Omah kang digambarake saka teks kasebut yaiku ....

a)

limasan

b)

joglo

c)

panggung

d)

gedhek

e)

pringgitan

3.

Salah siji papan kang ana ing omah joglo , kang gunane kaggo nampa tamu utawa kanggo tontonan wayang dijenengke ...

a)

pendhapa

b)

senthong

c)

emperan

d)

pringgitan

e)

gandhok

4.

Gatekna teks ing ngisor!

Budaya Jawa iku salah siji budaya ing Nusantara sing sugih makna lan filosofi. Budaya iki ora mung katon saka seni lan tradhisi, nanging uga saka cara urip, tata krama, lan pitutur luhur sing diwarisake leluhur. Wong Jawa percaya yèn budaya iku minangka pangiloning jati diri, dadi kudu dijaga lan dilestarèkaké.
Salah siji wujud budaya Jawa yaiku tata krama lan unggah-ungguh. Wong Jawa tansah ngajèni wong liya kanthi basa sing alus, miturut tataran umur utawa kalungguhan. Ana tingkatan basa kaya ngoko, madya, lan krama sing nuduhaké rasa hormat marang sesrawungan sosial.

Kajaba iku, seni tradisional Jawa uga dadi bagian penting saka budaya. Contoné wayang kulit, karawitan gamelan, lan tari tradisional sing ora mung minangka hiburan, nanging uga sarana panyebaran piwulang moral lan spiritual. Wayang kulit, umpamané, nggawa crita Ramayana utawa Mahabharata sing ngandhut piwulang becik tumrap urip saben dina.

Ing babagan arsitektur, omah adat kaya joglo lan limasan nuduhaké kearifan lokal. Struktur omah ora mung kanggo papan manggon, nanging uga nggambarake falsafah urip wong Jawa sing ngajèni keseimbangan lan kerukunan.

Budaya Jawa uga kaperang saka upacara adat kayata mitoni, tedhak siten, utawa ruwatan, sing isih dilakoni nganti saiki. Upacara iki nuduhaké yèn wong Jawa urip raket karo alam lan nduwèni rasa syukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa.
Budaya Jawa minangka warisan adiluhung sing ora kena ilang digerus jaman. Sanajan saiki teknologi lan budaya global mlebu kanthi cepet, nanging wong Jawa kudu tetep ngajèni lan nglestarekaké budaya leluhur. Amarga ing saben tradhisi Jawa ana piwulang luhur sing bisa dadi pandhu kanggo urip sing luwih rukun, tentrem, lan bermartabat.

Yen dideleng saka isine , teks ing dhuwur wujude yaiku ....

a)

deskripsi

b)

pawarta

c)

artikel

d)

sesorah

e)

laporan

5.

Pak Karsono nembe dadi narasumber ing seminar sekolah ramah anak. Amarga mireng apa kang dingendikakake pak Karsono pamireng dadi kepilut . Teks kang digunaake pak Karsono iku kalebu jinis teks persuasi, ing ngisor iki kang kalebu wujud teks persuasi yaiku ....

a)

sesorah

b)

skripsi

c)

pawarta

d)

orasi

e)

artikel

6.

Panganan kang digawe saka tepung beras banjur dicampur karo santen , banjur dimasak ing wajan cilik cilik dhuwur tungku. Biasane ndhuwure diwenehi toping nangka, coklat, gedang utawa ora diwenehi apa-apa rasane legi gurih dijenengke srabi. Srabi iku asale saka Surakarta

a)

Bener

b)

Luput

7.

Gatukna karo wangsulan kang bener!

a)
  1. 1. Isine arupa panemu panulis

  2. 2. nduweni data faktual

  3. 3. isine arupa alesan kang kuwat

  4. 4. njlentrehake perkara kanthi cara dianalisi

1.

argumentasi

b)
  1. 1. Diandharake kanthi cetha

  2. 2. Nggambarake sawijining objek

  3. 3. akeh migunaake pancadriya

  4. 4. pamaca

  5. bisa ngrasaake apa kang digambarake

2.

deskripsi

c)
  1. 1. njlentrehake sawijining bab/kawruh

  2. 2.

  3. panulisane asipat informatif

  4. 3. nggunaake basa baku

3.

eksposisi

d)
  1. 1. ana tembung pangajak

  2. 2. nganggo tembung kang alus utawa santun

  3. 3. isine bisa arupa nglipur

4.

persuasi

8.

Gatekna wacana ing ngisor iki!

Masjid Agung Jatisobo mujudake salah siji masjid paling tuwa kang mapan ana ing Dusun Jatisobo, Kalurahan Jatisobo, Kecamatan Polokarto, Kabupaten Sukoharjo, Jawa Tengah. Perbawane kraton pancen krasa banget nalika maspadakake masjid iki. Wujud bangunan saka payon, menara, warna, wis katon yen masjid iki mujudake masjid kuna. Luwih krasa maneh nalika maspadakake perangan-perangan ing jroning masjid. Kusen, lawang, cagak, lan usuk kayu kang ditata kadya payung, khas banget lan nuduhake menawa pancen masjid iki mujudake masjid kraton.

