WorksheetsUnsur Intrinsik lan Ekstrinsik Cerkak
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
Unsur intrinsik yaiku unsur sing mbangun cerkak saka njero crita.
leres
lepat
Tema cerkak yaiku gagasan utama utawa pokok pikiran sing dadi dasar crita.
leres
lepat
Latar mung nyritakake wektu wae, ora kalebu papan lan kahanan.
leres
lepat
Paraga lan watak kalebu unsur intrinsik amarga nggambarake sapa wae sing ana ing crita lan kepribadine.
leres
lepat
Amanat yaiku piwulang utawa pesen sing arep diwenehake pangripta liwat crita.
leres
lepat
Alur (plot) mung ana siji yaiku alur maju, ora ana jinis liyane.
leres
lepat
Sudut pandang yaiku cara pangripta nggambarake crita, kayata nganggo wong kapisan utawa wong katelu.
leres
lepat
Unsur ekstrinsik cerkak yaiku latar sosial, budaya, lan pengalaman pangripta.
leres
lepat
Latar wektu bisa diwenehake nganggo tandha wektu kaya “esuk”, “sore”, utawa “tahun kepungkur”.
leres
lepat
Alur campuran yaiku alur sing nggabungake alur maju lan alur mundur.
leres
lepat
Ing ngandhap menika ingkang boten kalebu unsur intrinsik cerkak inggih menika….
paraga
setting
latar
agama panyerat
Ajaran moral kang bakal dicritakake pengarang marang para maos diarani….
latar
paraga
piweling
gaya bahasa
Perangan cerkak sing ngandharake puncaking perkara kang dipunraosaken dening paraga utama inggih menika….
eksposisi
komplikasi
klimaks
resolusi
Rina wis mangsuli yen besuk saguh dadi sisihanku kanthi sarat yen bisa nggondhol kasarjanaane. Yen wis dadi sisihanku diolehake njupuk kursus apa wae sing migunani tumrape wong bebrayan, lan uga njaluk panyengkuyung anggone seneng nulis sing bisa dikirim ing redaksi diemot ing buku-buku.
Watak Rina inggih menika….
sregep, pethel lan duwe cita-cita dhuwur
gampang nesu, lan ora bisa urip susah
seneng dumdum dhuwit marang wong kang miskin
licik, gumedhe, asring ngapusi
“Inggih Bu, kula sampun rembagan kalihan lare-lare. Sedaya sami purun. Saderengipun kula ngaturaken agunging panuwun ibu kersa paring kalodhangan dhateng anak-anak kula sekolah wonten kutha Surabaya,” kandhane Mbok Ginah kanthi rasa bungah.
Latar swasana pethikan cerkak ing nginggil inggih menika….
sedhih
bungah
mangkel
susah
