WorksheetsArtikel Basa Jawa
Total questions: 13
Worksheet time: 10hrs 25mins
Teks artikel basa Jawa nduwèni ciri-ciri kebahasaan kang béda karo genre teks liya, ing ngisor iki ciri khasé, kajaba ....
Ana fakta lan panemu
Nggunakake konjungsi
Ukara runtut lan logis
Objektif lan informatif
Nganggo basa krama alus
Anane dhata saka kedadeyan ing kasunyatan lan tanggapan utawa sudut pandang penulis nuduhake yen teks artikel iku duwe titikan, yaiku.....
Ana fakta lan panemu
Nggunakake konjungsi
Ukara runtut lan logis
Objektif lan informatif
Nganggo basa krama alus
Sebutna urutane struktur utawa unsur pembangun kanthi jangkep lan trep ....
Irah-irahan
Bebuka
Isi
Dudutan
Perangane teks artikel basa Jawa kang ngrembug topik sing arep dijlentrehake ing perangan sabanjure, yaiku ....
Irah-irahan
Bebuka
Isi
Panutup
Dudutan
Perangane teks artikel basa Jawa kang isine awujud panemu lan kasunyatan kang ditulis dadi pirang-pirang paragraf kang ngandhut pitakonan pokok yaiku ....
Irah-irahan
Bebuka
Isi
Panutup
Dudutan
Suguh Dhayoh ing Mantenan Yogyakarta lan Surakarta
Ing wewengkon Yogyakarta lan Surakarta ana istilah USDEK kanggo nyebut suguhan kang diparingake marang dhayoh. Anggene nyuguhake kudu manut urutan lan sing menehi utawa sing nyuguhake iku para sinoman. USDEK dhewe mujudake cekakan saka unjukan, sop, dhaharan, es krim lan, kondur. Nalika ana dhayoh teka menyang acara resepsi nikahan, ora watara suwe bakal ana sinoman kang nyuguhi unjukan. Lumrahe unjukan sing disuguhake yaiku teh anget. Sabubare nampa teh anget lan teh kasebut disruput, dhayoh bakal oleh suguhan kapindho kang wujude sop. Sop kang biyasane disuguhake ing adicara resepsi rabi iki lumrahe sinebut sop manten. Sop manten kang disuguhake iki tanpa migunakake sega. Minangka sesulih saka sega biyasane diganti nganggo bihun utawa markoni. Sawise diparingi suguhan arupa sop, tamu bakal pikantuk maneh suguhan kaping telu yaiku dhaharan. Jinis dhaharan kang disuguhake ora ana ketentuane, amarga jinis suguhan dhaharan iki dipasrahake manut kuwasane sing duwe gawe. Suguhan pungkasan sing diwenehake marang tamu yaiku es krim utawa es podeng. Suguhan es krim utawa es podeng iki pancen sengaja diwenehake ikeri dhewe, jalaran es krim utawa es podeng iki dianggep panganan kanggo pencuci mulut. Sabubare suguhan kabeh wis ditampa dening tamu, banjur tamu wis bisa mulih.
Perkara apa sing dirembug ana ing sajerone teks artikel kasebut ....
Jinise suguhan kanggo dhayoh manten ing Yogyakarta lan Surakarta
Resep suguhan kanggo dhayoh manten ing Yogyakarta lan Surakarta
Cara nyuguhake panganan kanggo dhayoh ing Yogyakarta lan Surakarta
Suguhan wajib kanggo manten ing Yogyakarta lan Surakarta
Wernane suguhan kanggo dhayoh ing Yogyakarta lan Surakarta
Apa wae suguhan sing diwenehake miturut artikel kasebut kanthi urut ....
Ngombe, Sop, Panganan, Es
Unjukan, Sop, Dhaharan, Es, Kopi
Ngombe, Sop, Dhaharan, Kondur
Unjukan, Sop, Panganan, Kondur
Ngombe, Sop, Panganan, Es, Kopi
Dhaharan kang diwenehake marang dhayoh miturut teks kasebut yaiku ....
Ora ana pakeme lan sakkuwate sing duwe hajat
Ora kudu mewah sing penting dhayohe wareg
Ora ana aturan bakune sing penting ora ngaboti dhayohe
Ora ngaboti sing duwe gawe, sing penting ana lawuh daginge
Ora ana ketentuane yen ora diwenehi ya ora apa-apa
Ukara kasunyatan adhedhasar isi teks kasebut yaiku ....