(Kapethik saka Panjebar Semangat No. 15, 9 April 2022 kanthi irah-irahan "Tradhisi Unik ing Masjid Kraton Desa Jatisobo")

Wujud bangunan saka payon, menara, warna, wis katon yen masjid iki mujudake masjid kuna. Tegese tembung payon kasebut padha karo tembung payon ing ukara...

a)

Wingi payon omahku ambrol.

b)

Dheweke durung bali merga durung kepayon.

c)

Mbok dodolane dipayoni mesakake awit esuk.

d)

Wah, bareng kepayon dagangane saiki dadi juragan.

e)

Payon kae pating slengkrah ing buri omah.

9.

Masjid Agung Jatisobo mujudake salah siji masjid paling tuwa kang mapan ana ing Dusun Jatisobo, Kalurahan Jatisobo, Kecamatan Polokarto, Kabupaten Sukoharjo, Jawa Tengah. Perbawane kraton pancen krasa banget nalika maspadakake masjid iki. Wujud bangunan saka payon, menara, warna, wis katon yen masjid iki mujudake masjid kuna. Luwih krasa maneh nalika maspadakake perangan-perangan ing jroning masjid. Kusen, lawang, cagak, lan usuk kayu kang ditata kadya payung, khas banget lan nuduhake menawa pancen masjid iki mujudake masjid kraton.

(Kapethik saka Panjebar Semangat No. 15, 9 April 2022 kanthi irah-irahan "Tradhisi Unik ing Masjid Kraton Desa Jatisobo")

Wacan ing ndhuwur nggambarake Masjid Agung Jatisobo. Wacan kasebut kalebu jinis karangan......

a)

argumentasi

b)

deskripsi

c)

eksposisi

d)

persuasi

e)

narasi

10.

Wacanen pethilan wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan

Sarujuk kaliyan Mendikbudristek lan Gubernur Jawa Tengah, mawas yen jagat digital dados papan pandadaran tumrap eksistensi aksara Jawa ing satengahipun masarakat. Gubernur pengin wawan pangandikan kaliyan pihak-pihak ingkang kagungan grengseng tumrap aksara Jawa, ngiras pantes urun rembag amrih majengipun aksara ing jaman digital.

"Kabeh kudu bisa ndeleng githoke dhewe kanggo ngerteni eksistensi aksara Jawa. Adiluhung thok ora cukup. Muspra yen kabudayan iki ora bisa ngrembaka. Kita ngantu-antu pamanggih lan pepadhang Panjenengan sami supaya awake dhewe ora kelangan Jawane," ngendikanipun Gubernur teges.

(Kapethik saka Sempulur No. 40/1-2021 kanthi irah-irahan "Pangudi Mekar Sumebare Kagunan Basa")

Kabeh kudu bisa ndeleng githoke dhewe kanggo ngerteni eksistensi aksara Jawa. Adiluhung thok ora cukup. Tembung githoke dhewe kang ana ing pethilan wacan ing ndhuwur duweni teges ....

a)

mlaku bareng-bareng

b)

mlaku dhewe-dhewe

c)

kahanane sedulur

d)

kahanane wong liya

e)

kahanane dhewe

11.

Wacanen pethilan wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan

Sarujuk kaliyan Mendikbudristek lan Gubernur Jawa Tengah, mawas yen jagat digital dados papan pandadaran tumrap eksistensi aksara Jawa ing satengahipun masarakat. Gubernur pengin wawan pangandikan kaliyan pihak-pihak ingkang kagungan grengseng tumrap aksara Jawa, ngiras pantes urun rembag amrih majengipun aksara ing jaman digital.

"Kabeh kudu bisa ndeleng githoke dhewe kanggo ngerteni eksistensi aksara Jawa. Adiluhung thok ora cukup. Muspra yen kabudayan iki ora bisa ngrembaka. Kita ngantu-antu pamanggih lan pepadhang Panjenengan sami supaya awake dhewe ora kelangan Jawane," ngendikanipun Gubernur teges.

(Kapethik saka Sempulur No. 40/1-2021 kanthi irah-irahan "Pangudi Mekar Sumebare Kagunan Basa")

Bapak Gubernur ing teks kasebut ngendika menawa adiluhung wae ora cukup, budaya bisa muspra menawa ....

a)

kabudayan ora bisa ngrembaka

b)

amung ngantu-antu pamanggih

c)

aksara Jawa durung bisa ngrembaka

d)

aksara Jawa kudu nduweni eksistensi

e)

ora bisa nengenake basa Jawa

12.

Wacanen pethilan wacan ing ngisor iki.

Urip seduluran pancen kudu mengkono. Ora ana paedahe lamun wong urip mung nuruti karepe dhewe. Jothakan, dahwen, kemeren, lan serikan kudu disingkiri. Akeh banget paedahe wong seduluran sing guyup rukun. Menawa ana bot repote ing antarane siji lan sijine, liyane bisa sabyantu ngentheng-enthengi.

Saduluran guyub rukun iku ana loro dhedhasare. Kurmat marang sing luwih tuwa lan welas asih marang sing luwih enom. Mbokmenawa kala mangsane ana salah sijine sing lali banjur dadi sebab ora rukun, dadi kewajibane liyane kanggo ngelingake murih seduluran bali becik maneh.

(Kapethik saka Sempulur No. 40/1-2021 kanthi irah-irahan "Pituture Jempol")

Saduluran guyub rukun iku ana loro dhedhasare. Salah sijine yaiku ....

a)

serik marang sing luwih enom

b)

meri marang sing luwih tuwa

c)

meri marang sing luwih enom

d)

sapenake dhewe karo sing luwih enom

e)

kurmat marang sing luwih tuwa

13.

