WorksheetsUlangan Artikel + novel kls 12
Total questions: 40
Worksheet time: 1hrs 5mins
Karya tulis sing ngandharake salah sawijining bab utawa prekara, bisa awujud kanyatan (fakta) utawa panemu (opini) diarani...
Guritan
Geguritan
Artikel
Cerkak
Tembang
Ing ngisor iki sing ora kalebu ancase nulis artikel yaiku...
Supaya pamaca percaya
Nggawe pamaca bingung lan ora ngerti
Menehi panglipur sawise maca
Menehi informasi marang pamaca
Supaya pamaca mangerteni
Artikel miturut isine sing ngandharake donyane pendhidhikan diarani artikel...
Sosial politik
Pendhidhikan
Kabudayan
Olahraga
Kriminal
Ing ngisor iki sing kalebu ciri-ciri artikel ilmiah yaiku...
Kacithak ing jurnal
Kacithak ing kalawarti utawa ariwarti
Asile saka pamikiran
Basane baku populer
migunakake basa paribasan
Urutan sing bener nalika nulis artikel yaiku...
Nulis artikel, ngumpulake bahan, nggawe cengkorongan, nemtokake tema
Nemtokake tema, nemtokake ancas, ngumpulake bahan, nggawe cengkorongan, nulis artikel
Nemtokake ancas, nemtokake tema, nulis panemu, nulis artikel
Nemtokake tema, nggawe cengkorongan, nulis artikel, ngumpulake bahan
Nemtokake judul, gawe cengkorongan, nemtokake tema
Yen kowe arep nulis artikel ngenani "Folklore utawa Crita Rakyat", jinis artikel sing paling trep yaiku...
Artikel ekonomi
Artikel sosial politik
Artikel kabudayan
Artikel pendhidhikan
Artikel mitis
Kang dudu babagan pambeda antarane artikel ilmiah lan artikel ilmiah populer yaiku...
Perangan
Referensi
Kacithak
Basa
Pangripta
Artikel sing isine ngandharake babagan pasar, dhuwit, lan bisnis diarani artikel...
Ekonomi
Agama
Kulawarga
Sosial politik
Kabudayan
Salah siji cara ngrembakake ukara dadi paragrap kang becik yaiku...
Nggawe paragrap sing isine mung siji ukara
Nggawe peprincen lan andharan kang cetha
Ora nggayutake paragrap siji lan candhake
Nggunakake basa sing angel dimangerteni
nggayutake ukara lan judul
Media sing lumrahe nyithak artikel ilmiah populer yaiku...
Skripsi utawa tesis
Buku ajar
Kalawarti lan ariwarti
Jurnal ilmiah
ing percetakan
Miturut wacan, piranti gamelan sing digunakake ing tanah Jawa nggunakake bahan apa wae?
Kayu lan kulit
Kabeh piranti
Kayu, kulit, lan wesi
Wesi lan pranti liyane
Gandum lan keju
Apa bedane tabuhan gamelan Munggang karo gamelan Gending?
Tabuhan Munggang luwih gedhe lan luwih dawa
Tabuhan Munggang ora duwe tali
Tabuhan Munggang luwih cendhak tinimbang Gending
Tabuhan Munggang luwih cilik tinimbang Gending
ditabuh yen ana acara
Upacara sekaten yaiku ......
upacara kang diadani ana ing Kraton kanggo menggeti dina lahire Nabi Muhammad SAW
upacara kang diadani ana ing Klaten kanggo menggeti dina lahire Nabi Muhammad SAW
upacara kang diadani ana ing Kraton kanggo menggeti dina sedanipun Nabi Muhammad SAW
upacara kang diadani ana ing Kraton kanggo menggeti dina ketemune raja kaliyan Nyi Roro Kidul
upacara kang diadani ana ing IKN
Karangan awujud gancaran sing isine nyritakake panguripane wong sakiwa tengene masyarakat kanthi ngandharake watake, diarani...
Guritan
Cerkak
Novel
Geguritan
Tembang
Miturut wacan, novel iku duwe ciri-ciri, kejaba...
Tokohe akeh.
Latare mung sak panggonan wae.
Dawane crita ora diwatesi.
Kacithak pirang-pirang jilid.
maksimal 2 kaca
Ing ngisor iki sing kalebu nilai sosial ing novel yaiku...
Ngajak pamaca percaya marang dhiri pribadi.
Ndadekake wong luwih ngerti lan mahami panguripane wong liya.
Menehi rasa seneng marang pamaca.
Nglelestarake budaya utawa adat.
Melu yasinan paraga novel
Novel sing isine ngandharake babagan komersial lan kang sifate nglipur, diarani...
