NEW
Font size
WorksheetsJejibahan Piwulang Pawarta Kelas X (Soal Pilihan)
Total questions: 20
Worksheet time: 3600secs
Apa tegese pawarta?
Informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar wujud cetak, siaran, internet, utawa pirembugan marang wong liya.
Informasi lawas ngenani prastawa kang wis suwe dumadi.
Informasi babagan kahanan pribadi sing ora ana gandhengane karo umum.
Informasi sing mung diwartakake liwat media cetak.
Apa tegese unsur pawarta "What"?
Ing ngendi kedadean kasebut dumadi?
Kapan kedadean kasebut dumadi?
Kedadeane apa?
Kenangapa kedadean kasebut dumadi?
Unsur pawarta "Where" nuduhake babagan apa?
Wektu kedadean.
Panggonan kedadean.
Sebab kedadean.
Paraga kedadean.
Kanggo nemokake unsur "When" ing pawarta, pitakonan apa sing kudu diwangsuli?
Sapa sing melu ing kedadean?
Kepriye kedadean kasebut?
Kapan kedadean kasebut dumadi?
Apa sing kedadean?
Unsur "Why" ing pawarta njlentrehake babagan apa?
Akibat saka kedadean.
Tujuan kedadean.
Sebab utawa alesan kedadean.
Cara kedadean.
Apa tegese pawarta sing nduweni sifat aktual?
Bab-bab kang lawas lan wis ora relevan.
Bab-bab kang anyar lan luwih becik tinimbang pawarta lawas.
Bab-bab kang mung penting kanggo sawetara wong.
Bab-bab kang ora ana gandhengane karo kahanan saiki.
Kenangapa pamaos luwih nggatekake pawarta sing dumadi ing sakiwa tengene?
Amarga pawarta saka papan liya ora penting.
Amarga pawarta sing cedhak luwih gampang dimangerteni.
Amarga pawarta sing cedhak luwih relevan lan duwe pengaruh langsung.
Amarga pawarta sing adoh ora bisa dipercaya.
Apa tegese pawarta iku "penting" utawa "wigati"?
Bisa ngowahi kahanan.
Bisa ngendhaleni panuripan ing bebrayan agung.
Bisa gawe nesu utawa seneng.
Bisa narik kawigaten pamaos.
Kapan sawijining bab bisa dadi pawarta kanthi nilai "akibat"?
Yen isine babagan konflik.
Yen bisa gawe wong mesem.
Yen ndadekake ngowahi kahanan.
Yen nyritakake babagan inovasi anyar.
Jinis pawarta apa sing luwih disenengi pamaos yen surasane "cecongkrahan"?
Pawarta sing gawe seneng.
Pawarta sing nyritakake kacilakan.
Pawarta sing ngemot konflik utawa pertentangan.
Pawarta sing ngandhut informasi anyar.
Apa tegese "tintrim" ing konteks pawarta?
Kahanan sing nyenengake.
Kahanan sing tegang utawa nggegirisi.
Kahanan sing nggumunake.
Kahanan sing biasa wae.
Kenapa pawarta babagan "kemajuwane inovasi" luwih narik kawigaten pamaos?
Amarga bisa gawe wong nangis.
Amarga nyritakake babagan perang.
Amarga isine kekinian lan anyar.
Amarga ngemot informasi sing ora nyata.
Apa sing kudu dihindari panulis pawarta supaya tetep "objektif"?
Nulis pawarta sing lucu.
Martakake pawarta kanthi kepentingan pribadhi utawa sponsor.
Nulis pawarta sing cepet lan aktual.
Nulis pawarta sing seimbang.
Salah siji nilai pawarta yaiku "nyata, fakta". Apa tegese iki?
Pawarta kudu paling anyar.
Pawarta kudu dudu gosip lan ana buktine.
Pawarta kudu penting kanggo masyarakat.
Pawarta kudu bisa narik kawigaten.
Pawarta kang isine informasi ngapusi utawa direkayasa kanggo nutupi pawarta asline (apus-apus) ora ana buktine yaiku pawarta...
Narasi
Aktual
Fakta
Hoaks
Sing ora kalebu Unsur pembangun pawarta yaiku ...
who
where
share
How
"Dina Selasa, 13 Oktober 2020 ing SMK Negeri 1 Bawang, Banjarnegara, ana kegiyatan simulasi pembelajaran tatap muka."
Saka pethilan pawarta iku, unsur pawarta sing ora ana yaiku...
who
why
what
where
when
Ariwarti yaiku wujude pawarta?
Cetak
Internet
Lisan
Siaran
Warta ateges?
Arta
Nasihat
Tulisan
Kabar
Para pamiyarsa, sugeng enjang, pawartos ingkang sepisan ingging menika Magelang katerjang banjir lahar saking Redi Merapi.
Miturut andharan kasebut, pawarta digiyarake lumantar ....
Majalah
Radhio
Tivi
Koran