Gatekna teks ing ngisor iki!

Saiki mono pancen jaman medsos, wong kutha lan wong ndesa padha dene katrem lan nyandu marang HP, klebu sing canggih pisan. Tonton wae generasi nom-nomane, yen dijak mertamu apa ing omah ketekan sedulur adoh, padha ketungkul karo HP-ne, dijak caturan ora nyambung. Dalasan jroning rapat apa seminar, rikala pembicara lagi ngudhar panemu, pesertane malah ana sing ngrungokake karo sinambi mbukaki HP canggihe.

Akeh tuladha nganti ora bisa uwal saka HP. HP dicekeli banjur dibukaki urut lurung sadawane dalan. HP nembe ditutup rikala ana pagaweyan kang wigati, sawise rampung bali maneh nyethuk mbukaki layar HP maneh. Akeh gambar-gambar kang diprangguli gegayutan karo dhampak saka HP.

Wong yen kadhung nyandu utawa nggathuk marang HP canggih, rasane urip kuwi suwung tanpa aji, yen ora mbukaki layar HP. Jer kanthi HP-ne kasebut bisa dingerteni isine jagad ginelar, kaya dene Dewi Windradi sing dolanan Cupu Manik Astagina awit peparinge Bethara Surya. Saking kesengseme, anake tetelu Anjani, Subali, Sugriwa, ora entuk melu ndelok.

(Kapethik saka Panjebar Semangat No. 15, 9 April 2022 kanthi irah-irahan "Sapa sing Wani Pasa Medsos Njalan Uripe Krasa Tentrem").

Pilihen prayatan kang trep miturut stimulus.

Cah nom-noman jaman saiki yen dijak mertamu nembe bisa nyelehake HPne.

a)

Bener

b)

Luput

14.

Wong yen kadhung nggatuk marang HP nyebakake dijak caturan ora nyambung.

a)

Bener

b)

Luput

15.

Gathukna karo wangsulon kang bener!

a)

Alun-alun anyar Kutha Solo saiki katon luwih resik lan ketata. Lataré amba, dilapisi paving blok sing rapi, saéngga wong-wong padha kepénak mlaku-mlaku utawa olahraga esuk. Ing sisih wetan, ana taman kembang kanthi warna-warni sing digawé kaya pola batik. Saben malem, lampu-lampu LED murub kanthi warna ganti-ganti, marakaké suasana dadi luwih ayem lan estetik.

Sajeroning kahanan saiki, alun-alun ora mung dadi papan rekreasi, nanging uga papan interaksi sosial. Wong enom padha ngumpul kanggo dolanan skate board, senam, utawa mung ngopi bareng ing warung kulo-kulo modern sing ana ing pinggir alun-alun. Saliyane kuwi, pemerintah uga masang Wi-Fi gratis, saéngga pengunjung bisa gampang ngakses internet nalika lagi lungguh-lungguh.

1.

Deskripsi

b)

Kanca-kanca kabeh, sekolah kita iki papan sinau kang kudu dijaga bareng-bareng. Yen sekolah resik lan nyaman, mesthi wae sinau kita dadi luwih semangat lan betah. Nanging, yen akeh sampah sing ora dibuwang ing panggonané, suasana bakal dadi reged lan ora enak dipandang.

Mula saka kuwi, ayo padha disiplin mbuwang sampah ing tempaté. Sampah organik lan anorganik kudu dipisah, supaya gampang diolah maneh. Yen kita kabeh gelem bebarengan njaga kebersihan, sekolah bakal katon éndah, sehat, lan dadi tuladha kanggo wong liya.

Aja nganti kita dadi generasi sing ora peduli karo lingkungan. Wiwit saiki, ayo padha miwiti saka tumindak cilik: ora nyampah, resik-resik kelas, lan ngajak kanca supaya padha melu nguri-uri kebersihan. Elinga, resik sekolahmu nuduhake resik pikiranmu!

2.

Persuasi

c)

Basa Jawa iku salah siji warisan budaya sing kudu dijaga lan dilestarekaké. Ana sawetara alesan sing ndadèkaké basa Jawa iku penting kanggo kita. Kaping pisan, basa Jawa nggambaraké identitas lan jati dhiri wong Jawa. Yen basa iki nganti ilang, banjur generasi sabanjuré bakal kesulitan ngenali asal-usulé dhewe.

Kapindho, basa Jawa sugih banget karo unggah-ungguh lan tata krama. Ing saben tembung lan ukara, ana pitutur supaya wong bisa luwih ngajèni lan ngurmati wong liya. Iki béda banget karo basa liyane sing ora nduwèni tingkatan unggah-ungguh kaya basa Jawa. Mula, nganggo basa Jawa ora mung prakara komunikasi, nanging uga prakara moral lan etika.

Kapungkasan, basa Jawa kudu tetep diajarké ing sekolah lan ditrapké ing urip saben dina. Senajan saiki jaman digital, nanging basa Jawa bisa tetep eksis liwat media sosial, kontèn kreatif, utawa pagelaran seni. Yen generasi enom gelem nggunakake lan nguri-uri, mesthi basa Jawa ora bakal ilang.

