wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

GLADHEN KELAS XII

Total questions: 10

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Jroning khasanah kasustraan Jawa,genre sandhiwara kaperang dadi loro kang diarani sandhiwara klasik lan modheren.Ing ngisor iki kang ora kalebu titikan sandhiwara klasik yaiku....

a)

Crita ngrembug ngenani bab sejarah utawa donyaning kraton

b)

Basa kang dianggo njumbuhake klawan jaman nalika crita mau kedadeyan

c)

Alur crita ing sandhiwara runtut kawiwitan saka jejer kedhaton nganti perang brubuh

d)

Lakuning crita bebas lan manut klawan kekarepane pengarang

e)

Nganggo unsur panyengkuyunh crita kang ugq klasik,kaya dene iringan musik,setting panggung,lan swasana kang jumbuh klawan jamane crita

2.

Miturut pacelathon jroning naskah sandiwara mau,underane perkara yaiku....

a)

Sambate masarakat kang padha kabotan mbayar pajeg lan akeh kang nunggak pajege marang pangarsaning paprentahan

b)

Konspirasi antarane masarakat klawan pengusaha kang duwe karep ora becik kanthi niat ngemplang pasok wulu wektu

c)

Masarakat kang manut marang paprentahan kanthi setor wulu wektu ing saben taune

d)

Usahane masarakat kang njaluk karinganan pajeg marang pejabat paprentahan

e)

Pejabat paprentahan kang oleh dhawuh saka dhuwuran kanggo ngundhakake opah saka pajeg masarakat

3.

Saka pacelathon naskah sandhiwara mau,paraga kang duwe watek protagonis kanggo patuladhan jroning bebrayan masarakat yaiku...

a)

Gonyak

b)

Ganyuk

c)

Kang lawak

d)

Kang temu

e)

Juragan Brana luwih

4.

Piwulang luhur kang bisa kajupuk saka pethilan naskah sandhiwara ing dhuwur yaiku......

a)

Siswa PKL iku durung duweni kuwajiban kanggo nyambut gawe kang profesional jalaran isih latiyan

b)

Dadi kanca seperjuangan kudu bisa tinulung lan mangerteni masalah kang lagi diadhepi dening kanca

c)

Siswa PKL kudu bisa gladhi dhiri supaya antuk pengalaman kang akeh lan migunani sajroning PKL

d)

Tumindhak tliti lan ora nggampangake perkara cilik iku wigati tumrape wong nyambut gawe, mligine ing layanan jasa

e)

Kabeh wong mesthi ora ucul saka kaluputan, rasa lalen lan kurang setiti, sanadyan mung cilik, mula iku kalebu bab kang lumrah.

5.

Umpama awakmu dadi eko, kang bakal kok lakokake ngadhepi perkara kaya mangkono yaiku....

a)

Tetep meneng lan belani Dwi, jalaran akibat saka kaluputane ora nemen utawa fatal

b)

Ngomong kang ora jujur jalaranmbelani kanca saperjuangan kanggo tandha empati marang kanca

c)

Jujur matur kang sabanjure marang manajer servis lan nyalahake Dwi kang ora gelem kandha jujur

d)

Crita apa anane miturut kang dimangerteni marang manajer servis lan siap melu nampa resiko bebarengan karo Dwi

e)

Ngelingake marang Dwi supaya ora ora crita marang manajer servis

6.

Jroning panguripan awake dhewe sok mrangguli kedadeyan wong kang ora jujur ing sangarepe wong liya.Saka piwulang luhur naskah sandhiwara mau,ana maneka tuladhan becik kang bisa dilamokake,kajaba

a)

Sanadyan bakale nemoni bab kang ora ngepenakake, jujur kudu tetep dadi pilihan nomer siji

b)

Jujur iku kadhangkala gawe urip ajur, dadi kala kala ora jujur iku mujudake bab kang lumrah dilamokake dening wong akeh

c)

Nalika weruh ana wong liya kang nindakake ora jujur, kudu wani mbenerake lan ngelingake kanthi cara kang becik

d)

Kudu wani nindakake jujur jalaran dadi dalan kanggo muktine wong ing wayah mbesuk merga tau sinau marang kaluputan

e)

Pilihen jujur sanadyan antuk paukuman saka wong liya tinimbang ora jujur nanging antuk bebendu saka kang gawe urip

7.

Adhedhasar pethilan naskah sandiwara kethoprak kasebut, patuladhan kang bisa dilamokake ing sajroning kagiyatan saben dina yaiku......

a)

Nalika ana wong liya kang duweni gegayuhan luhur laan becik kudu disengkuyung ora malah dipaido

b)

Wong kudu bisa ngukur lan ngira-ngira sepira kemampuane dhewe supaya ora "kegedhen empyak kurang cagak".

c)

Kanugrahan kang samesthine ditampa yaiku kang bisa nggawe awake dhewe seneng lan nduweni kuasa

d)

Pawongan kang ora nduweni gethih ngaluhur kudu nduweni semangat gedhe supaya bisa nggayuh kekarepan

e)

Aja gelem trima disalip dening andhahan, mula kudu ngupaya luwih becik supaya ora kalah

8.

Ing ngisor iki kang ora kalebu salah sijine langkah kagiyatan nalika nulis naskah sandiwara yaiku...

a)

Nemtokake topik utawa tema crita

b)

Nemtokake alur crita

c)

Nemtokake paraga lan dhapukan

d)

Nemtokake latar crita

e)

Nggoleki piwulang luhur sajroning crita

9.

Ing ngisor iki bab kang paling wigati lan kudu digatekake sadurunge nindakake pangriptan crita sandiwara yaiku......

a)

Golek papan panggonan kang swasana lan kahanane nyengkuyung supaya bisa nulis kanthi mardika

b)

Golek inspirasi saka papa panggonan karameyan

c)

Nyepakake sakabehing piranti kanggo nulis naskah sandiwara

d)

Mesthekake bab urusan logistik utawa mangan lan ngombe komplit supaya ora ngelih nalika nulis naskah sandiwara

e)

Nemtokake unsur pembangun intrinsik teks sandiwara

10.

Ing ngisor iki bab kang ora perlu digatekake nalika arep mentasake pagelaran sandiwara yaiku....

a)

Nggatekake gestur lan mimik paragakanggo nyengkuyung panguwasankarakter

b)

Nyawang lan mangerteni sapa wae penonton kang bakal nonton pentas sandiwara saengga bisa ngaturake crita kanthi maksimal

c)

Ngatur ambegan kanggo nyengkuyung dhialog paraga supaya luwih anteb lan ora kentekan napas naika wicara

d)

Artikulasi metune swara saka lambe kudu cetha,mligine bab intonasi lan vokal nalika ngucapake dhialog

e)

Bisa nggunakake properti kang ana lan ngepasake dhiri jumbuh klawan latar papan kang ana ing sajroninh crita