Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Tembang Macapat Quiz

Total questions: 10

Worksheet time: 17mins

Name
Class
Date
1.

Karo dhawuh sadalan-dalan anempuh,

Omah-omah diobongi,

Uwonge padha kon teluk,

Yen lumuh njur dirampungi,

Kabehe uwis kalakon.

***

Saka nsasmita ing dhuwur, tembang kasebut diarani…

a)

Megatruh

b)

Pangkur

c)

Sinom

d)

Maskumambang

e)

Mijil

2.

Pathokan sajroning tembang macapat kang ngamot pathokan cacahe larik saben sapada, yaiku…

a)

Guru sastra

b)

Guru wilangan

c)

Guru basa

d)

Guru gatra

e)

Guru lagu

3.

Tembang macapat jinise ana…

a)

9

b)

10

c)

11

d)

12

e)

13

4.

Tembang macapat kuwi nduweni watak dhewe-dhewe.

Tembang gambuh nduwene watak…

a)

Prihatin

b)

Kasmaran

c)

Sedih

d)

Rukun

e)

Lucu

5.

Tembang kang nggambarake jasad manungsa sing dibungkus kain mori putih, ngelingna yen manungsapada akhire bakal nyisakna jasad. Tembang sing dimaksud yaiku…

a)

Maskumambang

b)

Pocung

c)

Megatruh

d)

Sinom

e)

Durma

6.

Ulatna kang nganti bisane kepangguh,

Galendhahen kang sayekti,

Talitinen awya kleru,

Larasen sajroning ati,

Tumanggap dimen tumanggon.

***

Guru wilangan lan guru lagune tembang ing dhuwur yaiku...

a)

12u - 6i - 8u - 6i - 8o

b)

12u - 6a - 8i - 12a

c)

12u - 8i - 8u - 8i - 12o

d)

12u - 6a - 8i - 12a - 8o

e)

12u – 8i – 8u – 8i – 8o

7.

Tembang macapat kuwi nyritakna perjalanan uripe manungsa, urutan tembang macapat sing bener yaiku…

a)

Maskumambang, mijil, sinom, kinanthi, dhandhanggula, asmaradana, gambuh, durma, megatruh, pangkur, pocung

b)

Maskumambang, asmaradana, mijil, sinom, kinanthi, dhandhanggula, durma, gambuh, pangkur, megatruh, pocung

c)

Maskumambang, mijil, sinom, kinanthi, asmaradana, gambuh, dhandhanggula, durma, pangkur, megatruh, pocung

d)

Mijil, maskumambang, sinom, kinanthi, dhandhanggula, asmaradana, gambuh, durma, pangkur, megatruh, pocung

e)

Sinom, maskumambang, mijil, kinanthi, asmaradana, gambuh, dhandhanggula, megatruh, durma, pangkur, pocung

8.

Bapak pocung dudu watu dudu gunung,

Sabana ing sabrang,

Ngon ingone sang bupati,

Bapak pocung yen mlaku lembehan grana.

***

Guru wilangan lan guru lagune gatra katiga tembang macapat ing dhuwur yaiku…

a)

8/i

b)

6/i

c)

12/u

d)

8/a

e)

7/i

9.

Wonten malih tuladha prayogi,

satria gung nagri ing Ngalengka,

sang Kumbakarna arane,

tur iku warna diyu,

suprandene nggayuh utami,

duk wiwit prang Ngalengka,

dennya darbe atur,

mring raka amrih raharja,

Dasamuka tan kengguh ing tur yekti,

dene musuh wanara.

***

Miturut panemumu, Kumbakarna dipilih dadi salah siji tuladha satriyatama amarga…

a)

Babela ing bab bebener kanthi aweh pambiyantu marang kadange tuwa

b)

Sanadyan wujud raseksa nanging duwe gegayuhan utama, yaiku alabuh nagarane sing diamuk para Kurawa, dudu alabuh kanggo kakange kang luput

c)

Jalaran netepi darmaning prajurit, tansah nindakake dhawuhe Ratu kang aeh prentah marang andhahane

d)

Jalaran bisa kasil ngalahake para barisan Wanara sing nyerang nagara Ngalengka

e)

Jalaran dadi senapati sing ora bisa dikalahake denig mungsuh sateman ndadekane Alengka menang

10.

Tembang macapat tegese…

a)

Maca cepat-cepat

b)

Maca seprapat

c)

Maca pepet

d)

Maca papat-papat