Mula saka kuwi, nglestarekaké basa Jawa iku dudu mung tanggung jawabé wong tuwa utawa guru, nanging uga tanggung jawabé kita kabeh minangka wong Jawa.

3.

Argumentasi

16.

Panganan sing tak senengi yaiku klepon .Kepon iku jajanan tradhisional .]awa kang digawe saka glepung ketan, diuleni dadi bal cilik-cilik, diisi gula abang, lan digodhog nganti mateng. Sawise mateng, klepon digulung ing parutan klapa kanggo rasa gurih. Klepon nduweni rasa manis saka gula abang sing teleh nalika dieokot łan tekstur kenyal saka glepung ketan. Klepon digawe saka glepung ketan. gula Jawa (utawa gula merah), łan klapa parut. Klepon bentuke bunder kaya bal cilik. Biasane klepon wernane ijo, nanging ana uga sing putih. Rasane klepon legi amarga gula Jawa sing lumer ing lambe lan gurih amarga klapa parut. Nalika dipangan, klepon rasane empuk łan kenyil kenyill. Nanging sing paling nyenengke, na[ika dicokot gula jawane langsung metu, nglothok ing lambe. Rasane legi banget apa maneh yen anget-anget, nyampur karo gurihe parutan klapa, nggawe rasa klepon dadi maknyus tenan. rasane gula jawa cair iku sing nggawe klepon beda karo jajan Iiyane. Biasane klepon iku didol ing pasar-pasar tradisional bareng karo jajan Ivane kaya gethuk, tiwul, łan cenił, Klepon pancen ora tau ketinggalan. merga rasane enak łan regane murah kanggo masyarakat. saiki wis akeh banget jajanan modern, nanging klepon tetep dadi pilihan wong-wong sing kangen rasa tradisional.

Gambar kang nuduhake teks deskripsi ing dhuwur yaiku ....

a)

b)

c)

d)

e)

17.

Teks deskripsi kang trep kanggo gambar ing sisih yaiku ....

a)

Omah Tajug iku salah siji jinis omah adat Jawa sing nduwèni ciri khas atapé wujud kerucut utawa tajug. Bentuk atap kaya gunung iki ora mung éndah dipandang, nanging uga nduwèni makna filosofi jero, yaiku nglambangaké hubungan manungsa karo Gusti Allah.

Biasané, omah Tajug ora dienggo papan panggonan wong saben dina, nanging luwih kerep kanggo papan ibadah utawa bangunan suci. Atapé sing dhuwuré nglambangaké pangajab supaya wong sing mlebu bisa luwih cedhak marang sing Maha Kuwasa.

Strukturé kokoh, nganggo soko-soko kayu jati sing kuat. Saka njaba, katon sederhana nanging nggawé kesan anggun lan khidmat. Omah Tajug uga kerep digandhengaké karo pawiyatan agama utawa papan kanggo kegiatan rohani.

Sanajan jaman saiki wis akeh bangunan modern, wujud Tajug isih kerep dijumpai ing langgar, masjid, utawa bangunan tradisional Jawa. Iki nuduhaké yèn budaya Jawa isih ngajeni lan nguri-uri simbol-simbol tradhisi sing duwé makna spiritual.

b)

Omah adat Jawa Tengah iku omah kang asli Jawa salah sijine Omah Limasan. Omah limasan yaiku omah kang nduweni empyak papat lan bentuke limas. Ing omah limasan ana 4 saka guru lan 14 saka tambahan. Saka mau dipasang jejeg, kuat lan lurus nduweni makna keyakinan niat, tekad lan tumindak kanggo nggayuh kesejahteraan urip ing ndaya lan akhirat.
Omah Limasan dibagi dadi 5 ruang yaiku
1.Teras utawa Tritikan
Fungsine kanggo kempal karo tangga omah, lan kanggo leyeh leyeh sakwise kerja.
2. Dalem Agung
Fungsine kanggo kempal karo keluarga.
Dalem agung dibagi 3 sethong
A. Senthong tengah kanggo panggonan ibadah
B. Senthong kiwa kanggo panggonan istirahat anak wadon
C. Senthong tengen kanggo panggonan istiraht anak lanang
3. Pawon
Fungsine kanggo masak lan sakliyane
4. Pakiwan
Fungsine kanggo mbuwang hajat (WC)

c)

Omah Panggang Pe iku salah siji jinis omah tradisional Jawa sing bentuké prasaja lan gampang digawé. Omah iki nduwèni ciri khas atapé sing miring loro, nganggo soko loro ing ngarep lan loro ing mburi minangka penyangga utama. Bentuk atapé padha karo panggangan, mula diarani Panggang Pe.

Biasané omah Panggang Pe digunakaké kanggo omah wong tani utawa dadi bangunan tambahan kaya pawon, lumbung, lan gudang. Amarga wujudé sederhana, omah iki luwih gampang dibangun lan ora mbutuhaké bahan sing akeh. Nanging kesederhanaané iku justru nggawé omah Panggang Pe katon unik lan nduwèni daya tarik dhewe.

