WorksheetsUH Bhs Jawa Kls 8 Teks Cerkak
Total questions: 5
Worksheet time: 2hrs 40mins
Piye perasaanmu dina iki cah? cobak tulisna kata-katamu dina iki minimal 2 kalimat. nganggo ekspresi wajah ingkang seseuai karo kata-katamu. lan nganggo kosa kata ingkang jelas lan gampang dimangerteni !!!!!
Wacanen teks cerkak ing ngisar iki!
Murid Saka SMP Bintang Raudloh
Ing SMP Bintang Raudloh, ana sawijining murid sing aran Ibnu. Ibnu iku bocah sing sregep lan cerdas. Saben dina, dhèwèké mesthi teka sekolah luwih riyin, nggawa semangat sinau lan tansah nggoleki kawruh anyar. Ora kaget yen Ibnu kerep menang lomba matematika, sains, uga nulis cerkak. Prestasiné gawe bangga wong tuwa, guru, lan sekolah.
Nanging, ora kabeh kanca rumangsa seneng. Ana sawijining kanca sing aran Raka, sing sejatine uga pinter, nanging kerep kalah saingan karo Ibnu. Raka rumangsa iri, amarga Ibnu luwih disenengi guru lan dadi kembangane kanca-kanca.
Sawijining dina, Raka sengaja ora gelem ngajak Ibnu diskusi nalika ana tugas kelompok. Dhèwèké pengin nuduhake manawa bisa luwih apik tanpa bantuan Ibnu. Nanging, amarga kelompoké ora kompak, asil tugas dadi kurang apik lan entuk nilai cilik.
Nalika kuwi, Ibnu ora nesu utawa nyalahké Raka. Dhèwèké malah nyedhaki lan ngomong,
"Raka, aku ngerti kowe pinter. Nanging nek awake dhewe kerja bareng, asilé mesthi luwih becik. Aku ora arep ngalahké kowe, aku mung pengin sinau bareng."
Raka kaget karo tembung sing andhap asor kuwi. Saka wektu kuwi, Raka ngerti yen prestasi Ibnu ora mung amarga kecerdasan, nanging uga saka ati sing tulus lan seneng nulungi.
Wiwit dina iku, Raka lan Ibnu dadi kanca cedhak. Ibnu tetep dadi teladan ing sekolah, ora mung amarga pinter lan akeh prestasi, nanging uga amarga nduweni ati sing legawa lan ora gampang gumunggung.
saka Cerkak ing dhuwur :
1. sebutna paraga lan wewatakane !
2. sebutna latar tempate ana ing ngendi?
3. sebutna latar waktune!
4. sebutna latar suasanane !
5. apa amanat ingkang bisa dijupuk teka teks cerkak ing dhuwur?
Owahana ukara mawa basa ngoko lugu iki supaya dadi ngoko alus !!!!!
1. Aku mau diceluk ibu, banjur ibu diceluk bapak.
2. wedange iki wenehna bapak ing ruwang tamu.
3. Zaki wegah ngomong, awit lagi lara untu.
4. Ibu iku lagi lara, aja rame ana kono!
Oawahana ukara mawa basa ngoko lugu iki supaya dadi basa krama madya (krama lugu) !!!!
1. Simbahku iku lagi lara, aja rame ana kono!
2. jajan iki wenehna bocah ngemis kae!
3. Simbah ora bisa mlaku, awit sikile linu-linu !
Owahana basa krama lugu iki supaya dadi basa krama alus/inggul !!!!!!!!!
1. kula dipunkenken bu diyah ngresiki kaca !
2. kula wau sampun tumbas pulpen, nanging ibu numbasaken malih!
3. Adhik dipunsukani arta gangsal ewu rupiyah kangge sangu sekolah!
4. Ibu tumbas wos regi sangang ewu, adhik tumbas tedhan regi sedasa ewu.