Ing wewengkon Yogyakarta lan Surakarta ana istilah USDEK kanggo nyebut suguhan kang diparingake marang Dhayoh
Lumrahe unjukan sing diwenehake dening sinoman marang dhayoh wujude yaiku teh anget
Sop manten kang disuguhake tanpa migunakake sega, minangka sesulih saka sega biyasane diganti nganggo bihun utawa markoni
es krim utawa es podeng diwenehake sinoman marang dhayoh dianggep sarana kanggo pencuci mulut
Sabubare tamu lungguh ing acara manten, ora watara suwe bakal ana sinoman kang nyuguhi unjukan
Ukara panemu adhedhasar teks artikel kasebut yaiku ....
Ing wewengkon Yogyakarta lan Surakarta ana istilah USDEK kanggo nyebut suguhan kang diwenehake marang dhayoh
Anggene sinoman manehi suguhan tumrap para dhayoh kudu manut urutan
USDEK dhewe mujudake cekakan saka unjukan, sop, dhaharan, es krim lan, kondur
Suguhan pungkasan sing diwenehake marang dhayoh manten yaiku es krim utawa es podeng
Sabubare suguhan kabeh wis ditampa dening tamu, banjur dhayoh manten kudu mulih
Junk food (a) fast food saiki wis akeh ing kutha-kutha gedhe ing Indonesia. Panganan iki dirasa luwih praktis (b) luwih enak miturut wong kutha, (c) regane kadhang luwih murah (d) panganan mentah. Junk food iki wis suwe dadi bahan rerasan ing Indonesia (e) akeh dampak negatif sing disebabake.
Sawetara panaliten mbuktèkaké (a) junk food (b) fast food sing kerep dipangan dening manungsa ora langsung ana akibate, (c) efek saka panganan kuwi numpuk neng njero awak, (d) mengko bisa nuwuhake penyakit abot kaya kanker. (e) kanker, Nanging uga penyakit abot liyane kaya stroke, usus buntu, lan penyakit ginjal.
Kelompokna ukara-ukara ing ngisor iki miturut jinise fakta utawa opini!
Yen mangan panganan sehat kulit uga bakal luwih sehat kalebu kulit rai
Panganan sehat kudu ngandhut nutrisi lan gizi sing apik kanggo awak
Wong sing diet uga kudu nganggo cara sehat, ora mung nuruti tren
Protein dibutuhake kanggo zat pambangun lan ndandani jaringan sing rusak
Serat dibutuhake manungsa kanggo njaga sehate pencernaan
Akèh jinis panganan sehat sing gampang dikonsumsi saben dina
Klèru nggunakaké nalar nalika mènèhi argumèn sing katoné logis, nanging sak tenané ora, kanthi sengaja (manipulatif) utawa ora sengaja (kekurangpahaman logika) diarani minangka ....
Wrong Preception
False Minding
Logical Fallacy
Irrational Conclusion
Incorrect Decision
Ing ngisor iki kang kalebu jinise cacat logika, kajaba ....
Ad Ignorantiam
False Dilemma
Post Hoc Ergo Propter Hoc
Appeal to an Author
Cherry Picking
Gatekna pethalan teks artikel ing ngisor iki!
Akhir-akhir iki kerep krungu wong-wong sambat yen bocah jaman saiki males sinau. Iki mesthi bukti yen teknologi sing maju dadi sebab utama mudhune semangat sinau generasi enom. Kabeh bocah sing kerep nganggo HP mesthi wae males sinau, merga dolanan HP mung nggawe bocah dadi lumuh. Tuladhane gampang wae, tanggaku saben dina mung dolanan game ing HP, lan jebule rapote elek. Tegese, game online njalari bijine rapot tanggaku elek. Kasus kaya sing dialami dening tanggaku dadi bukti yen dolanan hp kuwi mesthi ngrusak prestasi sekolah. Dadi, solusine wis cetha, yen arep nggawe generasi enom dadi pinter, kabeh HP kudu dilarang kanggo bocah sekolah, ora ana solusi liya sing luwih efektif kajaba kuwi.
Golekana jinise cacat pikir sing ana ing teks artikel ing dhuwur!
Tanggaku saben dina mung dolanan game ing HP, lan jebule rapote elek. Tegese, game online njalari bijine rapot tanggaku elek.
Ad Hominem
False Dilemma
Appeal to Authority
Post Hoc Ergo Propter Hoc
Kasus kaya sing dialami dening tanggaku dadi bukti yen dolanan hp kuwi mesthi ngrusak prestasi sekolah.
Bandwagon
Straw Man
Ad Ignorantiam
Ad Hominem
Cherry Picking
Dadi, solusine wis cetha, yen arep nggawe generasi enom dadi pinter, kabeh HP kudu dilarang kanggo bocah sekolah, ora ana solusi liya sing luwih efektif kajaba kuwi.