Saka njaba, omah Panggang Pe katon luwih cilik tinimbang omah Joglo utawa Limasan. Nanging, omah iki nduwèni fungsi praktis kanggo nyukupi kabutuhan urip saben dina wong Jawa ing jaman biyèn. Sanajan saiki wis jarang ditemokaké, nanging ing sawetara desa isih ana sing tetep nguri-uri lan ngugemi omah Panggang Pe minangka warisan budaya leluhur.

d)

Omah Apitan iku salah siji jinis omah tradisional Jawa sing wujudé prasaja nanging tetep nduwèni ciri khas. Jenengé Apitan amarga bangunan iki biasané “diapiti” utawa dipasang bebarengan karo bangunan liyane, kayata pawon utawa omah utama. Wujudé mirip omah Kampung nanging luwih cilik lan sederhana.

Atapé biasané wujud limasan utawa panggang pe, nganggo soko kayu sing ora akeh. Dindingé digawé saka papan utawa gedheg, lan lantainé kadhang isih nganggo lemah utawa semen tipis. Omah Apitan luwih kerep difungsikaké dadi bangunan tambahan, kayata pawon, gudang, utawa panggonan kanggo nyimpen piranti tani.

Sanajan katon sederhana, Omah Apitan nduwèni makna sosial lan praktis sing wigati. Omah iki nggambaraké gaya urip masyarakat Jawa sing sederhana, rukun, lan luwih ngugemi fungsi tinimbang kemewahan. Ing sawetara desa Jawa, omah Apitan isih bisa ditemokaké, lan dadi bukti yèn budaya lan arsitektur tradisional isih lestari nganti saiki.

e)

Omah Joglo iku salah siji omah tradisional Jawa sing paling misuwur lan kerep dadi lambang budaya Jawa. Omah iki nduwèni ciri khas atap gedhé sing wujudé kaya gunung, ditopang déning saka guru utawa tiang utama papat ing tengah omah. Atapé amba lan dhuwuré luwih saka omah-omah liyane, nggawé kesan megah lan gagah.

Biasané Omah Joglo digawé saka kayu jati sing awet lan kuat. Bagian ngarep diarani pendhapa, yaiku papan amba tanpa sekat kanggo nampani tamu utawa pagelaran. Ing sisih jero ana pringgitan kanggo wayangan lan dalem ageng sing dadi papan manggoné kulawarga. Rancangan omah Joglo ora mung estetik, nanging uga duwé makna filosofi: atapé sing duwur nggambaraké pangajab manungsa supaya luwih cedhak karo Gusti.

Omah Joglo biyèn kerep dienggo para bangsawan utawa wong sugih, amarga biaya pambangunané gedhé. Nanging saiki, Omah Joglo ora mung dadi omah, nanging uga kerep digawé restoran, hotel, utawa papan budaya sing nguri-uri warisan Jawa.

18.

Kue Moho iku salah siji panganan tradisional khas Semarang sing isih lestari nganti saiki. Wujudé bunder kaya mangkok cilik, nganggo lipatan adonan sing mekar ing sisih ndhuwuré. Tampilané katon unik amarga warna-warnané majemuk, ana sing putih polos, ana sing dicampur abang, ijo, utawa coklat, saéngga katon éndah lan narik kawigaten.

Rasané empuk lan legi, amarga digawe saka glepung terigu sing dicampur gula lan ragi banjur dikukus nganti ngembang. Kekhasané kue Moho yaiku teksturé sing alus lan rada renyah ing njabané nanging tetep lembut nalika dipangan. Biasané, kue iki disuguhaké nalika acara adat, slametan, utawa dadi jajanan pasar.

Sanajan kue moderen saiki saya akeh, kue Moho tetep nduwèni papan ing atiné masyarakat Semarang lan sakupengé. Kajaba rasane sing khas, kue iki uga nggambaraké tradhisi lan budaya Jawa Tengah sing nguri-uri warisan leluhur.

Gambar kang nuduhake teks ing dhuwur yaiku ....

a)

b)

c)

d)

e)

19.

Saiki mono pancen jaman medsos, wong kutha lan wong ndesa padha dene katrem lan nyandu marang HP, klebu sing canggih pisan. Tonton wae generasi nom-nomane, yen dijak mertamu apa ing omah ketekan sedulur adoh, padha ketungkul karo HP-ne, dijak caturan ora nyambung. Dalasan jroning rapat apa seminar, rikala pembicara lagi ngudhar panemu, pesertane malah ana sing ngrungokake karo sinambi mbukaki HP canggihe.

Akeh tuladha nganti ora bisa uwal saka HP. HP dicekeli banjur dibukaki urut lurung sadawane dalan. HP nembe ditutup rikala ana pagaweyan kang wigati, sawise rampung bali maneh nyethuk mbukaki layar HP maneh. Akeh gambar-gambar kang diprangguli gegayutan karo dhampak saka HP.

Wong yen kadhung nyandu utawa nggathuk marang HP canggih, rasane urip kuwi suwung tanpa aji, yen ora mbukaki layar HP. Jer kanthi HP-ne kasebut bisa dingerteni isine jagad ginelar, kaya dene Dewi Windradi sing dolanan Cupu Manik Astagina awit peparinge Bethara Surya. Saking kesengseme, anake tetelu Anjani, Subali, Sugriwa, ora entuk melu ndelok.

(Kapethik saka Panjebar Semangat No. 15, 9 April 2022 kanthi irah-irahan "Sapa sing Wani Pasa Medsos Njalan Uripe Krasa Tentrem").

