WorksheetsUH BASA JAWA NARASI DHESKRIPSI
Total questions: 20
Worksheet time: 13mins
Tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake objek, panggonan, utawa kedadean nganti sing maca rumangsa kaya nyawang utawa ngalami dhewe objek sing digambarake panulis, diarani ....
A. narasi
B. dheskripsi
C. argumentasi
D. eksposisi
Surya teka ing sekolah esuk banget, amarga wayahe piket kelas. Dheweke banjur mlebu kelas, njupuk sapu kanggo nyapu kelase. durung suwe olehe nyapu, kancane, sari, Dimas, lan Dina pada teka. saiki bareng-bareng padha ngresiki kelase.
Miturut jenise wacan ing ndhuwur kalebu teks...
A. dheskripsi
B. narasi
C. eksposisi
D. persuasi
Endahe taman bisa dibeberake nganggo paragraf…
A. dheskripsi
B. persuwasi
C. narasi
D. eksposisi
Panganan khas daerah Gresik iku pudhak. rasane enak teksture empuk. Bungkuse wernane putih. Bien isie Wenae putih Saiki werna werna ana sing Abang kan ijo. Panganan Iki akeh di temui neng pasar pasar sak Gresik.
Wacan ing duwur termasuk...
A. narasi
B. dheskripsi
C. Eksposisi
D. persuasi
Srengenge isih panas-panase, watara antara jam 2 awan. Karepe ngono Rudi arep ngumbulake layangan. Pamitan ibune, mesti wae ora diparengake. Sing apik kuwi ngumbulake layangan yen wis rada iyup. Kira-kira jam setengah papat. Hawane ora pati ya panas. Nanging Rudi nduwen alasaan yen sore-sore angine wes ora pati banter maneh.
Saka wacan ing nduwur iku, paragane yaiku ... .
A. ibu lan bapak
B. bapak lan Rudi
C. Rudi lan adhine
D. ibu lan Rudi
Salah sijine ciri utawa titikane teks dheskripsi yaiku ...
A. nggambarake kedadean kanthi cetha
B. isine mujudake asil laporan kegiyatan
C. nggambarake panyurwe saka penulis
D. isine mujudake rerangkene crita sing urut
Perhatekake struktur teks ing ngisor iki:
1. alur
2. paraga
3. latar
4. klasifikasi
5. dheskripsi bagean
6. idhentifikasi
Struktur teks dheskripsi sing bener yaiku nomor … .
1, 2, lan 3
4, 5, lan 6
1, 3, lan 5
2, 4. 6
Saben wayah preian mesthi akeh wisatawan sing padha plesiran ing papan kene. Tembung "plesiran" tegese...
A. sinau
B. rekreasi
C. mondhok
D. nginep
Karangan gancaran kang isine nyeritakake samubarang kanthi runtut manut urutane wektu kasebut karangan . . . .
A. narasi
B. dheskripsi
C. argumentasi
D. eksposisi
Wacanen kanthi satiti!
Dina senin wingi Sofa dolanan layangan mbi Rudi lan Wawan. Cah telu iku dolanaan layangan ana ing ratan. Saking senenge dolanan, ujug-ujug ana mobil sing lewat banter. Bocah telu iku ameh ketabrak. Nanging sopir mobile untung wae iso mandekake mobile kanthi cepet. Sahingga cah telu iku ora ana sing ketabrak. Bocah telu iku langsung diseneni pak sopire. Dikandani nek dolanan layangan ora oleh nang ratan.
Sapa sing dolanan layangan nang ratan ?
A. Sofa
B. Wawan
C. Rudi
D. Sofa, Rudi lan Wawan
Ing ngisor Iki titikane wacan dheskripsi kejaba . . . .
A. njlenterakeh obyek
B. rinci lan gamblang
C. digawe kaya kaya ngrasakake
D. ana latar kedadean
Dina Sabtu lan Minggu sajroning liburan semester kepungkur bocah-bocah kelas enem SDN Pintar nganakake perkemahan sabtu malam minggu ing Bhumi Perkemahan Wonosalam Kecamatan Wonosalam Kabupaten Jombang jam pitu esuk dina Sabtu, bocah-bocah lan Bapak Ibu Guru wis padha ngumpul ing sekolahan. Budhale numpak bis Indah Jaya.
Irah-irahan perangan karangan ing dhuwur yaiku....
A. Dina Sabtu lan Minggu ana kemah
B. Bocah-bocah kelas VI kemah
C. Kemah pramuka ing Wonosalam
D. Sabtu lan Minggu ing Bhumi Perkemahan
Teks naratif ana kang asipat khayalan nanging ana uga kang asipat...
A. imajinasi
B. nyata
K. konflik
D. resolusi
Unsur-unsur kang kudu ana ing wacan narasi yaiku...
D. tema, latar, alur, tokoh
B. judul, pendahuluan, isi, panutup
C. Perbandingan, pertentangan, sebab akibat
D. fakta, opini, data
Tuladha wacan narasi yaiku...
A. dongeng Malin Kundang
B. Kamus Bahasa Jawa
C. cara nggawe jenang
D. Kitab Suci
Kutha Kendal
Jeneng Kendal iku ujare para pisepuh asale saka arane tetuwuhan aran wit Kendal sing basa Latine diarani Cordia myza. Wit Kendal kasebut sakawit ditemokake dening Pangeran Benawa kang isih turunan Sultan Panjang sing wektu iku kapinujon isih ngayam alas jalaran ana dredah.
Prenahe Alas Kendal kuwi dununge ana sisih kulone Kutha Semarang saiki, utawa sisih wetane Kutha Batang.
Pethilan wacan ing ndhuwur klebu wacan ....
A. narasi
B. dheskripsi
C. eksposisi
D. persuasi
Urutane ke siji gawe teks deskripsi yaitu...
A. nemtokake tema sing arep dibahas
B. ngumpulake materi
C. tujuan penulisan sing arep disampekna marang pamaca
D. nulis karangan kanthi lengkang lan ora ana sing kececer
Lampu neyon madhangi. Tumpukan buku temata. Ana bocah lungguh ngadhepi bukune ing kono. Lagi nulis. Sisih tengene ana laci. Piranti garisan, spidhol, lan liyane didodok kono. Ana tempelan jadwal pelajaran.
Paragraf iku nggambarake …………
meja tamu
meja guru
meja kepala sekolah
meja sinau
Perangan crita sing ngenalake para paraga (tokoh), wektu kedadeyan, lan papan panggenan diarani . . . .
A. orientasi
B. komplikasi
C. resolusi
D. tamat
Perangan crita sing mujudake kepriye anggone ngudhari reribet jroning kedadeyan diarani . . . .
A. orientasi
B. komplikasi
C. resolusi
D. tamat