Circular Reasoning
Straw Man
Cherry Picking
False Dilemma
Post Hoc Ergo Propter Hoc
Kabeh bocah sing kerep nganggo HP mesthi wae males sinau, merga dolanan HP bisa nggawe bocah dadi lumuh.
Circular reasoning
Ad Hominem
Straw man
Bandwagon
Appeal to Authority
Panulis saka artikel iki percaya, yen teknologi kang canggih sing ana ing HP dadi jalaran bocah padha aras-arasen sinau nganti dadekake bocah bodho, adhedhasar saka akeh ceritane wong-wong sakiwa tengene penulis. Mangka bisa ditarik dudutan yen panulis ngalami sesat pikir jinis .....
Appeal to Authority
Appeal to Ignorance
Bandwagon
Either-Or
Straw Man
Geneya Kudu Turu 8 Jam Sedina?
Turu kuwi kalebu aktivitas sing kelakon ing alam bawah sadaré manungsa lan dadi salah siji kabutuhan pokoké manungsa. Akèhé lan apiké turune wong nduwé pengaruh marang kegiyatan saben dinané manungsa. Kahanan kurang turu utawa gangguan turu (sleep deprivation) kerep ditemokaké ing kalangan remaja nganti wong diwasa (Fazhilah, 2020). Kualitas turu sing apik kuwi antarané nduwé wektu turu sing cukup, yaiku watara 7–8 jam saben dina, ora kerep tangi nalika turu, lan bisa turu gampang sawisé 30 menit angler (Sulana, 2020). Ing panalitèn sing ditindakake déning Fazhilah (2021), lan survei indeks pola urip sehat American International Assurance (AIA) taun 2013 nuduhaké yèn wong Indonesia mung duwe wektu turu kira-kira 6 jam saben wengi merga répot lan aktivitas padinan sing tambah akeh. Adhedhasar panalitèn Rianto, lan kancané (2022), kualitas turu sing ora apik bisa njalari kumaté hipertensi ing wong tuwa. Kualitas turu sing elek bisa ngganti hormon stres kortisol lan sistem saraf simpatik, mula ndadèkaké tekanan darahé wong tuwa saya mundhak. Miturut panalitèn sing ditindakake Gunarsa, lan kancané (2021), wong sing kualitas turune elek bakal mikolehi akibat negatif ing awaké, yaiku ngganggu regenerasi sel lan keseimbangan metabolisme awak. Kuwi bisa nyebabaké rusaké organ awak tartamtu merga ora diwènèhi wektu istirahat sing cukup. Nanging, wong sing nduwé kualitas turu apik bakal éntuk akèh akibat positif kanggo awaké, kayata ora gampang ketaman lara, bisa njaga keseimbangan mental, ningkataké kesehatan awak, stres ing paru-paru, kardiovaskular, endokrin, lan sapanunggalané bisa mudhun (Putra & Kriswanto, 2019).
Adhedhasar artikel kasebut, miturut panilitene sapa menawa wong Indonesia kuwi kurang anggone turu saben wengi?
Fazhilah
Rianto
Gunarsa
Sulana
Putra & Kriswanto
Ing ngisor iki kalebu titikane wong sing duwe kualitas turu sing becik adhedhasar teks artikel kasebut, kajaba ....
Turune kurang luwih wolung jam
Anggone turu angler
Ora gampang nglilir nalika turu
Cepet turu sakwise setengah jam mapan
Ora gampang ngantuk nalika wengi
Miturut artikel kasebut, wong sing kualitas turune kurang bisa ngalami maneka warna lara, kajaba ....
Rusake organ jero
Metabolisme awak ora imbang
Darah tinggi
Regenerasi sel keganggu
Darah Rendhah
Yèn kualitas turu ora apik, apa akibaté kanggo wong tuwa miturut panaliten Rianto ing artikel kasebut?
Kelemon lan diabetes
Dharah tinggi amarga hormon lan sistem saraf owah
Rusaké paru-paru amarga kurang oksigen
Gangguan jantung amarga kurang leren
Nglumpuké racun metabolit ing ginjel
Saka teks, panalitèn Gunarsa, et al (2021) njlentrehaké yèn kualitas turu sing elek iso ngganggu regenerasi sel. Apa dampak jangka panjangé tumrap awak manungsa, utamane siswa kaya awakmu?
Awak luwih gampang ketaman lemes lan ngantuk
Sistem imun tambah dilatih amarga awak kerja luwih keras
Organ tartamtu bisa rusak amarga kurang wektu istirahat
Awaké ora gampang nyimpen energi kanggo kegiyatan esuk
Siswa angel anggone konsentrasi amarga awak kurang istirahat