Pilihen wangsulan kang bener bisa luwih saka siji

a)

Wong kang nyandhu Hp bisa dilereni kanthi olahraga

b)

Wong sing wes nyandhu Hp ngrasakke uripe suwung tanpa aji

c)

Akeh kang ora bisa owal saka Hp nganti dicekeli lan dibukai sadawane dalan

d)

Wong nyandhu salika menyang kantor Hp-ne disuwun garwane isih ora pareng

e)

Wong nyandhu Hp lir Dewi Windradi sing dolanan piranti kang bisa murup.

20.

Saiki mono pancen jaman medsos, wong kutha lan wong ndesa padha dene katrem lan nyandu marang HP, klebu sing canggih pisan. Tonton wae generasi nom-nomane, yen dijak mertamu apa ing omah ketekan sedulur adoh, padha ketungkul karo HP-ne, dijak caturan ora nyambung. Dalasan jroning rapat apa seminar, rikala pembicara lagi ngudhar panemu, pesertane malah ana sing ngrungokake karo sinambi mbukaki HP canggihe.

Akeh tuladha nganti ora bisa uwal saka HP. HP dicekeli banjur dibukaki urut lurung sadawane dalan. HP nembe ditutup rikala ana pagaweyan kang wigati, sawise rampung bali maneh nyethuk mbukaki layar HP maneh. Akeh gambar-gambar kang diprangguli gegayutan karo dhampak saka HP.

Wong yen kadhung nyandu utawa nggathuk marang HP canggih, rasane urip kuwi suwung tanpa aji, yen ora mbukaki layar HP. Jer kanthi HP-ne kasebut bisa dingerteni isine jagad ginelar, kaya dene Dewi Windradi sing dolanan Cupu Manik Astagina awit peparinge Bethara Surya. Saking kesengseme, anake tetelu Anjani, Subali, Sugriwa, ora entuk melu ndelok.

(Kapethik saka Panjebar Semangat No. 15, 9 April 2022 kanthi irah-irahan "Sapa sing Wani Pasa Medsos Njalan Uripe Krasa Tentrem").

Pilihen wangsulan kang bener miturut stimulus kang diwenehake ....

Generasi nom noman jaman saiki ora bingung yen srawung tanpa HP

a)

Bener

b)

Luput

21.

Omah Panggang Pe iku salah siji jinis omah tradisional Jawa sing bentuké prasaja lan gampang digawé. Omah iki nduwèni ciri khas atapé sing miring loro, nganggo soko loro ing ngarep lan loro ing mburi minangka penyangga utama. Bentuk atapé padha karo panggangan, mula diarani Panggang Pe.

Biasané omah Panggang Pe digunakaké kanggo omah wong tani utawa dadi bangunan tambahan kaya pawon, lumbung, lan gudang. Amarga wujudé sederhana, omah iki luwih gampang dibangun lan ora mbutuhaké bahan sing akeh. Nanging kesederhanaané iku justru nggawé omah Panggang Pe katon unik lan nduwèni daya tarik dhewe.

Saka njaba, omah Panggang Pe katon luwih cilik tinimbang omah Joglo utawa Limasan. Nanging, omah iki nduwèni fungsi praktis kanggo nyukupi kabutuhan urip saben dina wong Jawa ing jaman biyèn. Sanajan saiki wis jarang ditemokaké, nanging ing sawetara desa isih ana sing tetep nguri-uri lan ngugemi omah Panggang Pe minangka warisan budaya leluhur.

Pilihen gambar kang trep karo teks deskripsi ing dhuwur ....

a)

b)

c)

d)

e)

22.

Teks deskripsi kang trep kanggo nuduhake gambar ing sisih , yaiku ....

a)

Batik Parang iku salah siji motif batik Jawa sing misuwur lan nduwèni makna filosofi jero. Motif iki wujudé miring-miring kaya ombak sing ora ana entèké, digawé kanthi pola garis diagonal sing nyambung terus. Wujud pola kaya ombak iki nglambangaké semangat sing ora kendhat, kekuatan, lan tekad kanggo ngadhepi urip.

Biasané, Batik Parang digunakaké déning kalangan bangsawan ing jaman biyèn, amarga maknané nggambaraké kawibawan, keuletan, lan kewibawané sawijining wong. Pola batik iki kerep didominasi warna coklat, biru, utawa ireng sing digabung karo dasar putih utawa krem, saéngga katon gagah lan anggun.

Sanajan saiki batik wis ana rupa-rupa motif moderen, Batik Parang tetep dadi salah siji motif klasik sing digemari. Ora mung dienggo busana adat utawa acara resmi, nanging uga saiki kerep diaplikasèkaké ing desain moderen kayata tas, sepatu, utawa interior omah. Iki nuduhaké yèn Batik Parang isih lestari lan bisa nyawiji karo kahanan jaman saiki tanpa ninggalaké filosofi utamané.

b)

Batik Kawung iku salah siji motif batik klasik Jawa sing wis ana wiwit jaman Mataram kuna. Motif iki nduwèni ciri khas wujud bunder-bunder sing disusun rapi kaya pola simetris. Pola bunder iku asring dianggep mirip irisan woh kawung utawa kolang-kaling, mula diarani Kawung.