Novel Romantis
Novel Detektif
Novel Hiburan
Novel Ilmiah
Novel Mistis
Saka urut-urutane maca novel tumemen, sing bener yaiku...
Nemtokake ancas, banjur nulis dudu.
Nggolek irah-irahan, banjur maca cepet.
Nemtokake ancas maca, banjur nindakake preview.
Nindakake review, banjur maca cepet.
maca migunakake AI
Salah siji titikan novel yaiku duweni cacahe tembung luwih saka...
35.000
10.000
1.000
100
100.000
Unsur novel sing diarani "Karakter" ing wacan yaiku unsur...
Sudut pandang.
Alur crita.
Latar wektu lan papan.
Tokoh utawa paraga.
Amanat/piwulang
Salah siji irah-irahan novel basa Jawa yaiku...
Laskar Pelangi
Dilan 1990
Sang Pemimpi
Putri Tirta gangga
Ipar adalah Maut
Nilai sing menehi rasa seneng marang pamacane diarani nilai...
Kultural
Etik
Hedonik
Sosial
Bebungah
Ancase maca novel kanthi tumemen yaiku...
Supaya bisa maca cepet lan ora mbuwang wektu.
Supaya anggone entuk teges luwih nggethok.
Supaya bisa ngandharake novel kanthi basa dhewe.
Supaya bisa nulis novel kanthi cepet.
supaya bisa tuku novel
Dene unsur ekstrinsik yaiku unsur kang asale saka sakjabane carita. kang kalebu unsur ekstrinsik novel yaiku ......
amanat, pengalaman, pendidikan
agama, pengalaman, pendidikan pengripta
Alur, tema, paraga
amanat, punjering carita, paraga
agama, pengalaman, pendidikan pamaca
Gatekna tulisan ing ngisor iki!
1. Temtokake tema
2. alur
3. pesen
4. watak lan paraga
5. latar
Urutane kanggo ngrancang nulis novel yaiku ....
1, 4, 2, 5, 3
1, 2, 3, 4, 5
1, 4, 3, 5, 2
1, 5, 2, 4, 3
5, 4, 3, 2, 1
ing ngisor iki kalebu jenis novel hiburan, kajaba .....
novel sejarah
novel detektif
novel roman
novel misteri
novel fiksi ilmiah
Sapa wae paraga utama utawa tokoh baku sing ana ing novel "Ngulandara"?
Rapingun, Raden Ajeng Supartienah, lan Den Bei Assisten
Den Bei Assisten, Rapingun, lan Den Bei Mantri
Rapingun, Raden Ajeng Supartienah, lan Hardjana
Den Bei Assisten, Nyonyah Hien, lan Hardjana
Den Bei Assisten, Rapingun, lan Hardjana
Latar papan utawa panggonan ing crita novel iki yaiku...
Magelang, Parakan, lan Surakarta
Kledhung, Ngadirejo, lan Surakarta
Ngadirejo, Kledhung, Parakan, Magelang, lan Pekalongan
Temanggung, Magelang, lan Cirebon
Jebres, Surakarta
Latar wektu sing dicritakake ing novel iki yaiku...
Namung ing wayah dalu.
Wonten ing wayah awan lan sore.
Namung wektu awan nalika Den Bei lan Rapingun tindak-tindakan
Wonten ing dalu wektu oto mogok, lan ing dinten Minggu nalika ana Peken Malem
wonten ing siyang lan dalu
Konflik utama sing dialami dening paraga Rapingun lan Raden Ajeng Supartienah yaiku... A.
Perkawis katresnan antarane Rapingun, Raden Ajeng Supartienah, lan Hardjana.
Katresnane Raden Ajeng Supartienah sing ditolak dening Hardjana.
Hubungan sing ora disetujoni dening wong tuwa.
Masalah motor mogok ing dalan sing sepi.
Masalah ngapusi yen rapingun sakyektine anak ningrat
Alur utawa plot crita novel ngulandara yaiku...
Alur klimaks, amarga dumadakan ana puncak masalah.
Alur campuran, amarga ana prastawa maju lan mundur.
Alur campuran, amarga paragane maju lan mundur
Alur mundur, amarga nyritakake prastawa sing wis kelakon.
Alur maju, amarga nyritakake prastawa saka wiwitan nganti pungkasan kanthi runtut.
Tema utama sing diangkat ing novel "Ngulandara" iki yaiku...
Perjuangan ing donya bisnis.
Masalah politik.
Perkawis kulawarga.
Katresnan lan perjuangan urip.