Makna filosofi saka batik Kawung yaiku kesucian lan kesederhanaan. Bunder sing ora ana wiwitan lan ora ana pungkasan nggambaraké yèn urip manungsa kudu tansah éling marang sangkan paraning dumadi lan tetep ngajèni keselarasan urip. Kajaba iku, motif Kawung uga dadi simbol keadilan lan kesempurnaan.

Biasané, batik Kawung digawé nganggo warna dasar putih utawa krem, banjur dipadu karo warna coklat, ireng, utawa biru. Tampilané sederhana nanging elegan, saéngga kerep dienggo kanggo acara resmi utawa upacara adat. Ing jaman biyèn, batik iki asring dienggo déning para priyayi lan bangsawan amarga nduwèni makna luhur.

Sanajan saiki wis ana akèh motif moderen, batik Kawung tetep lestari lan dadi pilihan wong-wong sing seneng kesederhanaan nanging tetep ngajèni makna tradhisi.

c)

Batik Sido Luhur iku salah siji motif batik klasik Jawa sing duwé makna luhur lan kerep digunakaké ing upacara adat. Jenengé “Sido Luhur” asalé saka tembung sido sing tegesé kelakon utawa dadi, lan luhur sing tegesé mulya utawa dhuwur. Mula, motif iki nggambaraké pangajab supaya sing nganggo bisa nggayuh urip sing mulya, utama, lan tinata.

Pola batik Sido Luhur biasané diisi karo ornamen-ornamen khas Jawa kayata kembang, lung-lungan, utawa garuda. Tata letak pola disusun kanthi simetris lan rapi, nggambaraké keselarasan lan ketertiban urip. Warna sing dominan yaiku coklat sogan, ireng, lan putih, sing marakaké batik iki katon anggun lan wibawa.

Batik Sido Luhur kerep dienggo déning manten putri nalika acara panggih utawa resepsi. Iki amarga makna filosofiné yaiku pangajab supaya pengantin bisa nggayuh kebahagiaan rumah tangga sing tentrem, harmonis, lan mulya ing bebrayan.

Sanajan saiki akeh motif batik anyar, batik Sido Luhur tetep dadi salah siji pusaka budaya Jawa sing isih lestari lan dijaga, amarga ora mung éndah saka tampilané, nanging uga sugih makna filosofis kang jero.

d)

Batik Sidomukti iku salah siji motif batik klasik Jawa sing asring dienggo ing upacara manten utawa acara resmi. Jenengé saka tembung sido sing tegesé kelakon utawa dadi, lan mukti sing tegesé kamulyan utawa kabegjan. Mula, makna saka batik iki yaiku pangajab supaya sing nganggo bisa nggayuh kamulyan, kasil, lan urip sing ayem tentrem.

Pola batik Sidomukti biasané dihias karo gambar kembang, lung-lungan, meru (gunung), utawa garuda. Tata letaké simetris lan ajeg, nggambaraké yèn urip kudu tinata lan selaras. Warna sing kerep digunakaké yaiku coklat sogan, ireng, lan putih, sing marakaké batik iki katon elegan lan nduwèni kewibawan.

Batik iki kerep dienggo déning manten kakung nalika upacara ijab utawa panggih. Filosofiné yaiku supaya omah tangga sing dibangun bisa dadi papan sing mukti, makmur, lan pinujul.

Sanajan jaman saya maju lan motif batik saya warna-warni, Sidomukti tetep lestari amarga ora mung éndah saka segi tampilan, nanging uga sugih makna urip sing jero lan mulya.

e)

Batik Sido Asih iku salah siji motif batik klasik Jawa sing kerep dienggo ing upacara manten, utamané déning manten putri. Jenengé saka tembung sido sing tegesé dadi utawa kelakon, lan asih sing tegesé katresnan utawa sih tresna. Mula, makna saka batik iki yaiku pangajab supaya omah tangga sing anyar bisa kawangun kanthi dasar katresnan, welas asih, lan kerukunan.

Pola batik Sido Asih biasané diisi karo ornamen kembang, lung-lungan, lan gambar burung utawa kupu-kupu sing nggambaraké rasa ayem, harmonis, lan éndah. Tata letak pola digawé simetris supaya nuduhaké keseimbangan ing urip bebrayan.

Warna sing kerep katon yaiku coklat sogan lan ireng kanthi dasar putih utawa krem, saéngga katon anggun lan njalari nuansa sakral. Rancangané sederhana nanging sarat makna, nggambaraké yèn katresnan iku kudu tansah dijaga kanthi tulus lan ajeg.

Batik Sido Asih ora mung éndah saka tampilané, nanging uga sugih filosofi. Batik iki dadi simbol pangajab supaya pasangan manten bisa urip tentrem, rukun, lan tansah ngedhepake rasa katresnan nganti pungkasaning urip.

23.

Gathukna karo wangsulan kang trep !

  1. 1. Batik Parang iku salah siji motif batik Jawa sing misuwur lan nduwèni makna filosofi jero. Motif iki wujudé miring-miring kaya ombak sing ora ana entèké, digawé kanthi pola garis diagonal sing nyambung terus. Wujud pola kaya ombak iki nglambangaké semangat sing ora kendhat, kekuatan, lan tekad kanggo ngadhepi urip.

    Biasané, Batik Parang digunakaké déning kalangan bangsawan ing jaman biyèn, amarga maknané nggambaraké kawibawan, keuletan, lan kewibawané sawijining wong. Pola batik iki kerep didominasi warna coklat, biru, utawa ireng sing digabung karo dasar putih utawa krem, saéngga katon gagah lan anggun.

    Sanajan saiki batik wis ana rupa-rupa motif moderen, Batik Parang tetep dadi salah siji motif klasik sing digemari. Ora mung dienggo busana adat utawa acara resmi, nanging uga saiki kerep diaplikasèkaké ing desain moderen kayata tas, sepatu, utawa interior omah. Iki nuduhaké yèn Batik Parang isih lestari lan bisa nyawiji karo kahanan jaman saiki tanpa ninggalaké filosofi utamané.

  2. 2. Batik Sidomukti iku salah siji motif batik klasik Jawa sing asring dienggo ing upacara manten utawa acara resmi. Jenengé saka tembung sido sing tegesé kelakon utawa dadi, lan mukti sing tegesé kamulyan utawa kabegjan. Mula, makna saka batik iki yaiku pangajab supaya sing nganggo bisa nggayuh kamulyan, kasil, lan urip sing ayem tentrem.

    Pola batik Sidomukti biasané dihias karo gambar kembang, lung-lungan, meru (gunung), utawa garuda. Tata letaké simetris lan ajeg, nggambaraké yèn urip kudu tinata lan selaras. Warna sing kerep digunakaké yaiku coklat sogan, ireng, lan putih, sing marakaké batik iki katon elegan lan nduwèni kewibawan.

    Batik iki kerep dienggo déning manten kakung nalika upacara ijab utawa panggih. Filosofiné yaiku supaya omah tangga sing dibangun bisa dadi papan sing mukti, makmur, lan pinujul.

    Sanajan jaman saya maju lan motif batik saya warna-warni, Sidomukti tetep lestari amarga ora mung éndah saka segi tampilan, nanging uga sugih makna urip sing jero lan mulya.

  3. 3. Batik Sido Asih iku salah siji motif batik klasik Jawa sing kerep dienggo ing upacara manten, utamané déning manten putri. Jenengé saka tembung sido sing tegesé dadi utawa kelakon, lan asih sing tegesé katresnan utawa sih tresna. Mula, makna saka batik iki yaiku pangajab supaya omah tangga sing anyar bisa kawangun kanthi dasar katresnan, welas asih, lan kerukunan.

    Pola batik Sido Asih biasané diisi karo ornamen kembang, lung-lungan, lan gambar burung utawa kupu-kupu sing nggambaraké rasa ayem, harmonis, lan éndah. Tata letak pola digawé simetris supaya nuduhaké keseimbangan ing urip bebrayan.

    Warna sing kerep katon yaiku coklat sogan lan ireng kanthi dasar putih utawa krem, saéngga katon anggun lan njalari nuansa sakral. Rancangané sederhana nanging sarat makna, nggambaraké yèn katresnan iku kudu tansah dijaga kanthi tulus lan ajeg.

    Batik Sido Asih ora mung éndah saka tampilané, nanging uga sugih filosofi. Batik iki dadi simbol pangajab supaya pasangan manten bisa urip tentrem, rukun, lan tansah ngedhepake rasa katresnan nganti pungkasaning urip.

  4. 4. Batik Truntum iku salah siji batik klasik saka Kasultanan Yogyakarta sing sugih makna lan sejarah. Jenengé saka tembung taruntum sing tegesé tumaruntum utawa tuwuh maneh. Motif iki kawitan digawé déning Kanjeng Ratu Kencana, permaisuri Sunan Pakubuwana III, minangka tandha katresnan kang tuwuh lan mulur maneh marang sang raja.

    Pola batik Truntum wujudé kaya taburan lintang cilik-cilik ing langit peteng. Motif iki maknani katresnan sing tulus, abadi, lan ora ana entèké, kaya lintang sing tetep murub ing saben wengi. Biasané, warna batik Truntum didominasi ireng, biru tua, utawa coklat sogan sing dipadu karo titik-titik putih utawa emas, marakaké katon anggun lan wibawa.

    Ing upacara manten Jawa, batik Truntum kerep dienggo déning wong tuwa manten nalika prosesi panggih. Filosofiné yaiku wong tuwa nduwèni peran minangka panuntun lan pituduh kanggo anak-anaké supaya bisa mlebu urip bebrayan kanthi tentrem lan katresnan sing langgeng.

    Sanajan saiki akèh motif batik moderen, batik Truntum tetep dadi salah siji batik sing lestari amarga isiné ora mung éndah saka segi visual, nanging uga sugih piwulang urip lan makna filosofis kang jero.

a)

1.

Truntum

b)

2.

Parang

c)

3.

Sidomukti

d)

4.

Sido asih

24.

Jenis teks non sastra iku ana 4 yaitu argumentasi, eksposisi, persuasi lan deskripsi. Saben jinis ana wujude dhewe-dhewe kayata eksposisi wujude arupa skripsi

a)

Bener

b)

Luput

25.

Nalika maca teks deskripsi batik parang, siswa banjur disilih kanggo ngusulake gagasan carane supaya batik isih lestari. Aktivitas kasebut nuduhaké pangembangan katrampilan …

a)

Évaluasi lan kreasi

b)

Ngapalaké lan ngelingi

c)

Mbandhingaké lan nyimpulake

d)

Nglumpukaké lan nerangaké

e)

Nglumpukake data lan analisis