Jejodoan amarga golongan ningrat
Pesen moral utawa amanat sing bisa dijupuk saka crita iki yaiku...
Urip iku isine mung ngulandara tanpa tujuan sing cetha.
Sifat sabar, jujur, lan bekti bisa nuwuhake kabegjan lan katresnan.
Nalika ana masalah, luwih becik ora omong-omongan karo wong liya.
Aja gelem ditulungi wong liya nalika ana masalah.
Manut marang wong tuwa aja wani
Saka sinopsis kasebut, watak utawa karakter Rapingun yaiku...
Panyabar, sregep, nanging ora duwe rasa tresna.
Seneng ngamuk, sregep, lan loma.
Ngati-ati, panyabar, lan seneng crita.
Panyabar, sregep, lan gagah prakosa.
gampang emosi
Klaten: Kuthane Para Seniman lan Budaya
Klaten, sawijining kutha sing kapernah ing antawisipun Yogyakarta lan Solo, misuwur kanthi kasugihan budayane. Sanajan dadi jalur lintas, Klaten tetep nglestantunake tradhisi lan seni sing wis diwarisake turun-temurun. Kabeh mau dadi wujud identitas Klaten minangka “Kota Seribu Mata Air” sing uga nyimpen ewonan permata budaya.
Salah siji wujud kabudayan sing paling moncer ing Klaten yaiku seni tari. Ing kene, ana maneka warna sanggar tari sing nguri-uri tari klasik Jawa, kaya ta Tari Bedhaya lan Tari Srimpi. Ora mung iku, Klaten uga dadi papan laire tari-tari kreasi anyar sing tetep njaga pakem-pakem Jawa. Kahanan iki ndadekake Klaten ora mung nglestantunake sing wis ana, nanging uga ngembangake seni tari supaya tetep urip lan disenengi generasi enom.
Saliyane seni tari, seni kriya uga dadi kabudayan unggulan ing Klaten. Umume, seni kriya ing Klaten awujud kerajinan gerabah. Sentra gerabah sing paling kondhang yaiku ing Desa Melikan, Wedi. Para pengrajin ing Melikan wis misuwur minangka ahli nggawe maneka warna gerabah kanthi cara tradisional. Saka tangan-tangan trampil iki, lair maneka warna wujud kerajinan, wiwit saka piranti pawon, hiasan, nganti patung-patung sing nduweni nilai seni dhuwur. Gerabah Melikan iki wis dadi ikon Klaten lan wis diekspor menyang negara liya.
Ora lali, seni pedalangan lan karawitan uga mekar ing Klaten. Akeh dalang-dalang enom sing lair saka Klaten, nuduhake yen seni tradhisional iki ora bakal mati. Sanggar-sanggar seni uga aktif nglatih para pesinden, penabuh gamelan, lan dalang. Kabeh mau dadi bukti nyata yen masyarakat Klaten duwe komitmen gedhe kanggo njaga lan ngembangake warisan leluhur.
Cekakipun, Klaten dudu mung kutha lintas sing rame, nanging uga kutha sing nyimpen lan ngembangake budaya. Liwat seni tari, gerabah, karawitan, lan pedalangan, Klaten nduduhake marang jagat menawa kabudayan Jawa tetep urip lan sumebar nganti tekan sakiki. Kabeh iki dadi pakaryan kang luhur, yaiku nglestantunake permata budaya supaya ora ilang kagerus dening jaman.
Miturut artikel ing dhuwur kalebu artikel .......
kabudayan
ilmiah
pendhidikan
hiburan
ekonomi
Klaten misuwur kanthi kasugihan budayane lan uga nduweni jejuluk minangka...
Kota Seribu Candi
Kota Seribu Mata Air
Kota Seribu Pemandangan
Kota Seribu Sungai
Kota panas
Ing ngisor iki, salah siji wujud kabudayan ing Klaten sing dicritakake ing artikel yaiku seni...
Sastra lan teater
Ukir lan wayang
Tari lan gerabah
Lukis lan patung
Sastra lan lukis
Sentra kerajinan gerabah sing kondhang ing Klaten kapernah ana ing Desa...
Candi, Klaten
Bayat, Klaten
Jatinom, Klaten
Melikan, Wedi
Ngerangan, Bayat
Saliyane seni tari, seni kriya, lan karawitan, kabudayan liyane sing uga mekar ing Klaten yaiku seni...
Film
Teater
Vokal
Pedhalangan
Jathilan
Miturut wacan, pengrajin gerabah ing Klaten wis misuwur minangka ahli nggawe kerajinan kanthi cara...
Cepat lan instan
Otomatis
Tradisional
Modern lan digital
Online
